Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

PEMERINTAH KABUPATEN GROBOGAN

DINAS PENDIDIKAN
KOORDINATOR WILAYAH PENDIDIKAN KECAMATAN GROBOGAN
SEKOLAH DASAR NEGERI 2 GROBOGAN
Jl. Pucangsari no.29 , Kelurahan Grobogan, Kecamatan Grobogan 58152

LEGENDA PUNDEN SARI LAKA

Rikala jaman semana ana bocahe loro kang wis lola, yaiku kang aran Purba Lan
Endang Sari. Purba lan Endangsari mono kakang adhi wis ditinggal mati wong tuwone
loro, amarga ana pagebluk utawa lelara kang ora ana tambane. Purba lan Endang
saben dina tansah golek pangan dhewe ana tengah alas, kanggo nyukupi uripe dhewe.
Wektu iku Endangsari uga nandhang loro gatel ana sikile, mulo yo ora iso mlaku
kebat koyo kakange Purbo, mulo suwe-suwe Purbo ora sabar marang adhine yaiku
Endangsari, suwe-suwe Purbo ora sabar marang adhine yoiku Endangsari, suwe-suwe
penyakite Endang soyo mbabrah nganti ngondo ora enak. Akhire kakange ora sabar
lan ndadekke padudon.
Bocah loro soyo gedhe urepe ora soyo tentrem, mulo Purbo lan Endang sari
nganakkake janji, yoiku bocah loro podho nuju ing tengah alas nglumpukke dadar
utawa godhong jati garing banjur di obong, dene mengko bumi seng ora ketibanan
langes utawa awu iku duwek ku kang aran desa Tirem. Dene bumi sing ketiban awu
sing kegowo angin mau dadi duweke Purba kang aran deso nglawu.
Mulo Endang manggon lan urep dhewe ana ing tengah alas. Amarga Endangsari
dhewe nandhang loro mula uripe tambah sengsoro, lan saben dino tansah ndedungo
marang gusti ingkang kuasa. Duh Gusti mugi-mugi saket kulo enggal mantun, mbok
bilih wonten pawongan ingkang saget nambani saket kula lan saget mantun, yen
pawongan punika setri, badhe kula akoni sedherek setri, nanging bilih pawongan punika
jaler badhe kula ajak gesang bebrayan utawi kula pundut garwo.
Sak wese ndedunga, Endang keturu ana ing ngisor wet jati ndadean ana angin
lan kewan galak rupa macan nyedai Endang anggone turu lan ndilati koreng utawa
penyakete Endang Sari, ora suwe Endang Sari tangi lan kaget yen ana sandhenge ana
macan kan ndilati penyakiti. Soyo sowe penyakite Endang Saya mari, mula iku Endang
Sari kilingan anggone ndedunga, mula uripe Endang saya ayem lan akhire macan mau
diajak urip bebrayan utawa dipek bojo.
Mulo uripe Endang anggonne bebrayan soyo tentrem, mula besok yen ana
rejane jaman masyarakat Tirem tak jalok saben tanggal 1 Asura bareng-bareng
ndedunga mareng Gusti kang Kuasa, ana panggonan kene (Pesareanku lan
garwaku)kanti syukuran ngorbanake nyembelih wedos.
Lan Uga masyarakat Tirem yen nduwe gawe tak jaluk nyepaki utawa gawe bubur katul,
kang didokokke ana ing mburi omah, amarga arep ditekani bojoku rupa macan.

You might also like