Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 4

hKutbah Bahasa Jawa: Rezekine Tiang Iman lan Takwa

ْ َ َ ٰ َ ْ َ َ ْ َ ْ ْ َ َ ْ َ ْ َ َ ْ ْ َ َ َ ْ َّ َْ َْ
ْ َ
ُ ‫ْل للاُ الع هظي ه‬
‫م‬ ُ ‫ْل هال ُه ها‬
ُ ‫ن‬ َُ ‫أشهدُ ا‬. ُ‫ف أحسنُ تقويم‬ ُ ِ ‫ان ه‬
ُ ‫ق هاْلنس‬ ُ ‫ي خل‬ ُ‫ال َح ْمدُ ه‬. ‫لل‬
ُ ‫لل ال هذ‬ َُ ‫ال َح ْمدُ ه‬
ُِّ ‫م َص‬
‫ل‬
ّٰ َ
ُ َ ‫الله‬. ‫م‬
ُ ‫اس ه‬
َْ
‫ق‬‫ال‬ ُ
‫ب‬ ‫أ‬ ‫ب‬ ُ
‫ن‬َ ِّ ‫ي ُك‬
ُْ ‫ن َس ِّي َد َنا َو َحب ْي َب َنا م َح َم ًدا َع ْبدهُ َو َرس ْو ُلهُ َّالذ‬ُ
َ َ َ ْ َ ْ َ ْ
‫وأشهدُ ا‬. ‫م‬ ُ ‫الكري ه‬
‫ه‬ ِ‫ِ ه ه‬ ‫ه‬ َ َ ٰ ٰ ‫ه‬ َ ٰ ِّ
ْ
َُ ْ ‫ل ا هل هُه َوا ْص َح هاب هُه ا ْج َم هع‬
‫ي‬ ُ ‫ل َس ِّي هدنا م َح َمدُ َو َع‬ ُ ‫ك َع‬ُ ‫م َو َبار‬ُ ْ ‫َو َسل‬
َ ْ ْ ْ َْ َ َ َ ْ َ َ َ َ َ َ َ َ َ ْ َ ْ َ ُّ َ َ َ ْ َ َ َ
ُ ‫م مس هلمو‬
‫ن‬ ُ ‫ْل وأنت‬ ُ ‫ن ها‬ُ ‫ْل تموت‬ ُ ‫ق تق هات هُه و‬ ُ ‫للا ح‬ ُ ‫ هاتقوا‬. ‫ن‬ ُ ‫اضو‬ ‫اما بعدُ فياأيها الح ه‬
ُ ْ َ َ ْ َ َ َ ْ ْ َ ٰ ْ َ ِّ ٰ ِّ َ َ َ ِّ ً ٰ ْ ْ ُ ْ َّ َ َ َ َ ْ َ
ُ ‫ن ش هه ُد همنك‬
‫م‬ ُ ‫ان فم‬
ُ ‫ن الهد ى والفرق ه‬ َُ ‫ي انز‬
ُ ‫ل هف ْي هُه الق ْرانُ هدى للناسُ وبينتُ م‬ ُ ‫ان الذ‬
ُ ‫شهرُ رمض‬
ْ َ َ َ ْ ْ ُ ّٰ ْ َ َ ُ َ َ ْ ِّ َ َ َ َ ٰ َ ْ َ ً ْ َ َ َ ْ َ َ ‫َ ْ َ َ ْ َ ْ ه‬
ُ‫ْل يريد‬ ُ‫سو‬ ُ ‫اّلل هب ُكمُ الي‬
ُ ُ‫ن ايامُ اخ ُرُۗيريد‬ ُ ‫ل سفرُ فعدةُ م‬ ُ ‫ان مريضا ا ُو ع‬ُ ‫نك‬ ُ ‫الشه ُر فليصمهُُۗوم‬
َ ْ ُ ْ َ ْ ُ َّ َ َ َ ْ ُ ٰ َ ‫ّٰ َ َ ٰ َ ه‬ َِّ َ َ َ ْ ُ ْ َ َ ْ ْ ُ
ُ ‫م تشكرو‬
‫ن‬ ُ ‫م ولعلك‬ ُ ‫ل ما هد ىك‬ُ ‫اّلل ع‬
ُ ‫سُۖو هلتك هملوا ال هعد ُة و هلتكّبوا‬
ُ ‫هبكمُ الع‬

Jamaah Jumat ingkang minulyo


Ngawiti Khutbah Jumat meniko, monggo kito tansah ngungkapaken raos
syukur dumateng Allah swt ingkang sampun maringi katah nikmat
ingkang mboten saget kito sebat setunggal-setunggalipun. Pramilo, wajib
kanggeُkitoُngucapakenُ‘Alhamdulillahirabbilُalaminُingkang’ُ
saklajengipun dipun iringi kalian tumindak raos syukur dumateng Allah
swt.

Tumindak raos syukur saged dipun wujudaken kalian nguati raos takwa
arupi nindaaken sedoyo perintahipun lan ngedohi laranganipun Gusti
Allah. Mugi-mugi raos syukur ingkang dipun kuati kalian raos takwa saged
ndadosaken nikmat-nikmat meniko langgeng lan terus dipun tambah
deneng Allah swt.
َ َ ْ ََ َ ْ َْ َ ْ ََ ََُْْ ََ ْ َْ َ ْ َ
ُ‫اب لش هد ْيد‬
ُ ِ ‫ن عذ ه‬
ُ ‫م ها‬
ُ ‫ي كفرت‬
ُ ٕ ‫م ول‬
ُ ‫م َلزيدنك‬
ُ ‫ي شكرت‬
ُ ٕ‫ل‬

Artosipun: “Saktemene, arikolone syukur siro, yekti Aku tambah nikmate


siro. Nanging naliko siro kufur ngingkari nikmat-Ku, Saktemene azab-Ku
perih.”

Jamaah Jumat ingkang minulyo


Salah setunggalipun nikmat ingkang sakmeniko kito raosaken inggih
puniko kesempatan saged kepanggih wulan Sya’ban.ُIngُwedalُmenikoُ
kitoُsampunُdumugiُakhiripunُwulanُSya’banُingkangُbiasanipunُdipunُ
sebatُkalianُtiyangُJawiُ‘WulanُRuwah’.ُDipunُwastaniُRuwahُamergiُ
wonten ing wulan meniko, wonten tradisi Jawi inggih puniko Ruwahan
arupi ngirim dungo kangge arwah kados maos Yasin lan Tahlil kangge ahli
kubur.

TradisiُmenikoُumumipunُdipunُlaksanaakenُwontenُingُNisfuُSya’banُ
utowo akhir-akhirُSya’ban.ُLanُwontenُtanggalُakhirُwulanُRuwah,ُumatُ
Islam ugi sami tindak ziarah kubur teng pesarean tiang sepah lan
sederek-sederekipun ingkang sampun wangsul dateng gusti Allah.

Tradisi meniko ugi dados tondo dene wulan Romadhon bade enggal dugi.
Tradisi meniko ugi dados sangu persiapan nyongsong rawuhipun wulan
ingkang mulyo ingkang umat Islam kedah mbeto sangu nggenipun
nglampahi. Sangu ingkang penting kangge nyongsong Romadhon mboten
anamung sangu fisik kados daharan lan unjukan kangge buko puoso.
Ananging sangu meniko arupi sangu mental lan amal supados ing wulan
Romadhon kito sedoyo saged panen amal ibadah.

Abu Bakar Al-Warraq Al-Balkhi wonten ing Lathaiful Maarif lembar 121
nyebatakenُdeneُwulanُRejebُmenikoُwulanُnanem,ُwulanُSya’banُ
wulan nyiram, lan wulan Romadhon mwniko wulan manen. Dipun
umpamaakenُwulanُRejebُkadosُangin,ُwulanُSya’banُkadosُmendungُ
ingkang mbeto jawah, lan wulan Ramadhan kados jawah. Sinten mawon
mboten nanem wonten ing wulan rejeb, lan mboten nyirami wonten ing
wulanُSya’ban,ُpripunُbadeُpanenُwontenُingُwulanُRomadhon?.

Pramilo, Jamaah Jumat ingkang minulyo


Kangge nyiapaken duginipun wulan Romadhon, kito sedoyo kedah
nyiapaken sangu, mboten anamung sangu fisik kados latihan puoso lan
saklintunipun terkait fisik. Kito ugi kedah nyiapaken perkawis arupi
mental lan amal. Persiapan mental penting dipun siapakaen kados
nyiapaken ilmu lan pengetahuan babakan puoso lan Romadhon kelawan
maos buku lan kitab ugi ngaji sareng ulama.
Persiapan mental lintunipun inggih puniko arupi ningkataken raos
bungah duginipun wulan Romadhon. Meniko penting sanget kranten
saged dados wasilah ningkataken semangat ngibadah lan ugi bagian
saking perintah Rasulullah wonten ing haditsipun ingkang kesebat
wonten ing Kitab Duratun Nasihin inggih puniko:
ِّ َ َ َ َ َ َ َ َ ْ َ
ُ ‫ان َح َر َُم للاُ جسدهُ ع‬
ُ‫ل الن ْ َّب هان‬ ُ ‫ول َر َمض‬ ُ َ ‫ن فر‬
ُ ‫ح هبدخ ه‬ ُ‫م‬

Artosipun: "Sopo wonge bungah tekone wulan Romadhon, Yekti Allah


bakal ngaramaken jasade mlebu neroko.”

Jamaah Jumat ingkang minulyo


Kejobo nyiapaken mental, persiapan amal ugi penting kangge nyongsong
wulan Romadhon. Persiapan meniko dipun kawiti kanthi muhasabah
nopo ingkang sampun dipun lampahi setahun kapengker. Kito kedah
ngetang-ngetang ibadah nopo ingkang mboten saged kito tingkataken
kualitas lan kuantitasipun. Ngadepi Romadhon meniko, kito kedah
perkuat lan tingkataken supados kito saged manen wonten ing
Romadhon.

Ningkataken ibadah meniko saged kito tindaaken kelawan nyusun jadwal


ibadah ing ndalem sela-selanipun aktivitas pendamelan lintu. Kanthi
upaya meniko mugi-mugi kito saged maksimalaken wedal kangge ibadah
kados sholat, dzikir, maos Al-Qur’anُlanُlintu-lintunipun.

Amal ibadah ugi mboten anamung ibadah mahdhoh ingkang sampun


dipun pertelaaken aturanipun wonten ing agomo Islam. ibadah ugi
wonten ingkang dipun sebat ibadah ghairu mahdhoh inggih puniko
ibadah ingkang mboten dipun sebat toto coronipun kanthi rinci. Ibadah
meniko arupi sedekah, infak, nolong tiyang ingkang mbetahaken, lan laku
sae dateng tiyang lintu kados ngguyu lan uluk salam arikolone kepanggih,
meniko juga dipun sebat ibadah. Sedoyo meniko ugi kedah kito lakoni
kanthi ikhlas lan istiqamah, mboten ngraos abot anggenipun nglampahi.
Ahli fiqih, Imam Thawus bin Kaisan, nyebataken dene ibadah ingkang
paling sae inggih puniko ibadah ingkang paling enteng dipun lakoni:
ُّ َ َ َ ْ َ ْ َ
‫أفضلُ ال هع َباد هُة أخف َها‬

Artosipun: “Ibadah ingkang paling sae inggih puniko ingkang paling


enteng.”

Maksudipun inggih puniko, ibadah ingkang paling enteng lan dipun


remeni bakal lewih saged dipun lakoni kanthi istiqamah utowo langgeng.
Istiqamah meniko penting angginipun nglampahi sedoyo amal ibadah
wonten ing dunyo.

Jamaah Jumat ingkang minulyo


Menikolah babakan penting ingkang saged kito siapaken nyongsong
wulan Ramadhan. Mugi-mugi Gusti Allah paring kekiatan dateng kito
sedoyo damel ngibadah ing wulan Ramadhan lan wedal-wedal mbenjang
saklawasipun. Rasulullah ngendiko:
َ ْ ِّ َ َ ْ َ َ َ َ َ َ َ ْ َ َ َّ َ َ َ َ َ َ َ َ َّ َ َ ْ َ َ َّ َ َ َ َ
‫ان َو َبلغنا‬
ُ ‫ب وشعب‬ُ ‫ف رج‬ُ ِ ‫ك لنا ه‬ُ ‫ار‬
ُ‫مب‬ ُ ‫ل َر َجبُ ق‬
ُ ‫ال الله‬ َُ ‫ان هإذا دخ‬
ُ ‫مك‬ ُ ‫ن َص‬
ُ ‫ل للاُ علي هُه وسل‬ ُ ِ ‫ن الن ه‬
ُ‫أ‬
َ َ ََ
ُ ‫رمض‬
‫ان‬

Artosipun: “Saktemene Rasulullah saw naliko manjing wulan Romadhon


dedungo: Ya Allah berkahi kulo ing wulan Rajab lan Sya’ban lan
dumugiaken kulo ing wulan Romadhon.” (HR Al-Bukhari). Amin.

ْ ِّ ‫ل هم‬َ ‫م َو َت َق َب‬ ِّ َ
ْ ‫الذ ْكرُ ْال َحك‬ ْٰ َ
َ ‫اَل‬ ْ ‫م ب َما ف‬ ْ ‫ن َوا َي ُاك‬ َ ‫م َو َن َف‬ ْ ‫ن ْال َعظ‬ ْٰ ْ ْ ‫ل َو َل ُك‬ ْ ُ‫ك للا‬ َ َ َ
ُ‫ن‬ِ ُ ُ ‫ه‬ ‫ي‬ ‫ه‬ ‫و‬ ُ
‫ات‬‫ه‬ ‫ي‬ ُ
‫ن‬ ‫م‬‫ه‬ ُ
‫ه‬ ‫ه‬ ‫ي‬ ‫ه‬ ‫ه‬ ُ ‫ه‬ ُ ِ ‫ه‬ ‫ع‬ َ ُ ‫ه‬ ‫ي‬ ‫ه‬ ُ ‫ه‬ ‫ا‬
‫ر‬ ‫ق‬‫ال‬ ُ
‫ف‬ ِ ‫ه‬ ُ
‫م‬ ُ ِ ‫ه‬ ُ ‫ار‬
ُ‫ب‬
ْ ُ َ ْ َ ْ َ ْ َ َ َ ُ ْ
َُ ْ ‫م َو هل َس هائرُ الم ْس هل هم‬
‫ي‬ ُ ْ ‫ل َولك‬ ُْ ِ ‫م ه‬ ُ ُ‫ َوأ ْستغ هفر‬. ُ‫الس هم ْيعُ ال َع هل ْيم‬
ُ َ ‫للا ال َع هظ ْي‬ َ ‫م تَل َوتهُ هانهُ ه َُو‬
‫ه‬ ُ ْ ‫َو همنك‬
َ َ َ َ ََ َ ْ َْ ْ ْ ََْ ََ ْ
َُ ْ ‫اة الت هائ هب‬
‫ي‬ ُ ‫ن ويا نج‬ ُ ‫ات فيا فو ُز المستغ هفري‬ ُ ‫َوالم ْس هل َم ه‬

You might also like