Kelas 5 B Jawa PTS

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 5

PEMERINTAH KABUPATEN KEBUMEN

DINAS PENDIDIKAN KECAMATAN KEBUMEN


SEKOLAH DASAR NEGERI 2 PANJER
Alamat: Gg. Masjid Banyumudal No. 6 Panjer, Kebumen 54312

PENILAIAN TENGAH SEMESTER (PTS) 2


TAHUN PELAJARAN 2022/2023

Muatan Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : V (Lima)
Hari/Tanggal :
Waktu :
PITUDUH UMUM:
1. Tulisen jeneng lan nomermu ana ing sisih tengen nduwur lembar jawaban!
2. Wacanen saben pitakonan kanthi setiti!
3. Garapen luwih dhisik pitakonan sing kok anggep gampang!
4. Titinen meneh garapanmu sakdurunge koaturaken marang Bapak/ibu gurumu!
----------------------------------------------
KD 3.1
I. Wenehna tandha ping (X) ana pratelan A, B, C, utawa D ana ing lembar jawab!
1. Tembang macapat klebu jinising tembang ....
A. gedhe C. cilik
B. tengahan D. dolanan

2. Tibaning swara ing saben gatra utawa larik diarani ....


A. guru lagu C. guru gatra
B. guru wilangan D. guru pada

3.
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruh ana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Tembung kawruh tegese ....
A. paugeran C. ngelmu
B. kabecikan D. sinau

4. Guru lagu tembang pangkur ing nduwur tiba ...


A. a, i, u, a, u, a, i
B. a, u, i, a, u, a, i
C. a, i, u, a, u, i, a
D. a, i, a, u, a, u, i

5. Guru wilangan ing larik nomer loro yaiku ...


A. 10 C. 12
B. 11 D. 13

6. Geguritan asale saka tembung ...


A. gurit C. gurita
B. anggurit D. gerit

7. Geguritan kang diwiwiti kanthi tembung sun anggurit utawa sun gegurit yaitu ...
A. geguritan gagrag anyar
B. geguritan modern
C. geguritan enggal
D. geguritan tradhisional

Pahlawanku
Pahlawanku ...
Mbok korbanke jiwa ragamu kanggo bumiku
Bandha lan nyawa kopasrahake
Kanggo kamulyaning bumiku
Indhonesiaku ...
Getih luber mili netesi Ibu pertiwi
8. Kanggo kamulyaning bumiku.
Tembung mulya ing ukara kasebut tegese ...
A. sugih
B. mulia
C. pahlawan
D. negara

9. Manut wacan ing nduwur, kang dikorbanake dening pahlawan sinebut ing ngisor iki,
kajaba ...
A. jiwa raga C. bandha
B. dunya D. nyawa

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi trep!


10. Jumlahe larik saben sapada ing macapat diarani ...

WUTAH GETIHKU
Mahadono Wuryantoro
Gumelar jembar bumi asri
Sumunar sumringah sunare bagaskara
Padhang sumilak hanelahi jagat nuswantara
Bumi pusaka wus kawentar
Ombak-ombak samudra,kencana kang ngrenggani
Wutah getihku daktresnani
Kawulamu…..
Guyub rukun anyambut kardi
Jroning swasana tentrem lan merdika
Gilinging tekad manunggal
Cumithak jroning ati
Bebarengan ambangun
11. Geguritan ing nduwur kaanggit dening ....
12. Sing sumunar sumringah yaiku ....

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener ana ing lembar jawab!
13. Jlentrehna watake tembang Pangkur!

KD 3.2
I. Wenehna tandha ping (X) ana pratelan A, B, C, utawa D ana ing lembar jawab!
14. Crita rakyat kang ana sambung rapete karo dumadine papan panggonan utawa samubarang
diarani ...
A. legendha C. sage
B. mite D. fabel

15. Crita rakyat iki klebu legendha, kajaba ...


A. Rawa Pening C. Banyuwangi
B. Tangkuban Prau D. Nyai Rara Kidul
LEGENDA DANAU TOBA
Ing tlatah Sumatra ana Pak Tani sing sregep banget tandhang gawe, arane Toba.
Sawijining dina, Toba mau lunga menyang kali ing cedhak omahe, dheweke arep nggolek iwak ing
kali kanggo lawuh dina iki. Sak suwene nunggu pancinge dipangan iwak, dheweke ndonga.
Sawetara wektu sakwise ndonga. Toba seneng banget, amarga dheweke oleh iwak sing gedhe
banget.Dheweke kaget banget. Jebule iwak sing diarah mau bisa ngomong. “Tulung aku aja
dipangan Mas! culna aku ing kali maneh!”, bengok iwak kasebut. Mula iwak sing ditangkep mau
dibalekake ing njero banyu meneh. Sakwise mbalekna iwak ing njero banyu, Toba kuwi tambah
kaget, amarga dumadakan iwak kesebut ganti wujud dadi wong wadon sing ayu banget.
Amarga wis ngeculna, wong wadon mau, kanggo balesane wong wadon kui mau gelem
dadi bojone Toba.Toba kuwi ya setuju. Akhire Toba lan wong wadonmau rabi. Nanging, ana siji
janji sing kudu disepakati, yaiku Toba lan bojone mau ora kena nyeritake menawa asal-usul Puteri
iku saka iwak. Menawa dilanggar bakal ana kedadean sing ora nyenengake ati.
Sakwise rabi, Toba lan bojone mau banjur urip seneng, amarga Tobanduweni bayi lanang
kang bagus, kang jeneng Samosir. Sawijining dina Samosir diprentah ibune kanggo ngirim
panganan lan wedang kanggo bapake. Nanging prentahe ora dirampungake. Kabeh panganan
sing sakudune kanggo bapake dipangan dhewe nganti entek, lan sakwise kuwi Samosir keturon
ing sawijining gubug. Tobangenteni tekane anake, kanthi nahan ngelak lan ngelih. Amarga ora
tahan ngelak lan ngelih, mula Toba banjur mulih menyang omah. Ing tengah dalan,Toba weruh
anake lagi turu ing gubug. Dheweke banjur nggugah Samosir. Kanthi nada dhuwur Toba mau
banjur nggrumbel marang anake. "Anak ora pangerten Dhasar bocah anak iwak!".
Sakwise Toba ngucap tembung-tembung kesebut, wektu kuwi langsung anak lan bojone
uga ilang, ora ana labete. Saka tepak idakan sikile, dumadakan nyembur banyu sing deres banget
miline. Banyu mbludak dhuwur banget lan amba nganti dadi tlaga. Tlaga kuwi akhire dijenengi
kanthi jeneng Danau Toba lan ana siji pulo diarani Pulo Samosir.

16. Crita ing nduwur klebu ...


A. mite C. legendha
B. sage D. fable

17. Ing tlatah Sumatra ana Pak Tani sing sregep banget tandhang gawe.
Tembung tlatah tegese ...
A. papan panggonan C. danau
B. banyu D. pulo

18. Saka bekas idakan sikile, dumadakan nyembur banyu sing deres banget miline.
Tembung sikil basa krmanae ...
A. asta C. mustaka
B. samparan D. padharan

19. Paraga kang ana ing crita kasebut yaiku, kajaba ...
A. Puteri C. Samosir
B. Iwak Emas D. Toba

20. Kang wis disarujuki dening Toba lan Puteri yaiku ...
A. Toba lan wong wedok rabi
B. Toba lan bojone akhire urip seneng
C. ora kena nyeritake asal-usule puteri
D. ngirim panganan lan wedang kanggo bapake

21. Dhongeng Dewi Lanjar lan dhongeng Nyi Roro Kidul klebu crita ...
A. legendha C. mite
B. fable D. sage

22. Crita rakyat iku biasane sumebar kanthi ...


A. tulis C. Selebaran
B. lisan D. dongeng

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi trep!


23. Gagasan baken ingkang dados dhasaring cariyos inggih menika ....
24. “Mula Bukane Yuyu dadi Pangeran Lingsang”, klebu crita ...
25. Pitutur utawi pesen ingkang badhe dipunaturaken dhumateng pamaos inggih menika ...

III Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener ana ing lembar jawab!
.
26. Aranana 3 crita kang klebu legendha!
PEMERINTAH KABUPATEN KEBUMEN
DINAS PENDIDIKAN KECAMATAN KEBUMEN
SEKOLAH DASAR NEGERI 2 PANJER
Alamat: Gg. Masjid Banyumudal No. 6 Panjer, Kebumen 54312

KUNCI JAWABAN
PENILAIAN AKHIR SEMESTER 2
TAHUN PELAJARAN 2022/2023

MuatanPelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : V (Lima)

KD 3.1
I. 1. B II. 10 Guru gatra
.
2. A 11 Mahardono Wuryantoro
.
3. C 12 Bagaskara
.
4. A
5. B III. 13 Sereng, greget lan srengen
.
6. C
7. D
8. B
9. B
KD 3.2
I. 14 A II. 23. Tema
.
15 D 24. Fable
.
16 C 25. Amanat
.
17 A
.
18 B III. 26. Rawa Pening, Banyuwangi, Tangkuban Perahu
. Kebijaksanaan Guru
19 B
.
20 C
.
21 C
.
22 B
.

Pedoman Penilaian:
- Setiap soal pilihanganda dijawab benar, skor : 1
- SetiapsoalisianSingkatdijawabbenar, skor : 2
- SetiapsoalUraiandijawabbenar, skor : 3

Jumlah skor+ IS +Uraian


NilaiAkhir = x 100
Jumlah skor maksimal

You might also like