Antologi Geguritan

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 28

PAHLAWANKU INDONESIA

Dening: Mahatsya Adsila Dhawwinza


Kelas : VII-D

Pahlawan sliramu dadi kenangan


Tadah awak nora wedi marang kematian
Merga mbela kamardikan
Nyawamu dadi pondasine kebebasan
Kanggo bangsa iki
Kanggo njaga lemah kang daktresnani
Bumi Indonesia
Saiki Indonesia wis mardika
Kabeh merga perjuwanganmu
Pahlawanku…….

1
PRAJURIT BANGSA
Dening: Quinnsha Astrid A
Kelas : VII-D

Swara bedhil krungu tekan kene


Para prajurit wira-wiri
Nglindhungi bangsa lan nagara
Tanpa cipta atma
Usaha sakkuwat tenaga
Pabaratan ing ngarep mata
Kang gagah lan prakasa
Akeh rencana lan strategi
Palastra tan bisa diendhani
Perjuwangan prajurit bangsa

2
IBU
Dening: Rachel Marinda K
Kelas : VII-D

Senajan udan lan panas


Panggah semangat makarya
Sapa iku??
Sapa kang kaya mangkono iku?
Ibu…ibu…ibu…
Mili banyu kringet
Ora tau ngeluh
Senajan kuwat lan rosa
Ora nduwe wedi
Seger waras terus ibu

3
PARA PRAJURIT
Dening: Zifarah
Kelas : VII-D

Prajurit nggawa bedhil


Prajurit nembakake bedhil marang musuh
Swarane dor.dor.dor
Jendral klambine rapi
Jendral lan prajurit nggawa montor teng
Kanggo perang nglawan bangsa walanda
Prajurir-prajurit wani korban nyawa
Kanggo negara kita
Prajurit kang pantang mundur
Gagah, prawira, kuwat, ora nduwe wedi
Sifat kaya mangkono sing kudu diconto

4
PANGLIMA
Dening: Cleonora Densa Fich
Kelas : VII-D

Keprungu swarane jaran


Panglima kang kuwat lan gagah
Ora nduwe wedi karo perang
Nyandang gelar pahlawan
Wani korban nyawa kanggo bangsa
Wani lan sabar
Sapa panglima?
Seneng gotong royong
Seneng tetulung
Panglima pahlawane bangsa
Panglima pahlawane negara

5
TAMAN
Dening: Oktatirta L.S.A
Kelas : VII-H

Hawa isuk sing seger


Arum wangi kembange
Lungguh ing taman bareng kanca
Aluse suket kaya sutra
Angin sumilir kaya metune hawa
Olahraga ing swasana adhem ayem
Uwite megal-megol kaya wong nari
Campur bawur lemahe
Edi peni iwak ing kolam
Swara banyu kemricik sing merdu
Sekabehe iku kaendahan sesawangane taman
Kita kudu bisa njaga kaendahane

6
KUTHAKU
Dening: Aurel Putry R
Kelas : VII-H

Kuthaku wisata Batu


Kutha panggon lairku
Hawane adhem
Gawe legane ati lan padhange pikir
Kutha wisata Batu
Endahe sesawangane alam
Tetuwuhan ijo royo-royo
Maneka werna kusuma
Padha mekar nebarake ganda arum
Tan saya nambah edi penine sesawangan
Kutha wisata Batu
Kutha subur gemah ripah lan jinawi
Kang tinandur bakal thukul
Guyub rukun pawongane
Cinipta karaharjaning masyarakat

7
ALAM
Dening: Rena Dwi P
Kelas : VII-H

Alam kang edi peni sinawang


Sawah kang ijo
Katon ijo royo-royo
Adhem ayem netra nyawang
Banyu ing sawah katon bening
Hawa adhem kaya es
Isuk srengenge katon werna jingga
Cumruwite swara manuk
Godhong-godhong kang padha sumebar
Amarga iku kabeh kaendahan alam

8
WAYAH ISUK
Dening: M. Raditia Ismail
Kelas : VII-H

Banyu kali mili deres


Cumruwite swara manuk ing wayah isuk
Kembang endah kaya kupu-kupu
Godhong-godhong katon ijo royo-royo
Angin sumilir kang adhem ayem
Kewan-kewan padha bungah
Agawe ayeme netra
Aja tumindak ala karo lingkungan
Lingkungan kang reged ndadekake penyakit
Ayo kabeh padha njaga lingkungan
Supaya anak putu bisa ngrasakna

9
KELAS KRATON KAWULA
Dening: Zharani Annisa A
Kelas : VII-I

Saka kagum tekan kadohan


Jebule iku mung kelasku
Jeru kawruhe ana ing kana
Mung nambah ilmu kanggo masa depanku
Spidol mung nari-nari ana ing sasana kelasku
Oh kelasku….
Sing paling endah
Larang regane iku kanggo aku
Papan ing ngendi aku nemokake
pengalaman lan kekancan
Sampurna ing netraku
Oh kelasku….

10
SEKOLAHKU
Dening: Krisna Putra W
Kelas : VII-I

Sekolahku kowe edi peni


Aku sinau sastra lan matematika
Saka A nganti Z
Nganti ngerti geguritan lan aksara jawa
Saka penjumlahan nganti trigonometri
Ing sekolah akeh kenangan
Ana sing mlayune kadya kidang
Udan tangis wis dadi panganan sedina-dina
Dwija sing saben dina abang kupinge
Gara-gara murid sing ora nggatekne
Nanging…
Ora tau sambat
Dwija ngajar aku sing ora nurut
Sekolah lan kanca-kancaku
Bakal dakkenang saklawase

11
GURU
Dening: Kayla Princessa Beta Wardhani
Kelas : VII-I

Guru nyinaoni ing kelas saben dina


Kanggo murid supaya bisa nimpuna
Nanging….
Murid-muridte jarang ngrungokna
Yen masa depan gumantung awake dhewe
Arep sinau apa ora
Sing nrima resiko ya awake dhewe
Sinau maca buku lan nggarap tugas
Masa-masa sekolah ora bisa dibaleni
Kudune sinau sing sregep manut marang bapak lan
ibu guru

12
SEKOLAHKU
Dening: Aluna Chantika A.A
Kelas : VII-I

Piala sing maneka macame


Prestasi sing akeh
Agawe aku sregep sinau lan gedhe tekade
Sekolahku kang edi peni
Lingkungan kang resik
Lan para dwija kang jembar dhadhane
Agawe aku betah sekolah
Ilmu kuwi kudu digoleki kanthi mempeng
Supaya bisa dadi wong kang luhur drajadte
Lan bisa banggakake wong tuwa

13
APA KURANG?
Dening: Kendra Safira
Kelas : VII-J

Enggale suwe banyu sinaring


Anak putrimu iki wis agung
Nanging isih kurang mbales tresnamu
Apa ora perih atimu nduwe anak kaya aku?
Ibu….
Aja meres pikir yen aku nakal
Gugahen atimu ibu!
Anakmu kuwi tresna marang panjenengan
Ibu….
Citramu kadya cakrawala
Dadi atma marang atmaja
Matur nuwun..Ibu…

14
TAK KENANG
Dening: Nabila
Kelas : VII-J

Mega-mega langit isuk


Anggambar biruning bawana
Esemu umpama langit iku
Uripku kang winarna nalika kowe teka
Kowe mung adol gawe
Nanging saben isuk nganti wengi
Dilabuhi karo susah seneng
Kene mung sewates fans
Matur nuwun wis teka ing uripku
Sifatmu bakal tak kenang
Karyamu bakal dakrungokake
Kaya candra lan lintang
Sing tansah sumringah ing langit wengi

15
BAPAK
Dening: Rasya Pasgitra
Kelas : VII-J

Bapak….
Adol kringetmu gawe semangat mbiyantu
Isuk nganti wengi isih entheng tangane
Gawe kluwarga sing nandhang sungkawa
Sifatmu tansah dakkenang
Bapak…
Panjenengan sing paling daktresna
Tresnamu marang kluwarga ora bakal pedhot
Pituturmu ora bakal daklalekake
Bakal dakkenang tresna asihmu ing atiku
Matur nuwun… bapak

16
BAPAK LAN IBU
Dening: Ibrahim Agha Faizha
Kelas : VII-F

Panjenengan kuwawa lan sabar


Wiwit awan nganti wengi
Panjenengan kriya kanggo aku lan kluwarga
Panjenengan pancen lohita marang aku
Nanging lohitane panjenengan marang aku
Nandakake tresna
Ibu panjenengan sabar lan pangerten marang aku
Nalika aku luwe
Panjenengan cancut nyandhak kwali
Aku pancen akeh salah karo bapak lan ibu
Aku nyuwun pangapura

17
IBU
Dening: Sellomitha Julia Diningrat
Kelas : VII-F

Panjenengan wis nglairake aku


Saben dina panjenengan ngrumat aku
Matur nuwun Bu… sampun ikhlas lan sabar
Yen aku wis sukses
Nedi pandungane supaya rejekiku lancar
Rina wengi panjenengan adol kringet
Ngenengke anak sing rewel banget
Nalika isih durung bisa mlaku nganti bisa mlaku
Sing muruki mung panjenengan
Matur nuwun ibu
Pangarepanku restumu
Tansah ana ing saben jangkahku

18
IBU DUKA
Dening: Athaya Deva R.P
Kelas : VII-F

Ibu….
Nalika panjenengan duka marang aku
Swaramu kaya peteng ing mangsa udan
Atiku saya gonjang-ganjing
Awakku kaku kaya patung
Ibu….
Panjenengan duka ora tanpa sebab
Panjenengan duka amarga aku ndableg
Aku ora ngrewes pituturing panjenengan
Aku nyuwun pangapura Ibu…

19
GEGAYUHAN
Dening: Nazhwa Keyla D.P
Kelas : VII-G

Aku nduwe cita-cita sing dhuwur


Cita-cita kuwi dadi dokter
Nanging….
Aku kudu nduwe bekal sing akeh
Supaya aku bisa nggayuh cita-citaku
Aku kudu sregep sinau
Kudu sregep maca buku
Ora mung iku sing kudu daklakoni
Aku kudu sregep ndedonga mring Gusti
Amarga urip iki wis ana sing ngatur
Aku kudu dadi wong sing sregep
Supaya bisa dadi wong kang sukses
Bisa mbombongake manah bapa lan ibu

20
BANGKU KRAMAT
Dening: Gita Nada Pradipa
Kelas : VII-G

Bangkuku sing ana ing kelas


Bangku kang akeh kenangan
Lan kebak carita
Saben dina aku lungguh maca buku
Kadang kala aku pinter
Nanging….kadang kala aku ngrasa ora bisa apa-
apa
Apa mung semene iki kemampuanku?
Arep dadi apa aku iki?
Wis daktekadi aku kudu bisa nggayuh cita-citaku
Tak lakoni kabeh sing dumadi
Bangku iki dadi saksi
Usahaku wiwit biyen nganti saiki

21
SUKSES
Dening: Fatimah Az-zahra
Kelas : VII-G

Aku kepengin bisa sukses


Uga kepengin bisa nggayuh cita-cita
Nanging….
Aku kudu sregep sinau
Saben nyawang buku kebak ing pangarepku
Aku nduwe tekad…
Aku kudu sregep sinau
Supaya bisa miguna
Aku uga kudu ndonga marang Gusti Kang Maha
Welas
Kanthi usaha lan tekadku kang gedhe
Aku bakal dadi wong kang sukses

22
GUNUNG PANDERMAN
Dening: Yulia Acmaghfiratuz Z
Kelas : VII-C

Panderman….
Tansah adhem lan sejuk
Mlaku sadawane gunung panderman
Agawe awak kaku
Panderman….
Akeh wit-witan ing sadawane dalan
Arcala Panderman
Tansah apik sinawang
Akeh pawongan muncak ing Panderman
Amarga gunung Panderman saya endah

23
TAMAN KUTHA BATU
Dening: Reanadea A.P
Kelas : VII-C

Taman kutha Batu katon asri


Katon kembang kang werna-werni
Tandurane lohjinawi
Akeh kupu-kupu sing menclok
Akeh wit-witan ing sadawane dalan
Tansah apik sawangane
Akeh sing dolan ing taman kutha Batu
Pemandangan kang endah nengsemake
Seger hawane
Taman kang diminati kanggo ngedhemake pikir
Tansah jinaga supaya tetep edi peni

24
TAMAN SEKOLAHKU
Dening: Najla Rafieta Marsya Adinta
Kelas : VII-C

Mlaku ing taman saya endah lan seger


Bayu kang sumilir
Hawa kang sejuk
Katon kembang kang warna-warni
Saya akeh kupu sing menclok
Ing taman akeh godhong ceblok
Ganda arum wangi kembang ing taman
Akeh bocah padha dolanan
Ing taman bisa nyekseni sesawangan
Ancala arjuna
Karesikan taman kudu dijaga
Supaya tetep edi lan elok

25
KUTHA BATU
Dening: Hikaru Yuta Alifia
Kelas : VII-C

Ijo-ijo kaya lumut


Yen sinawang saka ndhuwur
Ora adhem ora panas
Seger kaya es buah
Akeh wi-wit ing pinggir dalan
Lan ana swara kali kang deres
Langite cerah werna biru
Akeh kembangan kaya taman
Kutha batu dikupengi gunung kang ijo
Srengenge krasa anget ora panas
Akeh alas kaya lapangan
Kutha Batu kutha kang endah

26
COBAN RONDO
Dening: Nabilla Aurellia Duta Tsamara
Kelas : VII-C

Coban rondo…..
Pemandangane endah lan asri
Kinupengan gunung lan wit-witan
Banyune mili deres lan bening
Hawane seger lan sejuk
Coban rondo….
Rega karcis mlebune kang murah
Akeh wisatawan kang mara
Akeh wanara sadawane dalan
Kuliner kondhang jagung bakar
Coban rondo…
Nambahi ayeme ati lan netra
Kudu tansah jinaga karesikan
Lan kaendahane

27
28

You might also like