Professional Documents
Culture Documents
Timun Emas
Timun Emas
Timun Emas
Ing sawijining zaman, ing desa cedhak alas, urip Mbok Sri lan bojone. Wis pirang-pirang
taun kaluarga iku during nduwe anak. Saben dinane, Mbok Sri lan bojone ndonga marang Gusti
kareben diparingi putra. Sawijining dina, Buto ijo krungu dongane Mbok Sri lan bojone mau.
Mbok Sri lan Bojone : Duh Gusti, paringana putra, kita sampun ngentosi dangu kangge
nggadhahi putra.
Buto Ijo : Hahahahaha, he kuwe manungsa, aku ngerti yen kuwe kepengen
nduwe anak, aku bisa menehi kuwe anak. Rene kuwe metu a
Mbok Sri lan Bojone : (padha metu marani Buto Ijo) Apa iya tenan kuwe bisa menehi kita
putra? Piye carane?
Buto Ijo : Hahahaha iku perkara gampang kanggo ku. Nanging ana syarate
Bapak : Apa syarat sing kudu tak lakoni? Aku bakal nglakoni apa bae kanggo
bisa nduweni anak
Buto Ijo : Syarate yen anakmu kuwi wis nginjak dewasa, kuwe kudu menehke
bocah kuwi mau marang aku maneh kanggo tak pangan. Hahahahaha…
Piye?
Ibu : Piye ya Pak, tapi wis arep piye maneh, wis angger rak apa-apa, ngko
mesti ana dalane saka Gusti
Bapak : Ya wis Bu
Buto Ijo : Heh, piye? Suwi tenan trimo ngrembug ngono tok. Iki ora
musyawarah desa
Buta Ijo : Yaw is iki wiji timun tanduren ning kebonmu. Ngko nek wis thukul
woh e pecahen (menehke wiji timun)
Sabubare kuwi banjur Bapak lan Ibu nandur wiji timun mau. Dina sesuke, Ibu nemuake yen wit
timun kuwi wis thukul lan ana wohe.
Ibu : Pak, Bapak, iki lho wit timune wis thukul, kok cepet temen ya Pak, ayo
dibuka who e ana apa ing jerone.
Bapak : Ya Bu (mbukak woh timun). Bu coba deleng a, iki ana bayi ning jerone
(kaget)
Ibu : (ngangkat bayi) Eh lhadalah pak, kita nduwe anak pak, anak iki pak,
anak wedok ayu tenan kaya ibu e. Dijenengi Timun Emas bae pak,
amarga metune saka timun kang warnane emas to pak.
Ibu : Aduh piye iki apa si Buta Ijo isih kelingan janjiku ya? (katon bingung)
Timun Emas : Wonten napa ta Bu, kok panjenengan tansah bingung ngoten?
Timun Emas : Nggih sampun Bu, kula badhe resik – resik rumiyin
Ibu : Ya wis nduk. Ibu ya arep lunga menyang alas golek kayu gegenen
Banjur si Ibu metu saka omah lunga menyang alas. Ing dalan Ibu ketemu karo tanggane.
Ibu : Niki lho Bu, kula badhe kesah wonten alas. Kula niku nembe bingung
Tanggane : Walah, pripun nggih Bu. Ngeten kemawon cobi panjenengan tindak
wonten griyanipun pertapa ingkang sekti wonten ing pinggir alas.
Menawi piyambakipun saget maringi pitulungan
Ibu : Ohh nggih sampun Bu, matur nuwun. Mangga kula rumiyin nggih Bu.
Ibu : apa iki ya omahe pertapa sekti iku kang dikandakake mau? Kula
nuwun…
Ibu : Kula niki badhe nyuwun pitulungan. Putri kula niku badhe di pundhut
Buto Ijo. Kados pripun punika?
Pertapa : Iki ono 4 jimat sing kudu kok wenehke anakmu kanggo nyelametake
awake saka oyakane Buto Ijo. Iki kudu diuncalke siji-siji kanthi urut.
Wiji timun, dom, uyah, banjur terasi.
Ibu banjur bali dumadakan Ibu ngeti Buto Ijo wis ngamuk-ngamuk ing ngarep omah.
Buto Ijo : Hahahaha saiki wis tekan titi wancine. He cah ayu,, neng ndi kuwe?
Kene moro menyang aku, aku arep nggondhol kuwe
Buto Ijo : Ora bisa. Cepet gawa mrene anakmu. Kuwe wis janji marang awakku.
Cepet!!
Ibu : ya wis nek ngono tak undange dhisik ya, tak kongkone macak sing
ayu, ben kuwe seneng
Timun Emas : Lho, lha pripun Bu? Kula ajrih Bu. (nangis)
Ibu : Wis ora apa-apa. Mlayu a sing kebat, mengko yen Buto Ijo wis arep
nyedhak kuwe, uncalna jimat iki siji-siji, sing kapisan wiji timun, banjur
dom, banjur uyah, pungkasane terasi. Wis kana, Ibu mung bisa
ndongaake kuwe nduk.
Timun Emas : Nggih kula nyuwun pangestunipun, supados kula saget selamet saking
oyakane Buto Ijo.
Ibu : Ya wis nduk, ndang mlayu a metu lawang mburi ben Buto Ijo ora reti.
Timun Emas mlayu banter, nanging amarga langkahe buto Ijo amba dadi deweke wes ameh iso
nyekel Timun Emas.
Buto Ijo : Hayo cah ayu kuwe arep ning ndi, ojo mlayu santé bae, alon-alon bae
Timus Emas : Moh!! Aku ameh mlayu, aku moh mbok gondhol kok.
Buto Ijo : Hayo arep mlayu neng ndi kuwe ? Aku wes arep iso nyekel kuwe lho.
Timun Emas : Aduuuuh biyung aku wedi tenan, iki piye yo… Oh iyo aku duwe jimat
sing diparingi ibu. Hihhh, iki kuwe tak uncali wiji timun.
Buto Ijo : Waaah enak tenan iki timune seger-seger, mandeg sek ah leren sisan
mangani timun-timun iki.
Timun Emas : Mumpung Buto Ijo lagi mangan aku tak mlayu ngadoh ben ora
kecekel Buto Ijo.
Buto Ijo : Waduh iyo aku lali nek lagi ngoyak Timun Emas. Ngoyak neh ah.
Timun Emas : Aduh piye iki kok Buto Ijo wes arep nyedak neh. Iki kuwe genti tak
uncali dom.
Buto Ijo : Heh cah cilik opo mau sing mbo uncalke kok dadi wit pring semene
akehe, awakku loro kabeh ameh liwat ora kamot dalane sesek.
Timun Emas : Sukur kuwe… Lho kok Buto Ijo wes iso nututi aku meneh, aduuh
parah ik. Wes iki tak uncali uyah kuwe.
Buto Ijo : Alah trima segara sak jangkahanku bae iso tak lewati. Apa meneh
jimatmu sing arep mbok uncalke ? Aku ora wedi.
Timun Emas : Wah jimatku kari siji. Wes iki sing pungkasan tak uncalke trasi.
Buto Ijo : Alah trima lendhut (nyemplung ning lendhutan).. Tulung tulung aku
kelelep ora iso mentas. Tuluuung tuluuunggg … (mati)
Timun Emas : Wah maturnuwun Gusti kula saged slamet saking oyakane Buto Ijo.
Aku arep muleh omah saiki nek ngono.