Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 2

Materi ini silahkan ditulis Kembali dibuku Tugas(Tulis).

Materi Tambahan “Teks Serat Wulangreh Pupuh Pangkur”.

A.Tegese Wulangreh

Wulang Reh utawa Serat Wulangreh yaiku kasusastran awujud tembang macapat yasan Sri
Susuhunan Pakubuwana IV, Raja Surakarta Wulang ateges pitutur, Reh ateges warna-warna.
Wulangreh ateges piwulang kang isine pitutur warna-warna.

B.Paugeranipun tembang macapat pupuh Pangkur

Tembang Macapat nduweni paugeran 3 yaiku: guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.

Tegese guru gatra, guru wilangan lan guru lagu, yaiku:

1.Guru gatra yaiku cacahing larik saben sapada (satu bait)

Guru gatra tembang Pangkur yaiku ana 7 gatra

2.Guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra (satu larik).

Guru wilangan tembang Pangkur yaiku 8, 11, 8, 7,12, 8, 8. Gatra kapisan dumadi saka 8
wanda, gatra kapindho dumadi saka 11 wanda, lan gatra-gatra sabanjure uga mengkono

3.Guru lagu yaiku tibaning aksara swara ing pungkasan gatra

Guru lagu tembang Pangkur yaiku a, i, u, a, u, a,i. Tegese gatra kapisan kudu dipungkasi
ngganggo swara urip (huruf vokal) “a”, gatra kapindho dipungkasi swara “i”, lan gatra-gatra
sabanjure uga kaya mengkono.

C.Gancaran Serat Wulangreh Pupuh Pangkur

Wong urip iku kudu bisa mbedakake lan mangerteni “ala” lan “becik”, sarta tansah ngecakna
“tata karma”. Dene parabot kang ora kena ditinggal yaiku “deduga, prayoga, watara, lan
reringa”. Wong tangi, lungguh, ngadeg, mlaku, guneman, meneng, turu, sarta sabarang karya
prakara gedhe cilik, kanggo sadina-dina, rina wengi, ing kutha, ing desa, kabeh titah kang padha
ambegan, aja nganti ninggal patang bab kasebut.

Wewataking manungsa sing pinter, sing bodho, luhur, asor, mlarat, sugih, ngulama, maksiyat,
kendel, jirih, durjana, botoh, kaum, apa dene wong kang mangerteni sesurupan sing mligi, kuwi
lananga wadona padha wae, bisa katitik saka ing: “laku, lungguh, solah, muna, lan munine.”

Ing jaman saiki akeh wong sing duwe watak: drengki, srei, dora, iren, meren, dahwen, panasten,
open, kumingsun, ora jujur, jail, methakil, besiwit; alaning liyan dibeberake, beciking liyan
ditutup-tutupi, nanging nggunggung becike dhewe, dikaton-katonake, dibyawarakake, ora
rumangsa yen alane dhewe ngendhukur. Wong sing kaya mangkono kuwi “durjana murka”, ora
duwe pemarem, ngumbar luwamah lan amarah, ing sabarang tindak sungkan kasoran, emoh
kungkulan,pangrasane ora ana wong sing madhani, wong sing kaya mangkono ora usah
dicedhaki.

Mula saka iku aja nganti katempelan watak kaya mangkono, tansah padhaa ngudi lelabuhan
kang pantes diconto, patut ditiru.

Aja nganti kacndhokan watak nem prakara iki:

1. Lunyu ateges ora antepan

2. Lemer ateges mara penginan

3. Genjah ateges ora jujur lan ora bisa dipercaya

4. Angrong prasanakan ateges ngrusak pager ayune wong liya utawa ganggu gawe bojone liyan

5. Nyumur gumuling ateges ora bisa nyimpen wadi utawa mbeberake wadining liyan

6. Mbuntut arit ateges katon becik saka ngarep, jebul letheg ing burine

You might also like