Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 4

Kisi-kisi soal PTS Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2

1. Donya kang tanpa wates jalaran saka majune ilmu pengetahuan lan teknologi diarani ….
a. global warming
b. global warning
c. nasionalisme
d. globalisasi
2. Ing ngisor iki sing klebu dhampak positif globalisasi, yaiku ….
a. ilangi budaya asli
b. majune teknologi
c. komunikasi saya angel
d. ilange pakulinan gotong royong
3. Unen-unen utawa ukara kang kudu dibatang (dibedhek utawa dijawab) diarani ….
a. cangkriman
b. parikan
c. wangsalan
d. tembang
4. Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon, batangane ….
a. clana
b. dom
c. kates
d. pring
5. Pitik walik saba kebon, batangane ….
a. sulak
b. nangka
c. nanas
d. sapu
6. Duwe rambut ora duwe sirah, batangane yaiku….
a. tebu
b. pring
c. anggrek
d. jagung
7. Bapak pucung tanpa untu dare siyung,
badanira panjang,
tutukira pan pesagi,
dina-dina pocung nedha buntutanira.
Batangane, yaiku….
a. penthol korek
b. gajah
c. setut
d. trek
8. Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,
tangan papanira,
nuduhake rina wengi,
lamun mati bingung wektu sang bendara.
Batangane, yaiku ….
a. tasbih
b. ali-ali
c. gelang jam
d. binggel
9. Anake gelungan, ibune ngrembyang, klebu cangkriman ….
a. tembang
b. wancahan
c. plesetan
d. pepindhan
10. Pitik walik saba meja, batangane yaiku ….
a. sulak
b. sapu
c. salak
d. lap
11. Batangane : Hla ya wae, wong saka kidul arep ngalor kudu mbalik dhisik.
Cangkrimane : Aku weruh ana montor mbalik ….
a. kok penumpange ora padha turu?
b. kok penumpange ora padha tatu?
c. kok penumpange ora padha mudhun?
d. kok penumpange ora padha mlayu?
12. Bapak pocung renteng-renteng kaya kalung,
dawa kaya ula,
pencokanmu wesi miring,
sing disaba si pocung mung turut kutha.
Batangane cangkriman tembang ing dhuwur, yaiku ….
a. sepur
b. klambi
c. kaos
d. sepatu
13. Bapak pocung dudu watu dudu gunung,
sangkamu ing sabrang,
ngon ingone sang bupati,
yen lumampah si pocung lembehan grana.
Batangane cangkriman tembang ing dhuwur, yaiku ….
a. kebo
b. sapi
c. gajah
d. iwak
14. Guneman kanthi ngandharake gagasan, panemu, pamikir, utawa osiking manah saran lesan ing
sangarepe wong akeh diarani ….
a. pawarta
b. wara-wara
c. sesorah
d. pacelathon
15. Wong kag nindakake sesorah diarani ….
a. pranatacara
b. MC
c. medhar sabda
d. pamedhar sabdha
16. Pidhato kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata acara sukuran, tanggap warsa,
lan sapiturute klebu tujuwane pidhato, yaiku atur ….
a. pambagya
b. kabar
c. pangajak
d. panglipur
17. Sesorah ing rapat karang taruna kalebu jinis sesorah ….
a. resmi
b. setengah resmi
c. ora resmi
d. formal
18. Tembung ngisor iki kang klebu salam pambuka, yaiku….
a. ingkang kinurmatan
b. sugeng dalu
c. matur nuwun
d. cekap semanten
19. Sadurunge ngandharake wos wigatine pdihato, pamedhar sabda ngandharake ….
a. purwaka
b. dudutan
c. surasa
d. wusana
20. Perangan teks pidhato kang ngandharake wosing andharan utawa inti sarine andharan diarani ….
a. wasana
b. purwaka
c. surasa
d. pambuka
21. Urutane cengkorongan teks pidhato sing bener, yaiku ….
a. salam pambuka – pambuka – isi – dudutan – pangarep-arep – panutupan – salam panutup
b. pambuka – salam pambuka – isi – dudutan – pangarep-arep – panutup – salam panutup
c. salam pambuka – pambuka – isi – dudutan - pangarep-arep – panutup - salam panutup
d. pambuka – salam pambuka – dudutan
22. Perangan pidhato kang ngandharake pangarep-arep yaiku ….
a. atur pakurmatan
b. apa kang dikarepake dening pamedhar sabda
c. wigatine saka pidhato kang diandharake
d. atur panuwun lan pangapura
23. Gatekna ukara ing ngisor iki!
(1) Gawe cengkorongan teks pidhato
(2) Nemtokake tema
(3) Ngumpulake bahan kanggo gawe naskah pidhato
(4) Nemtokake ancase pidhato kang bakal digawe
(5) Ngembangake cengkorongan teks pidhato kanthi utuh
Urutane nalika arep nulis teks pidhato sing bener, yaiku….
a. (1), (2), (3), (4), (5)
b. (1), (3), (5), (2), (4)
c. (2), (4), (3), (1), (5)
d. (2), (3), (5), (4), (1)
24. Pidhato kanthi cara ngapalake isine teks pidhato kang wis direng-reng sadurunge diarani metode ….
a. apalan
b. naskah
c. impromptu
d. ekstemporer
25. Sesorah kang ora nganggo persiapan utawa ora direng-reng anggone arep sesorah luwih dhisik diarani
metode ….
a. apalan
b. naskah
c. impromptu
d. ekstemporer
26. Pratap nalika pidhato, yaiku ….
a. ndingkluk
b. kakean obah
c. ndhangak
d. jejeg nanging ora kaku
27. Gatekna ukara ing ngisor iki!
(1) Mahami materi sing diandharna.
(2) Patrap utawa sikep jumeneng jejeg ananging ora kaku.
(3) Ngomong kanthi swara sing rindhik.
(4) Gatekna wektu.
Sing kalebu bab-bab kang kudu digatekne nalika nindakake pidhato, yaiku ….
a. (1), (2), (3)
b. (1), (3), (4)
c. (2), (3), (4)
d. (1), (2), (4)
28. Wusana namung mekaten ingkang kula aturaken, mugi saged migunani tumrap warga panti asuhan
mriki. Menawi wonten lepat anggen kula matur, nyuwun agunging samodra pangaksami.
Pratelan teks pidhato ing dhuwur klebu perangan ….
a. dudutan
b. purwaka
c. wasana
d. pangarep-arep
29. Mangga langkung rumiyin kita sesarengan ngonjukaken puja lan puji syukur maring Gusti Allah SWT,
amargi sampun maringi berkah lan rahmat saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanthi
sehat wal afiat.
Isine pratelan teks pidhato kasebut, yaiku….
a. atur salam marang wong kang ngrungokake pidhato
b. atur panuwun lan pangapura menawa duweni luput sajroning medhar sabda marang tamu
undangan
c. atur puji sukur marang Gusti
d. atur salam kanggo nutup pidhato
30. Ing acara resmi lumrahe wong kang pidhato maca naskah kang wis disiapake luwih dhisik supaya ….
a. ora grogi
b. digatekake dening pamiyarsa
c. ora salah anggone pidhato
d. dipuji marang wong liya

You might also like