Paleografi Babad Tanah Jawi

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 11

Kuneng gantya kang winarni, garwanira sri

narendra prameswarine lagya babot, pan


sampun prapteng semaya, samana nulya
babar, kakung warnane abagus, cahyanya
mancur gumilang.

Apan wus sinung kekasih, Dyan Jaka


suruh wanginya, yata malih winiraos,
garwa paminggir kang wawrat, kang nama
Lambangsekar wus tekeng semayanipun,
smana nulya ambabar.

Kakung warnanira pekik, keng cahya nrus


gumawang, katur dhumateng sang katong,
sang nata inget ing driya sunbare sang
pandhita, lamun jabang bayi kakung, iku
kang males ing pjah.

Nulya ingkang jabang bayi, winadhhan ing


gêndhaga, karsanira sang akatong, linabuh
marang bangawan, smana wus binêkta,
mintar mring Krawang jinujuk wus prapta
ing kali Krawang.
Linabuh kang jabang bayi, kêndhaga kintir
ing toya, duta mantuk sakcane, kunêng
ingkang kawuwusa, jutu sawahing nata,
injing kesah amêmacul mring sawah
manggih kêndhaga

Nuju bêna kang bênawi, balabar mring


pasawahan,
kêndhaga manut toya ngreb, mentas
dhaateng pasahwahan, pinangih juru
sawah, anulya binekta mantuk, juru sawah
langkung bungah.

Dene manggih jabang bayi, cahyane


mancur gumilang anulya inginyakake,
datan winarna laminya, aglis ageng
semana, sapangon ing wancinipun,
skalakung dening dhugal.

Langkung sih ki juru sabin, ki jaka tan


kinging pisah, yata ki juru karsane, malebu
marang nagara, arsa mring kapandheyan,
dandaken kudhi pacul ki jaka tan purun
pisah.

Gya mintar ki juru sabin, tan pisah lawan ki


jaka, ki jaka sigra ginendhong, duk
langkung madyaning wana, ki jaka nulya
mulat, wênara lan manuk siyung, ki jaka
nulya atanya.

Buron apa ingkang muni, unine kadya


mangkana, kang buntut apa arane, ki juru
aris saurnya, manuk siyung raneka,
wenara iku kang buntut ki jaka gumuyu
ngucap.

Yen mangkono bapa mami, sun aran


siyung wênara, dening kapapag maring
ngong, ki juru nauri sabda, oya sakrsanira,
anulya laju ki juru prapteng nagri pajajaran.
Ki jaka kapêthuk esthi, anuju mêntas
ginuyang, ki kaka mandhêg anonton,
punang liman nulya mêndhak, talale gya
cinandhak, sêrati gawok andulu marang
warnane ki jaka.

Juru sawah jêlah jêlih, anyêluk marang ki


jaka kulup aja salah gawe, iku
kagunganing nata, yya wani pêrak-prak, ki
jaka asru amuwus, bapa gajah ngong
priyongga.

Gawok kang samya miarsi, mring wuwsira


ki jaka, lir putra nata ambêke, kang liman
mungguh nguvapa, dhuh gusti anitiya, ulun
gindhong mring kadhatun, sowan mring
rama narendra.

Akathah wong kang ningali, ki jaka laju


lampahnya, ki juru tansah wurine, kang
liman nulya lumampah, yata ki juru sawah,
kapandheyan sampun rawuh, êmpu
kuwung kagya mulat.
Ki juru wus kinen linggih, ki jaka lênggah
neng wuntat, êmpu kuwung gya têtakon,
lah kakang sintên punika, ki juru angling
stya, anandika mudha punggung, dhugale
kaworan gungan.

Ki kuwung rêsêp ing ati, kapengin milu


nak-anak, anulya tinêmbung alon, dhuh
kakang putra andika, kula ngêmpek
puputra, ngling sumangga kyai juru,
prayoga
mulang muruka.

Ki jaka nulya tinari, tinilar mring juru


sawah, ki jaka lêga manahe, nulya mit ki
juru sawah, ki jaka wus tinilar, ingambil
anak mring empu, wignya pakartining
kriya.

Wus wasis saliring kardi, ki empu langkung


sihira, saben seba ngiringake, semana
marengi seba, ki kuwung mring jro pura, ki
jaka tan kêna kantun, kapirsa marang sang
nata.

Sang nata resep ing galih, ningali marang


ki jaka, sang nata ngandika alon, kuwung
iku anakira, sun pundhut panakawan, ki
kuwung nembah umatur, sumangga karsa
paduka.

Wus pinundhut mring sang aji, ki jaka


amanakawan, sang nata kalintang sihe, ki
jaka ingaken putra, laminya tan wunarna,
wus jinunjung lungguhipun, banyak widhe
namanira.

Langkung sihira nerpati, tan mantra putra


angkatan, pan kadya putrane dhewe, den
saminlan arya bangah, sihe denya puputra,
dening raden jaka suruh, timur datan
ingopenan.

Mung banyak wide pareng sih, rinojong


sakarsanira,
nuwun medanani pandhe, sagung pandhe
Pajajaran, kinen ngidhep sdaya, sagung
ing empu sumuyud, samya kinen nambut
karya.

Akarya kunjara wesi, semana pan sampun


dadya, wus pinasang ing daleme, dining
jroning gedhong tusan, sinungan
pasareyan, pepajangan sri dinulu,
lelangsene tundha tiga.

Semana ki adipati, banyak widhe dhahar


eca, ngaturi putraning rajeng, rahaden arya
bebangah, tuwin sagung punggawa, katur
marang sang aprabu, yen kang putra
dhahar eca.

Sang nata lega ing galih, tindak marang


tumenggungan, kalawan prameswarine,
wus prapta ing tumenggungan, lajeng
adhahar eca, langkung sukanya sang
ptabu, tenapi sagung punggawa.

Andrawina natas injing, punggawa wuru


sedaya, miwah putranira katong, rahaden
arya bebangah, wuru datan kengetan,
ngundurken dinekta mantuk, marang
dalem kasatriyan.

Yata kawarnaa injing, bubar dera


andrawina, dyan tumênggung banyak
widhe, ngandikan marang sang nata,
prapta mêndhak ing ngarsa, angandika
sang
aprabu, andangu kang gêdhong tosan.

Lah iki kang gêdhong wêsi, dene nganggo


pasareyan, paranti apa anggone, banyak
widhe atur sêmbah, parantya têtilêman,
diwaji prabawanipun baten asrêp batên
gêrah.

Sang nata ngandika aris, ingsun arsa


sêsareyan, sun durung tau ang-

You might also like