Naskah Drama

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

NASKAH DRAMA

TEMA : BUDI PEKERTI

Kelas 9A
Nama anggota kelompok :
1. Alya Caesarahma Sejajar / 01
2. Erlangga Raditya Ramadhan / 09
3. Mayshila Eka Pramudita / 16
4. Uhud Parakyisana Nugraha / 29

Guru pembimbing :
Sri Wahyuni S.Pd.

MATA PELAJARAN BAHASA JAWA


SMP NEGERI 2 JETIS
TAHUN AJARAN
2023/2024
Ing kelas iki ana loro arek sekanca jenge kesa lan lana. Arek loro iku
koncoan wis suwe. Kesa lan lana sering dolanan bareng wong loro utawa karo
kanca liyane. Kebetulan iki mau kesa lan lana dolanan kejar-kejaran nganthi ora
merhatikake sekitar, ternyata ana langga sing nduweni niat jahat karo lana.

1. Kesa dan Lana : “ Sutt…… Jreenggg !!! ”.


2. Lana : “ Yey aku menang, berarti aku polisi awamu maling ”.
3. Kesa : “ Ealah. Siji… loro… telu! Mlayu!”
4. Lana : “Maling – maling”.
5. Kesa : “Kejaren aku nek iso”.
6. Langga : “hmm arek ikii, tak jegale ah”

Gak disongko-songko, Lana dijegal karo Langga.


7. Lana : “aduhh!”
8. Kesa : “loh Lan! Awakmu gak popo ta?”
9. Lana : “gak popo Sa. (Lana njawab Kesa karo nyekeli sikile)”
10. Langga : “yaa hahaha! Tibo yaa, sukur!”
11. Lana : “(Lana langsung ngadek karo ngadep lana ambek ati sing gregeten
karo Langga ). Maksutmu opo njegal-njegal aku? Aku gak nggarai kon
yo!”
12. Langga : “aku? Njegal awakmu? Gak salah ta, wong awakmu tibo dewe
kok nuduh aku”
13. Kesa : “he ngawur ae kon iki ngga, wong aku ketok dewe jelas-jelas
awakmu sing njegal Lana”
14. Langga : “trus nek ancen aku sing njegal opo o?”
15. Kesa : “yo bahaya tah! Arek kok ngawur”
16. Langga : “yo arepku seh, wong sikil-sikilku”
17. Lana : “yo gak ngunu, masio aku nduwe sikil yo gak tak gawe njegal
awakmu”
18. Kesa : “lha yo, arek kok nakal”
19. Langga : “awakmu kok melok ae seh Sa, wong sing tak jegal Lana kok
awakmu melok muring-muring”
20. Kesa : “yo kan Lana koncoku, yo tak belani talah, wes saiki njaluk o
sepuro nang Lana”
21. Langga : “moh!”
22. Lana : “loh awakmu ngejak gelut a?!”
Akhir e Lana karo Langga sing podo-podo gak iso nahan emosi gelud
nang kelas. Kesa sing nyaksikno melok panik. Amarga kesa gak wani
misah, akhire Kesa mutusake lapor nang Bu Sila.

23. Kesa : “ Bu lana kalih langga gelut ten kelas, kula mboten wantun
misah”
24. Bu sila : “ loh! Yowes ayo langsung nang kelas”

Tibaning ing kelas


25. Bu sila : “ wis-wis, lapo se…atek tukaran perkoro opo?”
26. Lana ; “ Niku wau lo bu kula kalih kesa dolanan kejar-kejaran rerus kula
dijegal kalih langga.”
27. Bu sila : “ lho!, ya ta ngga?...”
28. Lngga : “ Nggeh bu”
29. Bu sila : “Mbarekan ya lapo njegal kuwi, engkok lek fatal yo opo?..
pokok e mboten pareng njegal-njegal ngunu”
30. Langga : “nggeh bu”
31. Bu sila : “wes-wes ndang njaluk sepura ndang baikan”
32. Langga : “na, lana sepurane ya wes njegal awakmu mau, aku ngerti aku
salah”
33. Lana : “ya, ta sepurani, aja dibaleni ya..”
34. Bu sila ; “Ngene lek seneng ndelok e…akur, wes ndang dolanan bareng
kunu wong 3 mboten pareng gelut-gelutan”
35. Langga, Lana dan Kesa : “Nggeh bu”

You might also like