NASKAH DRAMA BAWANG ABANG LAN BAWANG PUTIhh

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 6

NASKAH DRAMA BAWANG MERAH LAN BAWANG PUTIH

(KELOMPOK 2)
Paraga:

1. Warga
2. Bawang Putih
3. Bawang Merah
4. Bapak ( Bapak Bawang Putih )
5. Ibu Tiri ( Ibu Bawang Merah)
6. Pangeran
7. Pengawal

Rikala jaman semana ing sawijining desa, ana bocah wadon kang aran
Bawang Putih. Bawang Putih iku ayu parasse lan apik budi pekertine, lan
ana uga bocah wadon kang aran Bawang Merah. Bawang Merah iku uga
ayu parase nanging ora apik budi pekertine amarga terlalu dimanja karo
ibune. Bawang Putih lan Bawang Merah iku tunggal sedulur nanging beda
bapak lan ibu.

Sawijining dina, Putih lan Merah lagi resik – resik ing ngarep omah.

Warga : Biyuh cah ayu..sek esuk wes sregep resik –


resik

Bawang Putih : Nggih buk ( mesem )

Bapak : Putih, Merah, sesuk Bapak ana tugas wonten


kecamatan, Putih urip sing rukun kaliyan
Bawang Merah ya?

Bawang Putih & Bawang Merah: Enggih Pak.

Dina sesuke Bapak Bawang Putih lunga. Lungane Bapak Bawang Putih
nggawe Ibu Bawang Merah lan Bawang Merah bungah amarga bisa nyiksa
Bawang Putih.
Bawang Putih : Mbakyu Merah!!! ayo masak bareng kados
dekwingi

Bawang Merah : Apa? Masak? ora arep sudi-sudio aku masak


maneh. wes awakmu ae seng masak.

Ibu Tiri : Putih!!!! ora usah kakean omong..cepet masak


banjur umbah - umbah. ngerti!!!!

Bawang Putih : Nggg.. nggeh yung

Sakwise masak, langsung masakane diparingake biyung kuwalone.

Ibu Tiri : Masakan apa iki ?masakan apa kok rasane


rakaruan (karo njambak Bawang Putih)

Bawang Merah : Lek ra bisa masak aja masak. Kowe ki saiki


kudu manut karo aku lan biyung. Ngerti! nyoh
untalen dewe masakanmu iki

Ujug-ujug Bapak Bawang Putih wangsul, Ibu Tiri kaget krungu suara
Bapak ngucap salam.

Ibu Tiri : Awas kowe ya nek kowe wani ngadu mreng


bapakmu!

Bapak : Assalamu’alaikum ... Ana apa iki?

Ibu Tiri : Iki Pak, Bawang Putih numplekne panganan.


Ya kan Bawang Putih?

Bawang Putih : Nggih Pak, Putih nyuwun ngapunten.

Bapak : Ya wis, saiki resikana.

Sak bare kui Ibu Tiri dhamel kopi ing pawon karo mbukak buntelan kang
isine racun, supaya Bapake Bawang Putih seda banjur bisa nguasai
bandane.
Ibu Tiri : Rasakna kuwi mas. Mati kowe mati

Ibu Tiri : Monggo kangmas kopine diunjuk

Bar ngombe kopi, Bapake Bawang Putih ujug -ujug dadane lara.

Bapak :Aaggh ana apa iki. nyapo dadaku lara?

Ibu Tiri :Lho Mas? Pye Iki? Tulung – tulungg (karo


etok- etok nangis)

Akhire Bapake Bawang Putih seda lan Ibu Tiri lan Bawang Merah luwih
nemen anggone nyiksa Bawang Putih.

Enjing niku Bawang Merah ngomel-ngomel.

Bawang Merah : Biyung- biyung (karo ngrengik) panjenengan


pirsani kula sami lecek sedanten, sampun
kados mboten nate dibiras

Ibu Tiri : Yowes tak celukne Bawang Putih. Putih!!


Bawang Putih ! nyandi bocah iki ?Putih…
Bawang Putih

Bawang Putih teka.

Bawang Putih : Nggih Bu, wonten napa?

Ibu Tiri : Pokoke awakmu saiki kudu ngumbah kabeh


klambi kae! aku karo merah arep nang pasar.
ngasi aku teka, kabeh iki urung kok umbah,
awas!! mengko awakmu ora oleh mangan
koyok dek ingi.

Bawang Putih : (Karo nangis) huhuhuhu ngg nggeh biyung


Neng pinggir kali karo ngumbah klambi

Bawang Putih : Duhh Gusti, paringana kula sabar Gusti..


(karo nangis) kula kangen kalih biyung lan
rama, kelingan jaman cilik dinyanyikake kalih
biyung

Pangeran : (Melongo weruh paras ayune bawang putih


saka kadohan). Sapa ya Iku ?

Pengawal : Wah niku Bawang Putih ,Pangeran

Tekan dalan arep muleh Bawang Putih kelingan yen klambine keri siji.

Bawang Putih : Haduh klambine ana seng keri ( bawang putih


langsung mlayu goleki klambine saurunge
konangan karo Bawang Merah Lan Ibune )

Bawang Putih enggal-enggal ngalih sampek lali yen klambine keri.

Pangeran : (Nemokake klambine seng diumbah bawang


putih). Iki mesti klambine wong sing ayu
mau, aku kudu mbalekna, aku nduwe sumpah
bakal ngerabi wong seng neng kene mau

Pengawal :Temenan Pangeran?

Pangeran : Iki wes dadi sumpahku

Bawang Putih neng kali nggoleki klambi iku.

Bawang Putih : Sapa kuwi ?(bisik-bisik)

Pangeran : Apa iki klambimu? (ngecungna klambi)

Bawang Putih : Nggih, niki ageman kula ingkang ical.


Pangeran langsung terpesona karo paras ayune Bawang Putih lan Budi
pekerti luhure sing apik.

Pangeran : Sapa jenengmu cah ayu?

Bawang Putih : Kula Bawang Putih

Pangeran : Bawang Putih, aku tresna karo koe, koe gelem


dadi garwaku?

Bawang Putih : Nanging, kula kudu ijin rumiyin kaliyan Ibu.

Pangeran : Ayo tak terke.

Sakwise Pangeran lan Bawang Putih tekan ngomah, Pangeran lan Bawang
Putih banjur krungu ibu Tiri (Ibune Bawang Merah ) lan Bawang Merah
lagi geguyonan .

Ibu Tiri : Sstt! awakmu pengen weruh piyecarane


mateni rama kuwalonmu ta?

Bawang Merah :Nggih Biyung, pripun carane?

Ibu Tiri : Wonge tak wenehi obat tikus

Bawang Merah : Hahahahaahaaha

Bawang Putih : (Karo Mbengok) Biyung!Mbakyu! Tibakna


seng nyedoken rama kula niku njenengan?!
(karo nangis)

Ibu Tiri : Ba… Bawang Putih, karo sapa koe?

Pangeran : Kula Pangeran saking Kerajaan Etan,


sejatosipun kula mriki badhe nyuwun restu
kalih biyungipun putih.tapi lk weruh
kedadeyane iki, biyung lan mbakyune putih
kudu di gawa neng pengadilan

Ibu Tiri : Ampun Pangeran ampun

Pangeran Pengawal gawanen wong loro iki nang penjara.


Akhire Ibu Tiri lan Bawang Merah digowo Pengawale Pangeran ing
Penjara. Sak bare iku Pangeran lan Bawang Putih rabi lan urip bahagia
saklawase.

Tamat

You might also like