Layang Kagem Pakde

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Tulungagung, 26 Februari

2024
Kagem Pakdhe Sunarto
Ing dalem

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,


Pripun pawartosipun pakdhe? Mugya pakdhe dalah kaluwarga tansah pinaringan kasehatan
tuwin kasarasan saking Gusti Allah Ingkang Murbeng Dumadi. Pakdhe, sakderengipun kula
badhe paring ngertos menawi kula dalah kaluwarga ing Jawa sedaya tansah pinaringan sehat.
Pakdhe, lumantar layang punika kula badhe caos kabar menawi dinten selasa 27 Februari
2024 kepengker Mbah Itun sampun kapundhut dening Gusti Allah.
Kula minangka wakiling kaluwarga ing Jawa badhe nyuwunaken pangapunten menawi
salaminipun gesangipun Mbah Itun wonten kalepatan dhumateng pakdhe dalah kaluwarga ing
Sumatera.
Salajengipun menawi nalika gesangipun Mbah Itun kagungan utang-piutang dhumateng
Pakdhe dalah kaluwarga, menawi cacahipun sekedhik nyuwun tulung dipunikhlasaken. Dene
menawi cacahipun kathah, pakdhe dalah kaluwarga saged sesambungan kalihan kaluwarga
ing Jawa.
Pakdhe, samenika Mbah Itun kasarekaken dhateng sarean dusun Nganggrek, desa Kalidawir,
kecamatan Kalidawir, Kabupaten Tulungagung. Pase, wonten cakete sareyanipun pakdhe
Taman, putrane Mbah Itun ingkang mbajeng.
Pakdhe, kula kinten cekap semanten rumiyin layang saking kula. Menawi wonten lepat lan
kirang ing babagan tata atur. Kula nyuwun agunging pangaksama.
Waalaikumsalam warahmatullahi wabarakatuh.

Salam

Guntur Pamungkas

You might also like