Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 17

LATIHAN SOAL PSAJ KELAS XII

1. Sawijine teks artikel manawa kaudhal nduweni strukture yaiku ....


a. Isi masalah, dudutan
b. Dudutan, isi lan masalah
c. Pambuka, dudutan lan masalah
d. Pambuka, isi lan dudutan
e. Pambuka, isi lan masalah
2. Sing bisa dilakoni yaiku sadurunge mbuwang sampah pilah lan pilih
luwih dhisik sampah organik lan sampah anorganik. Sampah anorganik
bisa dimanfaatake kanthi cara ngumpulake sampah anorganik
sabanjure diolah kanthi cara gawe kompos. Ukara ing dhuwur cuplikan
saka ..
a. Pambuka
b. Dudutan
c. Isi
d. Pambuka lan dudutan
e. deskripsi
3. Sanajan Punakawan (Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong) iku dadi batur
lan drajate mung cendhek, nanging disenengi dening para satriya kang
duwe tindak laku utama. Kabeh iku kagawa saka tindak tanduk lan
pakarti kang ditindakake Punakawan sing jujur, prasaja, lan ora neka-
neka. Pratelan kasebut nuduhake unsur crita wayang sing diarani ....
a. Tokoh
b. Watak tokoh
c. Latar
d. Alur
e. Pesen/amanat
4. Miturut sejarahe, wayang kang asale saka negara manca iku, dianggit
maneh lan bisa luwih ngrembaka lumantar kaprigelan lan kawicaksanane
......
►►Halaman 1 dari 18
◄◄
a. Para wali kang nyebarake kabudayan lan agama
b. Para orientalis walanda wiwit abad 19 lan abad 20
c. Para sarjana kesenian lan kabudayan kang kreatif
d. Para sutrisna kabudayan Jawa kareben lestari
e. Para dhalang minangka sarana golek pangupa jiwa
5. Bagus : Drun, nyang ndi?
Badrun : Lapangan, melu
ta?
Bagus : Gak, kadhung semayan karo Adul.
Badrun : Ana acara, ta?
Bagus : Biasa, motor anyar, Mas Brow..
Basa kang digunakake ing punggelan teks kasebut yaiku … .
a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama alus
e. ngoko lan karma
6. Bapak : Lo, Bu Wira wis kondur ta?
Ibu : Mau awan. Didherekake putra
ragile. Bapak : Mas Banu ta?
Ibu : Ya.
Bapak : Mas Banu kae sida ngasta na ndi ta
Bu? Ibu : Dinas Pariwisata kota, Pak.
Ing punggelan teks kasebut, Ibu marang bapak migunakake
basa... .
a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama alus
e. ngoko lan krama

►►Halaman 2 dari 18
◄◄
7. Gatekna pacelaton ing ngisor iki
Pak Warta : ‘’Assalamualaikum’’
Liesmina : ’’Waalaikum Salam, mangga- mangga, Ibu kok mboten
ndherek?’’

Cuplikan teks pacelaton ing dhuwur miturut titikan basa lisan nduweni
karaktristik sing endi...
a. Ana kang guneman utawa caturan kanthi adu arep.
b. Pangetrapane ora kasengkuyung intonasi, praupan, lan swasana.
c. Unsur gramatikal (pandhapuke ukara) kapratelakake kanthi jangkep.
d. Ora kaiket dening panggonan lan wektu
e. guneman utawa caturan kanthi ora adu arep
8. Gatekna pacelaton ing ngisor iki
Liesmina : ‘’Inggih matur nuwun, mangga lenggah (nampa jajan karo
nyumanggakake lenggah, ulate sing maune sumringah owah
dadi peteng)! Budi kok bubuk siyang utawi ngaji, lare niku
duka pripun? mbandhel, luput suwuk Pak!”
Pak Warta: ‘’Luput suwuk piye? Apa malih nakal? Apa malessinau?”
Liesmina : ‘’mboten namung mekaten. (karo lungguh madhep Pak Warta)
Saben wangsul sekolah, boten nate langsung mantuk teng
nggriya, nanging langsung teng warnet…main game online…
napa playstation.’’
Cuplikan teks pacelaton ing dhuwur miturut titikan basa lisan nduweni
karaktristik sing endi...
a. caturan kanthi ora ngatekake tata krama
b. Pangetrapane kasengkuyung intonasi, praupan, lan swasana.
c. Unsur gramatikal (pandhapuke ukara) kapratelakake kanthi jangkep.
d. Ora kaiket dening panggonan lan wektu
e. guneman utawa caturan kanthi ora adu arep

9. ..... ..... .....

►►Halaman 3 dari 18
◄◄
Tandha pawacan kang trep kanggo njangkepi titik-titik kasebut yaiku ...
a.

b.

c.
d.

e.

10. Pirsa menawa wes wengi, bapak banjur dhawuh,”Le, yen rampung sinau enggal
bubuk.” Krungu dhawuhe bapak mengkono, aku gage nutup buku lan mlaku nuju
kamar.
Pethilan paragraf kasebut manawa ditulis menyang aksara Jawa, yaiku ...

a.

b.

►►Halaman 4 dari 18
◄◄
c.

d.

e.

11. “Sumunar cahyane hyang pratanggapati”


Ukara ing ndhuwur nggunakake basa ....
a. ngoko lugu
b. ngoko alus
►►Halaman 5 dari 18
◄◄
c. krama lugu
d. krama alus
e. rinengga
12. Ing ngisor iki, kang kalebu basa rinengga, yaiku ....
a. katon asri lamun kadulu
b. simbah tindak peken mundhut sarem
c. apa panjenengan arep mirsani thoprak?
d. rame-rame padha kumpul ana plataran
e. swarane ngebaki kuping
13. Tari pambuka ing pagelaran kethoprak yaiku ...
a. tari remo
b. tari pendet
c. tari gambyong
d. taro golek
e. tari srimpi
14. 14.

Aksara jawa ing ndhuwur yen ditulis latin ........


a. Umar karo Amir budhal sekolah bebarengan.
b. Amir karo Umar budal sekolah bebarengan.
c. Umar lan Amir budhal sekolah bareng-bareng.
d. Amir lan Umar budhal sekolah bareng-bareng.
e. Umar lan Amir budal sekolah bareng.
15. 15.

Aksara jawa ing ndhuwur yen ditulis latin ........


a. Bu Fitra kondur saking peken.
b. Bu Fitri kondur saking peken.
c. Bu Fitra kondur saking pasar.
d. BuFitri kondur saking pasar.
►►Halaman 6 dari 18
◄◄
e. Bu Fitri kondur saking kutha.
16. //gemricik swaramu ing wayah esuk/ agawe tentrem ning
ati/ kricik-kricik/ kaya tatanan tembang kang endah//
Geguritan ing dhuwur nggunakake panyitra ... .
a. pangrungu
b. pandeleng
c. pangganda
d. pangrasa
e. panindak
17. Omah
Riwayat

Omah iki omah riwayat


Nalika bapakmu isih cilik lan mlarat
Omah iki lawange tansah menga
Tumrap bocah-bocah kang isih sumega
Ya ing omah iki sliramu nate kenal lan asring sanja
Nyambung ati kasepen kan sendhen aba kusen
Kusen-kusening pangguripan kang wus padha kropos

Geguritan ing ndhuwur isine piweling wong tuwa marang…


a. anake dhewe
b. wong enom
c. bocah sekolah
d. warga masyarakat
e. pamaos
18.

►►Halaman 7 dari 18
◄◄
Tumpeng pitu, jenang pitu, pala pendhem pitu, buceng pitu, lan uborampe
sing cacahe pitu digunakake ing bancaan...
a. tingkeban/ mitoni
b. nyewu
c. agut/ selapanan
d. neloni/ nelung saseni
e. puputan

19.

Gambar ing ndhuwur nuduhake tradhisi...


a. brobosan
b. pamitan mayit
c. nderes
d. kesripahan
e. trobosan

20.

►►Halaman 8 dari 18
◄◄
Saka gambar ing ndhuwur, penunggul dituduhake nomer…
a. 2
b. 1
c. 3
d. 4
e. 5
21. Saka paes manten putri adhat Jawa, sing nglambangake yen dadi
garwa kudu bisa njaga kehormatan keluargane iku dumunung ing ...
a. panunggul
b. pangapit
c. panitis
d. godheg
e. cithak
22. Para lenggah ingkang dahat kinurmatan, ndungkap acara salajengipun
inggih punika atur pambagya saking pangarsaning panitya ingkang
badhe dipunsalirani dening panjenenganipun Bapak. Dhumateng
panjenenganipun bapak.....kula sumanggakaken.
Andharan ing ndhuwur ature pranatacara nalika ngaturi paraga....
a. ustad kang paring hikmah syawalan
b. panitya kang ngaturake pambagya
c. Kang maosake kitab suci Al-Qur’an
d. kasepuhan kang nampa pratignya syawalan
e. sesepuh kang paring dedonga
23. Nuwun, tumanggap pangandikanipun Bapak Sujono ingkang
hamasrahaken penganten kakung ingkang asesilih bagus Permadi,
keparenga kula matur minangka sesulihipun Bapak Suroso saha Ibu,
kula kadhawuhan nampi pasrahing panganten kakung .
Sesorah ing ndhuwur kang isine …
a. nampi lamaran penganten kakung
b. makili panganten kakung
c. pasrah panganten kakung
►►Halaman 9 dari 18
◄◄
d. nampi pasrah penganten kakung
e. sesullihe penganten kakung
24. Bedane teks pranatacara karo pamedharsabda/ pidhato bisa dititeni
ing perangan ...
a. isi
b. salam pambuka
c. pambuka
d. panutup
e. salam panutup
25. Perangan unggah-ungguh basa kang nduweni titikan basa krama
kang kacampuran tembung krama inggil diarani ...
a. krama alus
b. krama lugu
c. ngoko alus
d. ngoko lugu
e. ngoko andhap
26. Ing perangan struktur teks lakon sing manggon ing wiwitane crita
kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita
sabanjure diarani ...
a. Jejer (orientasi)
b. Pasulayan (komplikasi)
c. Pangudhare prakara (resolusi)
d. Amanat
e. Pesan moral
27. Titikane crita ludruk yaiku ...
a. critane kapethik saka epos Ramayan lan Mahabarata
b. critane kapethik saka babad tanah Jawa
c. critane nggambarake panandhanging kawula cilik
d. critane nggambarake Kerajaan Majapahit
e. critane nggambarake Kasultanan Ngayogyakarta
28. Dedalane guna lawan sepi
►►Halaman 10 dari 18
◄◄
Kudu andhap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumungkula yen dipun dukani
Bapang den simpangi
Ana catur mungkur
(Paku Buwana IV)
Guru gatra Tembang macapat kasebut....
a. 6 gatra
b. 5 gatra
c. 8 gatra
d. 7 gatra
e. 9 gatra

29. Kinanthi

Saranane wong yun luhung


Betah tapa kurang guling
Elinga solah Jatmika
Yen wicara kudu manis
Murih sengseming sasama
Samaning manungsa sami
Tembang ing ndhuwur nduweni watak ....
a. Prihatin
b. Sambat katula-tula
c. Asih lan asuh
d. Luwes
e. Sasenenge
30. 30.

Ukara mawa aksara Jawa ing dhuwur yen ditulis mawa aksara latin dadi ...
►►Halaman 11 dari 18
◄◄
a. Bukune regane 4500 rupiyah.
b. Bukuku regane 5500 rupiyah.
c. Bukune regane 4500 rupiyah.
d. Bukune regane 5500 rupiyah.
e. Bukuku regane 4950 rupiyah.
31. Teks anekdot iku mujudake guyonan inteleks utawa guyonane
wong pinter, jalaran ....
a. akeh sing ngarani yen teks anekdot iku padha wae karo teks humor.
b. sejatine teks anekdot iku beda karo teks humor.
c. teks anekdot drajate luwih dhuwur yen katandhing karo teks humor.
d. teks anekdot drajate pada wae yen katandhing karo teks humor.
e. teks anekdot nduweni isi, lelewaning basa, lan tujuan
kang gumathok.
32. Vivi : Assalamualaikum....Bu, badhe pinanggih Devi.
Ibu : Waalaikumsalam. . .O, Mbak Vivi, kene! Kae Devi neng mburi.
Vivi : Inggih. Ibu badhe tindak pundi?
Ibu : Daleme Pak RT, arisan. Wis tutugna jagongane!
Para paraga ing teks pacelathon ing nduwur iku migunakake ragam basa...
a. Vivi = ngoko alus, Ibu = krama lugu
b. Vivi = krama lugu, Ibu = ngoko alus
c. Vivi = krama alus, Ibu = ngoko alus
d. Vivi = krama alus, Ibu = ngoko lugu
e. Vivi = krama lugu, Ibu = ngoko alus
33. Ing ngisor iki panganggone ragam krama alus kang trep, kajaba...
a. Anak marang wong tuwane.
b. Marang wong sing luwih dhuwur pangkat utawa drajate.
c. Abdi marang bendarane.
d. Wong kang durung rumaket/ durung patia kenal.
e. Wong tuwa marang wong nom.
34. Dokter lan perawate kluyur-kluyur lunga. Aku dheleg-ndheleg ana
ruangan mau. Eba kagetku, dakrungu ibune bocah-bocah nggugah
►►Halaman 12 dari 18
◄◄
aku, “Mas, tangi. Wis esuk.”.
Saka pethikan cerkak ing ndhuwur, unsur intrinsik kang katon yaiku…
a. Penokohan
b. Alur
c. Tema
d. Setting
e. Amanat
35. Cerkak kuwi karya sastra Jawa gancaran kang paling ringkes, mula
ceritane. . .
a. Paraga utama ora mung siji
b. Alure mesthi maju
c. Ngemot siji masalah pokok
d. Settinge akeh
e. Penokohane ora dijlentrehake kanthi cetha
36. Cerkak yaiku wujud sastra Jawa gagrag anyar kang isi ceritane nyaritakake

a. Kahanane Negara
b. Perangan uripe manungsa ing sabendinane
c. Sejarahe kutha ing sajroning nagara
d. Kedadean sing dumadi ing sajroning kraton
e. Pawongan kang kondang ing sawijining panggonan
37. Piwulang sing lumrahe kapacak ana ing sajroning cerita cekak kanthi
tema “Kekancan” yaiku…
a. Bisaa njaga kanca kaya dene sedulur dhewe
b. Minangka anak kudu bisa ngabekti
c. Ngangsu kawruh kudu tanpa pekewuh
d. Urip ana ning kutha gedhe kudu bisa ngati-ati
e. Bisaa andum karaharjan karo sapepadha
38. Kang mbedakake teks anekdot karo teks humor yaiku…
a. Teks anekdot lan teks humor ora ana bedane
b. Ana ing teks anekdot luwih nyeritakake prekarane liyan
►►Halaman 13 dari 18
◄◄
c. Teks anekdot adhedhasar kritik marang saperangan bab, dene
teks humor among lumrahe guyonan
d. Teks anekdot minangka sarana lelipur, dene teks humor
minangka sarana geguyonan
e. Teks anekdot sarana njagongake alane liyan, teks humor sarana
gawe lelipur
39. Perangan ing teks anekdot kang ngrembung bab kahanan pungkasaning
crita yaiku…
a. janturan
b. pawadan
c. prakara
d. tanggapan
e. wasana
40. Vivi : Wiwit kapan kowe latihan nari?
Devi : TK. Yen ibuku ngajari muride aku ndeleng, ngrusuhi, lan tiru-tiru.
Pacelathon ing nduwur kui migunakake ragam basa ngoko lugu,
amarga...
a. Wong tuwa marang wong enom.
b. Wong kang meh padha umur-umurane.
c. Wong sing pangkate luwih dhuwur.
d. Wong kang durung kenal.
e. Wong enom kang nduweni pangkat.
41. Asil cipta sastra miturut wujude kaperang dadi telu, yaiku …
a. Gancaran, cerkak, lan sandhuwara
b. Gancaran, guritan, lan sandhiwara
c. Tembang, guritan, lan sandhiwara
d. Pertunjukan, guritan, lan sandhiwara
e. Babad, guritan, lan sandhiwara
42. Sandhiwara mujudake genre (jinis) asil cipta sastra sing nggambarake …
a. Uripe manungsa lumantar solah bawa lan tindak-tanduk
b. Uripe manungsa lumantar guyonan lan hiburan
c. Uripe manungsa lumantar crita ing ndhuwur panggung
►►Halaman 14 dari 18
◄◄
d. Uripe manungsa lumantar kesenian tradisional
e. Uripe manungsa lumantar sutradara
43. Bobot ajining teks sandhiwara gumantung marang …
a. Jejer (orientasi) sing ndudut ati lan nguras emosi perasaan sing nonton
b. Pasulayan (konflik) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi perasaan sing
nonton
c. Pangudhare prakara (resolusi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi
perasaan sing nonton
d. Basa rinengga (gaya Bahasa) sing bisa ndudut ati nguras emosi
perasaan sing nonton
e. Antawacana (dhialog) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi perasaan sing
nonton
44. Wujud pasulayan “konflik” yaiku …
a. Konflik psikologi, yaiku pasulayan ing antarane pawongan siji lan pawongan
liyane
b. Konflik sosial, yaiku pasulayan ing sajrone batin sawijining pawongan
c. Konflik sosial lan konflik psikologi
d. Antarane perangkat desa karo institusi Dewan Perwakilan Desa
e. Amarga rebutan warisan
45. Umume sandhiwara migunakake alur …
a. Maju
b. Flashback
c. Campuran
d. Mundur
e. Wolak-walik
46. Teks sandhiwara radio umume ora mbutuhake pituduh laku, ananging
mbutuhake …
a. Kramagung/pituduh pocapan
b. Pituduh acting
c. Pituduh bloking
d. Pituduh panulisan
e. Pituduh gladhen
47. Maneka jinis asil cipta sastra (utamane gancaran), bisa diowahi (dikonversi/alih

►►Halaman 15 dari 18
◄◄
wahana) dadi teks sandhiwara radhio. Carane yaiku …
a. Ngowahi gancaran dadi prosa
b. Ngowahi guneman dadi dhialog
c. Ngowahi guneman dadi antawacana
d. Ngowahi janturan dadi antawacana
e. Ngowahi antawacana dadi janturan
48. Tokoh ludruk kang dipateni dening Jepang, yaiku …
A. Cak Durasim
B. Cak Kirun
C. Cak Lontong
D. Cak Kartolo
E. Cak Supali

49. Gambar kasebut minangka pagelaran tradisional


kang critane kapethik saka crita rakyat, dongeng, babad, ;egendha, uga sejarah.
Pagelaran kasebut diarani …
a. Kethoprak
b. Ludruk
c. Drama musical
d. Drama radio
e. Musikalisasi geguritan
50. Ing ngisor iki kang kalebu crita lakon kethoprak yaiku …
a. Haryo Panangsang Mbalela
b. Pohon Keramat
c. Ing Antarane Langit lan Bumi
d. Paedahe Godhong Kates
e. Urip KacingkranganKet :

= Soal LOTS
►►Halaman 16 dari 18
◄◄
= Soal MOTS

= Soal HOTS

►►Halaman 17 dari 18
◄◄

You might also like