Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 5

PEMERINTAH KABUPATEN WONOSOBO

DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAG RAGA

SMP NEGERI 2 KEJAJAR
Jalan DiengASESMEN
Km 26 DiengSUMATIF TENGAH
Kejajar Wonosobo SEMESTERKode
Telp.(0286)3342144 1 Pos 56364
TAHUN PELAJARAN 2023 / 2024

ASESMEN SUMATIF TENGAH SEMESTER 2

TAHUN PELAJARAN 2023/2024
LEMBAR SOAL

Mata pelajaran : Bahasa Jawa

Fase / Kelas : Fase D / IX (Sembilan)

A. PILIHAN GANDA
Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi milih A, B, C, utawa D minangka wangsulan kang
paling trep!
Geguritan kanggo soal nomer 1-3!
Ing pucuking redi
Kebak sela, wedhi, punapa dene toya
Sampun cepak badhe ngileni lepen sakiwa tengenipun
Ugi, wedhus gembel sawanci-wanci saged medal
Saengga badhe nggosongaken badan menapa kemawon ingkang kaliwatan
Malah saged-saged ndumugekaken pralaya

1. Swasana kang ana ing geguritan ing dhuwur yaiku….

a. Nyenengake c. Nggregesi
b. Gawe muntab d. Lucu
2. Apa isine geguritan ing dhuwur?
a. Wong sing lagi sedhih amarga gunung Merapi njeblug
b. Gunung Merapi nggawe manungsa muntab
c. Kedadeyan gunung Merapi nalika njeblug
d. Gunung Merapi ndadekake musibah kanggo manungsa
3. Tegese tembung “pralaya” ing geguritan dhuwur yaiku….
a. Musibah c. Rusak
b. Bencana d. Mati
4. Amrih rahayu, siswa aja den uja warah wuruh kang nglegena
Ukara kasebut tegese….
a. Siswa kudu diwulang wong sing omonge dhuwur
b. Siswa diwulang wong kang bandhane akeh
c. Siswa diwulang supaya dadi wong sugih
d. Siswa aja diajari ngelmu kang marakake cilaka
5. Siswa ora butuh kae-kae, utamane ya mung tuladha
Ukara kasebut tegese….
a. Bocah ora butuh barang apik sing penting bisa dingo
b. Bocah butuh tuladha kang becik saka gurune
c. Bocah butuh barang apik lan bisa dinggo
d. Bocah ora butuh digatekake sing baku bisa mlaku dhewe
6. Apan ana sesiku telung prakara, nanging gedhe pribadhi, punika lilira
Ukara kasebut tegese….
a. Arep ana 3 prakara kang kudu diadhepi c. Ora ana bab kang kudu diamngerteni
b. Ana 3 prakara kang ora perlu komangerteni d. Ora bakal ana perkara kang kudu diadhepi
7. Yo kang telung prakara, poma ywa nggunggung sireki, sarta lan aja, nacat kepati pati.
Pethilan tembang ing dhuwur tegese yaiku….
a. Kowe ora kena gumedhe lan ora kena maido ing liyan
b. Wong urip kena gumedhe, ngece, lan maido liyan kanggo dolanan
c. Kowe aja dadi wong sing gumedhe, aja ngece, lan aja seneng maido
d. Wong urip ora kena gumedhe, oleh ngeve, lan maido liyan

Tembang kanggo soal nomer 8-10!

Bener luput ala becik lawan beja
Cilaka mapan saking
Ing badan priyangga
Dudu saking wong liya
Mulane den ngati-ati
Sakeh dirgama
Singgahana den eling

8. Isine tembang ing dhuwur yaiku….

a. Apik ala bener salah kuwi durung mesti saka awake dhewe mulane urip kudu ngati-ati
b. Apik ala bener salah kuwi saka awake dhewe mulane aja seneng nyalah-nyalahake wong liya
c. Apik ala bener salah kuwi durung mesti saka awake dhewe mulane urip ora perlu ngati-ati
d. Apik ala bener salah kuwi saka awake dhewe mulane urip kudu ngati-ati
9. Ing badan priyangga
Duweni teges….
a. Awake dhewe c. Tumindake dhewe
b. Awake liyan d. Solah bawane dhewe
10. Kapirid saka wujud lan isine geguritan iku bisa kaperang dadi…
a. 2 c. 4
b. 3 d. 5

B. BENER LUPUT
Wenehana tandha () ing kolom Bener utawa Luput minangka wangsulan sing trep!
Prathelan Bener Luput
Geguritan kuwi mbutuhake bas akias, basa kang endah
Mogkog kuwi tegese sedhih
Tema, nada, amanat, swasana kuwi kalebu struktur fisik geguritan
Rerema ing tyasireki duweni guru wilangan lan guru gatra 8i
Geni lunga tanpa swiwi nuduhake tahun 2003

C. URAIAN
Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi cetha!
1. Gaweya geguritan gagrag anyar kanthi tema bebas! Minimal rong pada/bait!
2. Rama….! ibu…..!
Tutur semburmu dak aji lan darumat,
amrih ora mawut,
bisaa minangka jimat nalika kemat nyrimpung mbebidhung,
uga bisaa dadi pulut pamilut,
anggonku ngukup endhoge amun-amun.
Apa isine geguritan ing dhuwur? Andharna!
3. Tulisna nganggo aksara jawa kang trep.
Abang birune gumantung pamulase sang dwija

Tembang kanggo soal nomer 4-5!

Dipunsami ambanting ing badanira
nyudha dhahar lan guling
darapon sudaa
nepsu kang ngambra-ambra
rerema ing tyasireki
dadya sabarang
karyanira lestari
4. Golekana guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang ing dhuwur!
5. Apa isine tembang ing dhuwur? Jlentrehake!

SUGENG MAKARYO
LEMBAR JAWABAN
ASESMEN SUMATIF TENGAH SEMESTER 2
TAHUN PELAJARAN 2023/2024

Nama : ………………………………... Mata Pelajaran : ………………………………….

Kelas : ………………………….……. Hari/Tanggal : ………………………………….

A. Pilihan Ganda

1. A B C D 6. A B C D
2. A B C D 7. A B C D
3. A B C D 8. A B C D
4. A B C D 9. A B C D
5. A B C D 10. A B C D
B. Bener Luput

Nomer = Bener Luput

1. =

2. =

3. =
4. =
5. =

C. Uraian

……………………………………………………………………………………………………………………………..

You might also like