Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 4

Tata Ibadah Paska-3, 14 April 2024 (ijem)

Pawartos Bab Pamratobat lan Pangapuraning Dosa


WIWITAN ~PAWARTOS PASAMUWAN~
 Klotheng kaping tiga, pangibadah kawiwitan. Pradata ngaturaké Timbalan
Pangibadah.
TIMBALAN PANGIBADAH
Pr : Para kadang kinasih wonten ing Gusti Yésus Kristus. Kita sowan ing pangibadah
punika linambaran raos sokur lan bingah : Hé bumi kabèh, padha surak-suraka
ana ing ngarsaning Yéhuwah. Padha ngabektia marang Pangéran Yéhuwah
kalawan sukarena, padha sowan ing ngarsané kambi surak-surak! Padha
sumurupa manawa Pangéran Yéhuwah iku Gusti Allah Panjenengané iku
kang nitahaké kita lan kita dadi kagungané, umaté lan pepanthan wedhus
ngèn-ngènané. Sumangga kita sami jumeneng kanthi ngrepèkaken Kpk 2:1
“Allah Mbabarken Kwasanya”

VOTUM LAN SALAM


P : Sumangga pangibadah punika kita sengker kanthi pangaken makaten:
Pitulungan kita punika pinangkanipun saking Yehuwah Allah ingkang
nitahaken langit lan bumi.
Ps : 5 . 6 . | 5 . 6 . | 5 . 4 . | 3 . . 0 “}
A - min A - min A - min
P : Sih-rahmat lan tentrem rahayu saking Allah Rama kita tuwin Gusti kita Yésus
Kristus, nunggila ing panjenengan sadaya.
Ps : Nunggila ing Panjenengan ugi!
ATUR PAMBUKA (pasamuwan lenggah)
P : Paskah, wungunipun Sang Kristus minangka lelampahan ingkang ngédab-édabi
tumrap manungsa sajagad waradin. Amargi tanpa lelampahan wungu Dalem
Sang Kristus, mila gesang kita badhé nglaha tanpa gina amargi tetep winengku
ing bebendu. Wungu Dalem Sang Kristus dadya pratandha wiwitaning
gesang anyar. Para tiyang pitados lumebet ing kawontenan tentrem rahayu
anampèni kawilujengan jati: donya – ngakérat. Punika Injil ingkang Satuhu,
ingkang kaparingaken dhumateng sedaya manungsa sajagad waradin ingkang
kadunungan iman, cunduk kaliyan paseksinipun Lelampahaning Rasul-rasul
3:12-19, ingkang makaten suraosipun, , “…………….”
JABUR SESAUTAN
S : Sumangga ananggapi pangandikanipun Gusti kalawan Jabur 4:1-6 sesautan
Reff. _____ ____ ____ ____ __ ____
3 3 3 2 3 5 | 5 1 1 7< 1 3 | 3 6< 4 3 2 1 |
3 2 1 0 }
Pa-dha nyaos-na korban kang be-ner lan ku-mandel-a ma -rang Sang Yé-huwah

Tata Ibadah Minggu 17 April 2024 “Pawartos Bab Pamratobat lan Pangapuraning Dosa” 1
Ps : Reff
S : Menawi kula sesambat mugi kersaa Gusti paring wangsulan. Salebeting
karupekan Paduka paring ombèr dhateng kawula. Karsa paring sih piwelas
lan m’yarsakken pandonga kula.
Ps : Reff
S : Nganti pira suwéné kaluhuranku diwirangaké. Nganti pira lawasé nggonmu
rumaket marang kang tanpa guna. Nganti pira lawasé nggonmu mburu
marang pagorohan.
Ps : Reff
S : Padha sumurupa yèn Sang Yéhuwah uwis milih Sang Yéhwah wus milih sapa
kang dadi kekasihé. Samangsa aku nyenyuwun, karsaa Allah midhangetké
Ps : Reff.
S : Nepsua kaya ngapa nanging aja nganti gawé do – sa. Ana ing paturon mosika
sajroning atimu. Mosika sajroning ati ananging tetepa menenga.
sesarengan : Reff.

PANGAKENING DOSA
Pr : Sumangga sami nampeni angger-anggering katresnan lumantar pamaosing
Serat 1 Yohanes 3:1-7 makaten: “…………..”Wujuding katresnan ingkang sanyata
inggih punika nalikanipun pakaryan kawilujenganing Sang Kristus mbereg
kawula ing gesanging pamratobat lan pangapuntenaning dosa. Lan mujudaken
sedayanipun wonten ing patraping katresnan lan olah kesaenan tumrap sesami
lan pangabekti dhumateng Gusti Allah. Punapa sampun kaèstokaken? (sidhem
sawetawis) Sumangga nelakaken panelangsa dosa lumantar repining Kpk
53:1-2 “Anèng Ngarsané Gusti”
PAWARTOS SIH RAHMAT
P : Sumangga kita tampi Pawartos Sih Rahmat ingkang kapethik saking Mikha
7:18-19. “Dhuh Allah, mboten wonten Allah ingkang kados Paduka. Paduka
paring pangapunten dhateng dosa-dosanipun umat Paduka, ingkang taksih
gesang. Mboten selaminipun Paduka mbendoni, malah Paduka rena
nandukaken sih-kamirahan dhateng umat Paduka. Paduka badhé melasi
kawula sepisan malih. Dosa-dosa kawula badhé Paduka idak-idak lan Paduka
bucal ing tengahing seganten!” Makaten Pawartos Sihrahmatipun Gusti.
Ps: Puji sokur konjuk Gusti Allah!
P: Salam Tentrem Rahayu
P : Sumangga sami nyanggemi gesang ing salebeting sih rahmatipun Gusti kalawan
ngrepèkaken Kpk 8: 1-3 “Allah Ma’asih” padha tiga kakidungaken kalawan
jumeneng.
PANDONGA SYAFAAT (pasamuwan lenggah)
PELADOSAN PISUNGSUNG

Tata Ibadah Minggu 17 April 2024 “Pawartos Bab Pamratobat lan Pangapuraning Dosa” 2
Pr : Pasamuwan ingkang kinasih; Gesang tansah binerkahan déning Gusti Allah.
Pramila sumangga sami atur Panuwun sokur kanthi ngempalaken pisungsung
sokur linambaran Pangandikanipun Gusti ing Jabur Masmur 118:1, “Padha
saosa puji marang Allah, sebab Panjenengané saé, penggalihé lan sih-
kasetyané langgeng selawasé.” Anggènipun sami ngempalaken pisungsung,
sesarengan kita repèkaken KPJ 154:1- “Adrenging Tyas Kula”
___ ___ __==== __ ___ __=== ___
0 5< 3 2 . 1 3 | 2 . . . | 2 0 5< 2 1 . 7< 2 | 1 . 6< 5< . |
5<
. (1) A drenging tyas ku la nga tur ken pa nu wun Gus ti
(2) Sa i ba én dahing sih tresna Pa du ka Gus ti
___ ___ __==== __ ___ __===
0 5< 3 2 . 1 3 | 2 . . . | 2 0 5< 2 1 . 7< 2 | 1 . . . | 1
. (1) Pa du ka nga sih i ku la ka gungan ta
(2) Ku la ka gungan ta Pa du ka ri ma ti
Reff. ___ ___ ___ ___ ____ __ ___ ____ ___
___
0 3 3 3 4 5 | 6 . 6 6 4 3 |2 . 2 2 2 3 4| 5 . 5
5 3 2 |1.
Mung pu ni ka Gusti pisungsung ku la sa we ta hing ge sang jiwalan ra ga
__ __ ___ __ ___ ___ __ ____ ___ __
__ __
. 1 1 1 2 3 | 4 . 4 4 4 2 1 | 7< . 7< 7< 7< 1 2 | 3
. 2 3 2 3 4 5
Wit kula tan darbé bandhakang pangaji kang langkung prayogi si naos Gusti
___ ___ ___ ___ ____ __ ___ ____ ___
___
0 3 3 3 4 5 | 6 . 6 6 4 3 |2 . 2 2 2 3 4| 5 . 5
5 3 2 |1.
Mung pu ni ka Gusti panyu wun kula mugi katam pi a a tur kawula
__ __ ___ __ ___ ___ __ ____ ___
. 1 1 1 2 3 | 4 . 4 4 4 2 1 | 7< . 5< 3 2 1 2|1. . .
| 1}
Mrih gesang kawu la ka ge ma Pa du ka pi ran tos sa pa la
Pr`: (ngunjukaken Pandonga Pisungsung lan Pangandika) (jumeneng)
PALADOSAN PANGANDIKA
P : Maos Lukas 24:36b-48 makaten: “……………” Ingkang rahayu inggih punika
tiyang ingkang mirengaken pangandikanipun Gusti lan dipun gatosaken.
Haleluya!
__ __ __ __ ___ __

Tata Ibadah Minggu 17 April 2024 “Pawartos Bab Pamratobat lan Pangapuraning Dosa” 3
Ps:1 . 2 3 5 | 6 . 7 1> 7 | 1> . 7 6 5 | 5 . 1 293 4 | 3 . 5 1> 5 | 6 . 5 . | 4.3. |
2.1.}
Ha-le-lu-ya Ha-le-lu-ya Ha-le-luya Ha le- lu - ya Ha-leluya Amin AminAmin
P : (khotbah: “Pawartos Bab Pamratobat lan Pangapuraning Dosa”)
Ps :Wegdal ening /Rama Kawula

PANGUTUSAN (jumeneng)
Ps: (ngidungaken) Kpk 157:1 “Nyuwun Kalanting Ing Gusti”

PANGAKENING PITADOS RASULI


Pr: Sesarengan umatipun Gusti Allah ing mangsa kapengker, samangke lan ing
tembe, kita mratélakaken sahadat kita manut Pangaken Pitados Rasuli:
Kawula pitados...

PANGUTUSAN LAN BERKAH


P : ENERNA MANAH PANJENENGAN DHUMATENG GUSTI ALLAH.
Ps : Kawula ngeneraken manah kawula dhumateng Gusti Allah.
P : DADOSA SEKSINIPUN SANG KRISTUS!
Ps : Puji sokur konjuk Gusti Allah
P : PINUJIA GUSTI ALLAH KITA!
Ps : Samangké dumugi ing salami-laminipun.
P : “Gusti Allah etuking pangajeng-ajeng, njangkepi Panjenengan (kita) kanthi suka
bingah saha tentrem-rahayu wonten ing kapitadosan panjenengan (kita),
temahan awit kasektèning Roh Suci panjenengan (kita) lubèr ing pangajeng-
ajeng.” amin.

KIDUNG PANUTUP
Ps: (ngidungaken) Kpk 157:2 “Nyuwun Kalanting Ing Gusti”

Tata Ibadah Minggu 17 April 2024 “Pawartos Bab Pamratobat lan Pangapuraning Dosa” 4

You might also like