Materi B Jawa

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 13

BAHASA JAWA

Soal 1
Paugeran (aturan/pedoman) ing tembang macapat ana 3, yaiku kang kasebut ing ngisor iki, kajaba ....
(A) guru gatra
(B) guru wilangan
(C) guru lagu
(D) guru sastra
Jawaban: D

Soal 2
Cacahe gatra (baris) saben sapada ing tembung macapat diarani ....
Jawaban: guru gatra

Soal 3
Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra ing tembang macapat diarani ....
Jawaban: guru wilangan

Soal 4
Tibaning swara ing saben pungkasane gatra ing tembang macapat diarani ....

Soal 5
Ing ngisor iki bab-bab sing kudu digatekake anggone maca geguritan, kajaba ....
(A) kudu apal isine geguritan
(B) kudu nggatekake pocapan lan wiramane
(C) bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep
(D) mangerteni isi lan karepe geguritan kasebut, banjur dirasakake
Jawaban: A

Soal 6
Endahing geguritan dumunung ing bab-bab kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba ....
(A) nggunakake wirama utawa lagune
(B) busanane basa kang maneka warna
(C) pilihane tetembungan sing mentes, trep, lan mantesi
(D) tanpa nggunakake busanane basa kang maneka warna
Jawaban: D

Soal 7
Wawancara kang pitakone ora ditemokake luwih dhisik, gumantung marang swasanane wawancara,
dene respondhen bebas njawab gumantung marang pitakone, kalebu wawancara..
Jawaban: Terpimpin

Soal 8
Teks kang ngandarake fakta, kamomot ing medhia cetak, lan elektronik, isine kedadeyan utawa
prastawa kang lagi dadi omongane masyarakat, diarani teks….
Jawaban: Pawarta

Soal 9
Pawarta iku kudu ngandharake kedadeyan kang….
Jawaban: Nyata
Soal 10
Wit gedhang arane ....
Jawaban: Debog

Soal 11
Isine asem arane ....
Jawaban: Klungsu

Soal 12
Godhong asem arane ....
Jawaban: Sinom

Soal 13
Witing jagung, mas, yen ... kudu dietung.
Jawaban: Bon

Soal 14
Roning mlinjo,sampun sayah nyuwun ....
Jawaban: Ngaso

Soal 15
Prahara sing biasane dumadi nalika wayah rendheng yaiku….
Jawaban: Banjir

Teks Untuk Nomor 16-20


Ngopeni Banyu Sumber Panguripan
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing
dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga
wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo
buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.

Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora
kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa
tengene sumber! Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan
gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.

Soal 16
Teks wacan ing dhuwur grembug bab .........
Jawaban: banyu sumber penguripan

Soal 17
Banyu resik angel digoleki amarga saiki akeh banyu kali kang kena ........
Jawaban: uwuh lan limbah

Soal 18
Apa kang nyebabake sumber banyu lan kali akeh sing asat?
Jawaban: wit-witan kang nandon banyu wis entek ditegori

Soal 19
Akeh segara kang saiki dadi reged. Babagan iki amarga ...............
Jawaban: banyu kali kang kebak limbah mili menyang segara
Soal 20
Teks wacan ing dhuwur klebu jenis wacan ...........
Jawaban: persuasi

Soal 21
Wujude gancaran, isine ngajak, ngelingake, mamerake. Ciri-ciri iki minangka cirine teks .......
Jawaban: persuasi

Soal 22
"Negor sauwit nandur satus bibit". Ukara iki klebu ...........
Jawaban: slogan

Soal 23
Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh
oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur ................
Ukara inti paragrap ing dhuwur kang bener yaiku ............
(A) ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen
(B) oksigen bisa nyehatake paru-paru
(C) tanduran kang mridhuksi oksigen
(D) panguripane ing ngendi wae mesthi mbutuhake oksigen
Jawaban :D

Soal 24
Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh
oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur ................
Kang ngasilake oksigen yaiku ..............
Jawaban: tanduran sing subur

Soal 25
Tembung mrodhuksi padha tegese karo tembung ..........
Jawaban: nambahi

Soal 26
Ing ngisor iki ukara sing klebu jenise pariwara/iklan yaiku ......
(A) ngundhuh wohing pakarti
(B) lemah longsor mendhem puluhan omah
(C) ayo njaga lestarine alam!
(D) anjir nrajang pirang-pirang desa
Jawaban: C

Teks Untuk Nomor 27-30


Jaran Kepang
Jaran kepang yaiku tari tradisional Jawa kang nggambarake sakelompok prajurit nalika nunggang
turangga utawa jaran. Tari jaran kepang utawa jaran lumping lumrahe amung nyuguhake adegan
prajurit nunggang jaran, ananging ing pirang-pirang wewengkon nyuguhake atraksi kesurupan,
kekebalan, kekuatan magis, atraksi mangan beling lan kebale awak. Jaran kepang minangka
perangane pagelaran reog. Sanajan tari kasebut asale saka tlatah Jawa, joged kasebut uga diwarisake
dening wong Jawa kang papan dununge ana ing Sumatera Utara.
Jaran kepang nggunakake property awujud jaran-jaranan, digawe saka anyaman pring banjur dihias
kanthi cet lan kain kang maneka warna. Sejarah jaran kepang kuwi jarene minangka wujud apresiasi
lan panjurung rakyat tumrap wadyabala Pengeran Diponegara, nalika ngadhepi penjajah Walanda.
Tari jaran kepang uga nggambarake kaprawiran sawijine wadyabala berkuda. Bab kuwi katon saka
owah-owahan ritmis, dinamis, lan agresif saka anyaman pring kang niru owahan kaya dene jaran ing
tengah paprangan.

Soal 27
Irah-larahan wacan ing dhuwur yaiku . . .
Jawaban: Jaran Kepang

Soal 28
Pokok pikiran paragrap nomer siji wacan ing dhuwur, yaiku . . .
Jawaban: Tari nyuguhake adegan prajurit nunggang jaran.

Soal 29

Properti tari jaranan digawe saka . . .


Jawaban: pring

Soal 30
Sejarah jaran kepang kuwi jarene minangka wujud apresiasi lan panjurung rakyat tumrap…
Jawaban: wadyabala Pengeran Diponegara nalika ngadhepi penjajah Walanda.

Gladhen Wulangan 1

1. Irah-irahan kang trep kanggo wacan ing dhuwur yen arupa slogan yaiku…..
Jawaban: d. Lestari alasku, lestari bumiku
Judul yang tepat untuk bacaan di atas adalah Lestari alasku, lestari bumiku
2. Ukara inti ing paragrap 1 wacan ing dhuwur yaiku…..
Jawaban: b. Alas Indonesia paru-parune donya
Kalimat utama pada pada paragraf 1 adalah Alas Indonesia paru-parune donya.

3. Ukara inti ing paragrap 2 wacan ing dhuwur yaiku…..


Jawaban: a. Alase Indonesia rusak kabeh
Kalimat utama pada paragrap 2 adalah Alase Indonesia rusak kabeh.

4. Yen katulis latine…..


Jawaban: d. Alasku lestari, uripku murakabi
Aksara Jawa tersebut jika ditulis dalam bahasa latin adalah alasku lestari, uripku murakabi.

5. Ukara sing dadi cirine teks persuasi wujud pangajak ana ing paragrap…..
Jawaban: 3
Ciri-ciri teks persuasi terdapat pada paragrap ketiga yakni berupa kalimat ajakan.

6. Ukara ing ngisor iki tuladha teks pawarta wujud andharan ngenani kedadeane…..
Jawaban: d. Prahara banjir bandhang mau kelakon ing dina Selasa, 16 Agustus 2016 pukul 22.00 WIB
Teks pawarta adalah kalimat berita.
7. Ing ngisor iki titikane sesanti utawa slogan sing bener yaiku…..
Jawaban: a. Ukarane ngajak-ajak
Kalimat pada slogan berisi kalimat ajakan.

8. Ing ngisor iki titikane pariwara/iklan sing bener yaiku…..


Jawaban: b. Ukarane mamerake
Kalimat dalam iklan memaparkan kelebihan produk agar banyak orang yang tertarik.

9. Ing ngisor iki ukara sing klebu jinise pariwara/iklan yaiku….


Jawaban: b. Gunakna banyu sacukupe!
Contoh kalimat iklan yang cocok adalah ajakan menggunakan air secukupnya saja.

10. “Panguripan ing ngendi bae mbutuhake oksigen”, yen diowahi nganggo basa krama sing bener…..
Jawaban: a. Pagesangan wonten pundi kemawon mbetahaken oksigen
Basa krama digunakan untuk berbicara kepada orang yang lebih tua dari kita.

B. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi cekak aos!


1. Apa wae titikane teks pawarta?
Jawaban:
Titikane teks pawarta yaiku ngandharake fakta, kamomot ana ing medhia cetak utawa elektronik lan
isine sing lagi dadi bahan omongane masyarakat.

2. Apa bedane teks pariwara karo teks sesanti?


Jawaban:
Teks pariwara isine mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku lan digunakake.
Nanging yen teks sesanti isine ngajak lan ngelingake.

3. Kepriye tuladhane teks pariwara?


Jawaban:
Banyu sumber panguripan, openana!
Lestarekna alas Indonesia sing dadi paru-paruna donya iki!

4. Kepriye tuladhane teks sesanti?


Jawaban:
Nandur siji, njaga lestarine bumi
Negor sauwit, nandur satus bibit!

5. Kepriye tuladhane teks pawarta saparagrap?


Jawaban:
Karang taruna desa Jembrana Bali angger sesasi pisan ngadakake sambatan ngresiki desa utawa kerja
bakti. Tujuan kerja bakti iki yaiku kanggo ngresiki kalen kang rusoh lan dalan sing akeh sukete.

Kagiatan iki dipelopori Ketua Karang Taruna Wayan Suwarna, deweke duwe pendapat yen kerja bakti
bisa ngakrabno para anggota karang taruna lan kanggo njaga lingkungan.

6. Kepriye panemumu ngenani teks pawarta sajerone kalawarti Jaya Baya lan Panjebar Semangat?

Jawaban:
Miturut panemuku, teks pawarta ing kalawarti Jaya Baya lan Panjebar Semangat cukup narik
kawigaten para pamarca amarga isi anyar lan basa sing digunakake gampang dimangerti dening
pamaca.

C. Wangsulana pitakon ing ngisor iki!

1. Apa cangkriman kuwi?

Kunci jawaban: unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude

2. Apa titikane cangkriman?

Kunci jawaban: bedhekan utawa batangan

3. Jinise cangkriman kuwi ana pira? Coba aranana!

Kunci jawaban:

Cangkriman iku wujude ana 4, yaiku cangkriman sing wujude wancahan (cekakan), cangkriman sing
wujude pepindhan (irib-iriban), cangkriman sing wujude plesetan, lan cangkriman sing sinawung ing
tembang.

4. Tulisen tuladane cangkriman manut jinise!

Kunci jawaban:

1) cangkriman sing wujude wancahan (cekakan) = Pakbo letus, batangane tipak kebo lelene satus

2) cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban) = Sega sakepel dirubung tinggi, batangane salak

3) cangkriman sing wujude plesetan = Ana gajah numpak becak, ketok apane? Ketok mbujuke

4) cangkriman sing sinawung ing tembang =

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,

Dawa kaya ula,

Pencokanmu wesi miring,

Yen lumaku si pucung ngumbar swara.

Itulah kunci jawaban Bahasa Jawa kelas 6 SD/MI Gladhen 2:


HAL 41
1. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur?
Jawaban: Raden Ngabehi Ranggawarsita
2. Unen-unen sajerone teks, nggambarake sapa?
Jawaban: Raden Ngabehi Ranggawarsita
3. Sapa asma timure Raden Ngabehi Ranggawarsita?
Jawaban: Bagus Burhan
4. Kepriye wewatake Raden Ngabehi Ranggawarsita nalika timur?
Jawaban: Pinter ngaji lan alim
5. Apa wae reriptane Raden Ngabehi Ranggawarsita?
Jawaban: Babad, dongeng, primbon, pranatacara, lakon wayang, ramalan, lan liya-liyane
6. Piye patrape Raden Ngabehi Ranggawarsita marang wong cilik?
Jawaban: Cedhak kawula alit

Kalo bebasan :
-Ancik-ancik pucuking eri.
-Kebo lumumpat ing palang.
-Diwenehi ati ngrogoh rempela.
-adigang, adigung, adiguna
bathang lelaku
baladewa ilang gapite
anggenthong umos
arep jamure emoh wantange

Paribasan :
-Becik ketitik ala ketara.
-Gayuk-gayuk tuna.
-Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.
-Adhang-adhang tetese
-Busuk ketekuk, pinter

Saloka :
-Ora ganja ora unus
-Ngalem legine gula.
-Sedhekep ngawe-awe.
-Tumbu oleh tutup
-Bathok bolu isi madu

Saloka yaiku unen-unen kang gumathok, ngemu surasa pepindhan, dene pepindhane mau trumrap
uwong lan kahanan utawa pakartine. Dalam bahasa Indonesia, Saloka adalah ungkapan tetap,
mengandung makna kiasan pengandaian terhadap orang dan keadaan atau tingkah lakunya. Namun,
yang digunakan untuk perumpamaan biasanya hewan atau barang. Sebagai contoh “gajah ngidak
rapah” artinya wong kang nerak marang wewalere dhewe (orang yang melanggar peraturannya
sendiri)

Dalam bahasa Jawa, umumnya ada tiga macam peribahasa, yaitu paribasan, bebasan, dan saloka.
Dari masing-masing peribahasa tersebut memiliki ciri khas khusus yang membedakannya.
Saloka memiliki ciri-ciri khusus sebagai berikut:
1. Mengandung arti kiasan (konotatif)
2. Sifatnya tetap
3. Mengandung ungkapan pengandaian, dengan menggunakan perumpamaan hewan ataupun
barang
63 contoh Saloka dan artinya
Untuk memperjelas apa itu saloka, di sini kami berikan berbagai contoh agar anda bisa membedakan
jenis peribahasa bahasa Jawa.

1. Ala belo becik jaran = nalika isih cilik rupane ala bareng gedhe rupane ayu/bagus

Maknanya: ketika kecil wajahnya jelek, setelah besar wajahnya cantik/ganteng.

2. Asu arebut balung = uwong rebutan barang kang ora mingsra

Maknanya: orang yang berebut sesuatu yang tidak seberapa nilainya.

3. Cecak nguntal elo = duwe karep kang mokal kelakone

Maknanya: punya keinginan yang mustahil terlaksana

4. Gagak nganggo laring merak = wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur (Gedhe)

Maknanya: rakyat kecil tetapi cara hidupnya seperti pejabat/orang kaya

5. Gajah ngidak rapah = wong sing nerak marang wewalere dhewe

Maknanya: orang yang melanggar omongan/peraturannya sendiri

6. Gajah tumbuk kancil mati ing tengah = wong luhur pasulayan wong cilik kang nemu cilaka

Maknanya: pejabat yang bertengkar/berperang rakyat yang susah/sengsara

7. Kebo bule mati setra = wong apik matine ora kopen

Maknanya: orang baik meninggalnya tidak terawat

8. Kebo kabotan sungu = wong kang uripe rekasa jalaran kakean sanggan

Maknanya: orang yang hidupnya sengsara karena terlalu banyak beban

9. Kebo lumumpat ing palang = uwong ngadili prakara ora nganggo wewaton sing benar

Maknanya: orang mengadili perkara tetapi tidak menggunakan pedoman yang benar.

10. Kebo nusu gudel = uwong tuwa njaluk wuruk marang wong enom

Maknanya: orang tua minta petunjuk/arahan dari anak muda

11. Pitik trondhol diumbar ing pedaringan = wong ala dipercaya ngreksa barang kang dadi
pekaremane
Maknanya: orang jahat dipercaya memelihara/menjaga barang yang jadi kesenangannya

12. Pecruk tunggu bara = wong ala dipercaya njaga barang kang dadi pekaremane

Maknanya: orang jahat dipercaya memelihara/menjaga barang yang jadi kesenangannya

13. Semut marani gula = wong kang marani panggonan kang ana rejekine

Maknanya: orang yang pergi ke tempat yang banyak rejeki

14. Tekek mati ing ulune = wong oleh kacilakan marga saka omongane dhewe

Maknanya: orang mendapat kecelakaan/halangan karena ucapannya sendiri

15. Ula marani gebuk = wong kang njarak marang kacilakan

Maknanya: orang yang bermain dengan bencana/kesusahan/kemalangan

16. Asu belang kalung wang = wong ala nanging sugih

Maknanya: orang jelek, rendah, atau jahat tetapi kaya

17. Asu gedhe menang kerahe = wong sing duwe pangkat dhuwur biasana menang ing prakara

Maknanya: orang yang lebih tinggi derajat pangkatnya biasanya menang permasalahannya

18. Ati bengkong oleh oncong = wong kang duwe niat ala antuk dalan

Maknanya: orang yang punya niat buruk/jahat ada yang mendukung dan mendapat jalan

19. Baladewa ilang gapite = wong kang kelangan kekuatane

Maknanya: orang yang kehilangan kekuatannya.

20. Bathok bolu isi madu = wong sudra nangin sugih ngelmu

Maknanya: orang rendahan tetapi kaya pengetahuan

Pelajari juga Keratabasa Bahasa Jawa yang populer sepanjang masa

21. Bebek mungsuh mliwis = wong padha pintere memungsuhan, nanging sing siji kalah marga kalah
tekun/trampil

Maknanya: orang pandai bermusuhan dengan orang pandai tetapi yang satu kalah tekun dan
terampil

22. Belo melu seton = wong kang melu grubyak-grubyuk nanging ora ngerti maksud lan tujuane

Maknanya: orang yang ikut-ikutan tetapi tidak tahu maksud dan tujuannya
23. Beras wutah arang bali marang takere = samubarang sing wis owah langka isoh pulih meneh kaya
maune

Maknanya: sesuatu yang sudah berubah dari asal mulanya mustahil bisa pulih seperti sediakala.

24. Cebol nggayuh lintang = wong sudra duwe pepinginan kang mokal kelakone

Maknanya: orang miskin yang mempunyai keinginan yang mustahil tercapai

25. Cecak nguntal empyak/cagak = duwe pepinginan kang ora jumbuh karo kabisane

Maknanya: keinginan/cita-cita yang tidak sesuai dengan kemampuannya

26. Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = ala dikandhakne becik, becik
dikandhakne ala

Maknanya: buruk dikatakan baik, baik dikatakan buruk

27. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan = wong kang tansah antuk keslametan ora ana sing ngganggu
gawe

Maknanya: orang yang selalu diberi keselamatan serta tidak ada yang mengganggu

28. Dom sumurup ing banyu = tumindak meneng-menengan kanggo nutupi ala

Maknanya: melakukan sesuatu secara diam-diam untuk menutupi keburukan

29. Emprit abuntut bedhug = prakara cilik dadi gedhe

Maknanya: permasalahan kecil menjadi besar menjadi-jadi

30. Endhas gundhul dikepeti = wong sing wis enak isih ditambahi enak

Maknanya: orang yang sudah enak ditambah enak lagi

31. Gagak nganggo elaring merak = wong sudra nanging tumindake kaya wong duwe pangkat drajat
sing dhuwur

Maknanya: orang miskin yang bertindak seperti orang besar/luhur

32. Gajah alingan suket teki = sipat utawa tumindak sanadyan ora katon mata, mesti bakal katon

Maknanya: sifat atau kelakuan lahir maupun batin meskipun tidak kelihatan pasti suatu saat akan
tampak yang sebenarnya

33. Gajah tumbuk karo gajah, kancil mati ing tengah = wong sing duwe kalungguhan padudon, wong
cilik sing dadi korban

Maknanya: orang yang berkedudukan saling bertengkar, rakyat kecil yang menjadi korban

34. Gong lumaku tinabuh = wong sing tansah dijaluki wewarah utawa ngelmu
Maknanya: orang yang selalu dimintai petuah atau dimintai ilmu pengetahuan

35. Idu didilat maneh = wong kang wis menehi utawa janji, nanging dijaluk maneh utawa dijabel
rembugke

Maknanya: orang yang sudah memberi kemudian meminta kembali pemberiannya atau
membatalkan janji yang diucapkan

36. Iwak klebu ing wuwu = wong sing gampang diapusi

Maknanya: orang yang mudah dibohongi

37. Jati ketlusuban ruyung = kumpulan wong apik-apik kelebon wong sing tumindake ala

Maknanya: kumpulan orang-orang baik yang kemasukan orang yang buruk sifatnya

38. Jaran kerubuhan empyak = wong kang wis kapok ora bakal mbaleni maneh

Maknanya: orang yang sudah jera dan tidak akan mengulangi lagi

39. Kacang mangsa ninggala lanjaran = pakulinan anak biasane niru tumindake wong tuwane

Maknanya: kebiasaan anak biasanya meniru perbuatan orang tua

40. Kebo bule mati setra = wong pinter nanging ora ana sing mbutuhne, amarga manggon aneng
kang ora samesthine

Maknanya: orang pandai tapi kepandaiannya tidak ada yang membutuhkan karena berada di tempat
yang tidak semestinya

Pelajari juga 4 jenis Tembung Camboran Bahasa Jawa, pengertian dan contohnya

41. Kebo ilang tombok kandhang = wong kang wis kelangan nanging isih mbutuhake bea/ragat
kanggo nggoleki barang sing ilang mau

Maknanya: orang yang sudah kehilangan tapi masih membutuhkan biaya untuk mencari barang yang
hilang tadi

42. Kebo mulih nyang kandhange = wong sing wis lunga suwe bali menyang asale

Maknanya: orang yang sudah pergi lama dan kembali lagi ke asalnya

43. Kebo kabotan sungu = wong sing uripe sengsara merga kakean anak

Maknanya: orang yang kehidupannya susah/menderita karena kebanyakan anak

44. Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk tulung marang bocah enom

Maknanya: orang tua yang meminta bantuan kepada pemuda


45. Kemladheyan ngajak sempal = wong neneka ngajak tumindak ala

Maknanya: pendatang yang mengajak berbuat onar/keburukan

46. Kere munggah bale = wong mlarat diangkat utawa didadekne bojo wong gedhe

Maknanya: orang miskin yang diangkat jadi orang berkedudukan atau dijadikan istri/suami orang
yang berkedudukan/orang besar

47. Kethek seranggon = kumpulane wong- wong sing seneng tumindak ala

Maknanya: segerombolan orang yang berbuat kejahatan

48. Klenthing wadhah masin = wong sing abot ninggalke pakulinan ala

Maknanya: orang yang berat meninggalkan kebiasaan buruk

49. Kriwikan dadi grojogan = prakara cilik dadi gedhe

Maknanya: permasalahan kecil menjadi besar dan menjadi-jadi

50. Kutuk marani sunduk = wong sing dolanan bebaya

Maknanya: orang yang bermain-main dengan bahaya

51. Lahang karoban manis = wong ayu utawa bagus lan budi pakartine luhur

Maknanya: orang yang wajahnya cantik atau ganteng serta berbudi pekerti luhur

52. Lambe satumang keri samerang = wong kang diwenehi ngerti bola-bali nanging tetep ora percaya

Maknanya: orang yang diberi tahu berkali-kali tetap saja tidak percaya

53. Legan golek momongan = wong kang wis kepenak uripe nanging malah golek kasusahan

Maknanya: orang yang sudah enak hidupnya tetapi malah mencari kesulitan

54. Opor bebek mentas awake dhewe = wong kang ngrampungke prakara merga budidayane dhewe

Maknanya: orang yang menyelesaikan permasalahan karena usahanya sendiri

55. Palang mangan tanduran = wong kang dipercaya njaga samubarang malah dirusak dhewe

Maknanya: orang dipercayai menjaga sesuatu tetapi malah merusaknya

56. Satru munggwing cangklakan = mungsuhi wong sing sabenere isih sedulure dhewe

Maknanya: memusuhi orang yang sebenarnya masih sanak saudaranya sendiri

57. Sumur lumaku tinimba = wong kang kudu dijaluki pitakonan


Maknanya: orang yang harus dimintai pertanyaan

58. Tumbu oleh tutup = wong kang wis cocok karo pepinginane utawa karepe

Maknanya: orang yang sudah cocok dengan keinginannya

59. Timun mungsuh duren = wong mlarat memungsuhan karo wong sing duwe kuwasa

Maknanya: orang miskin yang bermusuhan dengan orang yang berkuasa

60. Timun wungkuk jaga imbuh = wong bodho lan elek digunakne menawa dibutuhke

Maknanya: orang bodoh dan jelek dipakai hanya jika dibutuhkan

62. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati = turunane wong cilik lan ala dadi akeh, nanging
keturunane wong apik entek

Maknanya: keturunan orang kecil atau buruk berkembang, sedangkan keturunan orang baik habis

63. Yuyu rumpung mbarong ronge = omahe gedhe nanging satemene wong mlarat

Maknanya: rumahnya besar tetapi sebenarnya orang yang miskin


Kesimpulan
Saloka adalah suatu ungkapan dalam bahasa Jawa yang bermakna kiasan, sifatnya tetap, dan
mengandung ungkapan pengandaian, dengan menggunakan hewan atau barang sebagai
perumpamaan. Saloka sudah ada sejak jaman dahulu, sehingga masyarakat Jawa sekarang hanya
tinggal menirukan saja.

You might also like