Khutbah

You might also like

Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 3

Khutbah

‫ِيرا‬
ً ‫لِل َكث‬ ً ِ‫ اَهللُ أَ ْكب َُر َكب‬،‫ اَهللُ أَ ْكب َُر‬،‫ اَهللُ أَ ْكب َُر … اَهللُ أَ ْكب َُر‬،‫ اَهللُ أَ ْكب َُر‬،‫ اَهللُ أَ ْكب َُر … اَهللُ أَ ْكب َُر‬،‫ اَهللُ أَ ْكب َُر‬،‫اَهللُ أَ ْكب َُر‬
ِ ِ ‫يرا َوا ْلح َْم ُد‬
‫ آل ِإلهَ ِإ اَّل‬.‫اب َوحْ َد ُه‬ َ ‫ َوه ََز َم ْاْلَحْ َز‬،‫ َوأَعَزا ُج ْن َد ُه‬،‫ع ْب َد ُه‬ َ ‫ َونَص ََر‬،‫ق َو ْع َد ُه‬ َ ‫ص َد‬
َ ،‫هللا َوحْ َد ُه‬ُ ‫ آل ِإلهَ ِإ اَّل‬،‫يًل‬ ً ‫هللا بُك َْرةً َوأَ ِص‬
ِ َ‫س ْبحَان‬ ُ ‫َو‬
َ ‫ش َه ُد أَنا‬
‫سيِ َدنَا‬ ْ َ‫ َوأ‬،ُ‫هللا َوحْ َدهُ ََّل ش َِريكَ لَه‬ ُ ‫إَّل‬ ‫ش َه ُد أَنْ ََّل إلَهَ ا‬ ْ َ‫ أ‬.َ‫ِين َولَ ْو ك َِرهَ ا ْلكَاف ُِرون‬
ِ ‫ ُم ْخل ِِصينَ لَهُ الد‬،ُ‫هللا َو ََّل نَ ْعبُ ُد إِ اَّل إِيااه‬ُ
َ
‫ أ اما‬.ٍ‫سيِ ِدنَا ُم َح امد‬ َ ‫ب‬ ِ ‫صحَا‬ َ
ْ ‫علَى أ‬ َ ‫سيِ ِدنَا ُم َح ام ٍد َو‬ َ ‫علَى آ ِل‬ َ ‫سيِ ِدنَا ُم َح ام ٍد َو‬
َ ‫علَى‬ َ ْ‫س ِل ْم َوب َِارك‬ َ ‫ اَلل ُه ام ص َِل َو‬.ُ‫ع ْب ُدهُ َو َرسُولُه‬ َ ‫ُم َح امدًا‬
.ُ‫ أَ اما بَ ْعد‬.َ‫س ًَل ٍم آمِ نِين‬
َ ِ‫ أ ُ ْد ُخلُوهَا ب‬،‫ُون‬ ٍ ‫ت َوعُي‬ ٍ ‫ إِنا ِل ْل ُمتا ِقينَ فِي َجناا‬.ِ‫ااي بِتَ ْق َوى هللا‬ ِ ُ ‫ أ‬،‫اس‬
َ ‫وصيكُ ْم َوإِي‬ ُ ‫ فَيآ أَيُّهَا النا‬،ُ‫بَ ْعد‬

Hadirin hadirot, kaum muslimin muslimat jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo …
Alhamdulillah, wonten injing puniko kito sareng-sareng pinaringan nikmat gesang, nikmat
iman lan Islam, nikmat aman, manggihi riyoyo Idul Fitri meniko kanti karaharjan lan
kesehatan mboten kirang setunggal punopo. Kanikmatan ingkang agung puniko sampun sak
pantesipun kito syukuri kanti waosan tahmid sesarengan: “Alhamdulillahirabbil ‘alamin,
Alhamdulillahirabbil ‘alamin, Alhamdulillahirabbil ‘alamin.”
Wonten awal khutbah, monggo kito sareng-sareng ngukuhaken ketakwaan dumateng Gusti
Pengeran Allah subhanahu wa ta’ala kanti saestu lahir batin, sehinggo kito sedoyo
pinaringan ridhonipun. Amin amin amin ya Rabbal ‘alamin.
Hadirin hadirot, kaum muslimin muslimat jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo … Kirang
langkung kalih tahun kito riyoyo wonten suasana pandemi, alhamdulillah wonten riyoyo
Idul Fitri meniko kito manggihi riyoyo kanti suasana ingkang cekap normal. Namung
mekaten, kito sedoyo tetep kedah waspodo anjagi protokol kesehatan kados arahanipun
pemerintah, sesuai dawuhipun Gusti Allah:
)59 :‫الرسُو َل َوأُولِي ْاْل َ ْم ِر مِ ْنكُ ْم … (النساء‬
‫يَا أَيُّهَا الاذِينَ آ َمنُوا أَطِ يعُوا هللاَ َوأَطِ يعُوا ا‬
“He, sedoyo piyantun ingkang beriman, ta’ato panjenengan sedoyo dumateng Pengeran,
taato dumateng Rasulullah, lan pemerintahan panjenengan sedoyo.” (An-Nisa: 59).
Hadirin hadirot, kaum muslimin muslimat jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo …
Saksampunipun kito ngelampahi siyam Romadhon setunggal wulan nutuk, ndalunipun
shalat tarawih, shalat witir, tadarrus Al-Qur’an saha ibadah lintu, kito anggadahi pengarep-
arep sedoyo amal dipun tampi wonten ngerso dalem Allah subhanahu wa ta’ala. Kanjeng
Nabi Agung Muhammad shallalahu ‘alaihi wasallam nate dawuh:
‫علَ ْي ِه‬ ٌ َ‫ ُمتاف‬.ِ‫ غُف َِر لَهُ َما تَقَ اد َم مِ نْ ذَ ْن ِبه‬،‫سابًا‬
َ ‫ق‬ َ ِ‫َمنْ صَا َم َر َمضَانَ ِإ ْي َمانًا َواحْ ت‬
“Sinten mawon ingkang siyam Romadhon kanti adedasar iman lan pados ganjaran saking
Gusti Allah, mongko dipun ngapunten duso-dusonipun ingkang sampun keliwat.” (Riwayat
Al-Bukhari lan Muslim)
Nabi ugi dawuh:

‫علَ ْي ِه‬ ٌ َ‫ ُمتاف‬.ِ‫ غُف َِر لَهُ َما تَقَ اد َم مِ نْ ذَ ْنبِه‬،‫سابًا‬


َ ‫ق‬ َ ِ‫َمنْ قَا َم َر َمضَانَ إِ ْي َمانًا َواحْ ت‬
“Sinten mawon ingkang ibadah ndalu wonten wulan Romadhon kanti dasar iman lan pados
ganjaran saking Gusti Allah, mongko dipun ngapunten duso-dusonipun ingkang sampun
keliwat.” (Riwayat Al-Bukhari lan Muslim).

Hadirin hadirot, kaum muslimin muslimat jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo …
Meskipun mekaten, asring siyam lan ngibadah kito wonten wulan Romadhon tebih saking
kasampurnan, katah kekiranganipun. Nglampahi siyam tapi tasih kerso ngrasani tiyang,
tasih nggaggu tiyang, adu-adu lan duso-duso sanesipun. Alhamdulillah Gusti Allah sampun
nyariataken zakat fitrah, kangge nambel kekurangan lan kesalahan kito sak lebetipun wulan
Romadhon. Magayutan puniko Sayyidina Ibnu Abbas radhiyallahu ‘ahuma ndawuhake:

ُ‫ص اح َحه‬ ُ ‫(ر َواهُ أَبُو د‬


َ ‫َاو َد وا ْب ُن َماجَه َو‬ َ .‫ِين‬ َ ‫ث َوطُ ْع َمةً ِل ْل َم‬
ِ ‫ساك‬ ِ َ‫الرف‬ ِ ‫فَ َرضَ َرسُو ُل‬
‫هللا َزكَاةَ ا ْل ِف ْط ِر طُه َْرةً لِلصاائ ِِم مِ نَ اللا ْغ ِو َو ا‬
)‫ا ْلحَا ِك ُم‬

“Rasulullah saw sampun majibaken zakat fitrah kangge nyuciaken piyatun ingkang siyam,
nyuciaken saking pangendikan ingkang batil lan omongan ingkang keji, ugi kangge daharan
kangge golongan masakin.” (HR. Abu Dawud, Ibn Majjah dan dishahihkan al-Hakim)
Hadirin hadirot, kaum muslimin muslimat jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo … Sak
sampunipun mbayar zakat fitrah, titi wanci puniko kito sareng-sareng nindaki shalat Idul
Fitri wonten masjid mriki. Sinaoso mboten mangertos, nalika injing wau kito tindak saking
griyo, poro moloikat sami mapag kito sedoyo, sami nenggo wonten ngajeng mergi kanti
ngendiko:

“Mangkato shalat id, he kaum muslimin, nuju karidhon Gusti. Gusti ingkang Moho Loman,
ingkang paring kebagusan (amal shaleh sak lebeting wulan Romadhon) lan ngganjar
kebagusan kanti ganjaran ingkang ageng sanget.”
Panjengan sedoyo dipun perintah ngibadah wayah ndalu, lajeng nggih sampun panjenengan
lampahi kanti saestu. Panjenengan dipun perintah siyam, nggih sampun panjenengan
lampahi. Pajenengan sampun taat dumateng Pengeran Gusti Allah ta’ala, kranten punika
monggo panjenengan tampi ganjaranipun.”
Lajeng sak sampunipun kito ngelaksanaaken shalat Idul Fitri, poro moloikat gendiko malih:
“Ilingo, temen setuhune Gusti Pengeran estu-estu sampun paring pangapunten dumateng
panjengengan sedoyo. Monggo sakmeniko panjenengan kaaturan kundur dumateng
griyoninpun piyambak-piyambak kanti pikantuk pitedahipun Gusti Allah. Dinten meniko
aran Yaumul Jaizah, dinten peparing (ganjaran) saking Allah ta’ala. Wonten langit dinten
meniko dipun asmoni Yaumul Jaizah, dinten peparing (ganjaran) saking Allah ta’ala.”

Mekaten dawuhipun poro moloikat kados ingkang dipun kabaraken Kanjeng Nabi
shallallahu ‘alaihi wasallam, wonten riwayatipun Imam At-Thabarani.
Hadirin hadirot, kaum muslimin muslimat jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo … Kanti
berkah wulan Romadhon, berkah siyam, berkah taraweh, berkah zakat fitrah, soho berkah
‫‪riyoyo kaum beriman, mugi-mugi kito kagolong minal ‘aaidin wal faizin, golongan ingkang‬‬
‫‪wansul fitrah, wangsul suci, lan golongan ingkang pikantuk kabejanan wonten dunyo‬‬
‫‪dumugi akhirat. Amin amin amin ya Rabbal ‘alamin.‬‬

‫ت َوت ََواص َْوا ِبا ْلح ِ‬


‫َق‬ ‫اْل ْن َ‬
‫سانَ َلفِي ُخس ٍْر (‪ِ )2‬إ اَّل ا الذِينَ آ َمنُوا َوعَمِ لُوا الصاا ِلحَا ِ‬ ‫بسم هللا الرحمن الرحيم‪َ .‬وا ْلعَص ِْر (‪ِ )1‬إنا ْ ِ‬
‫صب ِْر(‪ .) 3‬بارك هللا لي ولكم بالقرآن العظيم ونفعني وإياكم باآليات والذكر الحكيم‪ .‬واستغفروا ربكم أنه هو‬ ‫َوت ََواص َْوا ِبال ا‬
‫التواب الرحيم‪.‬‬

You might also like