Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 5

Janturan kencorupo

Anenggih ingkang wonten kadipaten kencokopuro, kang nedheng Satoto lenggah nenggih Raden
kencokorupo, Satriyo gagah tur dasare kasembuh kasantosan..Marmo datan mokal lamun sinuyudan
dening poro Kawulo. Kacarito ing mangke sang kencoko Gyo ngawe pasebane ingkang Rayi
kekalih...nenggih sang rupokenco miwah rojomolo.

Adegan seto kangko

Suluk

Dialog

Kangko

Pangabekti Kulo Mugi konjuk, Raden Seto

Salindri

Nadyan Kulo ngaturaken pangabekti Raden

Seto

Iyo Yo kangko lawan salindri wus Ndak Tompo

Bilowo

Waaaa...Raden Seto basaku katuro

Seto

Yo...bilowo wus Ndak Tompo

Kangko

Nuwun Sewu Raden...paduko badhe tindak pundi

Seto

Mundhi dhawuhe kanjeng Romo, bakal ngupadi jago

Kangko

Badhe kagem menopo Raden

Seto

Wruhanono lamun wirotho bakal Ono tontonan adu jago manungso, kang bakal tandhing klawan
paman rojomolo, mung wae wirotho durung entuk jago

Kangko

Menawi kepareng ...pun balowo kemawon ingkang dados jagonipun Negari wirotho

Seto

Kosik kangko...Ojo ngawur tembungmu, balowo Ki mung tukang jagal kewan, Mongko paman
rojomolo kui Senopati pilih tandhing
Balowo

Raden Seto, ora sah ndadak kakehan sing dirembug, aku mung bakal ngatonake darmo bektiku
tumrap negoro, ora duwe pamrih opo opo, nanging yen ora dikeparengange Yo ora dadi ngopo.

Seto

Ning banget nggonmu kumewat

Balowo

Ora jeneng aku kumewat, nanging bot bote nggonku ngrungkepi marang negaraku, Tinimbang Kowe
anak ratu dasare pangeran Pati Ning babar pisan ora duwe greget

Seto

He...balowo...

Sampak

Seto balowo

Dialog

Seto

He balowo....Ojo banget banget nggonmu ngilani dadaku

Balowo

Aku mung kondho sak nyatane

Seto

Ibarat endok pengin weruh dadare...mapano Kowe balowo

Balowo

Sak gendingmu tak ladeni

Walakas

Dialog

Walakas

O...balowo balowo...watake cah enom Saiki kui, nek duwe kekarepan ora tau Rembugan Karo wong
tuwo, Mongko nek Ono bobol borote wong tuwo Melu ciloko...he..eling...leren balowo

Adegan walakas Seto balowo

Dialog

Walakas

He...balowo...anggepmu opo Kowe kok wani Karo Raden Seto, nek Ono dukane Keng sinuwun, pun
bopo kang Nompo pidono
Balowo

Yen Ono perkarane tak tanggunge Dewe, Kowe Ojo Melu Melu

Walakas

Duh Raden, nggih ngoten niku watake anak Kulo balowo, agenging kalepatan Kulo ingkang
nyuwunaken pangapunten.

Seto

Kyai ora dadi ngopo...aku malah rumongso Marem didupak dadaku Karo balowo

Walakas

Lho liripun

Seto

Wruhanono lamun wirotho Dino Iki, lagi ngupadi jago, kang bakal tandhing Karo paman rojomolo.

Walakas

Mekaten Raden

Seto

Mulo nitik marang kasektene bilowo Iki, koyo koyo, balowo pantes lamun dadi tandhinge paman
rojomolo. Mulo Dino Iki balowo bakal tak junjung dadi jagone Negoro wirotho

Sampak

Dialog

Walakas

Hhhhhh....Bejo kemayangan Ngger Kowe bakal dadi jago wirotho, Ning ngati ati, ora entheng
sanggane balowo

Seto

Piye balowo saguh opo ora

Balowo

Raden Seto, aku gelem dadi jago wirotho, nanging aku duwe penjaluk, sak jroning aku tetandingan
Karo rojomolo, wong sak wirotho, klebu sinuwun durgandono kabeh Kon Poso, ora keno memangan

Seto

Yo penjalukmu bakal Ndak turuti

Malah Dino Iki ayo Doyo Doyo Ndak kanthi myang alun alun wirotho

Bilowo

Bopo walakas aku njaluk pangestu

Walakas
Sing Prayitno ngati ati balowo

Seto

Ayo Ndak kanthi gegancangan balowo

Sampak

Adegan wrehatnolo topo

Dialog

Bromo

He...wrehatnolo, gedene kasutapanmu, temah nggoncangake palenggahane poro Dewo, Yekti wus
wahyane mongsokolo, Kito antuk kanugrahan, nanging ora gampang nggonmu bakal Nompo
Nugroho.

Hayo yen Kowe wong digdoyo tampanono pusoko Iki.

Sampak

Pocapan menyuro

Lepas lampahe sang wrehatnolo, mastuti dhawuhe bathoro Bromo, gantyo kang winuwus, ora koyo
kang mapan aneng alun alun wirotho

Sampak

Pocapan sendhang watari

Wauto...Gyo kacemplungake sang rojomolo aneng sendang watari, kang yektine sendang kang
dumadi saking ibuniro sang rojomolo, pramilo antuk dayane sendang, Gesang Malih sang rojomolo.

sampak

Pocapan sendang dicemplungi bromastho

Wauto Prayitno sang wrehatnolo, Gyo mastuti dhawuhe bathoro Bromo, kyai bromastho linepasaken
mring sendang watari

Dadyo umob banyune sendang , kang mahanani ilang dayane, Marmo dadyo pejah sang rojomolo

sampak

Dialog kencoko

Kencoko

Hayo sambato Kowe balowo, hayo yen iseh ISO bonggo bonggoa balowo

Sampak

Dialog salindri

Salindri
Duh Raden Raden, yektos paduko Satriyo ingkang nggadhahi kasekten linangkung, pantes lamun
kinaryo pengayomaning poro kawulo

Sampak

Pocapan

Wauto, dupi mulat kasulistyane Dewi salindri, ayo kendho Soyo kendho pamithinge Raden kencoko,
Prayitno sang balowo Gyo namaaken kuku ponconoko, dadyo pejah Raden kencoko

You might also like