Professional Documents
Culture Documents
Teks Drama Ludruk Bjawa
Teks Drama Ludruk Bjawa
MC: Ing sawijining deso ono loro keluargo sing ora tau rukun, padalan keluarga iku sak tonggo.
Keluarga seng siji kagolong keluarga sugih utowo serba kecukupan, lan siji kagolong keluarga mlarat.
Pak Bayu :”aduuhh, bu’ loro ojok di tekek. Kate mateni aku ta sampean iki. Aku budhal kerjo riyen
nggeh bu’, assalamualaikum.”
Bu Ika :”ati-ati nag dalan yo nak!!, sepurane ibu durung duwe duek gae numbasno pean sepatu seng
apik.”
Bu Fitria :”mosok sekolah iku nggawe sandal, ora nduwe duek yo gae tuku sepatu bekas.”
Bu Ika :”wes nak, ora usah dirungoake omongane Bu Fitria, wes ndang budal.”
MC:Yeni lan Silviya ketemu nag dalan pas badhe tindak dateng sekolah.
Silviya :”ehh arek katrokk, (ndelok sikile Yeni) lohh kate sekolah kok nggae sandal, ora nduwe
sepatu?” (ngguyu)
Silviya :”wong mlarat mosok isok tuku sepatu bermerek koyo seng tak gawe saiki.”
Yeni :”aku ancen ora isok tuku sepatu apik, lan aku ora butuh sepatu apik.”
Pak Bayu : (moco koran ) ”buk buk, minggu wingi lak wes tak wenehi duit seh gawe belonjo.”
Bu Fitria :”sampun telas pak, damel tumbas klambi, sepatu lan kosmetik kulo.”
Pak Bayu :”ealah buk, duit kok dihambur-hamburno ae, mbokk yo koyo keluargane Pak Yakin iku loh
sederhana wae.”
Bu Fitria :”iku duduk sederhana pak, tapi ngirit. Ealah pak pak, sampean iku mleki.”
Pak Bayu : (ngetokno dompet) ”iki lo gawe belonjo” (ngekekno duit nang Bu Fitria).
Bu Fitria :”ealah pak, gawe opo satus ewu. Ga cukup gae belonjo. Mangan njalok enak ora gelem
bondo pakk…”
MC:Ning keluargane Pak Yakin, Pak yakin lan Bu Ika ngombe teh ning mbale omah.
Pak Yakin :”seger yo buk teh’e, opo maneh ngombene bareng sampean”
Bu Ika :”iso-iso ae sampean pak-pak, dadi eleng pas enom mbiyen. Wes ojo dientekno teh’e pak,
gawe anak’e mengko muleh sekolah dadi gak ngentekno gulo”
Pak Yakin :”nggeh buk, wong aku yo durung ngombe sak gelas”
Bu Ika :”pak-pak sampean lak ganteng seh, kulo tumbas’aken klambi koyo Bu Fitria niku lho, ora
sakno karo bojone gawe daster terus, mambu kecut pak.”
Pak Yakin :”wesalah bu, iku urusan mburi ae saiki seng paling penting nyekolah’no Yeni seng dhuwur,
cek iso dadi pramugari”
Bu Ika :”halah pak wes kadung kepingin klambi koyo Bu Fitria, kredit’no ae loh.”
Bu Ika :”ealah, anakku seng ayu dewe wes teko rek, iki lho nak diombe teh’e enak lan seger jare
bapakmu”
Yeni :”nggeh bu, maturnuwun (ngombe teh), iki mau enten nopo seh bu, lha kok rame-rame
ngoten”
Yeni “iyo pak, aku yo pingin sepatu koyo silviya mau, mosok aku dienyek sekolah gawe sandal”
Pak Yakin :”walah-walah iki anak karo ibu podo ae, garakno ndas ngelu”
Yeni :“iyo pak, jenenge turunan”
MC:Wayah bengi ing ngarep omah Bu Fitria, Silviya ngrungoake musik, tapi’e suarane banter dadine
Yeni seng lagi sinau ngroso keganggu, maringono Yeni metu teko omah lan ndelok Silviya ngrungoake
musik suarane banter.
Yeni :”hehh, neg ngrungokno lagu iku gak usah banget-banget, kupingku jebol iki lohh.”
Silviya :”ora ngurus kowe aku, ancene wong mlarat ora gaul.”
MC:Yeni lan Silviya tukaran, mari ngono Bu Fitria teko gawe misah arek loro iku mau.
Bu Fitria :”heh wong mlarat, lapo kowe nglarang anak ku nyetel lagu?”
Yeni :”ora buk, aku ora nglarang. Tapie aku saiki sinau dadi aku ora konsen amergo lagune Silviya.”
(mbelo deweke)
Bu Ika :(metu teko omah sambil nyincing daster lan nunjuk-nunjuk kanggo sandale)”hee.. onok opo
iki rame-rame?”
Bu Fitria :”Iki lho anakmu, nggarai masalah ae! Gak ngolehi anakku nyetel lagu”
Bu Ika :”iki lho pak, mentang-mentang sugih, senengane nggawe masalah ae.”
Pak Bayu :”wes-wes nek kepingin sugih, kene tak rabine pisan.”
Pak Yakin :”lho, lha aku ambek sopo? Masih bojoku koyok ngene gak onok tunggale!”
MC:Pak Bayu, Pak Yakin, Silviya lan Yeni tepuk tangan. Akhire keluarga Pak Bayu lan Pak Yakin pun
damai.
TAMAT