Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 2

➢ Khadrotal mukarromin, poro ‘alim ‘ulama ingkang kito dere’i menggah fatwa

pengendikanipon.
➢ Wabil Akhos, Shokhibul Fadilah wal Karomah Syaikhina wa Murobbiruhina
Al Mukarrom, Bapak KH. M ‘Aliyyul Munief Qst soho Al Mukaromah ibu
Nyai Nur Faizah Ali, ugi segenap Dzuriah Al Maghfurlah Simbah KH. A
Qostholani, Selaku pengasuh Pondok Pesantren Ma`ahidul `Irfan ingkang
tansah kito cadang-cadang barokah, ridlo soho manfa’at ‘ilmunipun.
➢ Dumateng segenap dewan asatidz Pondok Pesantren Ma’ahidul ‘Irfan,
sedoyonipon ingkang kito hormati soho kito ta’dzimi.
➢ Dumateng Wali Santri Pondok Pesantren Ma`ahidul `irfan soho sedoyo wargo
masyarakat Soropaten ingkang tansah kito hurmati ugi.
➢ Boten kasupen dumateng sedoyo Santri Putra-Putri Pondok Pesantren
Ma'ahidul 'Irfan, ingkang kito banggaaken.
Ma’asyirol Hadirin Wal Hadirot, Rohimakumullah
monggo kito tansah angunjuaken raos puji syukur kito, wonten ngayunan
dalem Allah SWT, ingkang sampun maringi mapinten-pinten Kenikmatan,
Karohmatan, Taufiq, Hidayah soho Inayahipun dumateng kito sedoyo, sehinggo
wonten ing saat ndalu puniko, kito waget makempal manunggal wonten ing papan
palenggahan ingkang kebak berkah puniko, kanti ginanjar wilujeng boten manggihi
setunggaling alangan punopo-punopo. Pramilo kasyukuran kito, monggo sareng-
sareng kito ikroraken kanti wahosan TAHMID

Sholawat salamipun Allah, mugi tansah katur kunjuk wonten ngarso


junjungan kito, Nabi Agung Muhammad SAW, setunggalipon nabi ingkang
sampon beto kito sangking zaman jahiliyah dumugi zaman islamiyah kanti
lumantaring agami islam, soho setunggalipon nabi ingkang tansah kito antu-
antu syafaatipun

Ing mriki kulo minongko wakil saking shohibul hajat saperlu


matur wonten ngersanipun panjenengan sedoyo, ingkang sepisan
………. tansah ngaturaken sugeng rawuh dumateng rawuhipun
panjenengan sedoyo.

Kaping Kalih-ipun :
Bapak………….sak keluargi ngaturaken gunging matur suwun
ingkang tanpo pepindan (upami) kanti rawuhipun panjenengan
sami,ingkang sampun nglonggaraken wekdalipun, sak perlu ngrawuhi
majlis puniko, mugi –mugi rawuhipun panjenengan sedoyo waget
ndadosaken satunggaling amal kesaenan ingkang ketampi wonten
ngersanipun allah SWT.

Ingkang kaping tigo-nipun :


Bapak …….tansah ngaturaken gungging pangapunten anggenipun
bapak….sak keluargi mboten waget ngaturi papan palenggahan soho
pakhurmatan ingkang langkung sae lan mranani wonten ing ndalem
penggalih panjenengan sedoyo.

Dungkap kaping sekawan-ipun :


Bapak…. Sak Keluargi ngaturaken matur nuwun dumateng
panjenengan sedoyo ingkang sampun kerso nderek mbiyantu ingkang
arupi moril/materil sehinggo waget terlaksana wontenipun majlis ingkang
minulyo, saking puniko bapak….sak keluargi dereng waget mbales
punopo-punopo kejawi naming ngaturaken :
(jazza’a kumullaah hu ahsanal jazaa’I fidunya wal ahiroooh, amiiin)

Mekaten menggah atur kulo minongko wakil saking bapak ….sak


keluargi mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur awit awal dumugi
akhir kulo nyuwun agunging samudra pangaksami

Wallahul muwafiq ila aqwamith thoriq tsumassalamu’alaikum Wr,Wb.

You might also like