Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Katur Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinabekten.

Bapak soho ibu dwijo dalasan karyawan SMA


negeri insan cendekia ingkang satuhu kinurmatan, Soho konco-konco ingkang kulo tresnani.
Saderengipun monggo saserengan ngaturaken syukur Alhamdulillah wonten ngarsanipun dalem
Allah SWT, dene kulo panjenengan sami taksih pinaringan rahmat soho hidayahipun, katitik kulo
panjenengan sekaliyan taksih saged kempal wonten ing papan mriki, saperlu hangrawuhi adicoro
pengetan dinten kamardikan negara kesatuan republik Indonesia. Wonten ing mriki, kulo badhe
ngaturaken satunggaling tema kamardikan republik Indonesia

Kito sedoyo mangertosi, bilih atusan Warso kito dipunjajah dening bangsa walandi. Rakyat
dipundamel ajrih soho nampi kasangsaran amargi kejajah. Kanthi landhasan tekad soho Raos
handarbeni dhumateng bangsa soho nagari ingkang kiyat, rakyat Indonesia ngupoyo supados saged
Mardika. Kawontenan menika saged keleksanan rikolo dinten Jumat tanggal pitulas Agustus Sewu
sangalas kawan gansal. Pramilo, rakyat Indonesia mengerti saben pitulas Agustus minongko dinten
kamardikan bangsa Kito, kangge pepeling soho mengerti kamardikan republik Indonesia ugi
pangurbanan poro pahlawan ingkang sampun gugur kangge kamardikaning bangsa Kito.

Pramilo, Awit saking meniko kulo panjenengan sami Kedah tansah ngaturaken Raos syukur Awit
kanugrahan kasebat. Raos syukur meniko antawisipun kawujudaken kanthi acoro jalan santai
sesarengan Satunggal RW, ngecet gapura, pasang umbul-umbul, pasang lampu meneko warni, ugi
kerja bakti lingkungan kanthi masang aksesoris merah putih. Lomba ingkang dipunwontenaken,
antawisipun panjat pinang, tarik tambang, balap karung, nedha krupuk Soho sanes-sanesipun

Ing malem tanggal pitulas Agustus dipunwontenaken adicoro inti inggih meniko tirakatan wonten ing
pawiyatan Kito meniko. Pramilo saking meniko, Kulo Soho panjenengan sedoyo tansah ngaturaken
Raos syukur ugi nyuwun kaliyan Gusti Allah SWT supados bangsa Kito meniko dados bangsa ingkang
langkung SAE

Ing Wasono, Kulo kinten kurang wicaksono menawi kathah anggen Kulo matur. Pramilo cekap
semanten kemawon atur Kulo, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur, Kulo tansah nyuwun
agunging pangaksami

You might also like