Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 4

Tegalrejo, 1 November 2019

Mahabbah Nabi
‫السالم عليكم ورمحة اهلل وبركاته‬
‫احلمد هلل احلمد هلل الذ ي بـعـث نـبـيـنـا حممدا صـلى اهلل عليـه وسـلم رحـمـة لألنـام * وجـعـل‬
‫أمـتــه وس ــطاوخـري األمــم * أشـهـد ان ال اله اال اهلل وحده ال شـريك له املـلـك الـقــدوس الســالم‬
‫* وأشـهد أن حممدا عبـده ورسـوله صــاحـب املــقـام وخـاطب األمم * اللهـم صـل وسـلم وبارك‬
‫على سـيد ناحممـد مصباح الظالم* صالة تشـفينا هبـا من الداء واألسـقام * وعلى ألـه وأصــحابه‬
‫ومن تبعهم باحس ان اىل ي وم الزحـام * أمـابعـد فيـا عبـاداهلل أوصــيكم واي اي بتقـوى اهلل خ الق‬
* ‫األنام * تـدخلوا جـنـة ربكـم بالســالم‬
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Mangga kita tansah samiya ningkataken iman lan taqwa kita dumateng Allah kanti taqwa
ingkang sak estu, sarana tansah nindakaken sedaya dawuh lan perintahipun, saha nilar
ingkang dados awisanipun, supados kita tansah pinaringan rahmat lan kanugrahan saking
ngayunan Dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Sampun dados pengadatan masyarakat kita saben saben dumugi wulan Rabi’ul Awwal,
utawi wulan Mulud sami mahargya mulyaaken lan ngagungaken dateng wiyosan Dalem
Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa sallam. Kanti cara ingkang
mawarni warni, wonten ingkang kanti maos riwayat sugengipun Kanjeng Nabi, wiwit
sakderengipun dipun wiyosaken, ngantos dumugi sedanipun. Wonten ingkang kanti
shodaqohan, wonten ingkang kanti pengaosan pengaosan ingkang mligi kagem mrengeti
wiyosan Dalem Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa sallam, lan
sak pinunggalanipun. Sedaya wau dipun seja kangge nglahiraken raos mahabbah lan
tresna dateng Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa sallam. Tresna dateng Nabi
tentu ugi jalaran tresna dateng ngarsa dalem Allah. Menawi kita ngakeni Tresna dateng
Allah tentu katresnan punika kedah kita buktekaken. Antawisipun bukti katresnan wau
inggih punika nderek dateng tindak lampahipun Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad
Sallallahu ‘alaihi wa sallam. Saha ngalap tulada dateng panjenenganipun.
Kados dawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala :

‫قـل ان كنـتـم تـحـبـون اللـه فـاتـبـعــوين حيبـبكم اللـه ويـغـفـر لكم ذنـوبـكم واللـه غـفـور رحـيم‬
“Dawuha Muhammad : Yen sira pancen tresna marang Allah, ndereka marang Ingsun,
mesti wae Allah bakal tresna marang sira. Lan Allah bakal ngapura dosa dosanira kabeh,
Allah iku Maha Ngapura lan Akeh kawelasane” (QS. Ali Imran 31).

1
Tegalrejo, 1 November 2019
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Kita nderek dateng Nabi tentu kerana dasaripun tresna dateng Nabi, pramila menapa
ingkang sami kita tindak aken dalam rangka nglahiraken katresnan lan kecintaan kita
dateng Kanjeng Nabi, mugi mugi tinampiya minangka bukti katresnan kita dateng Allah
Ta’ala. Ingkang tundanipun kita bade pikantuk rahmat lan kawelasan saha
pangapuntenipun dosa dosa kalepatan kita saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala. Jumbuh
kados dawuhipun Allah wonten ing Surat Ali Imran kasebat ngajeng .
Tiyang ingkang ngakeni tresna mila mbetahaken bukti, mboten cekap pengakuan
kemawon. Malah pengakuan ingkang tanpa bukti menika minangka kebohongan. Pramila
menika, wonten ing swasana pengetan wiyosan Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu
‘alaihi wa sallam punika, mangga kita katahaken nyebat dateng Asma Dalem Kanjeng
Nabi kanti ngatah ngatahaken maos Shalawat dateng panjenenganipun. Jalaran wonten
pangandikan :

‫مـن أحــب شــيأ أكثـر مـن ذكره‬


“Sing sapa wonge tresna marang sawijining perkara, mesti wong kuwi akeh elinge
lan nyebute ing perkara mahu”

Menika mboten saget dipun selaki, tiyang tresna dateng menapa kemawon tentu telenging
manah tansah eling, lan kumantil dateng menapa ingkang dipun tresnani. Menawi kita
ngakeni tresna Nabi mangga kita ngatahaken maos shalawat , amargi menawi kita maos
shalawat ugi nindakaken dawuhipun Allah ing Al Qur’an :

‫ َيآَأُّيَه ا اَّلِذ ْيَن آَم ُنْو ا َص ُّلْو ا َعَلْيِه َو َس ِّلُمْو ا َتْس ِلْيًم ا‬.
“He, wong kang pada iman, pada macaha shalawat sira kabeh marang Nabi, lan pada
macakna salam sira kabeh” (QS. Al Ahzab 56 ).
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,
Katresnan kita dateng Kanjeng Nabi bade dados lantaran kempal kita dateng
Panjenenganipun mbenjang wonten ing swarganipun Allah, jalaran Kanjeng Nabi nate
paring dawuh :

‫من أحـبين كان مـعـي يف اجل ـنــة‬


“Sing sapa wonge tresna marang Ingsun, mangka wong iku bakal bareng bareng
sartaningsun ing swarga”.
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,
Kanti dawuh kasebat kita nglahiraken katresnan dateng Kanjeng Nabi Muhammad
Sallallahu ‘alaihi wasallam punika, bade dumunung ngibadah ingkang nyababaken
lumebet dateng swarga, menawi estu estu tresnanipun mboten namung lelamisan. Jalaran
kita kedah ngatos atos, katah tiyang ingkang remen maos shalawat, nanging remenipun
2
Tegalrejo, 1 November 2019
maos shalawat namung kerana lagunipun, ingkang dipun anggep sekeca lan cocok kalian
selerane, mboten kerana tresna malih dateng Kanjeng Nabi. Ngatos atos bab menika,
syair shalawat dipun lagokaken, mangga, nanging hakekat kedah tetep jalaran katresnan
lan kecintaan kita dateng ngarsa Dalem Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa
sallam. Langkung saking menika bukti katresnan punika kita buktekaken, kanti nderek
tindak lampahipun saha ngalap tulada dateng Panjenenganipun sak lebetipun gesang
punika, mboten namung anggen kita ngibadah dateng Gusti Allah, nanging ugi anggen
kita bebrayan wonten madyaning masyarakat, wiwit wonten tengah tengahing keluarga,
lan ugi dateng warga masyarakat ingkang langkung wiyar. Kados pundi anggen kita
srawung pergaulan, menapa dene mu’amalah kaliyan tiyang sanes, sedayanipun dipun
tuladani dening Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wasallam. Wiwit perkawis
ingkang katingalanipun sepele, ingkang mila katah dipun sepelekaken dining tiyang, kados
ta kita dahar ngunjuk ngagem asta tengen, welas dateng lare, mulyaaken piyantun sepuh
lan sanes sanesipun. Menapa malih urusan ibadah mahdlah (murni) tentu mutlak kita
nderak dateng dawuh lan tindakipun Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa
sallam. Kados ingkang nembe kita tindakaken dinten punika, tindak mesjid shalat Jum’ah
kanti siram langkung rumiyin, ngethoki kuku, ngagem wangen wangen, ngagem pakaian
pethak, lan sanes sanesipun
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,
Dumuginipun wulan Rabi’ul Auwal inggih wulan Mulud menika, mugi mugi nuwuhaken
semanget kita, anggenipun nderek dateng patuladanipun Kanjeng Nabi Muhammad
Sallallahu ‘alaihi wa sallam, saha nambahi katresnan kita dateng panjenenganipun,
sahengga kita kalebetna ewonipun ummat ingkang nampi syafa’at mbenjang wonten ing
yaumil qiyamah. Amiin.

‫ِة ِع ِدِه ِحِل‬ ‫ِإ يِف‬ ‫ِمِنِنْي‬ ‫ِئِز‬ ‫ِإ ِم‬


‫ َو ُقْل‬ ‫ َو َأْد َخ َلـَنا َو َّياُك ْم ُز ْم ـَر َبا الَّص ا َنْي‬ ‫َجَعَلنَا اُهلل َو َّياُك ْم َن اْلَف ا ْيَن ْاَأل‬
 ‫َر ِّب ْاغِف ْر َو اْر َحْم َو َأْنَت َخ ْيُر الَّر ِمِح َنْي‬

3
‫‪Tegalrejo, 1 November 2019‬‬

‫‪Khutbah Jum’ah Tsaniyah‬‬


‫اَحْلْم ُد ِ ِهلل ‪ ،‬اَحْلْم ُد ِ ِهلل َح َّق ْمَحِدِه * َأْش َه ُد َأْن آل ِإَل َه ِإَّال اُهلل َش َه اَدَة َعْب ِدِه * َو َأْش َه ُد َأَّن‬
‫َحُمَّم ًد ا َعْبُد ُه َو َرُسْو ُلُه اْلَو ُّيِف ِبَعْه ِدِه * َص َّلـى اُهلل َعَلى َس ِّيِد َنا َحُمَّم ٍد َو َعَلى آلِه َو َأْص َح اِبِه ِم ْن َبْع ِدِه *‬
‫ُك‬ ‫َأ‬ ‫ىَل‬‫ا‬ ‫ا‬ ‫َّن‬ ‫َأ‬ ‫ا‬ ‫َل‬ ‫ا‬ ‫*‬ ‫ىَل‬‫ا‬ ‫ا‬ ‫ا‬ ‫ُق‬‫َّت‬ ‫ا‬ ‫َّنا‬ ‫ل‬ ‫ا‬ ‫ا‬ ‫ُّي‬‫َأ‬ ‫ا‬ ‫‪،‬‬ ‫ُد‬ ‫ا‬ ‫َأ‬
‫َّم‬ ‫*‬ ‫ا‬ ‫َّل َت ِل ا َك ِث‬
‫َو ُم ْو َهلل َتَع َم َر ْم‬ ‫ْع‬ ‫َب َفَي َه ُس ْو َهلل َتَع‬ ‫ْع‬ ‫َو َس َم ْس ْيًم ًر‬
‫ْي‬
‫َأْم ًر ا َعِم ْيًم ا * َفَق اَل َج َّل َج َالُلُه‪ِ :‬إَّن اَهلل َو َم َالِئَك َت ُه ُيَص ُّلْو َن َعَلى الَّنِّيِب‪َ .‬يآَأُّيَه ا اَّلِذ ْيَن آَم ُنْو ا َص ُّلْو ا‬
‫ِبِه‬ ‫ِلِه‬ ‫ِل‬ ‫ٍد ِد‬ ‫ِد‬ ‫ِل‬ ‫ِه‬
‫َعَلْي َو َس ِّلُمْو ا َتْس ْيًم ا * َالَّلُه َّم َص ِّل َو َس ِّلْم َعَلى َس ِّي َنا َحُمَّم َس ِّي اْلُمْر َس َنْي ‪َ ،‬و َعَلى آ َو َصْح‬
‫ِب ِت‬ ‫ِبِإ ٍن ِإ ِم‬ ‫ِبِع‬ ‫ِب‬ ‫ِبِع‬
‫َو الَّت ا َنْي * َو َت ا ِع الَّت ا َنْي ُهَلْم ْح َس ا ىَل َيْو ال ِّد ْيَن * َو اْر ْمَحَن ا َمَعُه ْم َر َمْح َك َي ا َأْر َح َم‬
‫الَّر اِمِح َنْي *‬
‫ِجُّم‬ ‫ِل ِت ِإ ِمَس‬ ‫ِلِم‬ ‫ِم ِت‬ ‫ِف ِل ِمِن‬
‫َالَّلُه َّم اْغ ْر ْلُم ْؤ َنْي َو اْلُم ْؤ َن ا * َو اْلُمْس َنْي َو اْلُمْس َم ا * َّن َك ْيٌع َق ِر ْيٌب ْيُب‬
‫الَّد َعَو اِت * َالَّلُه َّم َأْص ِلْح َأِئَم َتَنا َو ُأَّم َتَن ا َو ُقَض اَتَنا َو ُعَلَم اَءَنا َو ُفَق َه اَءَنا َو َم َش اَخِيَنا َص َالًح ا َتاًّم ا َعاًّم ا‬
‫َو اْجَعْلَنا ُه َد اَة ُمْه َتِد ْيَن * َالَّلُه َّم ْانُصْر َمْن َنَص َر الِّد ْيَن * َو اْخ ُذ ْل َمْن َخ َذَل اْلُمْس ِلِم َنْي * َألَّلُه َّم‬
‫َأْه ِل ْك َأْع َد اَء ال ِّد ْيَن * َو َأِّل ْف َبَنْي ُقُل ْو ِب اْلُم ْؤ ِمِنَنْي * َو ُف َّك َأْس َر اْلَم ْأُس ْو ِر ْيَن * َو َفِّر ْج َعِن‬
‫اْل ْك ِب * اْقـِض ال َّد َلى اْل ْد ِني * اْك ِب الَّل َّم الَّس َال َة َل َن ا * َلى اْلُغ َّز اِة‬
‫َم َع ْي َو َع‬ ‫ْيَن َع َم ُيْو ْـ َن َو ُت ُه‬ ‫َم ُر ْو َنْي َو‬
‫َال‬ ‫ْل‬‫ا‬ ‫*‬ ‫اَل‬ ‫ْل‬ ‫ا‬ ‫ا‬ ‫َّن‬ ‫َف‬ ‫ا‬ ‫َّم‬ ‫لل‬‫َا‬ ‫*‬ ‫ٍء َق ِد‬ ‫ُك‬ ‫ى‬ ‫َل‬ ‫َّن‬‫اْل اِه ِد ْي اْل اِفِر ْي * ِإ‬
‫َء َو َء‬‫َب‬ ‫َغ‬ ‫َع‬ ‫ْع‬ ‫ْد‬ ‫ُه‬ ‫ْي‬
‫ٌر‬ ‫ْي‬ ‫َش‬ ‫ِّل‬ ‫َع‬ ‫َك‬ ‫َو ُم َج َن َو ُم َس َن‬
‫َو اْلَو َباَء* َو ْالَف ْح َش اَء َو اْلُم ْنَك َر َو اْلَبْغَي َو الُّس ُيْو َف اْلُم ْخ َتِلَف ة * َو الَّش َد اِئَد َو اْلِم َح َن * َم ا َظَه َر ِم ْنَه ا‬
‫َو َم ا َبَطَن * ِم ْن َبَلِد َنا َه َذ ا َخ اَّص ًة * َو ِم ْن ُبْلَد اِن اْلُمْس ِلِم َنْي َعاَّم ًة * ِإَّنَك َعَلى ُك ِّل َش ْي ٍء َقِد ْيٌر *‬
‫ِذ‬ ‫ِذ‬ ‫ِف‬
‫َر َّبَنا اْغ ْر َلَنا َو ِإل ْخ َو اِنَنا اَّل ْيَن َس َبُقْو َنا باِإل يْـَم اِن * َو َال ْجَتَعْل ْيِف ُقُلْو ِبَنا ِغًّال ِّلَّل ْيَن آَم ُنْو ا َر َّبَن ا ِإَّنَك‬
‫َر ُؤ ْو ٌف َّر ِح ْيم *‬
‫ِعَباَد اِهلل‪ِ ،‬إَّن اَهلل َيْأُمُر ِبْالَعْد ِل َو ْاِإل ْح َس اِن َو ِإْيَتاِءِذى ْالُقْر ىَب َو َيْنَه ى َعِن ْالَف ْح َش اِء َو ْا ْنَك ِر َو ْالَبْغِى‬
‫َلى ِن ِمِه ِز ْد ُك ا ُل ِم َفْض ِلِه ِط ُك ُمل َلِذ ْك اِهلل‬ ‫ِع‬
‫ُيْع ْم َو ُر‬ ‫َي ُظُك ْم َلَعَّلُك ْم َتَذ َّك ُر ْو َن * َو اْش ُك ُر ْو ُه َع َع َي ْم َو ْس َئ ْو ُه ْن‬
‫َأْك َبُر *‬

‫‪4‬‬

You might also like