Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Bawang Abang dan Bawang Putih

Dhek jaman biyen Mbok Randha Dhadhapan duwe anak loro wadon kabeh.
Sing siji anake dhewe jenenge Bawang Abang, dene sing sijine anak pupon jenenge
Bawang Putih. Mbok Randha olehe ngrengkuh anake ora padha, dibedak-bedakake.
Marang Bawang Abang mbok Randha tresna banget. Bawang Abang ora oleh
nyambut gawe. Sakkabehe panjalukane Bawang Abang tansah dituruti.
Kosokbaline, marang Bawang Putih mok Randha kereng banget. Sakkabehe
penggawean dikon nandangi Bawang Putih.

Sawijine dina, Bawang putih umbah-umbah ing kali. Merga kumbahane akeh,
dheweke ora ngerti menawa ana salah siji klambi sing kintir. Ngerti yen klambine
dikintirake Bawang Putih, mula Bawang Putih diseneni lan disabeti nganti gosong.
Awan hawane panas Bawang putih mlaku muteri kali sing maune dienggo umbah-
umbah. Wetenge krasa luwe nanging klambi sing digoleki durung ketemu. Saben
wong wis ditakoni nanging ora ana wong sing weruh. Akhire dheweke ketemu karo
pawongan tuwa sing lagi mususi beras ing kali.

“ Oh iya, aku sing nemu, bocah ayu. Saiki ana ing omahku.”

Saknalika Bawang putih rumangsa seneng banget. Awak kesel lan luwe wis
ora dirasa maneh. Wong tuwa wadon iku sejatine raseksa, jenenge Nini Buto Ijo.
Sawise tekan omah Bawang Putih dikongkon ewang-ewang masak. Weruh tandang
gawene Bawang Putih sregep Nini Buto Ijo seneng banget. Nalika Bawang putih
pamitan mulih klambi sing ditemokake banjur diwenehna. Kejaba iku, Bawang Putih
uga diwenehi waluh.

Saktekane omah, klambi lan waluh diaturake marang mbok randha. Barang
dibukak Mbok randha kaget weruh ing njerone waluh isine mas barliyan sing cacahe
akeh banget. Saiki mbok randha dadi sugih dadakan. Ngerti apa sing dialami dening
Bawang Putih, Bawang Abang kepingin nglakoni kaya Bawang Putih. Sawise
nyuwun ijin marang simboke, akhire diijini.

Bawang Abang ngintirake klambi ing kali, tujuwane supaya ditemu dening Nini
Buta Ijo. Bawang Abang menyang omahe Nini Buto Ijo. Dening Nini Buta Ijo Bawang
Abang dikongkon ngrewangi masak, nanging Bawang Abang ora gelem merga ora
tau masak. Bawang Abang dikongkon mulih. Bawang Abang uga diwenehi waluh.
Bawang Abang seneng banget. Ora srantan, tekan omah langsung disigar. Sawise
waluh disigar, Bawang Abang jerit-jerit (“Aaaa.... Aaaaa... “) merga isine cacing, ula,
klabang. Bawang Abang mlayu keweden.

You might also like