Latihan Bahasa Jawa

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 6

LATIHAN BAHASA JAWA PTS 2

Petunjuk Khusus:
I. Wenehana tanda ping (X) aksara a, b, c utawa d sakngarepe pratelan kang bener !
Wacan Tembang “Pocung” Kanggo Jawab No. 1 – 8
POCUNG

Bapak Pocung anane ing tanah Kudus


Pinter nyimpen toya
Mangka tumpakaning jalmi
Gigir mbrenjul suku panjang gula dawa

Bapak Pocung renteng-renteng kaya kalung


Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba Si Pocung mung turut kutha

Bapak Pocung cangkeme madhep mandhuwur


Sabamu ing sendang
Pencokanmu lambang kereng
Prapteng wisma si Pocung mutah guwaya.

1. Pinter nyimpen toyo. Tembang kang kecetak miring mau tegese . . . .


a. ngadai c. nyinggahake
b. ngumpulke d. nggowo
2. Mangka tumpakaning jalmi. Jalmi gadahi teges . . . .
a. manungsa c. manowo
b. malaikat d. montor
3. Bapak Pocung cangkeme madhep mandhuwur. Cangkeme tegese sami kaliyan . . . .
a. tutuk c. irung
b. lambe d. asto
4. Prateng wisma Si Pocung mutah guwaya. Wisma tegese . . . .
a. rumah sakit c. rondan
b.gubug d. omah
5. Tembang Pocung, pada 1 gadahi maksud . . . .
a. jrapah c. banyak
b. onto d. bebek
6. Yen pada 2 tegesipun . . . .
a. dokar c. motor mabur
b. kreto d. sepur
7. Pada 3 sing pungkasan batangane . . . .
a. gelas c. kendhi
b. ember d. jon
8. Sabamu ing sendang. Sendang tegese . . . .
a. panggonan banyu c. segoro
b. sawah d. awang-awang
9. Malem minggu Arum diajak bapake nonton festival kethoprak. Nonton tegese. . . .
a. nirokno c. deleng
b. ngrungokake d. ngathekno
10. Festival kethoptak bengi kuwi pesertane ana pitu. Festival tegese . . . .
a. tontonan c. hiburan
b. lomba d. gebyakan
11. Atine Arum seneng, sirahe manggut-manggut. Manggut-manggut tegese . . . .
a. manthok-manthok c. tolah-toleh
b. teklak-tekluk d. langa-langak
12. Lakone “Arya Penangsang” nambahi regenge bengi kuwi. Regenge tegese . . . .
a. rame c. tintrim
b. sepi d. nyenyet
13. Macan mau irah-irahane . . . .
a. nonton Festival Kethoprak c. nonton Festival Wayang Kulit
b. nonton Festival Wayang Wong d. nonton Festival Lenong
14. Sing nonton Festival Kethoprak . . . .
a. Arum lan bapake c. Arum lan bapak ibune
b. Arum lan adhine d. Arum lan kanca-kancane
15. Peserta Festival mau ana . . . .
a. lima c. pitu
b. enem d. wolu
16. Arum diajak bali bapake jalaran . . . .
a. kesel c. nganthuk
b. wis bengi d. wis sepi
17. Saben dina kowe kabeh mesthi meruhi kedadean sing maneka warna.
Ana kadadean sing nyenengake ana uga kadadean sing ora nyenengake.
Kadadean sing nyenengake umpamane . . . .
a. ulang tahun lan unggah-unggahan c. kebanjiran lan kobongan
b. loro lan mondhok ing rumah sakit d. kelangan sepeda
18. Kadadean sing ora nyenengake umpamane. . . .
a. menang lomba c. tiba numpak sepeda
b. derek bapak nonton Festival d. diparingi hadiah ulang tahun

19. Barang dagangan ing pasar ditoto kanthi rapi


Kabeh mapan ing los dewe-dewe kang disediakake.
bayem, kangkung, terong manggon ono ing los . . . .
a. iwak c. beras
b. bumbu d. janganan
20. Bal-balan lumrahe dianakake ana ing . . . .
a. jero kelas c. pinggiran ratan
b. alon-alon d. jero ngomah

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing mathuk!
21. Gigir brenjul suku panjang gulu dawa
Gigir tegese …
22. Sabamu ing sendang. Sendang tegese …
23. Pencokanmu wesi miring tegese …
24. Pencokanmu lambang kereng tegese …
25. Barang dagangan ing pasar mapan ing los dewe.
Mapan tegese…
26. Los iwak tegese …
27. Yuni melu ibu lungo menyang pasar, yen dikramakno dadi …
28. Yuni kathon seneng banget kramane …
29. Pasar Ceria pancen rame. Wong dodolan katon pepak. Ana sing dodol sandangan, ana sing
dodol beras, bumbu, jangan, lan liya-liyane.
Ukara-ukara ing dhuwur mau yen dikramakno …
30. Pasare rada adoh mulane anggone lunga pasar numpak becak. Yen dikramakno …

III. Wangsulana pithakon-pithakon ing ngisor iki !

31. Apa tegese tembung renteng-renteng ?

32. Tembang Pocung kuwi ngemu watak piye ?

33. Tembang Pocung ugo lumprah dienggo menehi pitutur becik. Apa tegese pitutur ?

34. Kepriye rasa atimu yen diajak ibumu lunga pasar ?


Jawab nganggo basa krama !
35. Ceritakake pengalamanmu sing ko ilingi, enthok crita pengalaman sing nyenengake utawa
crita pengalaman sing ora nyenengake, nganggo basa krama, paling sithik 3 ukara/kalimat.
KUNCI JAWABAN

I. 1 c 6 d 11 b 16 C
2 a 7 d 12 d 17 A
3 a 8 a 13 b 18 C
4 d 9 c 14 a 19 D
5 b 10 b 15 c 20 B

II. 21. gigir tegese geger utawa punok


22. sendang tegese panggonan banyu
23. wesi miring tegese rel sepur
24. jon
25. manggon
26. panggonan dodol iwak
27. Yuni dherek ibu tindak pasar
28. Yuni ketingal remen / bingah sanget
29. Pasar Ceria pancen rame. Tiang sadean ketingal pepak. Wonten ingkang sadean
ageman, wonten sing sadean beras, bumbu, jangan lan sanes-sanesipun.
30. Pakenipun radi tebih, pramila anggenipun tindak peken nitih becak.

III. 31. Urut sisji-siji/ora selip-selipan


32. Tembang Pocung kuwi ngemu watak sembrana parikena utawa sakepenake kurang
greget. Tegese ora pati tenanan nanging bisa ngenangi samubarang kang nyoto ana
gunane ing urip bebrayan.
33. Pitutur tegese pituduh, nasihat, piwulang (kebijaksanaan guru)
34. Raos ati kula menawi diajak ibu menyang pasar remen sanget, amargi saget nyawang
bakul lan dagangan maneka warna kang endah (kebijakan guru)
35. Diparingi hadiah ulang tahun. Raosipun ati kula seneng sanget. Pramila nganthos
semenika kula tasih kemutan. (Kebijakan guru)

Skor Penilaian
I. 20 = Betul x 1 = 20
II. 10 = Betul x 2 = 20 Jumlah Betul× 100
Nilai =
Jumlah Skor
III. 5 = Betul x 3 = 15
Jumlah Betul = 55 x 100 = Nilai
55
Lampiran dibacakan guru, bocah-bocah ngrugoake, nyimak.
Wacan kanggo jawab pitakon nomer 9 – 16.

Nonton Festival Kethoprak

Malem Minggu Arum diajak bapake nonton festival kethoprak. Watara tabuh pitu mbengi
Arum wis ana ngarep panggung. Sing nonton jan akeh banget. Arum oleh panggonan ngarep
dhewe.
festival kethoprak bengi kuwi pesertane ana pitu. Swara gamelan wis ditabuh wiwit sore
mau. Acarane dibukak dening Pak Walikota Semarang. Para seniman padha kumpul dadi siji
nambahi gayenge swasana.
Atine Arum sajak seneng banget. Bola-bali sirahe manggut-manggut mbarengi unine
gamelan kang sigrak. Dheweke ora krasa jebul pesertane nomer sepisanan wis rampung tampil.
Weruh-weruh peserta nomer loro wis ana ndhuwur panggung.
Peserta kaping pindho sajak narik kawigatene Arum lan bapake. Lakone “Arya
Penangsang” nambahi regenge bengi kuwi.
Emane Arum ora bisa nonton nganti pungkasan amarga dheweke wis ngantuk. Arum
banjur diajak bali bapake. Sakjane Arum rada gela nanging mripate wis ora kuwat melek
maneh. Metu saka gedhung kesenian Arum wis keturon ing pundhake bapake.

You might also like