Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 12

1. Basa kang tembung-tembunge krama kacampuran tembung krama inggil diarani basa . . .

*
A. ngoko alus
B. krama lugu
C. ngoko lugu
D. krama inggil/alus
2. Kula sampun…, mangga menawi ibu badhe. .. .
*
A. mangan, dhahar
B. dhahar, dhahar
C. nedha, dhahar
D. dhahar, nedha
3. Ukara-ukara ing ngisor iki endi kang ora migunakake basa krama alus?
*
A. Bapak dhahar gudheg.
B. Pak guru dereng rawuh.
C. Apa panjenengan wis sida dhahar?
D. Ibu tindak peken.
4. Ukara ing ngisor iki endi kang bener unggah-ungguhe?
*
A. Pak guru boten mlebu amargi sakit.
B. Pak guru boten rawuh amargi gerah.
C. Pak guru boten rawuh amargi sakit.
D. Pak guru boten mlebu amargi gerah.
Gatekna pacelathon ing ngisor iki!

5. Andharan kang bener saka pacelathon ing ndhuwur yaiku ….


*
A. Wardi lan Warsa umure sapantaran
B. Wardi luwih tuwa tinimbang Warsa
C. Warsa luwih tuwa tinimbang Wardi
D. Warsa luwih enom tinimbang Wardi
6. Ing sawijining rapat, ana bab sing wis dadi keputusan nanging sejatine bab iku mau ora cocok
karo panemumu, kepriye becike?
*
A. Ora perlu ditindakake amarga ora setuju
B. Perlu ditiindakake nanging naning mung yen gelem
C. Kudu ditindakake amarga wis dadi keputusan rapat
D. Perlu ditindakake nanging mung yen dikon ketua
7. Nalika ing rapat karang taruna desa, kowe arep atur panyaruwe amarga rumangsa ora sarujuk
marang asiling rembugan. Ukara kang trep digunakake miturut unggah-ungguh basa yaiku ….
*
A. “Nuwun sewu, kula kirang sarujuk menawi badhe dipunwontenaken lomba balapan sepedha, amargi
saged damel cilaka.”
B. “Balapan sepedha menika tamtu nyilakani, mila kula boten sarujuk sanget menawi badhe
dipunwontenaken.”
C. “Mas, pokokipun kula boten tanggel jawab menawi badhe dipunwontenaken lomba balapan sepedha.”
D. “Kula boten sarujuk sanget menawi badhe dipunwontenaken lomba balapan sepedha”.
8. Menehi panyaruwe marang wong liya nalika rapat iku becike ….
*
A. sakarape dhewe
B. nyelani ngendikane
C. ora ngenteni rampung anggone ngendika
D. ngenteni nganti rampung anggone ngendika.
9. Ukara ing ngisor iki endi kang nelakake pengarep-arep?
*
A. Muga-muga kowe entuk biji apik.
B. SMP N 4 Yogyakarta ana ing kalurahan Bausasran.
C. Apa kowe sida lunga?
D. Arep sekolah kok udan deres.
10. Bapak ngajak tilik Pak Dhe kang lagi gerah lan opname ing rumah sakit. Sawise ndongakake
lan ngobrol sedhela, bapak pamitan. Pratelan kang trep kanggo nelakake pengarep-arep yaiku
….
*
A. “Enggal dhangan nggih Pak Dhe, mesakken ingkang sami tuwi mriki.”
B. “Enggal dhangan nggih Pak Dhe, mesakken kulawarga ingkang nenggani.”
C. “Mugi-mugi enggal dhangan nggih Pak Dhe, kula sagedipun ndherek memuji.”
D. “Enggal dhangan nggih Pak Dhe, lajeng kangge ngaso ing ndalem amrih pulih.”
11. “Ndherek bingah awit panjenengan samenika sampun minggah ing kelas IX. Mugi-mugi
tansah gangsar anggenipun sinau.”
Ukara ing ndhuwur trep dikandhakake dening ….
*
A. kanca sakelas kang wis akrab
B. bapak/ibu guru marang siswane
C. siswa kelas VII marang siswa kelas IX
D. siswa kelas IX marang siswa kang wis lulus
12. Ukara ing ngisor iki endi kang nelakake rasa seneng?
*
A. “Lho, bulik kok ora sida rawuh?”
B. “Hore budhe badhe rawuh ing wulan desember sesuk!”
C. “Nyuwun pangapunten Pak, kula lepat.”
D. “Aku ora setuju karo panemumu kuwi.”

Gatekna pacelathon iki!

13. Adhedhasar konteks pacelathon ing ndhuwur, ukara kang trep diucapake dening Dian yaiku

*
A. “Ndherek bingah, Dan. Kowe pancen bocah kang bisa gawe mongkog atine wong tuwamu.”
B. “Ndherek bela sungkawa, Dan. Muga-muga simbah ayem ndherek Gusti. Wis, aja ditangisi maneh.”
C. “Ndherek bingah, Dan, awit kowe bisa juara lomba khotbah rohani. Ngiras pantes karo ngluhurake
asmane Gusti.”
D. “Ndherek bela sungkawa, Dan, muga-muga kowe bisa tansah dadi siswa kang pinter, mbangun turut
marang wong tuwa.”
14. Wis telung dina iki Yusuf kanca raketmu ketok susah atine. Neng sekolahan kaya ora jenak,
mung selak kepengin mulih wae. Yen dicedhaki kanca liyane kaya kurang lega tanggapane.
Minangka kanca raket, pangrengkuhmu kang ora trep marang Yusuf yaiku …
*
A. ngajak metu saka ruang kelas banjur takon prakara sing nyebabake susah.
B. dakenengke wae karo ngenteni sukmben rakya wis ora susah maneh.
C. nyedhaki alon-alon karo takon apa sing nyebabake susah atine.
D. ngajak crita bab-bab sing marai atine Yusuf seneng.

15. Harini sedhih atine amarga kelangan ponsel sing kanggo kegiatan pembelajaran. Ponsel kuwi
anggone tuku nganggo dhuwit celengane. Minangka kancane, atur panglipurmu marang Harini
kang trep yaiku …
*
A. mbok ora perlu dinggo sedhih, nyuwun maneh marang ibumu ben ditukokake
B. mbok ora perlu dinggo sedhih, ponselmu kuwi rak wis lawas ta, ganti wae
C. mbok ora perlu dinggo sedhih, tuku maneh rak gampang, akeh sing dodol
D. mbok ora perlu dinggo sedhih, yen isih rejekimu, sesuk rak bali maneh
16. Gatekna andharan iku!

1) mimpin adicara

2) nglantarake adicara

3) ngatur lampahing adicara

4) nyedhiakake papan lan panganan kanggo para tamu

Andharan ing ndhuwur kang dadi tanggung jawabe wong kang kajibah dadi MC tinemu ana ing
andharan nomer … .
*
A. 1), 2), 3)
B. 1), 2), 4)
C. 2), 3), 4)
D. 1), 3), 4)
17. Pranatacara yaiku paraga kang duwe jejibahan nglantarake sawijining acara. Tembung-
tembung ing ngisor iki endi kang kalebu dasanamane pranatacara?

1) Pranata adicara

2) Pamedharsabda

3) Master of Ceremony

4) Ingkang hamengku gati

5) Pambiwara
*
A. 1), 2), 3)
B. 3), 4), 5)
C. 2), 3), 4)
D. 1), 3), 5)
18. Perangane pranatacara kang ngandharake pangucap syukur lan panuwun marang Gusti Kang
Maha Agung diarani …
*
A. Salam pambuka
B. Pakurmatan
C. Muji syukur
D. Macakake urutan acara
19. Acara salajengipun inggih menika pangandikan saking wakil kelas IX. Wonten wekdal
menika badhe kasliran dening Mas Jatmika. Dhumateng Mas Jatmika kula sumanggakaken.

Isine andharan ing dhuwur yaiku .…


*
A. pranatacara menehi pitutur marang Mas Jatmika
B. pranatacara njupuk papan lan wektu saka Mas Jatmika
C. pranatacara menehi papan lan wektu marang Mas Jatmika
D. Mas Jatmika nglipur dhateng Pranatacara
20. Makaten para kadang, purwa dumugi wasana pepanggihan menika lumampah lancar boten
wonten alangan setunggal menapa. Kula ingkang kajibah ndherekaken lampahing acara
menika, menawi pinanggih kalepatan nyuwuun agunging pangaksama. Nuwun.

Andharan ing dhuwur kalebu perangan ....


*
A. muji syukur
B. wosing gati
C. pangajap
D. panutup
21. Ukara ing ngisor iki tuladha kang trep kanggo murwakani utawi miwiti acara, yaiku ....
*
A. Para rawuh sedaya sumangga kita sesarengan manjataken puji syukur dhateng Gusti
B. Ingkang sepindhah sumangga kita sareng-sareng ngaturaken puji syukur dhateng Gusti
C. Pertami-tami kangge mbikak adicara punika sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhateng
Gusti
D. Ingkang sepisan sumangga kula lan panjenengan sedaya tansah ngaturaken puji syukur wonten ngarsa
Gusti Ingkang Maha Kuwasa.
22. Para pinisepuh, para sesepuh ingkang tuhu kinabekten, para pangemban pangembating praja
satriyaning nagari ingkang pantes sinudarsana. Andharan iku kalebu . . .
*
A. panutup
B. pangajab
C. puji syukur
D. pakurmatan
23. Mekaten acara ing siang menika, purwa madya dumugi wasana sampun kaleksanan boten
wonten alangan setunggal menapa. Kula ingkang kadhawuhan ndherekaken lampahing acara
ing siang menika kathah pinanggih kalepatan ing basa dalasan subasita kula nyuwun agunging
pangaksama.

Andharan iku kalebu . . .


*
A. panutup
B. pangajab
C. pambuka
D. pakurmatan
24. Kepiye ukara kang trep kanggo masarahake papan lan wektu supaya wong kang kajibah
samekta?
*
A. Dhumateng Bapak ketua komite wekdal kula sumanggakaken
B. Mangga menawi badhe matur bapak ketua komite
C. Mangga bapak ketua komite saged ngendika
D. Dhumateng Bapak ketua komite wekdal kula sumanggakaken nanging boten dangu-dangu nggih
25. Para lenggah ingkang dahat kinurmatan, ndungkap adicara salajengipun inggih menika
atur pambagya saking pangarsaning panitiya ingkang badhe dipunsalirani dening
panjenenganipun Bapak Wahidin. Dhumateng panjenenganipun bapak Wahidin wekdal saha
papan kula aturaken.

Andharan ing ndhuwur nalika pranatacara ngaturi paraga ....


*
A. wakil kelas IX kangge atur pamitan
B. ustad ingkang paring hikmah syawalan
C. panitiya ingkang ngaturaken pambagya
D. ingkang maosaken kitab suci Al-Qur’an
26. Murih rahayuning sedya mangga tansah sami nyenyuwun dhumateng ngarsaning Gusti
Ingkang Maha Agung mugi-mugi lampahing adicara ing kalenggahan punika pinaringan lancar
lan tinebihaken saking rubeda.

Tembung rubeda tegese yaiku ….


*
A. keslametan
B. kasarasan
C. alangan
D. kareman
27. Nalika ngayahi kuwajiban ana ing sawijining acara, pranatacara kudu nggatekake prekara
kaya ing ngisor iki, kajaba ....
*
A. sesambungan karo panitia utawa seksi acara
B. paraga liyane kang bakal ngisi acara/paring pangandikan
C. bagian alat upamane sound system
D. para tamu sing liwat ing ngarepe
28. Pranatacara kudu mengerteni sapa priyayi sing diaturi rawuh ing acara iku, tujuane supaya...
*
A. ketok luwih kondhang
B. ketok wiyar srawunge
C. bisa ngetung sing rawuh
D. bener anggone menehi pakurmatan
29. Ingkang sepisan, sumangga kula panjenengan ... dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang
sampun paring kasarasan dhumateng kula panjenengan sedaya satemah saged pepanggihan
wonten acara menika kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Kanggo njangkepi andharan ing ndhuwur yaiku …


*
A. tansah ndedonga nyenyuwun rejeki
B. ngaturaken puja lan puji sokur
C. tansah pasrah lan sumarah
D. tansah waspada lan eling
30. Lampahing upacara saking purwa, madya, dumugi wasana, saged kaleksanan kanthi
wilujeng kalis ing sambekala. Tegese kalis ing sambekala yaiku .....
*
A. uwal ora ana alangan
B. lumaku kanthi lancar
C. akeh sing rawuh
D. regeng
31. Nalika nindakake jejibahan, pranatacara uga disengkuyung piranti kayata sound system sarta
wasis bab gendhing. Mula ana ing bab iki pranatacara kudu sesambungan karo …
*
A. Pamedhar sabda
B. Kang hamengku gati
C. Pangrengga swara
D. Para kadang sinoman
32. Sumangga kita…adicara ing dinten menika kanthi ndedonga miturut agami lan
kapitadosanipun piyambak-piyambak. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur
yaiku....
*
A. milai
B. wiwiti
C. buka
D. dipunbikak
33. Saderengipun pepanggihan menika kita pungkasi, temtunipun anggen kula ndherekaken
lampahing adicara ing siyang menika kathah kalepatan, boten kesupen kula nyuwun
lumunturing sih samodra pangaksama.

Tembung nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama tegese....


*
A. nyuwun tambahing pangestu
B. nyuwun donga pangestu
C. nyuwun jembaring penggalih
D. nyuwun pangapunten ingkang kathah
34. Ature wong kang nindakake jejibahan dadi pranatacara ing ngisor iki kang paling trep
kanggo mimpin donga pambuka ing sawijining acara yaiku …
*
A. Mangga donga piyambak-piyambak
B. Sumangga adicara menika dipunpungkasi kanthi dedonga.
C. Sumangga para tamu kakung lan putri menawi badhe dedonga, kula namung ndherekaken kemawon.
D. Sumangga adicara menika kabuka kanthi dedonga miturut agami lan kapitadosanipun piyambak-
piyambak.
35. Para lenggah ingkang dahat kinurmatan, ndungkap acara salajengipun inggih punika acara
pentas seni, awit saking menika dening siswa ingkang kajibahngayahi karya kula
sumanggakaken.

Andharan ing ndhuwur digunakake dening pranatacara nalika ngaturi paraga....


*
A. ustad ingkang paring hikmah syawalan
B. ingkang maosaken kitab suci Al-Qur’an
C. Wakil siswa kang arep pentas seni
D. kasepuhan ingkang nampi pasrah manten.
36. Sumangga dhaharan saha unjukanipun dipunrahapi kanthi merdikaning penggalih. Ukara
kasebut diandharake pranatacara nalika acara....
*
A. sumene
B. pambuka
C. panutup
D. pangajeng-ajeng
37. “Wonten ing wekdal menika sumangga kula lan panjenengan sadaya nuladha labuh
labetipun para pahlawan ingkang sampun gugur ing madyaning paprangan kangge ngrungkebi
kamardikaning negari Indonesia.”

Andharan ing ndhuwur iku isining sesorah nalika …


*
A. pengetan dinten kamardikan
B. pengetan maulid nabi
C. pengetan dinten kartini
D. acara halal bi halal
38. “Kula sakanca nggadhahi pangajab mugi rerangkening acara ambal warsa ingkang sampun
katindakaken sageda mumpangati dhumateng kula lan panjenengan sedaya, wusana sageda
damel sekolah menika sangsaya ngrembaka lan sangsaya kondhang kaloka.”

Andharan ing ndhuwur iku isining sesorah nalika …


*
A. pengetan dina kamardikan RI
B. tutup taun kelas lan pepisahan
C. pengetan ambal warsa sekolah
D. pengetan ambal warsa kampung
39. “Langkung rumiyin sumangga kula lan panjenengan sareng-sareng ngaturaken syukur
wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun paring kasarasan satemah saged manunggal
wonten ing papan menika kanthi wilujeng nir ing sambekala.”

Andharan ing ndhuwur iku perangan seseorah kang diarani …


*
A. salam
B. pamuji/muji syukur
C. pangajab
D. isi / wosing gati
Gatekake pethikan wacan ing ngisor iki kanggo nomer 40-42!

40. Miturut isining teks sesorah ing ndhuwur, paraga kang nindakake sesorah yaiku…
*
A. wakil siswa kelas IX ing acara pepisahan
B. wakil pengurus OSIS ing acara ambal warsa
C. wakil panitya pengetan ambal warsa sekolah
D. wakil panitya tutup taun kelas lan pepisahan
41. Andharan ing ngisor iki kang ora jumbuh karo isine pethikan sesorah ing ndhuwur yaiku …
*
A. Pamedhar sabda ngaturake panuwun
B. Pamedhar sabda nyuwun pangapunten
C. Pamedhar sabda nyuwun bebungah
D. Pamedhar sabda paring pandonga
42. Ana ing pethikan sesorah ndhuwur, tinemu tembung nggulawenthah. Apa tegese tembung
kasebut?
*
A. Ngajari
B. Mulang
C. Ngopeni
D. Ngurmati
43. Supaya anggone sesorah bisa lumaku lancar lan ora mubeng minger, mula kudu nggatekake
urutaning sesorah. Urutan sesorah kang ringkes, yaiku ….
*
A. salam pambuka, pakurmatan, muji syukur, isi, pangajab, panutup
B. salam pambuka, pakurmatan, isi, muji syukur, pangajab, panutup
C. salam pambuka, pakurmatan, pangajab, isi, muji syukur, panutup
D. salam pambuka, pangajab, isi, muji syukur, pakurmatan, panutup
44. Gatekna pethikan sesorah ing ngisor iki!

Kula sakanca nggadhahi pangajab mugi rerangkening acara ambal warsa ingkang sampun
katindakaken sageda mumpangati dhumateng kula lan panjenengan sedaya, wusana sageda
damel sekolah menika sangsaya ngrembaka lan sangsaya kondhang kaloka.

Perangan teks ing ndhuwur diarani pangajab (pengarep-arep). Andharan ing ngisor iki kang ora
jumbuh karo isining pagajab ndhuwur yaiku …
*
A. sekolah sangsaya ngrembaka
B. sekolah sangsaya kondhang kaloka
C. sangsaya kathah murid ingkang ndhaftaraken
D. rerangken acara ambal warsa saged mumpangati
45. “Kula minangka ketua Karang Taruna periode 2016-2018 ngaturaken agunging panuwun
dhumateng kanca-kanca ingkang sampun paring kapitadosan dhumateng kula minangka ketua
Karang Taruna. Kula nyuwun pambiyantu saking kanca-kanca murih sedaya program saged
kaleksanan.”

Pethikan sesorah ing dhuwur iku minangka perangan....


*
A. isi
B. pamuji
C. panutup
D. pambuka
46. Bakuning sesorah ing perangan panutup lumrahe ngandharake ....
*
A. ngaturake pakurmatan marang para tamu
B. ngajak para rawuh ngaturake puji syukur
C. njaluk pangapura lan kapungkasan salam
D. pangajab lan njaluk pangestu
47. Kanggo mungkasi sesorah utawa pranatacara ana kalane nganggo parikan. Parikan kang
lumrahe kanggo mungkasi acara iki jangkepana!

Tuku kupat janure tuwa, yen kathah lepat…


*
A. nyuwun pangapunten
B. njaluk ngapura
C. sing gedhe pangapuramu
D. pangapuramu sing tak jaluk
48. Gatekna ukara ing ngisor iki!

(1) Jenang sela wader kalen sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kawula.

(2) Tebah siti sekul binuntel roning kalapa, apuranta sedaya lepat kawula.

(3) Kupat kecemplung santen, menawi lepat nyuwun pangapunten.

(4) Kupat janure tuwa, menawi lepat nyuwun pangapura.

Sing kalebu ukara wangsalan kanggo nutup sesorah yaiku ….


*
A. (1) lan (2)
B. (2) lan (3)
C. (3) lan (4)
D. (1) lan (4)
49. Danang didhawuhi sesorah makili kulawarga ing acara syukuran wisuda putrane pakdhe.
Supaya ora nguciwani, Danang nyinau tenan apa wae kang kudu digatekake nalika sesorah, ing
antarane kaya kasebut ngisor iki, kajaba….
*
A. sandhang panganggo kudu sing anyar.
B. wiramane swara kepenak dirunggokake.
C. solah bawa utawa patrap kudu mantep lan teteg.
D. basa kudu laras karo swasana lan sing diadhepi.
50. Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa
kaleksanan iku kalebu ing perangan ….
*
A. salam pambuka
B. purwaka
C. pangarep-arep
D. panutup

You might also like