Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 4

LKPD Omah Adat

L Teks Deskripsi
Omah Adat Jawa

K BAHASA
P JAWA SMK

1AOleh: Puji Arfianingrum, S.Pd


[Pick the date]

Teks deskripsi
omah adat jawa

KOMPETENSI DASAR
3.5 Menelaah teks deskriptif tentang rumah adat Jawa.
4.5 Menanggapi dan menceritakan kembali isi teks deskriptif tentang rumah adat Jawa

INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPETENSI


4.5.1 Peserta didik mampu melafalkan dengan membaca nyaring teks deskripsi rumah adat Jawa

dengan tepat
4.5.2 Peserta didik mampu menirukan pelafalan kalimat sesuai kaidah pelafalan yang baik
4.5.3 Peserta didik mampu menceritakan kembali teks deskripsi rumah adat Jawa dengan struktur

kalimat dan pelafalan yang tepat.

TUJUAN PEMBELAJARAN
1. Setelah peserta didik membaca teks deskripsi rumah adat Jawa, peserta didik mampu
melafalkan dengan membaca nyaring teks deskripsi rumah adat Jawa dengan tepat
2. Setelah peserta didik melafalkan teks deskripsi rumah adat Jawa, peserta didik mampu
menirukan pelafalan kalimat sesuai kaidah pelafalan yang baik
3. Setelah peserta didik menirukan bercerita teks deskripsi rumah adat Jawa , peserta didik
mampu menceritakan kembali teks deskripsi rumah adat Jawa dengan struktur kalimat dan
pelafalan yang tepat.
GLADHEN 1
Wacanen teks deskripsi Omah Adat Jawa ing ngisor iki kanthi pelafalan lan
intonasi kang trep!
Omah Joglo
Omah Joglo yaiku salah siji wangun omah tradhisional ing Jawa Tengah.
Biasane omah joglo iku nduweni ciri-ciri payon kang dhuwur, nduweni gebyog
minangka temboke kang digawe saka kayu jati. Omah joglo ora mung nduweni
seni ing arsitektur ananging uga nduweni makna filosofi ing saben bagiane.
Bagian-bagian omah joglo kuwi dibagi dadi 4. Sing sepisan pendhapa, pringgitan,
dalem kang awujud (senthong kiwa, senthong tengah, lan senthong tengen),
gandhok lan pawon.
Ruangan sing pisanan yaiku teras utawa pendhapa. Dumunung ing ngarep
dhewe. Nduweni fungsi kanggo nampa tamu. Perangan iki dibangun tanpa sekat,
tegese sifat rinaket antarane wong kang duwe omah karo tamu.
Ruangan nomor loro yaiku pringgitan. Ruangan iki isih kalebu papan
panggonan publik. Wong Jawa jaman biyen nggunakake ruangan iki kanggo
nggelar wayang utawa upacara tradhisional liyane. Ruangan iki nuduhake yen
manungsa iku kudu nguri-uri budaya Jawa. Bagian kang kaping telu yaiku dalem
agung. Wujude persegi lan tinutup karo tembok ing patang sisine. Ruangan iki
digunakake kulawarga kang sifate tinutup. Ruangan iki nduweni teges yen urusan
kulawarga iku dirembug kanthi bebarengan, lan wong liya ora perlu ngerti
urusan pribadine kulawarga.
Ing sajrone dalem agung ana ruangan kang disebut senthong. Senthong kuwi
ruangan kang istimewa. Ruangan iki nduweni fungsi kanggo papan turu utawa
istirahat wong kang nduwe omah lan kanggo nyimpen maneka pusaka lan piranti
aji liyane. Ruangan iki uga kanggo ngibadah marang Gusti. Ruangan iki nduweni
filosofi yen manungsa iku kudu tansah eling marang Gusti Kang Paring
Kanugrahan.
Ruangan kang pungkasan yaiku gandhok utawa pawon. Ruangan iki mapan
ing mburi dhewe. Digunakake kanggo masak lan kamar mandi. Iki nuduhake yen
manungsa nduweni sifat gemi, setiti, lan ngati-ati tegese ora boros lan tansah ngati-
ati nalika tumindak (tersembunyi).
GLADHEN 2

Coba tirokna ukara-ukara ing paragraf ngisor iki kanthi pocapan / pelafalan kang trep!

Omah mujudake papan kang wigati tumrap gesange manungsa ing alam donya. Omah dadipapan
kanggo nyelehake awak, pikiran sarta sakabehing bandha donya sasuwene gesang ana ing alam
donya.
Mungguhing wong bebrayan, saben komunitas kang manggon ing sawijining papan duweni
pasarujukan utawa keseragaman ing bab tata bentuk lan wujud omah. Bab mau sering dikenal
kanthi
sebutan omah adat kang dadi ciri utawa panandha sawijining komunitas tartamtu. Kayadene
kang wus
dikenal dening masyarakat, tumrape wong Jawa duweni omah adat kang uniklan khas minangka
dadi
titikan kang sering dikenal kanthi sebutan Omah Joglo. Ing wewangunanomah joglo, kebak
ngandhut
nilai seni arsitektur kang ora mung kanggo konstruksi omah, nanging uga minangka wujud nilai
lan
norma masarakat pendhukunge.

Menawa disawang saka wujud lan wewangunane omah adat Jawa iki duweni perangan-
perangan bageyan lan ruwangan kang uga duweni fungsi dhewe-dhewe. Lamun diwawas saka
perangan bageyan, omah adat Jawa bisa kaperang dadi telu yaiku; 1) bageyan payon, 2)
struktur/balungan omah, lan 3) jogan. Dene menawa diwawas saka perangan ruwangan, omah
adatJawa
lumrahe diperang dadi papat yaiku; 1) teras utawa pendhapa, 2) pringgitan, 3) dalem agung, lan
4)
gandhok utawa pawon.
GLADHEN 3

Sabubare ndeleng video tuladha nyritakake teks deskripsi omah adat Jawa, coba saiki critakna
maneh isine
teks deskripsi omah adat Jawa miturut versimu kanthi nggatekake pelafalan, intonasi, kelancaran
lan
ekspresi kang trep!
Banjur gawea video anggone nyritakake maneh teks deskripsi omah adat Jawa. Upload ana ing
youtube
lan kirim link youtube lumantar WAG.

You might also like