Naskah Sandiwara Basa Jawa

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 6

Judul: Syak Wasangka

Tema: Sosial
Jumlah Tokoh: 6 Paraga
Pemeran: Pak Handoyo, Bu Nirmala, Bu Sinta, Bu Utari, Bu Adina, Pak Karto utawa Pak RT.
Karakter: Pak Handoyo (sregep), Bu Nirmala (andhap asor), Bu Sinta (meri), Bu Utari (cula
sangguhan), Bu Adina (seneng kegawa tetangga), Pak Karto utawa Ketua RT (adil).

Sinopsis Sandiwara Basa Jawa:


Masalah-masalah kang asring tinemu ing lingkup masyarakat, lan kepriye kagambar akehe
watak-watak dening manungsa kang ora padha, nanging tetep arep dadi siji kesatuan.

Adegan I

Ing dina Setu sore, rutinitas arisan dening ibu-ibu ditindakake. Lan dina iki, kagiyatan
kasebut ditindakake ing omah Bu Adina.

Bu Nirmala: Ibu-ibu, kula dhisikan, nggih. (nenteng tas arep mulih)


Bu Adina: Hlo, kok kesusu tenan, Bu Nir. Lagi ana acara, ta?
Bu Utari: Iya, wong lagek teka kok langsung arep mulih.
Bu Nirmala: Hehe .. ngapunten, badhe mapak anak soale.
Bu Adina: Oalah, ngoten. Ngati-ati ing dalan, Bu! (ngeterake ing ngarep omah)

(Akeh ibu-ibu sing wis mulih amarga kagiyatan wis rampung, nanging ana Bu Sinta lan Bu
Utari kang isih tinggal kanggo ngrewangi resik-resik omah Bu Adina)

Bu Sinta: Eh, Bu … mau padha merhatikno ora? (ngawe-awe sing liya kanggo kumpul)
Bu Adina: Ana apa, ta? Aku sibuk nyatet dhuwit dana sosial sing lagek dibayar karo ibu-ibu,
makane ora ngerti. (ngrungokake karo ekspresi penasaran)
Bu Utari: Wangi tenan tangane sampeyan, Bu, langsung oleh pindo. Iki bahas Bu Nirmala?
Bu Sinta: Aku durung muni apa-apa kok ngerti ae.
Bu Utari: Ngerti lah, wong infomu wis teko ndi-ndi.
Bu Sinta: Lha, ya. Sampean ngerti ora? Bu Nirmala sak iki emas-emasane tumpuk, tapi bayar
arisan angel tenan, saben dina shopping karo bojone padahal sak roh ku ki, bojone cuma
mergawe kuli bangunan. (crita sinambi maragakake emas kang dianggo)
Bu Adina: Tenan kok, awakku ngerti dewe mergawene Pak Handoyo.
Bu Sinta: Hlo, ya ta. Terus oleh saka endi emas saakeh iku?
Bu Utari: Eh … sapa ngerti nduwe ingon-ingonan.
Bu Adina: Ingon apa ta, Bu? Emang rega kucing saiki lagi larang?
Bu Utari: Jan, kok kucing iki piye maksude, Bu .. Bu ..
Bu Adina: Biyasane aku deleng Bu Nir golek kucinge ing ngarep omah, ya tak pikir emang
sing sampeyan bahas kucing iku.
Bu Sinta: Rada angel wis, nyambung pas omong dhuwit tok.
Bu Utari: Maksudku iku ingon-ingon sing bisa gawe sugih, kaya ta tuyul.
Bu Adina: MasyaAllah, ngeri tenan! (nepuk bahune Bu Utari)
Bu Utari: Sapa ngerti kan isa ae, Bu.
Bu Sinta: Bener iku, masuk akal! Saka ndi maneh jajal dhuwit semana akeh yen ora nduwe
ingon-ingon tuyul.
Bu Adina: Gek ndang ditiru nek ngono, Bu.
Bu Utari: Amit-amit tenan! Mending awake dhewe melarat tinimbang nduwe ingon-ingon
tuyul kuwi.
Bu Sinta: Wis, wis. Arep Maghrib iki, ayo mulih, Bu Tari! (ngadeg kanggo siap-siap mulih)
Bu Adina: Tenan ta, nek dilanjut terus ya gak ngarah bar. Matur nuwun nggih, Bu. Minggu
ngarep aja lali!
Bu Utari lan Bu Sinta: Aman, Bu. Disik ya. (salaman)

(Bu Utari lan Bu Sinta banjur mulih menyang omah dhewe-dhewe amarga wis arep peteng)

Adegan II
Sawijining dina, Bu Sinta lagi ngupadi wong kang bisa nyambut gawe ing omahe kanggo
masang pager anyar. Piyambake nawakake pakaryan kasebut marang Pak Handoko.

(Bu Sinta teka menyang omahe Pak Handoko lan Bu Nirmala)


Bu Nirmala: Mangga, dipununjuk, Bu, nuwun sewu namung sawontenipun. (nggawakake
rong cangkir teh)
Bu Sinta: Oh, nggih, mboten punapa kok, Bu Nir. Malah kula ingkang dados ngrepotaken.
Pak Handoko: Dados, wonten perlu punapa, Bu Sinta? (lungguh ing ngarep Bu Sinta)
Bu Sinta: Kados puniki, Pak. Wonten griya kula malih pasang pager enggal, tinimbang
madosi tiyang sanes, kula malih madosi dhateng tangga piyambak. Saha ugi sampun caket
lan bisa saged sami-sami ngrencangi, nggih ta?
Pak Handoko: Wah, saged, Bu. Kula ugi sampun rampung wonten proyek saderengipun.
Bu Sinta: Alhamdulillah!
Pak Handoko: Wiwit saking kapan punika, Bu?
Bu Sinta: Benjing sampun saged, Pak. Materialipun dugi rawuh mangke sonten, dados
benjing enjing Bapak langsung dhateng dalem kula mawon.
Pak Handoko: Nggih, bu. Benjing enjing kula mrika.
Bu Sinta: Kula pamit rumiyin, Pak. Salam dhateng Bu Nir, nggih! (ngadeg kanggo siap-siap
arep mulih)
Pak Handoko: Siap, Bu. Ngati-ati ing dalan! (ngeter tekan ngareping omah)

Adegan III
Sesuk dinane, Pak Handoko teka menyang omahe Bu Sinta kanggo miwiti pagawean.
Piyambake budhal esuk-esuk, jumbuh karo apa kang diomongi Bu Sinta wingi.

Pak Handoko: Assalamu’alaikum!


Bu Sinta: Waalaikumsalam, Pak Handoko. Mangga, mlebet. Enjing pisan panjenengan,
punapa sampun sarapan, Pak?
Pak Handoko: Langkung enggal langkung sae, ta, Bu. Sampun kok, kala-wau Bu Nir masak
kathah ing griya.
Bu Sinta: Eca sanget puniku!
Pak Handoko: Kados puniku, Bu. Kula izin langsung wiwit, nggih?
Bu Sinta: Mangga, Pak. Kula tilar dhateng lebet disek.
Pak Handoko: Nggih, Bu Sinta.

Adegan IV
Pak Handoko banjur mulih saka omah Bu Sinta amarga pakaryan dina iki wis rampung.
Nanging, sawise iku, Bu Sinta ngalami kelangan dhuwit.

Bu Sinta: Hlo, tak dekek endi dhuwitku 300 ewu. Perasaan ana ing laci meja kamar.
Bu Sinta: Ora mungkin lali, wong aku iling ing kene.
Bu Sinta: Bapak uga durung mulih, ket wau kang ana ing omah mung aku karo Pak Handoko.
Apa dheweke, ya?
Bu Sinta: Angel wis yen kaya ngene.

Adegan V
Amarga ngrasa mbutuhake pitulung, Bu Sinta banjur menyang omah Bu Utari kanggo
nyaritakake kedadeyan kasebut.

Tok, tok, tok. (swara lawang diketuk cepet)

Bu Utari: Sek, sek! Iki arep dibuka.


Bu Utari: Gusti, ana apa ta, Bu? Kok gupoh banget.
Bu Sinta: Tulung, Bu. Dhuwitku ilang, dicolong karo Pak Handoko!
Bu Utari: Hah, dadi tenan, jebul dudu nduwe ingon-ingon nanging bojone Bu Nirmala
gaweyane malah nyolong? Kok bisa, piye ceritane, Bu?
Bu Sinta: Pak Handoko tak jaluki tulung gawe masang pager anyar ing omahku. Awale aku
pracaya karo dheweke, kok pas mulih ngertine dhuwitku ilang.
Bu Utari: Ora bisa meneng ae iki, Bu. Ayo langsung menyang omahe! Tak ajak Bapak sisan.
Bu Sinta: Iya, bu, mula iku aku nyuwun tulung kowe.

(Bu Utari mlebu kanggo nyeluk Pak Karto ben melu menyang omahe Pak Handoko)

Bu Utari: Pak, ayo melu menyang omahe Pak Handoko! Iki hlo, Bu Sinta ngomong dhuwite
dicolong karo dheweke.
Pak Karto: Ana apa ta iki? Durung crita dumadakan kok mrana.
Bu Utari: Alah, kesuwen sampeyan. Ayo cepet melu!
Karo narik peksa Pak Karto, dheweke kabeh age-age pinuju menyang omahe Pak Handoko
lan Bu Nirmala.

Adegan VI
Sawise teka ing kana, dheweke kabeh nyeluk sing duwe omah kanggo metu lan ngandharake
apa kang kedadeyan.

Bu Sinta: Pak Handoko! Bu Nir! Metu sampeyan!


Bu Utari: Maling, metu kowe kabeh!
Pak Karto: Sing tenang to, Ibu-ibu. Iki kan durung jelas masalahe, yen nyeluk wong ya kudu
sopan.
Bu Utari: Nek ora ngene ora bakal metu dheweke kabeh.
Pak Karto: Wis ta, kowe meneng. Sing nduwe masalah iki Bu Sinta karo Pak Handoko, kok
kowe sing ribet ngurusi masalah wong liya.

(Pak Handoko lan Bu Nirmala mbuka lawang omah)

Pak Handoko: Sugeng dalu, Pak RT, Ibu-ibu. Puniki wonten punapa, nggih? Kok rame-rame?
Mangga mlebet, lenggah rumiyin.
Bu Nirmala: Kula siapaken ombe rumiyin, nggih.
Bu Sinta: Alah, ora perlu! Kita ing kene dudu kanggo mertamu, nanging nyuwun tanggung
jawab lan genti dhuwit kang dicolong dening Pak Handoko.
Bu Utari: Bener, Bu, ngaku wae! Emas kang Bu Nir anggo iku kasil saka dhuwit colongan.
Pak Karto: Kantos rumiyin, Ibu-ibu. Kita kudu pireng penjelasan langsung saking Pak
Handoko.
Pak Handoko: Kula wantun sumpah, kula mboten nyolong punapa ingkang dipunmaksud
dening Bu Sinta.
Bu Sinta: Nanging, kang dina iki ana ing omahku namung Bapak. Dadi, wong kang kudu
dicurigai ya Pak Handoko!
Bu Nirmala: Pak RT, Ibu-ibu, kula saestu Pak Handoko mboten ajeng nglampahaken kados
puniku.
Bu Utari: Mesthi tetep ditindakake kanggo tuku emas.
Bu Nirmala: Astaghfirullah, babar pisan lepat! Emas ingkang kula angge puniki saking
mendiang Ibu kula, kula nembe wantun ngangge amargi kula ngaosi dheweke.
Pak Handoko: Kula jujur, Bu Sinta. Saking enjing dumugi sonten kula namung wonten ing
latar griya Ibu, mboten wonten babar pisan kula mlebet dhateng lebeting griya.
Pak Karto: Sampun kantenan ta, Bu Sinta? Pak Handoko mboten mlebet dhateng griya
sampeyan. Sapa ngertos keselip utawi Ibu kesupen.
Bu Sinta: Nggih, Pak. Kula nuwun pangapunten kaliyan keluarga Pak Handoko amargi asal
mastani.
Bu Utari: Kula ugi nuwun pangapunten, Bu Nir, amargi kala-wau sampun sanjang babagan
kang ala.
Bu Nirmala: Mboten punapa, kula ngertos kahanane Bu Sinta, mugi-mugi artanipun enggal
temu, nggih.
Bu Utari: Nggih, Pak, Bu, kita badhe wangsul rumiyin. Sapisan malih, kita nuwun
pangapunten amargi sampun ngganggu wekdalipun.
Pak Handoko: Mboten napa-napa, Pak, Bu!

Adegan VII
Sawise masalah rampung, dheweke kabeh age-age mulih menyang omah. Nanging, ing
tengahing dalan, Bu Sinta nembe wae kelingan.

Bu Sinta: Loh, Bu, kayae aku lagek iling.


Bu Utari: Ana apa, Bu Sin?
Bu Sinta: Duwitku 300 wes tak gawe bayar paket COD outfit, padahal Pak Handoko dhewe
sing ngerti ana kurir. Kok isa-isane tak tuduh nyolong, ya.
Bu Utari: Jan, sampeyan iki, Bu. Dhuwit wis dianggo gawe bayar paket malah dikira ilang,
nuduh wong liya sisan. Isin .. isin .. arep didelek ndi raiku iki.
Pak Karto: Mula ta, Bu. Aja langsung nuduh, digoleki dhisik, diiling-iling!
Bu Sinta: Hehe, jenenge uga lali, Pak RT.

You might also like