KWK B5 P8

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 5

#KEMBANG_WATU_KARANG#

(Carita sambung kanthi irah-irahan asli Bunga di Batu Karang, anggitane S.H. Mintardja, sulih basa
dening Lek War)

Bundhel 5, Perangan 8

Ki Dipanala ora gage mangsuli. Pamawase Raden Ayu Galihwarit beda karo pamawas lan adeg-adege
paprentahan ing Surakarta. Nanging katone Raden Ayu Galihwarit kuwi babar pisan emoh ngawruhi
apa satemene sing wis kedaden ing Surakarta iki.

“Wis lah, Dipanala,” kandhane Pangeran Ranakusuma sabanjure, "Kayadene sing dak-kandhaake,
kowe aja kliwat nyampuri urusanku. Aku ora seneng. Kowe ngerti?"

“Nuwun inggih, Pangeran. Kula boten badhe kekathahen nyampuri prakawis ingkang wonten ing
ndalem kapangeranan punika. Nanging kalilana kula munjuk atur, bilih patrap Pangeran
Mangkubumi dhumateng tiyang-tiyang manca nagari puniku sansaya cetha"

"Aku wis ngerti..!" Pangeran Ranakusuma nyentak. Nanging swarane banjur mudhun: "Nanging
dheweke ora bakal tumindak apa-apa"

“Mugi-mugi kemawon," panyaute Ki Dipanala.

“Saupama dheweke bakal tumindak saweneh, apa sing bisa ditindakake? Sanadyan dheweke
sawijine pangeran sing pilih tandhing, nanging dheweke bakal madeg dhewe. Lan dheweke ora bakal
wani mbangkang panguwasane Kanjeng Susuhunan Paku Buwana, saengga manawa Kanjeng
Susuhunan Paku Buwana wis nemtokake, mula kabeh pangeran bakal tundhuk"

“Nanging kadospundi kaliyan saperangan pangeran ingkang sampun nilaraken kitha lan nindakaken
pambangkangan?"

“O, apa sing bisa ditindakake dening dheweke? Dheweke mung mloya-mlayu saka padhukuhan siji
menyang padhukuhan liyane, lan babar pisan adoh saka kutha Surakarta. Sadhela maneh dheweke
bakal digiring lan dipeksa pasrah"

“Nanging manawi lajeng ing antawisipun piyambakipun wonten Pangeran Mangkubumi?”

Pangeran Ranakusuma jengkerutake bathuke. Nanging sadurunge dheweke mangsuli, Raden Ayu
Galihwarit wis nyauti: "Apa bedane Pangeran Mangkubumi karo sing liya-liyane kuwi?"

Ki Dipanala nyawang Raden Ayu Galihwarit sauntara, banjur ngalih marang Pangeran Ranakusuma,
“Punapa leres Pangeran Ranakusuma lan Raden Ayu boten ngawuningani kalangkunganipun
Pangeran Mangkubumi?”

“Cukup, cukup!” panyentake Pangeran Ranakusuma, “Kena apa kowe menehi pitakon sing edan
kuwi?"

Ki Dipanala unjal ambegan jero. Tumrap Ki Dipanala bab kuwi minangka pangaku, saeba Pangeran
Ranakusuma sungkan marang sedulur enome kuwi. Nanging sanyata Raden Ayu Galihwarit sing
mangsuli: "Aku ngerti, kaluwihane Pangeran Mangkubumi yakuwi sajrone ngelmu kanuragan.
Sanadyan dheweke ora tedhas sakehing gegaman landhep, nanging dheweke ora bakal bisa nglawan
sanjatane wong kulit putih kuwi. Mimis sanjatane bakal nembus jantunge, lan dheweke bakal mati
kaya lumrahe wong mati. Lan dheweke ora bakal bisa urip maneh"
Dumadakan wae sirahe Pangeran Ranakusuma dhingkluk jero. Ana saweneh sing mumbul-mumbul
neng dhadhane. Kepriye wae, dheweke ora bisa mungkir yen kulite ora putih kaya putihe kulite
wong manca kuwi. Sanadyan saupama dheweke ora metung warnane kulit, nanging dheweke ngerti
banget niyat tekane wong-wong manca nagara kuwi ana ing Surakarta. Kayadene Pangeran
Mangkubumi, mula dheweke uga ngrasa sumelang weruh kahanane Surakarta. Nanging kadhangkala
sakabehe kuwi ilang musna yen dheweke nyawang marang dhiri pribadine dhewe. Apa artine
pangabdiane marang Surakarta, yen tekane wong manca nagara kuwi nguntungake dheweke. Dhiri
pribadhine.

“Apa sing saiki bisa dakpethik saka panguwasa Surakara iki kanthi langsung?" pitakon kuwi kadhang-
kadhang mumbul neng atine, "Wondene wong-wong manca iki akeh menehi saweneh sing pancen
dakbutuhake, lan sing dibutuhake dening bojoku"

Nanging yen banjur gumawang sesrawungane sing kliwat raket antarane wong-wong manca kuwi
karo bojone, mula atine dadi dheg-dhegan uga. Nanging kanggo nyingkirake pangrasa sing campur
bawur neng sajrone atine, dumadakan Pangeran Ranakusuma bengok: "Lunga, lunga kowe Dipanala!
Awas yen kowe isih ngganggu aku sakloron! Aku bisa tumindak becik, nanging aku uga bisa tumindak
kasar"

“Nyuwun agunging pangapunten, Pangeran," kandhane Ki Dipanala sabanjure. Nanging dheweke isih
uga kandha: "Saderengipun kula nyuwun pamit, keparenga kula matur. Pangeran kula aturi mundhut
pirsa dumatheng Raden Rudira, punapa ingkang dipunsumerepi ngengingi Sukawati"

"Meneng, meneng!" pambengoke Pangeran Ranakusuma, “Aku wegah krungu maneh ngenani
adhimas Pangeran Mangkubumi”

“Boten, Pangeran. Boten ngengingi Pangeran Mangkubumi punika piyambak, nanging ngengingi
tiyang-tiyang ing tlatah Sukawati lan sakupengipun. Bumi kalenggahanipun Pangeran Mangkubumi”

“Aku emoh ngrungokake. Lunga!"

Ki Dipanala manthuk jero. Banjur dheweke ngeses, "Pangapuntenipun, Pangeran. Samangke kalilana
kula pamit"

Pangeran Ranakusuma ora mangsuli, wondene Raden Ayu Galihwarit ngadeg kanthi gorehe. Wong
kuwi pancen bebayani tumrap dheweke. Lan dumadakan wae dheweke misuh neng sajrone atine:
"Kena apa wong kuwi ora disamber bledheg wae sirahe?"

Saka lawang sing menga, Raden Ayu Galihwarit nyawang Ki Dipanala metu saka emper mburi.
Lakune lempeng tumuju menyang lawang butulan pager tembok mburi. Wong kuwi babar pisan ora
noleh.

Nanging rinasa saweneh kumesar neng atine Raden Ayu Galihwarit nalika dheweke weruh sawijine
pawongan raseksa ngadeg malangkerik nyawang lakune Ki Dipanala. Nanging raseksa kuwi babar
pisan ora tumindak apa-apa.

“Mandra,” panglesike Raden Ayu Galihwarit neng sajrone atine, "Salungane Sura, wong kuwi
dipracaya dening Rudira"

Sauntara Raden Ayu Galihwarit ngadeg kaku. Kepikiran neng sajrone atine: "Yen Dipanala ora uga
disamber bledheg, kena apa ora ana wong sing mateni dheweke wae? Kanthi mangkono sakabehe
prakara sing diweruhi dening dheweke ngenani dhiri pribadiku bakal melu kakubur bareng dheweke"
Raden Ayu Galihwarit kuwi nggeget lambene. Nanging pikiran kuwi dumadakan wae kelet neng
atine. Lan dheweke duweni kakuwatan kanggo nindakake. Dheweke duweni sawijine anak lanang
sing gagah lan kuwanen bareng karo sawetara wong pangiringe. Nanging kanggo sauntara suwene,
dheweke isih kudu nyimpen pikiran kuwi sabecik-becike sadurunge ditimbang-timbang kanthi
mateng.

Nanging, saka dina ketemu dina Dipanala temen-temen minangka eri neng punjer jantunge. Saben
keteg jantunge lan saben panyedhot ambegane rinasa jantunge perih. Pangeling-elinge kawuri
ngenani kedadeyan kuwi temen-temen wis dadekake dheweke keweden.

“Yen nganti Dipanala dadi edan, mula aku bakal didadekake edan uga. Musna kabeh rancangan lan
pangarep-arep sing katata iki," kandhane Raden Ayu Galihwarit neng sajrone atine, nanging
sabanjure: "Nanging yen dheweke kepengin nyilakakake aku, kena apa ora saiki, utawa nalika aku
nundhung Juwiring, utawa timindak-tumindakku sing liyane?"

Raden Ayu Galihwarit unjal ambegan jero. Pancen rinasa dening dheweke yen nganti saiki Ki
Dipanala ora niyat tumindak duraka marang dheweke. Nanging sajrone kahanan sing kepeksa mula
wong kuwi bisa dadi wong sing paling bebayani tumrap dheweke.

“Rudira bakal bisa ngrampungi dheweke," kandhane Raden Ayu Galihwarit neng sajrone atine,
"Bebarengan karo Mandra, Dipanala dudu mungsuh sing abot tumrap dheweke, sanadyan Ki
Dipanala tau dadi sawijine prajurit. Nanging bakal luwih becik manawa Mandra lan Rudira dhewe ora
melu nandangi, supaya ora mimbuhi sesanggan maneh kanggo aku yen pangupaya iki gagal.
Dheweke bisa golek pawongan sing bisa dipracaya. Utawa upamane sakumpulan cilik wong-wong
sing dipetungake bisa nindakake jejibahan kuwi"

Mangkono, sanyata sajrone dhiri pribadine Raden Ayu Galihwarit sing sulistya kuwi sinimpen ati sing
atos lan peteng. Lan katone, pikiran kuwi tetep ditimbang-timbangake. Sansaya dina malah rinasa
sansaya ndhesek. Apa maneh saben-saben dheweke isih weruh Ki Dipanala ana ing plataran ndalem
Ranakusuman sing kaya-kaya ora kedadeyan apa-apa tumrap dheweke.

“Wong kuwi pancen ati watu," kandhane Raden Ayu Galihwarit neng sajrone atine, "Dheweke babar
pisan ora rumangsa yen ora dibutuhake maneh neng kene. Katone Sura sing kasar kuwi isih uga
duweni pangrasa, mula saka kuwi dheweke pamit kanggo ninggalake ndalem Ranakusuman iki.
Nanging Dipanala ora. Dheweke isih tetep wae saba saben dina"

Nanging masalah kuwi katone wis matengake rancangane kanggo ngilangi wae Ki Dipanala. Kanggo
nindakake bab kuwi Raden Ayu Galihwarit babar pisan ora rembugan luwih dhisik karo Pangeran
Ranakusuma. Dheweke ora kepengin Pangeran Ranakusuma takon lan dhesek dheweke, kena apa
kuwi ditindakake dening dheweke. Jalaran saka kuwi, mula siji-sijine wong sing diajak rembugan
yakuwi anake lanang, Raden Rudira.

Nanging sanyata Raden Rudira uga takon marang ibune: "Kena apa wong kuwi kudu diilangake, Ibu?"

“Dheweke banget bebayani tumrap kita, Rudira"

“Iya, nanging kena apa? Aku wis suwe ngrasaake wisa idune. Kaya-kaya kanjeng rama ora bisa
mungkir karo pangucap-pangucape"

Raden Ayu Galihwarit unjal ambegan jero. Banjur kandhane: "Aku ora ngawruhi, Rudira. Bisa wae
ana wewadi sing sinimpen antarane kanjeng ramamu lan Dipanala. Nanging sing mesthi, anane
dheweke banget mitunani aku lan utamane kowe. Yen wong kuwi diilangi, mula akeh prakara sing
bisa kotindakake tanpa rubeda. Sabab satemene yen kanjeng ramamu kabotan ngenani apa wae
uga, sangkane saka cangkeme Dipanala kuwi uga"

Raden Rudira manthuk-manthukake sirahe. Panggremenge: "Aku bisa mateni dheweke bareng karo
Mandra"

Raden Ayu Galihwarit nyawang anake sauntara. Nanging banjur dheweke kandha: "Bisa wae kowe
lan Mandra bisa nindakake, Rudira. Nanging becike ora koktandangi dhewe. Wiwitane aku uga
mangu-mangu. Apa kowe dhewe bareng karo Mandra utawa wong liya. Nanging yen gagal jalaran
sawenehe musabab, kowe ora bakal bisa mungkir maneh yen kowe wis ngupaya mateni dheweke"

"Nanging yen wong liya, Ibu," wangsulane Raden Rudira, "Prakarane meh padha wae. Yen dheweke
kecekel, mula dheweke bakal crita ngenani kita, yen kita sing wis ngongkon dheweke mateni Ki
Dipanala”

“Diawasi saka kadohan. Yen dheweke gagal, kowe bisa ngrampungi dheweke. Kowe apa ora pinter
mbebedhag?"

“Maksud Ibu, aku kudu mateni Dipanala nganggo panah?"

“Yen bisa. Yen ora, mula wong-wong sing kudu mateni Dipanala kuwi sing kudu kopateni"

Raden Rudira manthuk-manthuk. Dheweke sadhar, kanthi mangkono wong-wong kuwi bakal ngilangi
lacak. Jalaran saka kuwi, karo manthuk-manthuk dheweke kandha: "Aku ngerti, Ibu. Nanging apa
kanjeng rama wis ngawruhi rancangan iki?"

“Aku ora usah nyuwun marang kanjeng ramamu. Satemene kanjeng ramamu uga duwe niyat
mangkono. Nanging jalaran kaya ana sesambungan antarane kanjeng ramamu karo Dipanala sing wis
kliwat suwe, mula kanjeng ramamu ora bakal tega nindakake. Nanging yen Dipanala kuwi isih wae
neng ndalem Ranakusuman iki, dheweke bakal dadi eblis sing paling duraka"

Raden Rudira isih manthuk-manthuk. Kandhane: "Dadi, aku kudu golek uwong sing kuwawa
nindakake lan bisa dipracaya?"

“Iya”

Raden Rudira unjal ambegan jero. Sauntara banjur dheweke kandha: "Aku arep rembugan karo
Mandra. Sapa ngerti dheweke bisa nemokake wonge. Mesthi ora mung wong siji, Ki Dipanala tilas
sawijine prajurit. Mesthi dheweke duweni kagunan kanggo tarung. Bisa wae Mandra kudu
nyadiyaaake wong telu utawa papat sing yakin bakal bisa mateni Dipanala kuwi"

Raden Ayu Galihwarit manthuk-manthuk. Kandhane sabanjure: "Kita wis miwiti. Kita ora kena
mandheg neng tengah-tengah. Yen Dipanala wis kesingkir, bakal teka gilirane Juwiring, nganti
dheweke ora bakal bisa maneh nuntut hak warisane kanjeng ramamu. Nanging sasuwene Dipanala
isih ana, sakabehe kuwi mesthi bakal dialang-alangi"

Raden Rudira manthuk-manthuk. Kandhane: "Iya, Ibu. Pasrahna sakabehe marang aku. Aku lan
Mandra bakal ngrampungi sabecik-becike, sanadyan manawa wae aku butuhake dhuwit sing cukup
kanggo ngopahi wong-wong sing bakal nandangi raja pati kuwi"

“Aja sumelang!" panyaute ibune, "Aku bakal nyadiyani dhuwit pira wae sing kobutuhake"

Raden Rudira mikir sauntara. Banjur dheweke pamit marang ibune arep nemoni Mandra.

“Kowe kudu sagelise matur marang ibu, yen kowe wis mikolehake wong kuwi," wanti-wantine ibune.
“Iya, Ibu. Aku bakal enggal matur Ibu"

Mangkono Raden Rudira banjur nemoni Mandra tanpa wong liya sing krungu rembugane dheweke
sakarone. Sanadyan sejatine tumrap Rudira, Mandra sing saiki iki isih durung kaya Sura sadurunge
dheweke kiyanat, nanging katone wong iki cukup lumayan uga.

“Kenging punapa boten kula piyambak," pitakone Mandra.

“Kowe wis cukup ditepungi, yen kowe pangiringku. Aku uga wis nyuwun marang kanjeng ibu, kena
apa ora aku lan kowe?. Nanging kanjeng ibu mangu-mangu. Lan kanjeng ibu mutusake golek wong
liya, nanging kita sing ngawasi," banjur dicaritaake apa sing kudu ditindakake saupama pangupaya
kuwi gagal.

“Boten badhe gagal," kandhane Mandra, "Senaosa Ki Dipanala satunggaling tilas prajurit nanging
piyambakipun sampun sansaya sepuh. Kasagedanipun boten mindhak malih, malah kepara suda
jalaran piyambakipun boten ngupaya matengaken kaginan tenaga cadhanganipun"

“Nanging kepriye wae uga, dheweke cukup bebayani"

“Inggih. Kula badhe pados tiyang tiga utawi sekawan ingkang babar pisan dereng dipuntepangi"

"Iya. Kita bakal ngatur sakabehe. Kanjeng rama utawa kanjeng ibu bakal ngutus Ki Dipanala lunga
menyang Jati Aking kanggo ngeterake saweneh marang kangmas Juwiring. Nah ing wektu kuwi, Ki
Dipanala kudu dipateni"

Mandra manthuk-manthuk.

*) Ana candhake.

You might also like