Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

Khotbah Idul Fitri 1445 H

Hakikat Idul Fitri Atawi Riyoyo


Oleh: Saiful Islam Al-Ghozi, Ketua LD MWC NU Bandongan
‫السالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬
،‫ ونصر عبده‬،‫ صدق وعده‬،‫ ال إله إال هللا وحده‬،‫ وسبحان هللا بكرة وأصيال‬،‫ والحمد هلل كثيرا‬،‫ هللا أكبر كبيرا‬،) ٩×( ‫هللا أكبر‬
.‫ هللا أكبر وهلل الحمد‬،‫ ال إله إال هللا وهللا أكبر‬،‫وأعز جنده وهزم األحزاب وحده‬
‫ وأشهد ان محمدا عبده ورسوله‬،‫ أشهد أن ال إله إال هللا الخالق الحق المبين‬،‫الحمد هلل الذي جعل عيد الفطر عيدا للمسلمين‬
‫ فيا عباد‬:‫ أما بعد‬.‫ اللهم صل وسلم على سيدنا محمد وعلى أله وأصحابه ومن تبع هداه إلى يوم الدين‬.‫صادق الوعد األمين‬
.‫ أوصيكم وإياي بتقوى هللا‬،‫هللا‬
.‫ وذكر اسم ربه فصلى‬.‫ قد أفلح من تزكى‬.‫ بسم هللا الرحمن الرحيم‬.‫أعوذ باهلل من الشيطان الرجيم‬
Poro sederek, kaum muslimin muslimat ‫رحمكم هللا‬.
Wonten kesempatan meniko, kawulo ngajak, monggo tansah ningkataken iman soho taqwa
dumateng Allah SWT, minongko wujud syukur kito dateng Allah SWT, Dzat ingkang paring
pinten-pinten kanugrahan lan kenikmatan dumateng kito.
.‫ وهلل الحمد‬،)٣×( ‫هللا أكبر‬
Alhamdulillah tugas berat ananging mulyo inggih puniko shiyam Ramadhan soho pinten-
pinten kegiatan, sak pangkat sak drajat sampun kito ayahi kanti wilujeng. Mugi-mugi sedoyo
amal kito wonten saklebetipun wulan Ramadhan puniko dipun tampi dening Allah SWT.
.‫ يا رب العالمين‬،‫آمين‬
Muslimin muslimat ‫رحمكم هللا‬.
Wonten kitab Mirqotul Mafatih, Syekh Ali bin Sulthon Muhammad paring penjelasan
kaitanipun inti saking Idul Fitri:
.‫ إنما العيد لمن أمن الوعيد‬،‫ليس العيد لمن لبس الجديد‬
Artosipun: Inti dinten riyoyo puniko mboten namung soal ngagem pakaian enggal atawi
kendaraan ingkang enggal, dahar-dahar ingkang eco, lan sak panunggalanipun. Ananging
intisari pokok riyoyo inggih puniko kados pundi tiyang kala wau, kados kulo panjenengan
sedoyo, estu-estu saged wilujeng saking ancaman siksanipun Allah SWT.
.‫ وهلل الحمد‬،)٣×( ‫هللا أكبر‬

Poro sederek, pramilo kesaenan amal wonten wulan Ramadhan kolo wingi patut kito jagi,
milai saking tahajjudipun, sholat witir, nderes Al-Quranipun, makmuraken masjid atawi
musholla, lan lintu-lintunipun, sak perlu kagem sarono wilujeng saking siksanipun Allah
SWT. Ampun ngantos amal sae kolo wau mandek wonten wulan Ramadhan, wulan Syawwal
sak peminggah lajeng nglokro atawi merosot.
.‫نعوذ باهلل من ذلك‬
Muslimin muslimat ‫رحمكم هللا‬.
Pramilo, wulan Syawwal kedah kito dadosaken wulan peningkatan amal ibadah serto taqwa
dumateng Allah SWT, ngluwihi wulan-wulan ingkang kolo wingi. Rasulullah SAW ngendiko,
kados ingkang dipun riwayataken Imam al-Hakim:
.‫ ومن كان يومه شرا من أمسه فهو ملعون‬.‫ ومن كان يومه مثل أمسه فهو مغبون‬.‫من كان يومه خيرا من أمسه فهو رابح‬
Artosipun: Sinten tiyang ingkang dinten sakniki langkung sae katimbang dinten kolo wingi,
mongko tiyang meniko termasuk beruntung. Sinten tiyang ingkang dinten sakniki sami
mawon kados kolo wingi, mongko termasuk tiyang ingkang rugi. Sinten tiyang ingkang
dinten sakniki langkung awon katimbang dinten kolo wingi, mongko tiyang meniko termasuk
dipun laknat/ciloko. (HR. Hakim)
.‫ وهلل الحمد‬،)٣×( ‫هللا أكبر‬
Wondenten perkawis ingkang perlu kito jagi soho mantepaken wonten wulan Syawwal
khususipun inggih puniko:
1. Silaturohim/nyaeni muamalah.
Kito wajib njagi hubungan sae dateng keluarga, tanggi, soho masyarakat. Awit tiyang
meniko menawi sampun pedot hubungan sae dateng keluarga, persasat pedot hubungan
dateng Allah. Adoh hubungan dateng keluarga, adoh ugi hubunganipun kaliyan Allah
SWT. Rasulullah SAW ngendiko:
.‫ ومن قطعني قطعه هللا‬،‫ من وصلني وصله هللا‬:‫ تقول‬،‫الرحم معلقة بالعرش‬
Artosipun: (Ingkang asmo) kerabat meniko cemanthel wonten Arsy, kanti ngucap, “Sopo
wonge sing nyambung aku mongko sambung marang Allah SWT. Sopo wonge mutus aku
mongko putus marang Allah SWT. (HR. Bukhari)
2. Maos Al-Quran.
‫ من قرأ حرفا من كتاب هللا فله به‬:‫ قال رسول هللا صلى هللا عليه وسلم‬:‫عن عبد هللا بن مسعود رضي هللا عنه يقول‬
.‫ ولكن ألف حرف والم حرف وميم حرف‬،‫ ال أقول ألم حرف‬.‫ والحسنة بعشر أمثالها‬،‫حسنة‬
Artosipun: Saking Abdullah bin Mas’ud RA, Rasulullah SAW ngendiko, “Sopo wonge
sing moco sak huruf soko Kitabullah (Al-Quran), mongko wong mau entuk kebecikan siji.
Sak kebecikan ditikelake sepuluh sepadane. Aku ora ngendiko Alif Laam Miim sak huruf,
ananging Alif sak huruf, Laam sak huruf, lan Miim sak huruf. (HR. Tirmidzi)
Miderek Sayyidina Ali, keutamaan ingkang dipun sebut wonten hadits meniko naliko Al-
Quran dipun waos wonten njawinipun Shalat. Wondenten menawi dipun waos wonten
nglebetipun Shalat, kesaenan atawi ganjaran maos Al-Quran puniko saget tikel satus
kesaenan. Mugi-mugi kito pinaringan enteng anggenipun nglampahi.
.‫ يا رب العالمين‬،‫آمين‬
3. Qiyamul lail/wungu tahajjud.
Sayyidina Amr bin Ash ngendiko:
.‫ركعة بالليل خير من عشر بالنهار‬
Artosipun: Sak rakaat Shalat sunnah ono ing wektu mbengi iku
Karena Shalat malam itu lebih berat bagi hawa nafsu. Malam hari adalah waktu orang-
orang tidur terlelap dan beristirahat. Karena itu meninggalkan ajakan nafsu termasuk
mujahadah yang berat dan agung. Ibnu Rajab dalam kitab Lathaiful Ma’arif berkata:
.‫ واستعراض حوائج السائلين‬،‫ واستجابة الدعاء‬،‫ وهو وقت فتح أبواب السماء‬... ‫وألن وقت التهجد‬
Artinya: Sesungguhnya waktu tahajud itu ... adalah waktu terbukanya pintu-pintu langit,
terkabulkannya doa, dan waktu manusia sambat kebutuhan hidupnya kepada Allah SWT.
Banyak amal ibadah yang perlu kita tingkatkan. Semoga dengan masuknya bulan Syawal dan
Idul Fitri ini, amal ibadah kita meningkat dan diterima oleh Allah SWT.
.‫ يا رب العالمين‬،‫آمين‬
‫ ولوالدي‬،‫ أستغفر هللا العظيم لي ولكم‬:‫ أقول قولي هذا‬،‫ وأدخلنا في جنة النعيم‬،‫جعلنا هللا وإياكم من العائدين والفائزين‬
.‫ وأنت خير الراحمين‬،‫ وارحم‬،‫ فقل رب اغفر‬.‫ولوالديكم‬

You might also like