PHB BJW XII Genap

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 12

PENILAIAN HARIAN BERSAMA

SMA MUHAMMADIYAH 8 GRESIK


TAHUN PELAJARAN 2023 – 2024
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Jumlah Soal : 35
Kelas : XII Durasi : 90 menit

1. Ing kauripan saben dina tamtu kita nindakake pacelathon. Dene katrangan ing ngisor ora
trep kanggo mratelakake babagan pacelathon yaiku …
a. Gunemane wong loro utawa luwih ngembug sawijine prakara
b. Ana sawijining babagan kang dirembug
c. Gunemane sawijining pawongan marang awake dhewe utawa ing batin
d. Omong – omongan kang duwe ancas tartamtu
e. Wujud komunikasi kanggo ngolehake pawarta utawa informasi

2. Gatekna teks pacelathon ing ngisor!


Bu Jono : "Pak, sidane sore kondur nitih apa?"
Pak Jono : "Aku mengko numpak bis bae, Bu."
Bu Jono : "Terus kondur apa arep tindak papan liya, Pak?"
Pak Jono : "Mengko mampir omahe Dhik Wimbadi sedhela."
Teks pacelathon ing dhuwur bisa dima- ngerteni babagan unggah-ungguh basa. Dene basa
sing digunakake dening Bu Jono yaiku …
a. ngoko lugu
b. krama alus
c. ngoko alus
d. krama andhap
e. krama lugu

3. Salwa : “Dinda, sangu maem ora?”


Dinda : “Ora, aku mengko jajan bae, Sal”
Salwa : “Iki aku disangoni ibuku roti akeh, jupuka ora apa-apa”
Saka pacelathon ing dhuwur watake Salwa yaiku …
a. Seneng pamer
b. Gumedhe
c. Cethil
d. Wicaksana
e. Loman

4. Ukara kang nuduhake ngoko lugu yaiku …


a. Mas Rendi arep tindak jam pira?
b. Sampeyan rawuh kene sajak gitar-gita ana wigati apa?
c. Bayu, jupukna kerdhus ing gudhang ya, Le!
d. Ibu punapa saestu tindak sowan Simbah wonten Purwokerto?
e. Bapak arep dhahar saniki punapa mengko?

5. Babagan kang ora perlu digatekake nalika nindakake pacelathon, yaiku …


a. Unggah – ungguh
b. Intonasi
c. Titi laras
d. Lafal
e. Subasita

6. Gatekna pretelan ing ngisor kanthi permati!


(1) Turning point
(2) Complication
(3) Ending
(4) Exposition
(5) Rising action
Nuduhake urutaning alur sing mangun crita kanthi runtut katuduhake nomer …
a. (4), (2), (5), (1), (3)
b. (2), (1), (4), (5), (3)
c. (5), (4), (1), (2), (3)
d. (2), (5), (1), (4), (3)
e. (4), (5), (2), (1), (3)

7. Cerkak duweni sipat fiktif kang tegese …


a. Sajroning cerkak nyritakake kesan Tunggal
b. Crita sajroning cerkak awujud rekan
c. Critane ringkes lan padhet
d. Nyritakake lelakoning, kedadean kang dialami manungsa
e. Nyritakake kedadeane miturut urutan wektu (kronologis)

8. “Tenan, tekan ngomahe Pak Wiro kabeh ngumpul nunggoni sing lara. Pak Lurah wis pirsa
yen Pak Wiro sabrayat wong sing tumemen ngibadahe, uripe ing Masyarakat uga apik,
tinresnan ing tangga teparo, tansah pinter momong sok sapaa, lan ora tau gawe rugi lan
serik ing liyan. Bareng wis sepi Pak Lurah lan garwane sekaliyan alon – alon mlebu”
Punggelan cerkak ing dhuwur bisa nuduhake babagan unsur intrinsik Amarga …
a. Nuduhake amanat
b. Nuduhake katrangan watak
c. Nuduhake prakara
d. Nuduhake latar wektu
e. Nuduhake anane konflik

9. Tahapan utawa tataran crita iku ingaran alur utawa plot. Dene tahapan crita kang diwiwiti
saka wektu ana kedadean sepisan banjur mundhak akibate terus nganti pungkasan
diarani …
a. Regresif
b. Mundur
c. Putar balik
d. Progresif
e. Campuran

10. Nalika arep ngrakit cerkak, babagan wiwitan kang kantindakake yaiku …
a. Jupuk dudutan
b. Nemtokake tema
c. Nemtokake paraga
d. Nemtokake nilai kang kakandhut
e. Nemtokake paraga

11. Crita lucu, ngesemake, lan ndudut ati kang surasane lumrahe babagan pawongan kang
kalungguhan wigati adhedhasar kedadean satenane diarani …
a. Teks humor
b. Teks eksposisi
c. Teks lapuran
d. Teks anekdot
e. Teks narasi

12. Katrangan ing ngisor kang ora nuduhake titikane teks anekdot kang ngandhut surasa saka
crita yaiku …
a. Intonasi
b. Lafal
c. Solah bawa
d. Nada
e. Ekspresi

13. Katrangan ing ngisor kang ora nuduhake titikane teks anekdot yaiku …
a. Kajupuk saka prastawa sing dumadi ing Masyarakat
b. Ana gegayutane karo pawongan sing kalungguhan wigati ing Masyarakat
c. Ora ngandhut pesen kang sinandi
d. Minangka sarana ngandharake kritik tanpa nglarani liyan
e. Kadhapuk saka struktur abstraksi, orientasi, krisis, reaksi, lan koda.

14. Ing ngisor iki kang klebu sipat – sipat teks anekdot kanthi umum, yaiku …
a. Rekan
b. Kedadean satenane
c. Aneh
d. Njuwarehi
e. Nyata

Gatekna teks anekdot ing ngisor kangus mangsuli pitakon nomer 15 lan 16!
Sawijining dina Bu ida ngandharake babagan bioport ing ngarep kelas. "Murid murid biopori
salah siji upaya kanggo ngurangi banjir. Saiki Ibu paringi tugas kanggo gawe biopori ing
sakiwa tengene omah banjur dipoto. Asile poto samerigko ditemplekake ing kertas banjur
kanthenana deskripsinet dhawuhe Bu Ida marang murid-muride. Dumadakan Banu matur
panemune kanthi sora, "Pangestune Bu Ida, margi tumuju griya kula sampun kathah didamel
biopori. Ngendikane Bapak niku sanes kangge ngurangi banjir, nanging biopori amargi asring
banjir." Keprungu kandhane Banu, kanca kelas lan Bu Ida kabeh padha ngguyu.

15. Surasane teks anekdot ing dhuwur ana gegayutane karo....


a. pendhidhikan
b. kahanan lingkungan
c. kahanan sosial
d. kahanan politik
e. kasehatan

16. Saka teks anekdot ing dhuwur bisa ditintingi babagan strukture. Dene ukara kang
nuduhake perangan sing menehi ngerti latar belakang prastawa iku kedadean yaiku....
a. Sawijining dina Bu Ida ngandhar- ake babagan biopori ing ngarep kelas.
b. Pangestune Bu Ida, margi tumuju griya kula sampun kathah didamel biopori
c. "Murid-murid biopori salah siji upaya kanggo ngurangi banjir."
d. Keprungu kandhane Banu, kanca kelas lan Bu Ida kabeh padha ngguyu
e. Ngendikane Bapak niku sanes kangge ngurangi banjir, nanging biopori amargi asring
banjir.

17. Salah siji unsur basa sing digunakake sajroning teks anekdot yaiku ukara retoris kanggo
ndudut ati utawa narik kawigaten. Sing dikarepake ukara retoris, yaiku …
a. ukara pitakon saka paraga sing ngalami kedadean sajroning crita
b. ukara pitakon sacara umum saka prastawa
c. ukara pitakon kang ora butuhake wangsulan
d. ukara pitakon kang diwangsuli dhewe dening pamaca teks anekdot
e. ukara pitakon cekak

18. Ing ngisor iki kang nuduhake urutan struktur teks anekdot kang trep yaiku …
a. reaksi-abstraksi-krisis-orientasi- koda
b. koda-reaksi-krisis-orientasi- abstraksi
c. abstraksi-koda-orientasi-krisis-reaksi
d. abstraksi-orientasi-krisis-reaksi-koda
e. orientasi-abstraksi-reaksi-krisis- koda

19. Kita bisa mangerteni teks anekdot lan bisa munpangatake minangka sarana kanggo....
a. sumber aktualisasi dhiri tumrap konteks sosial budaya
b. ngandharake kritik tumrap prakara ing babagan layanan sosial
c. ngguyubake saperangan lapisan Masyarakat
d. mikolehi ilmu utawa kawruh lumantar pendhidhikan
e. ngrampungake masalah kang diadhepi

20. Gatekna katrangan ing ngisor!


Jaman saiki akeh pejabat pamarentahan sing wis lali janjine marang rakyat supaya dipilih
lan antuk kursi ing tataran pamarentahan. Nanging bareng wis nyekel panguwasa banjur
lena. Unen-unen kang trep kanggo nggambarake katrangan ing dhuwur yaiku....
a. ana catur mungkur
b. becik ketitik ala ketara
c. aji godhong jati garing
d. timun mungsuh duren
e. kakehan gludhug kurang udan

Gatekna teks sandiwara ing ngisor kanggo mangsuli pitakon nomer 21 – 25!

Kacarita ing Kraton Prambanan kapimpin Prabu Baka Sawijining dina, Prabu Baka dilurug
dening Bandung Bondowoso. Wusanane Prabu Baka tiwas ing perang. Patih Gupala mlayu
nylanetake dhiri lan nemoni Rara Jonggrang. Patih Gupala "Kanjeng Rara! Kanjeng Rara!
Jonggrang : "Ana apa, Patih? Kok panjenengan kondur dhewe?"
Patih Gupala : "Kanjeng Rama sampun tiwas nalika perang kalih Bandung Bondowoso, Rara.
Keprungu lapurane Patih Gupala, Rara Jonggrang ndheprok nangis.
Jonggrang : "Rama...kenging puna- pa nilar kula piyambak wonten mriki."
Sauntara wektu Bandung Bondo- woso tekan ing Kraton Prambanan. Dheweke weruh ana putri
sulistya.
Bandung : "Rara Ayu, sapa sejatine sliramu? Keneng apa katon susah?"

Jonggrang : "Sapa kowe wani-wanine mara ing kraton kene?"


Bandung : “Jenengku Bandung Bondowoso. Aku saka Kraton Pengging "
Jonggrang : “Aku Rara Jonggrang."
Bandung : "Rara Jonggrang, apa kowe gelem dadi sisihanku?"
Jonggrang : "Apa? Dadi garwamu?
Bandung : "lya, dadi garwaku lan mimpin Kraton Pengging iki”
Jonggrang : "Bandung, aku gelem dadi sisihanmu. Nanging ana sarat sing kudu kolakoni"
Bandung : "Apa sarate?"
Jonggrang : "Aku gelem dadi sisih- anmu menawa koga- wekake candhi cacah sewuing.
Kudu rampung sadurunge srengenge cumlorot."
Bandung : "Mung kuwi panjaluk- mu? Dudu Bandung Bondowoso yen ora bisa mangun
candhi cacah sewu ing wektu sewengi."
Sanalika Bandung miwiti gawe candhi direwangi bala jin. Ing jero kraton Rara Jonggrang was
sumelang. Wengi isih dawa, nanging candhi sing dijaluk Rara Jonggrang wis arep rampung.
Jonggrang : "Mbok emban, kepriye iki? Sarat sing dak ajokake kaya gampang dilakokake."
Emban : "Bandung nyuwun pitulungan para jin. Tamtu sewu candhi punika gampil."
Jonggrang : "Mbok Emban, aku wis nemu cara. Ngajaka emban liyane lan ibu-ibu dhusun
nuthuk lesung lan ngobong dami. Dadi bisa gawe jago tangi lan kluruk. Geni
saka obongan dami kaya sunar srengenge.”
Emban : "Sendika dhawuh."
Para emban lan ibu-ibu nuthuk lesung karo ngobong dami. Jago-jago sing krungu swara lesung
lan weruh cumiorot abang banjur kluruk. Para jin banjur lunga rumangsa wis esuk. Bandung
sing weruh cumlorot saka wetan nanging langit isih peteng banjur nemoni Rara Jonggrang.
Bandung : "Jonggrang, panyuwunanmu candhi cacah sewu wis daklaksanakake."
Jonggrang : "Apa bener sing ko- kandhakake?"
Bandung : "lya, itungen menawa ora pracaya."
Jonggrang : "Siji... loro...telu..."
Bandung : "Piye? Wis genep cacah sewu, ta?"
Jonggrang :"Cacahe candhi mung ana 999 isih kurang 1."
Bandung : "Mung kurang siji, Rara. Dakrasa menawa kabandhingake karo cacahing candhi
sing wis dakgawe ya ora apa- apa."
Jonggrang : "Kowe kudu nggawe candhi cacah sewul Ora bisa kurang barang sijia."
Bandung : "Jonggrang! Kaya ngo- no piwalesmu? Kurang siji isih tetep ora bisa kotampa.
Candhi kuwi pancen kurang siji. Kanggo ngganepi, dadia kowe candhi sing
kaping sewu!"
Rara Jonggrang banjur sinebda dadi patung kanggo ngganepi candhi dadi sewu kaya panjaluke
Rara Jonggrang.

21. Kang ora klebu paraga sajroning naskah sandiwara yaiku …


a. Rara Jonggrang
b. Prabu Baka
c. para jin
d. Bandung Bondowoso
e. Patih Gupala

22. Naskah sandiwara ing dhuwur surasane crita jupuk saka …


a. Fabel
b. Wiracarita
c. crita wayang
d. legenda
e. mite

23. Saka sandiwara kasebut bisa kajupuk amanat sing bisa dadi tepa tuladha tumrap pamaca.
Dene piweling sing dikarepake yaiku …
a. kita bisa nindakake apa bae kanggo mujudake pepenginan
b. kita kena nglirwakake janji sing wis kemucap amarga ora kalak- sanan kaya sing
dikarepake
c. kita minangka manungsa ora kena mblenjani janji lan kudu tansah tumindak becik
d. mulyaning manungsa jalaran saka akehe dana driyah sing diduweni
e. sipat panguwasa bakal diajeni lan diwedeni dening sapa bae

24. Katrangan ing ngisor kang bisa kanggo nuduhake latar wektu yaiku …
a. Bandung sing weruh ana cumlorot saka wetan nanging langit isih peteng banjur nemoni
Rara Jonggrang.
b. Rara Jonggrang banjur sinebda dadi patung kanggo ngganepi candhi dadi sewu kaya
panjaluke Rara Jonggrang
c. Keprungu lapurane Patih Gupala, Rara Jonggrang ndheprok nangis.
d. Sauntara wektu Bandung Bondowoso tekan ing Kraton Prambanan.
e. Kacarita ing Kraton Prambanan kapimpin Prabu Baka.

25. Ing ngisor iki kang nuduhake paraga pambiyantu yaiku …


a. Rara Jonggrang
b. Bandung Bondowoso
c. Prabu Baka
d. para jin
e. Emban

AKM Menjodohkan
26. pasangen kahanan kang wigati sajroning drama lan pangerten!

A Prolog ………………………………………………….

B Dialog ………………………………………………….

C Epilog ………………………………………………….
A. Perangan wiwitan saka naskah sandiwara
B. Sarana kanggo medharake crita kang nglimput paraga sandiwara sing bisa nggambarake
kauripan lan watak tokoh.
C. Dudutan utawa simpulan lan ngamot kawruh kang bisa dijupuk lan dituladhani dening
pamirsa.

AKM Pilihan Ganda Kompleks


27. Sutradara minangka pawongan kang ngarahake sawijining gelaran sandiwara kang laras
kalawan naskah skenario. Naskah sandiwara digunakake kanggo ngatur lakune sawijining
pamentasan. Dene naskah kang bisa digelar dadi sawijining gelaran sandiwara ora kena
samubarang naskah, nanging ana saperangan sarat kang kudu digatekake kaya mangkene

a. Naskah kudu gambarake tema sing wutuh minangka filosofis saka lakon.
b. Naskah kudu duweni titik pandhang sing cetha karo nilai kontekstual sing ana ing
masarakat.
c. Naskah kudu duweni greget sing tumuju dadi prastawa-prastawa sing urip
d. Naskah ora duweni gaya penampilan sing isine tantangan lan pola-pola adegan sing cetha.
e. Naskah kudu rinasa rampung saka wiwitan nganti pungkasan lan jangkep unsur – unsure.

AKM Pilihan Ganda Kompleks

28. Cerkak dunewi saperangan titikan kang bisa kanggo mbedakake karo jinis asil karya
sastra fiksi liyane, Pilihen titikane Cerkak endi sing bener!
a. Critane udakara 500 tembung utawa ora luwih saka 10.000 tembung
b. Ditulis antarane mung 3 – 10 kaca
c. Basane landhep lan narik kawigaten
d. Cacahe paraga akeh
e. Asipat Deskriptif

29. Gatekna tembung ing ngisor iki karo tegese sing bener! MENJODOHKAN

Tembung Tegese
Bening Atine Sumeh
Kulak Warta Golek Kabar
Bau tengen Wong kepercayaan
Entek Atine Kuwatir
Kelepetan Ala Melu tindhak elek

30. Nilai moral ana gegayutane karo tindak tanduk ing pasrawungan antarmanungsa
minangka dhasar panuripan.
a. Benar
b. Salah

31. Purwakanthi Guru Sastra yaiku tetembungan sing nunggal aksara.


a. Benar
b. Salah

Gatekna wacan cerkak ing ngisor iki!

Tinimbang ana omah mung nganggur lan ngenteni ditakonake anake wong, karuwan lunga ng
ggolek pengalaman nggolek upa aneng kutha, ucape Kinanthi nalika ngajak Tangguh mangkat
Semarang. Pranyata Tangguh uga sarujuk. Lan saiki wis genep setaun anggone bebarengan
sinau nyambung nyawa ing kutha atlas.
“Mbak, nyuwun kentang goring kalih es lemon tea malih, inggih.”
“Inggih, Mbak,” pelayan mau mesem.
Tangguh nyawang kancane. Dheweke ngerteni menawa Kinanthi lagi nandang susah ing batin
mlayune kudu mangan enak lan akeh. Dheweke gumun, kenangapa kancane sinara wedhi iku
ora bisa mbukak atine kanggo nrima tresnane wong lanang. Kamangka wis akeh banget
priya sing nyedhaki lan karep ngrengkuh Kinanthi.
“Kenangapa ta, Kin, apa ta, kurange Mas Sudibya? Priyantune nggantheng, nyambut gawene
wis mapan. Superviser ing kantormu, ta?” pitakone Tangguh.
“Piye ya, Ngguh, Mas Sudibya ora tipeku, kurang cocok, tur meneh, aku durung kepingin sinau
katresnan. Esih akeh cita-cita lan kepinginan sing pingin takranggeh,” sinambi dolanan
sedhotan ing lambene, Kinanthi nyauri.
32. Saka cerita kasebut, Kinanthi nduweni sipat….
a. Sabar
b. Pangerten
c. Kemayu
d. Teteg
e. Gumedhe

33. Katon saya suwe srengege saya mlaku mulih nyang parane. Sumiyati isih wae lungguh karo
ngelap eluhe. Disawang foto ibune kang ana ing tangane. Dheweke isih lungguh ana ngisor
wit randhu, ora nglegawa yen Winarto wis ana ing mburine.
Saka pethilan cerita cerkak ing ndhuwur, pesen kang kakandhut yaiku ….
a. Sumiyati putra kang bekti marang ibune
b. Sumiyati mung predhuli marang Winarto
c. Winarto putra kang bhekti marang ibune
d. Winarto seneng ndelik ngamati Sumiyati
e. Sumiyati sengaja sedhih ben dimelasi Winarto

34. Nalika surya kaping 13 pebruari 2014, Gunung Kelud ngalami gempa vulkanik kaping 190.
Gempa vulkanik iku luwih dahsyat maneh nalika jam 12.00 nganti 18.00 nganti ping 442.
Nalika jam sanga bengi luwih limalas menit, status Gunung Kelud saka siaga dadi awas,
mula ing tlatah iki warga banjur padha ngungsi. Kurang luwih jam 10.00 bengi, kgiytan
manungsa diendheg utawa distrerilke kang maune radius 5 km, saiki dadi 10 km. Iku
kabeh kanggo keamanan amarga Gunung Kelud wis ngetoke lahar panas, lan awu
vulkanik.
Teks ing ndhuwur durung nduweni irah – irahan. Irah Irahan kang trep kanggo teks ing
dhuwur yaiku …
a. Kedadeyan ing surya kapng 13 pebruari
b. Ewah – ewahan status Gunung Kelud
c. Sterilisasi warga Gunung Kelud
d. Awu vulkanik lan lahar Gunung Kelud
e. Gunung Kelud mbledhos

35. “Jono nangis amarga ditinggal pacare nganti adus getih.” Tembung sing kecithak miring
tegese yaiku …
a. Nesu banget
b. Tatune nemen banget
c. Wong kang dipercaya
d. Sumeh
e. Kanggo nyukupi kebutuhane uripe

You might also like