Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 2

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

............................................................................................................................................................

Hadrotal muhtaromin poro Alim, poro ulama, poro sesepuh pinisepuh ingkang tuhu pantes
kinakbeten
Ingkang kawulo hormati segenap pengurus Takmir Mushola Darul Falah
Ingkang kito mulyaaken wabil khusus dumateng panjenenganipun ……………………ingkang
kito tenggo-tenggo punopo ingkang dados fatwa soho nasehatipun
Hadirin sedoyo jamaah ingkang dipun rahmati Allah SWT.
Monggo kito sedoyo sareng-sareng rumiyin manjataken raos puji syukur kehadirat Allah
SWT. Dene punopo kulo dalah panjenengan sedoyo saget makempal hadir ing mriki majelis
Mushola Darul Falah kanthi kahanan rahayu wilujeng mboten wonten alangan setunggal punopo
biqoulina Alhamdulillahhirobbil’alamiin.
Sholawat soho salam mugi-mugio tansah kunjuk dumateng junjungan kito Nabi agung
Muhammad SAW. Ingkang sampun mbeto umatipun awit saking zaman jahiliyah tumuju zaman
Islamiyah, Soho ingkang kito ajeng-ajeng syafaatipun min yaumi hadza illa yaumil qiyamah bi
qoulina Alluhumma Sholli Wasallim ‘Ala Sayyidina Muhammad.
Hadirin ingkang kawulo hormati
Keparengo kulo nderek matur, wonten mriki kulo kajibah minongko dados pranoto adicoro, milo
badhe maosaken runtutipun susunan acoro ingkang Insya Allah bade kalampah wonten ing dalu
puniko.
Adicoro ingkang ongko setunggal inggih puniko pambuko, dipun terusaken adicoro ingkang
ongko kaleh, waosan Rotibul Hadad. lan adicoro ingkang ongko tigo inggih puniko sambutan,
Adicoro ingkang ongko sekawan inggih puniko inti pengaosan Mauidhoh Hasanah kalajeng do’a
penutup.
Hadirin Hadirot Rahimakumullah
Ngengeti wekdal sampun sakwetawis dalu, milo monggo acara wonten ing wedal puniko kita
bikak sareng-sareng kanti tabarukan suratul fatihah. Al Fatihah………..
Matur nuwun kanti waosanipun, mugi-mugi kanti tabarukan waosan surat al fatihah acoro wonten
ing wekdal dalu puniko saget lumampah kanti lancar mboten manggihi halangan setunggaling
punopo. Aamiin.
Bapak/Ibu Ingkang Kulo Hormati
Saklajeningipun Adicoro ingkang ongko tigo inggih puniko waosan Rotibul Hadad, Ingkang bade
kawaos saking Bapak Nur Hasyim lan Bapak Muhammad Effendi.
Dumateng panjenenganipun wekdal soho panggenan kulo aturaken.
Hadirin Ingkang Kulo Hormati
Dungkap adicoro ingkang ongko kalih inggih puniko atur sambutan. Sambutan atas nami Takmir
Mushola Darul Falah, wonten ing dalu puniko bade dipun aturaken deneng panjenenganipun Bp.
Suko Witono
Dumateng panjenenganipun wekdal soho panggenan kulo aturaken sumonggo
Mekaten.. Sambutan atas nami Pengurus Takmir Mushola Darul Falah .. Dumateng
panjenenganipun kulo aturaken “Jaza Kumullohu Ahsanal Jaza”
Hadirin Hadirot Rahimakumulloh
Dungkap adicoro ingkang ongko sekawan inggih puniko uraian Mauidhotul Hasanah kalajeng doa,
utawi inti acara wonten ing peringatan Rojabiyah Mushola Darul Falah Desa Gilang. Ingkang bade
dipun kaaturaken dening panjenenganipun ………………………………………Dumateng
panjenenganipun ……………………………wekdal soho panggenan sak cekap ipun kulo
aturaken sumonggo.
Hadirin Hadirot Rohimakumulloh
Mekaten inti pengajian ingkang nembe kaaturaken dening panjenenganipun
……………………Mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo saget mendet hikmahipun lan saged
nglampahi menopo ingkang sampun dipun aturaken.
Hadirin Ingkang Kulo Hormati
Meniko acara demi acara sampun kito ikuti sesarengan, Saking kulo minongko muqossimil auqot
menawi wonten kekhilafanipun utawi wonten tutur kata ingkang kirang mahanani dateng
penggalih panjenengan sedoyo, kulo tansah nyuwun angunge samudro pangapunten.
Kulo Akhiri………..
Wallahul Muwafiq Ilaa Aqwamith Thorieq
Wasssalamu’alaikum Wr.Wb.
Saklajengipun adicoro ramah Tamah ingkang badhe dipun iringi sholawat Al Fatah saking desa
Gilang.

You might also like