Modul B.Jawa Klas X (SMT, Gasal)

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 19

Modul

bsjw
kelas X semester gasal
tahun pelajaran 2021-2022
Dening:
Fitriyanah, S.Pd.
Nama:
Kelas:

1.Serat wedhatama pupuh Pangkur


3.1.Menelaah teks serat wedhatama pupuh Pangkur
4.1.Menanggapi isi serat wedhatama pupuh Pangkur dan menulis syair tembang
Pangkur dengan bahasa sendiri, serta menyajikannya secara lisan/tulis.

1. Pangertene tembang Pangkur


Miturut maknane, tembang Pangkur iku nggambarake mangsa nalika wis
kliwat umur kang wus ngungkurake babagan kadonyan. Watake semangat, perwira:
tegese kanthi temen anggone ngedohi hawa nepsu ing kadonyan, supaya ora
nganggu anggone urip. Atine wis menep, resik, ora grusa-grusu, lan tansah
nengenake ngibadah nyedhake mring Gusti Kang Maha Kawasa.

2. Watak lan Makna tembang Pangkur


Watake tembang Pangkur iku madhep manteb, banter, nesu. Cocok kanggo
ngandharake pitutur, katresnan, crita kang nyata, lan sapiturute. Pangkur saka
tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir
tansah kepingin meweh sapadha-padha. Pangkur iku maksute buntut karangane
Kanjeng Sunan Muryapada. Duwe makna nggambarake mangsa nalika wis kliwat
umur kang ngungkurake kadonyan, bisa ngendhaleni tumindak lan nepsu-nepsu
kang ala.

3. Serat Wedhatama
Kaanggit dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV utawa
KGPAA Mangkunagara IV, ing Kadipaten Mangkunegaran Surakarta taun 1905 Jawa
utawa 1973 Masehi.
Serat Wedhatama asale saka tembung ‘Serat’ kang tegese ‘kitab/buku’, ‘wedha’
tegese kawruh utawa ilmu, lan ‘tama’ kang tegese ‘utama’. Dadi, serat Wedhatama
tegese kitab/buku ngenani kawruh utama. Isi saka serat iki yaiku pitutur lan
wewaler uriping manungsa. Ancas/tujuan saka buku iki yaiku supaya para
manungsa mligine ksatriya Tanah Jawa nduweni budi, akhlak, utawa jiwa kang
utama.
Serat iki awujud tembang mawa aksara jawa kang cacahe 100 cakepan
tembang. Kaperang ing limang pupuh(jenis tembang)
Pupuh Pangkur (14 pada, 1-14), wis diwarahake ing kelas X semester ganjil,
Pupuh Sinom (18 pada, 15-32), wis diwarahake ing kelas X semester ganep,
Pupuh Pocung (15 pada, 33-47), diwarahake ing kelas XI semester ganjil,
Pupuh Gambuh (35 pada, 48-82), diwarahake ing kelas XI semester ganep,
Pupuh Kinanthi (18 pada, 83-100), diwarahake ing kelas XII semester ganjil.

4. Wos kang kamot ing tembang Pangkur


 Serat wedhatama ngajarake tuntunan moral ing babagan etika pribadi minangka
pamangun karakter dhiri pribadi. Ngelmu iki ngajarake supaya nampa kanthi
senenging ati yen dianggep bodho (bungah ingaran cubluk) lan tetep bungah yen
diina/diece (sukeng tyas yen den ina).
 Ngajarake tuntunan moral minangka perangan saka pendidikan karakter ing
babagan etika sosial, sabab minangka sawijining kuwajiban tumrap urip ing
satengahing masarakat. Ing kene diajarake supaya wong aja nganti tumindak
kurang sopan lan santun ing pasetemon, mula bisa gawe isin (gonyak-ganyuk
nglelingsemi) semono uga, aja tumindak sekarepe dhewe.
 Serat wedhatama ngajarake supaya aja tumindak kaya dene tumindake wong
bodho, kang omongane ora karu-karuan lan ora tinemu nalar (ngandhar-andhar
angendhukur, kandhane nora kaprah). Wong kang bodho iki seneng ongos
(somobong) (anggung gumrunggung) lan pingine dialem saben dina (ugungan
sedina-dina).
 Serat wedhatama uga ngajarake tuntunan moral ing babagan nembah mring Kang
Maha Kawasa. Ing kene diajarake yen agama iku minangka cagaking urip kang
luhur (agama agemaning aji) saliyane iku, ngajarake babagan pemahaman marang
Gusti (tan samar pamoring sukma).

5. Pathokan tembang Pangkur

Guru wilangan Guru gatra Guru lagu

8 a

11 i

8 u

7 a 7

12 u

8 a

8 i

6. Tuladha tembang Pangkur

3 5 5 5 3 3 3 3
ming- kar ming- kur -ing ang- ka- ra
3 5 5 6 1 1 1 1 2 3 3
a- ka- ra- na ka- re- nan mar- di si- wi
5 6 1 1 1 1 2 2
si- na- wung res mi- ning ki- dung
1 6 5 5 5 5 5
si- nu- ba si- nu- kar- ta
3 5 5 6 1 1 1 1 1 2 3 3
mrih kre- tar- ta pa- kar- ti- ning ngel- mu lu- hung
6 6 1 1 1 1 1 1
kang tum- rap ing ta- nah ja- wa
1 2 3 1 2 3 3 21
a- ga- ma a- gem- ing a- ji

Urutane nggawe tembang pangkur:


1. Nemtokake tema kang cocok (tema kuwi adhedhasar watak tembang. Delengen
watek tembang pangkur)
2. Nemtokake sub tema, (amarga sakepenake dhewe, ateges temane uga bebas)
3. Nulis tembung-tembung kang ana gegayutane karo subtema seakeh-akehe,
supaya tembange ora monoton (monoton kuwi misal tembunge mung dibolan-
baleni. Akeh tembung sing padha amarga kurang referensi)
4. Milih tembung-tembung kang pas karo guru lagu, guru wilangane! Aja nganti
salah ngitung wanda(suku kata)! Aja nganti salah guru lagune uga!
5. Yen durung pas, bisa nggunakake tembung wancah. (padha:dha, namung:mung,
ingkang:kang, Para:pra, Aja:ja, ora: ra, iya: ya, dhateng:teng, Wonten: ten, amrih:
mrih, maring:mring, lsp.)
6. Langkah kang pungkasan, coba tembang kang wis mbokgawe, ditembangake, wis
pantes apa durung, wis nduweni makna apa durung!

Cakepan ing Tembang Terjemahan bebas

Mingkar-mingkuring angkara, Membolak-balikan kata,


Akarana karenan mardi siwi, Karena hendak mendidik anak,
Sinawung resmining kidung, Tersirat dalam indahnya tembang,
Sinuba sinukarta, Dihias penuh warna,
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung, Agar menjiwai hakekat ilmu luhur,
Kang tumrap ing tanah Jawa, Yang ada di tanah Jawa/nusantara,
Agama agemaning aji. Agama “pakaian” diri.

Jinejer ing wedhatama,mrih tan kemba Tersaji dalam serat Wedhatama,


Kembenganing pambudi, Agar jangan miskin budi pekerti,
Mangka nadyan tuwa pikun, Padahal meskipun tua dan pikun,
Yen tan mikani rasa, Bila tak memahami rasa,
Yekti sepi sepa lir sepah asamun, Tentu sangat kosong dan hambar seperti
Samasane pakumpulan, ampas buangan,
Gonyak-ganyuk nglelingsemi. Ketika dalam pergaulan,
Terlihat bodoh memalukan.

Nggugu karsane priyangga, Menuruti kemauan sendiri,


Nora nganggo peparah lamun angeling, Tanpa tujuan jika berbicara,
Lumuh ingaran balilu, Tak mau dikatakan bodoh,
Uger guru aleman, Seolah pandai agar dipuji,
Nanging janma ingkang wus waspadeng Namun manusia yang telah telah mengetahui
semu, akan gelagatnya,
Sinamun samudana, Malah merendahkan diri,
Sesadoning adu manis. Menanggapi semuanya dengan baik.

Si penggung nora nglegewa, Si bodoh tak menyadari,


Sangsayarda denira cacariwis, Semakin menjadi dalam membual,
Ngandhar-andhar angendukur, Bicaranya ngelantur kesana –kemari,
Kandhane nora kaprah, Ucapannya salah kaprah,
Saya elok alangka longkangipun, Semakin sombong bicara tanpa jeda,
Si wasisi waskitha ngalah, Si bijak mengalah,
Ngalingi marang sipenggung. Menutupi ulah si bodoh.

Mangkono ilmu kang nyata, Begitulah ilmu yang benar,


Sanyatane mung we reseping ati, Sejatinya hanya untuk menentramkan hati,
Bungah ingaran cubluk, Senang jika dianggap bodoh,
Sukeng tyas yen diina, Bahagia hati bila dihina,
Nora kaya si penggung anggung Tak seperti Si bodoh yang huas pujian,
gumunggung, Ingin dipuji tiap hari,
Ugungan sadina-dina, Jangan seperti itu manusia hidup.
Aja mangkono wong urip.

2.Crita cekak
3.2 .Menelaah teks crita cekak
4.2 .Menulis dan menyajikan synopsis teks crita cekak yang dibacanya

1. Pangertene crita cekak


Crita iku dumadi adhedhasar saka urutan sawijining kadadeyan utawa
prastawa sajroning kedadeyan iku, ana paraga (pirang-pirang tokoh) lan paraga iku
nglakoni sawijine utawa rerangkening konflik utawa cecongkrahan. Cerkak iku
tuturan kang ngandharake sawijining prastawa utawa kedadeyan. Umume, awujud
lelakon cekak kang wose crita munjerake sawijining paraga.
Semono uga crita cekak, uga dumadi saka urutan sawijining kedadeyan
utawa prastawa kang nyata utawa fiktif. Kang mbedakake karo crita liyane, cerkak
iku diceritakake sepisan rampung, lan wis nuduhake karampungane crita. Mula ing
pafatan cerkak mung tinulis kanthi cekak lan prasaja.

2. Unsur crita cekak


Bab-bab intrinsik ing cerkak
 Tema
Tema iku minangka ide pokok utawa masalah sing utama kang ndhasari
lakuning crita.
 Setting
Setting iku minnagka latar belakang sing mbantu cethaning laku crita. Setting iku
ngemot wektu, papan/panggonan, sosial budaya.
 Punjering crita (sudut pandang)
Punjering crita diperang dadi 3
- Pangrakite (penuis/pengarang) nggunakake sudut pandang paraga utama
lan tembung sesulih wong kapisan (kata ganti orang pertama), nyrotakake
apa kang dilakoni, lan ngetokake rasa pangrasa dhewe kanthi tembung-
tembunge dhewe.
- Pangrakite nggunakake sudut pandang paraga bawahan, dheweke luwih
akeh ngamati saka sanjabane crita tinimbang sajroning crita. Pangrakite
biyasane nggunakake tembung sesulih wong katelu (kata ganti orang ketiga)
- Pangrakite nggunakake sudut pandang impersonal, dheweke sanyatane
dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan
ngerti. Dheweke nyawang paraga nganti tekan sajroning pikiran lan atine.
 Alur/plot
Alur/plot yaiku rerangkening/cengkoraning prastawa/kedadeyan ing crita. Alur
diperang dadi 2 perangan, yaiku alur maju (progresif) yaiku yen prastawa iku
lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur crita. Dene
alur mundur (flash back progresif) yaiku dumadi kang ana sesambungane karo
prastawa kang lagi dumadi.
 Penokohan
Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku. Paraga bisa
dingerteni karaktere saka tumindake, cirri fisike, lingkungane, lan sapiturute.
 Konflik
Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita. Ing perangan iki pancen
diketokake prakara apa kang ndadekake crita iki narik kawigaten. Sansaya jlimet
lan tlesih anggone gawe konflik, ndadekake crita iku ngundhakake kawigatene
pandhemene.

3. Nilai-nilai kang kamot sajroning cerkak


 Nilai budaya iku ana sesambungane karo pamikir, pakulinan, lan asil karya cipta.
 Nilai sosial iku ana sesambungane karo tata laku pasrawungan ing antarane
pawongan siji lan liyane.
 Nilai moral iku ana sesambungane karo tumindake becik lan alakang minangka
dhasar panguripan manungsa lan masarakat.
 Nilai religius/keagamaan iku ana sesambungane karo tuntunan agama lan
kepercayaan.
 Nilai pendidikan/edukasi iku ana sesambungane karo owah-owahan tingkah
laku saka ala dadi becik.
 Nilai estetis/keindahan iku ana sesambungane karo bab-bab kang narik
kawigaten, kaendahan, seni, utawa nyenengake.
 Nilai etika iku ana sesambungane karo sopan santun lan subasita ing bebrayan.
 Nilai politis iku ana sesambungane karo pamarentah.
 Nilai kemanusian iku ana sesambungane karo sipat-sipat manungsa. Lan
sapiturute.

4. Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa
njlentrehake crita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu
digatekake yaiku:
 Tema : gagasan pokok, pokok crita.
 Latar : papan lan wektu dumadine prastawa.
 Alur : lakuning crita.
 Penokohan : paraga crita.
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsis.

5. Tuladha crita cekak


AKU DURUNG KALAH
Keprungu swara mbrenginging ning komplek perumahanku. Pak wiryo.
Bakul puthu bumbung nyurung grobake, mlaku alon saka kidul. Ing ngarep
omahku mesti mandheg karo cluluk “Puthu Mas” aku banjur mbukak pager,
mangan puthu karo lungguh ing buk ngarep omah. Pak wiryo uga mandheg.
Ngladeni wong-wong sing padha tuku puthu bumbung.
Pak wiryo padha karo aku. Padha-padha wong sing nyoba golek panguripan
ing kutha kene, sing jarene gon duwit, mung bedane, aku bisa tuku omah, duwe
roda papat gaweyan Jepang modhel sing paling keri dhewe, nyambut gawe ning
kantor sing ruwangane adem.
Pak wiryo crita, yen omahe ana ing mburi lapangan golf. Aku pancen during
nate weruh. Nanging aku bisa mangerteni yen omahe Pak wiryo mesthi
sawijining kampong nempel karo tembok pager lapangan golf. Ora bisa diselaki
yen panggonan-panggonan ngono kuwi bisa nekakna dhuwit yen digarap dening
investor. Kompleks sandhinge panggonane Pak wiryo wis digusur arep kanggo
ngambakna lapangan golf. Wong-wong diwenehi ganti rugi sak cukupe (jenenge
wae ganti rugi mesti yo sak cukupe). Coba yen jenengan diganti ‘ganti untung’.
Mula akeh wong-wong kampong kana sing ora sarujuk karo pembebasan tanah
kuwi.
“Krungu-krungu jare lapangan golf arep diambakna Pak?” Pak wiryo mung
mesem krungu patakonku, sajake wis ngerti apa karepku. Aku mbacutake takon
maneh.
“Lha yen lapangane diambakna, terus kampunge sampeyan digusur piye
Pak?”
“Nggih kersane napa ingkang kedadosan mangke, Mas. Digusur nggih pindah,
wong pancen mboten gadhahane.”
Pak wiryo terus ngladeni wong tuku. Aku mangan puthu sing mung kari siji ning
tanganku. Aku gumun dene Pak wiryo yen ngomong karo aku nganggo basa alus.
Mangka Pak wiryo umure ora beda adoh saka bapakku, nalika aku pisanan tuku
puthu banjur dadi langganan, Pak wiryo malah rikuh aku ngomong nganggo basa
alus. Karepku mono ngajeni wong tuwa, kaya sing diajarake bapakku, yen aku
kudu ngajeni wong sing umure luwih tuwa, sapa wae kuwi.
“Panjenengan niku lho Mas, wong priyayi ageng kok ndadak basal ho kalih
kula.”
Oalah, donya kuwi jebule pancen iseh mbedakna drajat, pangkat lan donya.
Mula saka kuwi aku duwe panemu yen aku klebu wong begja. Lair ning kluwarga
sing anal an bisa ngrasakna kamukten urip. Sanajan ora nganti sugih mblegedhu,
nanging sakora-orane yen kepengin apa-apa bisa keturutan.
Pak wiryo, lan wong-wong sing manggon ning mburi lapangan golf sing kudu
minggir amarga dianggep ora ana maneh nilai ekonomise kanggo pembangunan
kutha. Nanging wong kaya Pak wiryo arep ngapa? Bisa apa? Ora ana sing dingo
ngomong sora nalika ganti rugi sing ditampa kuwi, ajine ora sepira.
“Pak, wong putuhune sampeyan enak. Piye nek tak silihi modhal, trus gawe
home industry, puthune diwenehi cap terus didol nyang supermarket?”
“Kula ngaten mawon sampun rumaos cekap kok Mas. Sing penting saged
damel urip lan nyekolahake anak. Wong kula niku nggih mboten gadhah warisan
napa-napa kangge anak kula. Sak mboten-botene, nek kula dadi bakul puthu,
anake kula nggih sampun ngantos kados bapake.”
Biyen aku nate nawani Pak wiryo, supaya anake nyambutgawe nang pabrik
nggonku. Kebeneran nalika kuwi unitku butuh karyawan anyar. Aku malah
ngomong yen anake mesti ditampa, awit sing nggawa aku. Ora usah gawe
lamaran. Karepku nolong Pak wiryo, tinimbang anake nganggur.
“Lha nyuwun kuliah niku Mas. Ning, niki jarene mpun ajeng nulis napa…
niku, nulis skripsi napa,… Duka napa jenenge. Pokoke meh rampung…kantun
setunggal niku.”Skripsi? Anake Pak wiryo kuliah? Apa kuwat Pak wiryo
nguliahake anake? Kuwi mung tak batin wae. Kuwatir yen Pak wiryo mengko
tersinggung.
Wis rong minggu iki ora keprungu swara mbrenginging, saka grobag puthune
Pak wiryo. Aku ora ngerti kena apa Pak wiryo ora katon liwat ning dalan ngarep
omahku. Apa Pak wiryo lara? Apa omahe digusur? Kaya ana sing kongkon, aku
noleh kiwa dalan.
Sore kuwi aku nembe muleh saka kantor. Aku ngerem mobil ndadak. Stir
ndak buwang mengiwa menggok mlebu ning jurusan lapangan golf. Ning
sawijining gang aku mandeg. Kepeksa mudhun saka mobil awit dalane ora bisa
diliwati mobil.
Aku yakin, dalan kuwi sing saben dina diliwati Pak wiryo. Nyawang
mengarep. Rodha-rodha traktor nggiles ngratakna lemah. Akeh wong nganggo
helm kuning. Ning panggonan liya, ora adoh saka kana, ana wong-wong padha
nglumpukna kayu-kayu tilas omah, seng lan barang-barang liyane sing isih bisa
dienggo. Aku ora ngerti apa wong-wong kuwi sing duwe omah sing digusur apa
mung pemulung. Sing tak ngerteni, kampong kuwi wis rata karo lemah. Lan
omahe Pak wiryo mesti klebu salah sijine omah sing dadi mangsane buldoser.
Srengenge mangling mengulon. Alon-alon aku ninggalake papan panggonan
kana. Perusahaanku ya duwe buldoser kaya ngana kuwi.
Kelingan karo Pak wiryo, karo wong-wong sing mung bisa nyawang omahe
diratakake karo lemah. Wong-wong sing kalah dening ukeling jaman. Kalah karo
panguwasane dhuwit. Wong-wong sing kanggo tumbal modernisasi lan
kapitalisme. Apa kemajuwan jaman kudu mesi ana sing dikurbanake? Aku
kelingan, atasanku wingi uga ngomong, yen sawah mburi pabrik duweke
penduduk wis dibebasake arep dingo mbangun unit anyar.
Kaya biasane aku ngadeg nneg arep omah. Nanging wis ora ana maneh
swarane mbrenginging saka grobake Pak wiryo. Wingi aku krungu kabar yen
Pak wiryo digawa anake menyang Batam. Anake sing nate tak tawani gaweyan
biyen, wis lulus kuliah. Cumclaude! Dheweke dijaluk sawijining perusahaan
Singapura ing Batam. Aku kelingan marang apa sing nate diomongake Pak wiryo:
“yen nyawane kula tesih kanthi teng raga Mas, kula dereng kalah….”

Dening: A.Adi/Panjebar Semangat-04/2006

3.Pawarta
3.3 Menelaah teks pawarta
4.3 Menanggapi, menulis, dan menyajikan teks pawarta

1. Pangertene pawarta
Pawarta yaiku informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa
kang dumadi, diwartakake lumantar wujud cetak, siaran, internet, utawa saka
pirembugan marang wong liya utawa pamireng.
Sawijining informasi kang karacik sajroning pawarta padatan ngandhut
informasi kang wigati (penting). Informasi sing wigati mau sinebut pokok informasi.
Wujud informasi saka tuturan langsung bisa arupa pamacaning teks utawa
nyritakake sawijining kedadeyan kang dilakoni dening sawijining pawongan utawa
nyemak lumantar giyaran mediya elektronik utawa televisi.
Yen digatekake andharan-andharan utawa ukara-ukara sajroning informasi,
padatan dibedakake dadi rong jenis yaiku fakta lan opini. Fakta minangka andharan
kang asipat nyata kang bisa kabuktekake lumantar gambar, photo, table, lan grafik.
Opini yaiku andharan kang anyar winates panemu, pamikir, lan panjangka kang
during kelakon.
Pawarta duwe titinan (ciri-ciri) kaya kasebut ing ngisor iki.
a. Tinemu ong akal (penalaran logis)
b. Informasi pepak kang jumbuh karo rumus 5W + 1H
c. Struktur basa trep
d. Diksi trep ora ambigu
e. Narik kawigaten
f. Basa kang nengsemake

2. Perangan pawarta
Perangan pawarta ing antarane yaiku:
a. Headline (judul/irah-irahan)
Headline yaiku irah-irahan kang gunane kanggo: (1) nggampangake pamaca
ngreteni pawarta kang bakal diwaca, (2) nuduhake pawarta kang dianggep
wigati kanthi werna-werna aksara utawa gambar.
b. Deadline (batas waktu)
Ancas deadline yaiku nuduhake papan kekadeyan lan jeneng media massa. Mula
perangan iki nyebut jeneng media massa, papan, lan tanggal kedadeyan.
c. Lead (teras pawarta)
Lead biyasane katulis ing wiwitan pawarta/ing paragraph kapbisan. Bab iku
tinulis amarga minangka perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake
saripati pawarta, lan nggambarake sakabehe pawarta.
d. Body language (surasane pawarta, bahasa tubuh)
Surasane nyritakake prastawa kang diwartakake kanthi basa kang cekak, aos ,
lan cetha. Kanthi mangkono body language minangka pangembange pawarta.

3. Unsur-unsur pawarta
Unsur-unsur kang kudu ana ing perangan yaiku 5W (what, where, when, why, who)+
1H (how)-(apa, ing ngendi, kapan, kenangapa, sapa, kepiye).

4. Sifat pawarta
a. Aktual (anyar). Bab-bab kang anyar luwih becik tinimbang pawarta lawas.
b. Jarak (adoh/cedhak). Pamaos luwih nggatekake tumrap prastawa kang dumadi
ing sakiwa tengene tinimbang pawarta saka papan liyane.
c. Penting. Sawijining bab bakal dadi pawarta yen dianggep parangan kang penting
amarga bisa ngendhaleni panguripan ing bebrayan agung.
d. Akibat. Sawijining bab dadi pawarta yen ndadekake ngowahi kahanan.
e. Congkrah/konflik. Pamaos luwih seneng nyetitekake pawarta kang surasane
cecongkrahan.
f. Tintrim (ketegangan). Tuladhane: nalika nulungi wong ing kacilakaan.
g. Kemajuwane inovasi utawa owah-owahan teknologi. Pawarta kang kekinian
luwih narik kawigaten pamaose.
h. Emosi, sawenehe yen diwartakake bisa ndadekake nesu, susah, tangis, gela.
Tuladha: nemokake bayi ing pawuhan.
i. Humor, gawe sengsem, mesem, lan guyu.

6. Nilai pawarta
Ora saben pawarta iku bisa diwartakaake utawa “layak muat”. Supaya bisa
diwartakake , pawarta iku kudu duwe karakteristik utawa nilai berita. Nilai berita
iku digunakake kanggo ngukr sawijining pawarta iku trep diwartakake utawa ora.
Sansaya becik lan trep nilai kang kamot bakal luwih patut diwartakake. Kosok baline
yen nilai kang kamot iku ora trep. Tegese pawarta iku ora layak diwartakake.
Ngenani nilai pawarta, ana perangan kang ngandharake patang nilai pawarta
(Syamsul M. Romli), yaiku:
a. Cepet, yaiku aktual lan pas wektune. Pawarta iku sabisa-bisane ngandharake
sawijining bab/prastawa kang anyar.
b. Nyata, yaiku informasi babagan sawijining fakta kang dumadi saka kedadeyan
nyata, panemu, lan pratelan sumber pawarta.
c. Penting, yaiku sesambungane karo wong akeh.
d. Menarik, yaiku bisa narik kawigaten para pamiyarsane.

7. Etika nulis pawarta


a. Objektif
Ing babagan iki penulis ora kena martakake pawarta dikantheni kepentingan
pribadhi lan sponsor. Pawarta kang tinulis kudu adhedhasar fakta utawa data
kang sanyatane dumadi.
b. Cover both side
Pawarta iku kudu imbang aja abot sisih, luwih-luwih nyebutake pihak-pihak
kang ana sesambungane langsung karo pawarta kasebut.

8. Teknik nulis pawarta (tahap)


a. Pengorganisasian/nglumpukake fakta uatawa data. Data ing kene bisa awujud
wawancara (wawan rembug), kedadeyan langsung, utawa data-data tinulis.
b. Nemtokake teras berita (lead)
c. Milih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang
runtut aja molak-malik utawa dienjah-enjah ora mbingungke pamiyarsane.
d. Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan.

9. Tuladha teks pawarta


Para pamiyarsa, sugeng pepanggihan kalihan kula, Ariskasari Devi lumantar
giyaran pawarta basa Jawi, Jogja TV. Kula badhe ngaturaken kabar wigati saking
lebet negari ingkang nembe kemawon ketampi dening para kadang redhaksi.
Kadang tani, menawi badhe wiwit nanem wonten ing sabin tansah
nindakaken Adicara Metri sawah utawa Wiwitan. Upacara menika minangka
panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling tetanen
ing mangkenipun saged kalis saking ama lan bebendhu. Ing jaman modheren
menika, sampun kathah warga ingkang mboten mangertosi ngengingi tradisi
menika.
Dina minggu (20 juli 2020) Masyarakat Tradhisi Bantul ingkang
dipunsenkuyung dening Mahasiswa ISI Ngayoyakarta ngadani Upacara Wiwitan
kang dipunrawuhi wakil Bupati Bantul, Sumarno. Upacara kawiwitan kanthi
mendhet winih pantun saking setunggaling sabin kagunganipun warga ing Bulak
Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara wiwitan menika dipunlajengken
wonten ing lapangan Sumberagung. Pantun winih menika miturut tradhisi rumiyin
dipunbagegaken dhumateng sedaya kadang tani ingkang diupungendhong dening
sesepuh dhusun. Wonten ing lapangan Sumberagung, Upacara wiwitan
dipunlajengken dhahar tumpeng lan sekul wiwitan. Sekul wiwitan ingkang
dipunwungkus ron pisang, sasampunipun dipundongani, lajeng kabagi dhumateng
lare-lare. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami rebatan sekul wiwitan
ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kangge acara ruwatan sawah salajengipun
ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping acara metri sawah. Kejawi
menika, masarakat ugi dipunlipur dening maneka warna seni lan pameran
kerajinan.
Mekaten para pamiyarsa, pawarta ingkang saged kula aturaken. Sugeng
pepanggihan malih, salam Indonesia. Nuwun.

4.Deskripsi omah joglo


3.4 Menelaah teks deskriptif tentang rumah adat Jawa
4.4 Menerima dan menceritakan kembali isi teks deskriptif tentang rumah adat Jawa

Wujud omah tradhisional Jawa iku awujud joglo. Sanajan awujud Joglo, nyatane ana
maneka warna jinise, tuladhane joglo limas an lawakan, joglo sinom, joglo
jompongan, joglo pangrawit, joglo mangkurat, joglo hageng, lan joglo semar
tinandhu. Wewangunan omah joglo iku ana perangan-perangan kang wis gumathok,
ing antarane yaiku:

1. Teras utawa pendhapa


Dumunung ing ngarep dhewe, piguna utamane kanggo nampa tamu. Perangan
iki tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan. Wujud kang tinarbuka iki ora
tanpa ngemu teges. Iki aweh pralambang luruhe pribadi Jawa kang tansah
tinarbuka lan metingake karukunan lan kekadangan. Uga nglambangake sipat
rinaket ing antarane kang duwe omah karo tamu kan rawuh, luwi-luwih kudu
bisa ngurmati. Ruwangan iki uga digunakake kanggo ngrembug sawenehe
prakara kang asipat kadonyan. Umpamane ngrembug babagan pagaweyan,
bisnis, dagang lan sapiturute.

2. Pringgitan
Jan-jane ruwangan iki isih kalebu papan umum/publik. Ing jaman biyen
ruwangan iki kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa upacara
tradhisional liyane. Amarga kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit,
mula dijenengke pringgitan saka tembung ringgit kang ateges wayang.
Wewangunan iki uga ora tanpa teges. Ruwangan iki dibangun kanthi maksut
nuduhake yen manungsa iku duwe kuwajiban nguri-uri lan ngrembakake seni
lan budaya.

3. Dalem agung
Wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Perangan iki
minangka perangan kang apling penting lan baku ing wewangunan omah
tradhisional Jawa. Perangan ndalem iku perangan kang digunakake kanggo
kulawarga, mula asipat luwih tinutup (privasi). Ruwangan iki nuduhake lamun
urusan pribadine kulawarga. Mula pribadine manungsa iku sejatine kudu bisa
njaga kawibawane kulawarga, ora kena martakake kahanan kang ana ing
sajroning kulawarga. Umpama ana prakara kang kudu dirembug, kudu dirembug
kanthi musyawarah kulawarga. Kanthi cara musyawarah bisa ngudhari prakara
kang lagi disandhang.

4. Krobongan/senthong
Ruwangan iki minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane piguna utama
ruwangan iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah, yaiku kanggo
nyimpen maneka wujud pusaka lan piranti aji liyane. Kang duwe omah nalika
nindakake ngibadah uga katindakake ing ruwangan iki. Mula ing ruwangan iki
dikantheni kasur, dhipan, bantal, lan guling. Ruwangan iki ateges nuduhake yen
manungsa iku tansah eling marang Gusti kang paring kanugrahan.

5. Gandhok utawa pawon/pekiwan


Papane ana ing mburi dhewe. Pigunane kanggo masak lan kamar mandi. Sanajan
katon prasaja, nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat pribadi
lan duwe nilai luhur. Gandhok utawa pawon digunakake kanggo masak, dhahar,
lan adus. Nulad saka guna panggonane, mula dipapanake ana ing mburi, supaya
wong liya ora ngerti nalika sing duwe omah reresik dhiri, lan dhahar. Bab iki
nuduhake yen manungsa iku duwe sipat gemi, setiti lan ngati-ati, tegese ora
boros lan tansah njaga kapribadene kang siningit (tersembunyi).

Katrangan :

aA 1.pendhapa
2.Pringgitan
3.Dalem
a.SenthongKiwo
b.SenthongTengah
c.SenthongTengen
d.SenthongPawon
4.Gandhok pawon

 Wacana deskripsi
Deskripsi yaiku sawijining wujud kang ana sesambungane karo pambudi
dayane panulis kanggo menehi pepincren-pepincren saka sawijining objek
(panggonan, amanungsa, barang, lan sapanunggalane). Sajrone deskripsi panulis
mindhakake kesan-kesane, mindhakake asile pengamatan, lan rasa pangrasane
marang pamaca. Wacana iki njlentrehake sipat lan sekabehe peprincen wujud
kang bisa ditemokake saka objek kasebut. Ancas kang pingin diwujudi dening
panulis deskripsi yaiku ngripta daya khayal pamaca, kaya-kaya pamaca bisa
nyawang objek kuwi mau kanthi wutuh lan cetha.
Saliyane kuwi, karangan deskripsi yaiku sawijining karangan kang
maksute kanggo nggambarake objek kang sanyatane. Wacana deskripsi ana kang
diarani wacana deskripsi objektif yaiku salah sawije jenis karangan deskripsi
kang anggone nggambarake objek mau ora dikantheni karo opini saka panulis.
Saliyane iku uga ana wacana deskripsi kang diarani wacna deskripsi subjeketif
yaiku kosok baline saka deskripsi objektif, yaiku anggone nggambarake objek
iku dikantheni karo opini saka panulis.
Topik-topik kang bisa dikembangke dadi tulisan deskripsi yaiku:
a. Kahanan ruang, umpamane ruang sinauku, gerbong sepur klas ekonomi, lan
pos rondha ing desaku.
b. Kahanan barang, umpamane maneka warna kembang ing Taman Bunga
Nusantara, wong-wong suku Dayak, lan bis kuning UI.
c. Proses, umpamane proses nggawe klambi kebaya lan budhal menyang
sekolah.

 Tuladha wacana deskripsi omah Joglo


Ing arsitektur wewangunan omah joglo, seni arsitektur ora mung babagan
seni konstruksi omah, nanging uga minangka wujud nilai lan norma masarakat
pendukunge. Katresnane manungsa ing cita rasa kaendahan, semono uga sikep
religious kawujud ing arsitektur omah joglo.
Ing perangan lawang duwe telung lawang, yaiku lawang utama ing tengah
lan rong lawang kang ana ing sisih ngiringan kiwa lan tengene lawang utama.
Katelu perangan lawang iku nglambangake kang nedhang ngembang lan ngupadi
ing sajroning kulawarga. Teges liyane yaiku nulad saka lelakon kewan kupu
wiwit saka uler nganti tekan dadi kupu. Dene sadurunge dadi kupu, uler iku
nglakoni dadi enthung kang kabuntel ora isi apa-apa anane mung semedi.
Nanging bareng wis lulus anggone tapa lan prihatin owah saka kewan dadi kang
nggilani lan nggateli dadi kewan kang nyenengake yaiku kupu. Iki nglambangake
manungsa iku kudu duwe sipat prihatin lan ngendhaleni hawa nepsu yen
kepingin kepenak ing tembe mburine.
Ing perangan njero ana kang diarani gedhongan kang diembake kaya dene
mihrab, papan panggonan imam kang mimpin sholat. Bab iki nglambangake yen
omah iku saliyane dadi papan panggonan ngeyup, bisa uga kanggo papan
ngabekti marang Gusti kang dipercaya. Mula saka iku ing ngendi papan
manungsa iku kudu tansah eling marang Gusti kang nitahake.
Ruwang ngarep ana kang sinebut juga satru. Ruwang iki ing sangarepe lawang
ana sawijining cagak mung siji kang sinebut saka geder utawa cagak
keseimbangan. Cagak iki nuduhake sapa pawongan kang duwe omah. Saliyane
iku minangka pratandha minangka cagak kang tansah ngelingake marang Gusti
kang Maha kuwasa.
Pamilihe kayu kanggo tembok utawa gebyok lan gendheng lempung
amarga material iki entheng, mula ora ngebot-eboti yen dipasang ing papan
dhuwur. Sirkulasi uadra ing omah joglo iku becik banget amarga dirancang
tinarbukalan ing payone digawe ana trap-trapane. Ing omah joglo payon digawe
wujud trap-trapan lan udha usuk mendhuwur. Bab iki nglambangake ana
sesambunagane ing antarane manungsa lan ,manungsa, uga manungsa karo
Gustine. Mula ing papan iki kerep banget digunakake kanggo nglumpuk ing
antarane kulawarga, tundhane bisa gawe rumakete ing sakabehe.
Payon omah joglo iku rinakit saka payon lambang sari lan lambang
gantung. Dene kalorone ngapit payon kang dumunung ing tengahe. Bab iki
nglambangake lamun manungsa urip iku yen saya dhuwur drajate bakal luwih
gedhe pacobane. Nanging kanthi rinakit lan tansah sesambungan bakal
nguwatake anggone nglakoni pacoban kasebut.

5.Aksara Jawa
3.5.Mengidentifikasi kaidah penulisan aksara Jawa dalam 2 (dua) paragraph yang
menggunakan sandhangan mandaswara
4.5.Menulis dua paragraph berhuruf Jawa yang menggunakan sandhangan
mandaswara

1. Aksara Jawa (Legena)

a n c r k
f t s w l
p d j y v
m g b q z

2. Pasangan Aksara Jawa

aH nN cC rR kK
fF tT sS wW lL
pP dD jJ yY vV
mM gG bB qQ zZ
3. Sandhangan swara

Wujude Jenenge Pocapane Tuladhane


…i.
Wulu i Kali:kli
….u
suku u Buku:buku
[….
taling e, è Lele:[l[l
[….o
taling tarung O Dodol:[fo[fol\
….e
pepet ê Kesel:kesel\
…./
layar r Bubar:bub/
….h
wigyan h Sawah:swh
….=
ceceg ng Walang:wl=
….\
pangkon paten Sebel:sebel\
….]
Cakra …...ra Praja:p]j
….}
Cakra la ......re Kreteg:k}tg\
….L
Cakra la ……la Glali:gLli
….W
Cakra wa ……wa Swarga:sW/g
….-
pengkal ……ya Kyai:k- ai

4. Tuladha

bs Tumindak tuminFk\
Basa
Lara lr sliramu siLrmu
Sada sf Kraton k][ton\
Kasekten kse[kTn\ Krungu ku']zu
Pangandikan pzniFkn\ Kyoto [k- o[to
Waja wj Sansaya snSy
Kaya ky Pepujaning pepujni=
Padha pd Ati ati

5. Gladhen wacan aksara Jawa

ÄjmnSkikiwisMju.k[bhs/wcepetLnP]kiTs\.
spw[ak=[aorbiszim=CzijmnMjuaikimesiDbklLnKeti=gln\,

mul[n,a[yosaikipds}gepH=[go[nNsinaubbgnHilMu

[t[kNo[logikytaine/T[nt\, nzi=aine/T[n[tZo[noan

[positipLnHug[ngttip.
Kapustakan

 Gandung widaryatmo, dkk. 2014. Prigel Basa Jawa. Ciracas: Erlangga


 Dwi Catur Nugroho, dkk. 2015. Trampil Basa. Surakarta: Mediatama

You might also like