Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Mugi sih wilasa saha berkahing Gusti ingkang Maha Asih tansah tumedhak

wonten ngarsanipun panjenengan sedaya lan kula ing sapunika ngantos


salajengipun.

Kula Nuwun,

Para tamu sinedhahan kakung miwah putri ingkang kula kurmati, keparenga
kula sumela atur, nggempil kamardikan panjenengan sedaya, rikala saweg
sekeca anggenipun wawan pangandikan. Wonten ing enjing/siyang/dalu
punika kula nuhoni punapa ingkang dados panyuwunanipun saking bapak
Indratmo sekalian kapurih mandhegani donga mawi tatacara agami katholik.
Para tamu sindedhan ingkang ngrasuk agami sanes saged jumbuhaken
miturut gegebengan saha kapitadosan sowang-sowang. Mangga penjenengan
sedaya lan kula saged wening sawetawis.

Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci,
amin.

Gusti ingkang Murbeng Gesang, kawula ngaturaken agunging panuwun awit


berkahing Panjenengan Dalem, kawula saged makempal manunggal wonten
ing pahargyan punika kangge paring panjurung donga kagem penganten
kekalih inggih punika Maria Kinanthi Sakti Ning Hapsari, M.Ars saha
Fabianus Bima Jalu Ardi, A.Md.

Kawula nyuwun wonten ngarsanipun Panjenengan Dalem, mugi-mugi


penganten kekalih punika ing salebeting nglampahi gesang bebrayan punika
tansah Panjenengan Dalem amping-ampingi supados mboten nilar tanggel
jawab saha jejibahan minangka bebrayan enggal.

Gusti Ingkang Maha Asih, penganten kekalih sampun nglampahi saha nampi
sakramen perkawinan wonten ing Gereja ……… surya kaping ………….. mugi-
mugi penganten kekalih punika tansah emut marang janji perkawinan ingkang
sampun dipun-aturaken dening penganten kekalih supados ing tembenipun
anggenipun nglampahi panggesahan bebrayan punika saged mrantasi
perkawis-perkawis ingkang dipunsandhang saha dipunlampahi dening
penganten kekalih punika. Kawula ugi nyuwun dhateng Panjenengan Dalem
mugi kersaa nuntun penganten kekalih punika satemah saged grubyug
wonten ing salebeting panggesangan gereja saha masarakat.

Mekaten dhuh Gusti, panyuwunan kawula. Mugi Gusti Kersaan nyembadani


panyuwunan kawula. Lantaran Sang kristus Juru Wilujeng kawula.

Mugi linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci

Nuwun, nuwun, matur nuwun

Wekdal kula wangsulaken dhumateng pranatacara.

You might also like