Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

SUSUNAN ACARA MUSLIMATAN

Asaalamualaikum Wr.Wb

Alhamdulillah Alhamdulillahirobi alamin wassholatu wassalamu 'ala asrofil anbiyai wal mursalin
sayyidinaa wamaulaana Muhammadin waala alihi washohbihi ajmain amma ba du

Kunjuk dumateng Ibu Kepala Desa Kalinanas ingkang kawula hormati

Kunjuk dumateng ketua Muslimat Desa Kalinanas ingkang kawula hormati

Serto dumateng sedoyo ibu-ibu anggota jama'aah muslimat NU Ranting engkang saget rawuh
wonten ing majlis puniko, ingkang insya Allah dipun rohmati dening Allah SWT.

Langkung rumiyin monggo kito tansah ngunjukaken raos syukur kito dumateng Allah SWT. Ingkang
wonten ing saat meniko kito dipun paring nikmat sehat walafiat, sahinggo kito saget angrawuhi
adicoro Pertemuan Rutin Muslimat kanti mboten wonten alangan setunggal punopo saking puniko
kito syukuri kanthi waosan hamdalah sesarengan ( Alhamdulilahirobbil 'alamiin)

Kaping kalihipun sholawat sarto salam monggo kito kunjukaken dumateng nabi besar Muhammad
SAW, bilih beliaulah salah satunggalipun nabi engkang kito tenggo syafaatipun benjang wonten ing
yaumul kiamah. Aamiinn ya Robbalalamiin.

Ibu-ibu engkang kawulo hormati

Wonten ing mriki kawulo selaku pranoto coro bade maosaken urutan adicoro engkang bade
kalampah ing wekdal siang puniko

Wondene adicoro ingkang ongko :

1. Pembukaan

2. Menyanyikan lagu Indonesia Raya, Mars Muslimat, soho Ya lal wathon

3. Waoson Surat Yasın. Tahlil, Doa lan Asmaul Husna

4. Waosan notulan wulan kepungkur

5. Sambutan ibu Ketua Muslimat Desa Kalinanas

6. Istirahat

7. Lain-lain
8. Penutup

Ibu engkang tansah kawulo hormati

Adicoro engkang ongko setunggal inggih puniko pambuka monggo adicoro wonten ing wekdal siang
puniko kito bikak kanthi bacaan basmalah sesarengan..... (Bismillahirobbiľalamiin)

Adicoro engkang ongko kalih inggih puniko menyanyikan lagu Indonesia Raya, Mars muslimat kalian
Ya Lal Wathon, ingkang bade kapimpin deneng ibu…………… wekdal soho panggenan kasumaggaaken

Adicoro engkang ongko tigo inggih puniko Waosan surat yasin, Tahlil, sekalian Doa engkang bade
dipun pimpin deneng ibu........wekdal soho panggenan kasumanggaaken.

Di lajengaken waosan Asmaul Husna

Adicoro engkang ongko sekawan inggih puniko waosan notula wulan kapungkur

Adicoro engkang ongko gangsal inggih puniko sambutan saking ibu ketua muslimat Desa Kalinanas

Dumateng ibu…….wekdal soho panggenan kasumangaaken.

Adicoro engkang ongko pitu inggih puniko lain-lain

Adicoro engkang ongko wolu inggih puniko penutup.

Monggo adicoro meniko kito tutup kanti waosan hamdalah sesarengan......( Alhamdulillahirobbil
'alamiin)

Kanggene kawulo milai awal ngantos akhiring mbok bilik anggen kawulo maos susunan adicoro
wonten ing siang puniko kathah kekirangannipun kulo nyuwun pangapunten engkang sak ageng-
angengipun.

Akhirul kalam wa billahi taufiq wal hidayah

Wassamu'alaikum warohmatullohi wabarokatuh......

You might also like