Soal Pas Bader KLS 8 Sem 2

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 5

Pilihen salah siji wangsulan ing ngisor iki a, b, c, utawa d sing koanggep bener!

1. Isi critane cerkak njupuk saka panguripane .... sadina-dina.


a. manungsa c. wong-wong
b. manusia d. masyarakat
2. Biji-biji utawa piwulangan kang bisa dijupuk saka cerkak kasebut dening
pamaose yaiku ....
a. evaluasi c. orientasi
b. koda d. komplikasi
3. Gagasan pokok kang ndhasari dalan crita ing sawijine cerkak diarani ....
a. setting c. alur
b. amanat d. tema
4. Tuladha ukara sing migunakake tembung panyilah ....
a. Adhiku isih ing sekolahan c. Hore, layangane mumbul!
b. Dheweke durung duwe komputer d. Sang Kancil mlayu banter
5. Ukara ing ngisor iki sing klebu tembung panggandheng yaiku ....
a. Aku lan adhiku mlaku-mlaku ning sawah.
b. Lho, aku lali ora gawa buku!
c. Si Mbok lagi masak jangan kates senenganku.
d. Aku sesuk arep dolan menyang segara.
6. Tembung kriya tanggap iku kadunungan apa?
a. ater-ater tripurusa c. panambang -ake
b. ater-ater anuswara d. panambang -ana
7. Tembung-tembung: tetuku, tetamba, mlaku-mlaku ingaranan ....
a. kriya tanduk c. kriya rangkep
b. kriya tanggap d. kriya tanggap tarung
8. Kang dadi ancas (tujuan) digunakake basa rinengga yaiku kanggo nambahi ....
a. kaendahing ukara c. tembung sing sampurna
b. endah lan ngresepake d. bener lan klerune

Kanggo soal no. 9 – 11

Bung Bung Adi, kowe arep nengdi


Katik nganggo topi, daksawang numpak bendi
Aku arep dolan, dolan neng prapatan
Ndeleng keramenan, dina kemerdekaan
Kae bapak guru, rawuh ngasta buku
Sajak mesem ngguyu, pancen tresna karo aku
Pak guru pancen gagah, mimpin bocah-bocah
Sing sregep sekolah, taun ngarep bisa munggah

9. Tuladha purwakanthi guru sastra ing tembang Jawa ing dhuwur ....
a. Sing-sregep-sekolah c. dolan-dolan
b. Sajak-sing d. topi-bendi
10. Tuladha purwakanthi guru swara ing tembang Jawa ing dhuwur ....
a. Sing-sregep-sekolah c. Dolan-dolan
b. Sajak-sing d. Topi-bendi
11. Tuladha purwakanthi guru basa ing tembang Jawa ing dhuwur ....
a. Sing-sregep-sekolah c. Dolan-dolan
b. Sajak-sing d. Topi-bendi
12. Menthok-menthok tak kandhani
Mung rupamu ....
Bacute tembang ing dhuwur iku ....
a. angisin-isini c. enak-enak ngorok
b. gawe guyu d. aja ngetok
13. Rawe-rawe rantas, malang-malang ....
Bacute saloka ing dhuwur iku ....
a. pantang c. rantas
b. putung d. patas
14. Nindakake adu arep kanthi tujuan padha dene pengin tepung diarani ...
a. wawancara c. wawanrembug
b. wawanmuka d. wawansabda
15. Yen arep nindakake wawancara, sing kudu disiyagakake paling dhisik ...
a. nemtokake tujuan wawancara
b. nemtokake narasumbere
c. nemtokake dina lan papan kanggo wawancara
d. ndapuk sawetara/daftar pitakonan
16. Sawijine dina, gurumu mewancarai sawatara siswa sing duweni biji ulangan
apik-apik lan uga sing kurang-kurang. Tujuan wawancara kasebut ...
a. kanggo kaperluan pawarta ing sawijine media cethak
b. kanggo kaperluan ngrekrut pegawe ing sawijine lembaga
c. kanggo keperluan golek sesurupan utawa kawruh tartamtu
d. kanggo keperluan sawijining panaliten
17. Wawancara kang susunan pitakonane ditemtokake luwih dhisik lan kang
diomongake gumantung marang swasana wawancara diarani ...
a. wawancara bebas c. wawancara konferensi
b. wawancara individual d. wawancara binuka
18. Reklame iku isi iklan kang ditujokake kanggo ...
a. didelok pawongan c. pamer bandane perusahaan
b. pepaes dedalanan d. kebutuhane pemerintah
19. Iklan sing duweni tujuan supaya barang atau jasa sing didol bisa payu yaiku
iklan ...
a. layanan masyarakat c. masarake barang
b. layanan umum d. wara-wara
20. “Wekdal ibu tindak Malang, adhik ugi kesah dateng Malang”. Ukara iki
mawa basa ...
a. ngoko lugu c. krama lugu
b. ngoko alus d. krama alus
21. “Nalika aku mulih sekolah, bapak lan ibuku durung mulih saka kantore”.
Ukara iki yen didadekake basa ngoko alus ...
a. Nalika aku mulih sekolah, bapak lan ibuku durung kondur saka kantore.
b. Nalika aku kondur sekolah, bapak lan ibuku durung mulih saka kantore.
c. Nalika aku wangsul sekolah, bapak lan ibuku durung kondur saka kantore.
d. Wekdal kula wangsul, bapak lan ibu kula dereng kondur saking
kantoripun.
22. “Budhe nyeluk aku lan aku nyeluk ibu”, yen didadekake ngoko alus ....
a. Budhe nimbali aku lan aku nyeluk ibu
b. Budhe nimbali aku lan aku nimbali ibu
c. Budhe nimbali aku lan aku ngaturi ibu
d. Budhe ngaturi aku lan aku ngaturi ibu
23. “Aku dipundhutake sepatu ibu”, yen didadekake krama lugu/madya ....
a. Kula dipunpundhutaken sepatu ibu c. Kula dipundhutaken sepatu ibu
b. Kula dipuntumbasaken sepatu ibu d. Kula ditumbasaken sepatu ibu
24. Tuladha basa ngoko alus yaiku ....
a. Ibu dhahar, aku melu dhahar c. Ibu dhahar, aku melu nedha
b. Ibu nedha, aku melu nedha d. Ibu dhahar, aku melu mangan
25. Layang kang isine ngabarake bab sungkawa awit ana kulawarga sing seda
aran ....
a. layang ulem c. layang ganep
b. layang paturan d. layang lelayu
26. Layang kang isine ngabarake arep duwe gawe mantu aran ....
a. layang ulem c. layang ganep
b. layang paturan d. layang lelayu
27. Sinareng serat punika kula ngaturi uninga bilih ingkang putra tansah ginanjar
wilujeng nir sambekala saking Gusti Maha. Iki tuladhane ....
a. adangiyah c. surasa basa
b. satata basa d. purwaka basa
28. Pratelan kang nelakake pandonga, pamuji, pakurmatan kanggo sing dikirimi
layang ....
a. adangiyah c. surasa basa
b. satata basa d. purwaka basa
29. Perangane layang kang nyebutake bab isi/surasane layang utawa kepriye
kekarepane layang yaiku ....
a. adangiyah c. surasa basa
b. satata basa d. purwaka basa
30. Tembang macapat iku kaiket paugeran ....
a. guru gatra, guru sastra, guru wilangan
b. guru swara, guru sastra, guru basa
c. guru lagu, guru wilangan, guru swara
d. guru gatra, guru wilangan, guru lagu
31. Sing diarani guru wilangan yaiku ....
a. cacahing wanda saben sapada c. cacahing wanda saben sagatra
b. cacahing wanda saben satembung d. cacahing gatra saben sapada
32. Sing diarani guru gatra yaiku ....
a. cacahing wanda saben sapada c. cacahing wanda saben sagatra
b. cacahing wanda saben satembung d. cacahing gatra saben sapada
33. Sing diarani guru lagu yaiku ....
a. cacahing wanda saben sapada c. cacahing wanda saben sagatra
b. dhong-dhinge swara ing pungkasan d. cacahing gatra saben sapada

Kanggo soal no. 34 – 39


Yo ngresiki ruwangku
Ben ruwange endah ing pandulu
Wusanane edi peni kang nyawiji
Agawe senenge kalbu
Endah asri nyata katon
Ngrapekke lingkunganku
Dadya endah iku banget perlu
Ing mengkone bakal marembake ati
Manah kang pinuju weruh
Agawe cingak lan gawok

34. Ing dhuwur iki tuladhane tembang ....


a. Asmaradana c. Gambuh
b. Megatruh d. Maskumambang
35. Paugerane tembang kasebut ....
a. 5 gatra = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o c. 2 gatra = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
b. 2 pada = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o d. 10 gatra = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
36. Guru wilangane tembang ing dhuwur ....
a. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o c. u, u, i, u, o
b. 7, 10, 12, 8, 8 d. 5 gatra
37. Guru lagune tembang ing dhuwur yaiku ....
a. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o c. u, u, i, u, o
b. 7, 10, 12, 8, 8 d. 5 gatra
38. Tembung ‘kalbu’ iku nunggal teges karo tembung ....
a. seneng, suka c. kesengsem
b. susah, sedhih d. manah, ati
39. Tembung ‘edi peni’ yen ditulis aksara Jawa butuh sandhangan ....
a. taling-wulu-taling-wulu c. pepet-wulu-pepet-wulu
b. taling-suku-taling-suku d. pepet-suku-pepet-suku
40. Ing sawernane Tembang Macapat, sing darbe paugeran 9 gatra yaiku ....
a. Pangkur c. Sinom
b. Asmaradana d. Dhandanggula
41. Sing darbe paugeran 6 gatra = 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i yaiku tembang ....
a. Kinanthi c. Asmaradana
b. Pangkur d. Megatruh
42. Sing duweni Aksara Murda yaiku ....
a. Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Ya, Ga, Ba
b. Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Ga, Nga
c. Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Ga, Ba
d. Na, Ka, Tha, Sa, Pa, Nya, Ga, Ba
43. Sing dudu mujudake gunane Aksara Murda yaiku kanggo nulis ....
a. gelar c. asmane wong luhur
b. jenenge wong liyane d. wiwitan ukara
44. Tembung iki ora mbutuhake Aksara Murda yen ditulis mawa aksara Jawa
yaiku ....
a. Lamsiyati c. Rukiyawati
b. Darmilah d. Suswati
45. Tembung kopyah, yen ditulis mawa aksara Jawa mbutuhake sandhangan ....
a. taling tarung, pengkal, wignyan c. taling tarung lan pangkon
b. taling tarung, pengkal, pangkon d. pengkal lan wignyan

46.
Wacane aksara ing dhuwur yaiku ....
a. kurang legi c. krupuk urang
b. krupuk goreng d. krupuk larang

47.
Wacane Aksara Swara ing dhuwur ....
a. Wulan September c. Bulan September
b. Wulan Oktober d. Bulan Oktober
48.
Wacane Aksara Murda ing dhuwur ....
a. Karman Sarwanta c. Karman Garwanta
b. Narman Sarwanta d. Narma Garwanta

49.

Wacane Aksara Panjingan ing dhuwur yaiku ....


a. Kreteg krasak c. Kreteg kresek
b. Kretek krasak d. Kretek grasak

50.

Wacane Aksara Jawa ing dhuwur ....


a. Banyak lemper c. Nyandhak lemper
b. Nambak nglemper d. Nyandak nglemper

You might also like