BASA JAWA K. 4.2

You might also like

Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 2

Kisi-Kisi Bahasa Jawa Kelas 4

A. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c utawa d kang ana sanggarepe wangsulan kang
bener !
1. Ibuku lagi ……kembang melathi kanggo temanten adhine.
a. mronce c. ngroncekake
b. dakronce d. ngronce
2. Bocah-bocah wiwit cilik kudu ….urip resik, jalaran urip resik iku bunci supaya ora kena
lelara.
a. kulina c. dikulina
b. dakkulina d. dikulinakake
3. Manungsa kudu mbudidaya, sugih miskin (garis) saka Gusti Allah.
a. garisan c. garisane
b. ginaris d. digaris
4. Beras sakarung iku abot, aja diangkat dhewe.
Ater-ater sa ing tembung sakarung tegese …..
a. sabuntelan c. diwadhahi
b. siji d. sawadhah
5. Surate (tulis), mengko aku sing ngirim.
a. daktulis c. tulisen
b. ditulis d. tulisana
6. Tembung ing ngisor iki kang ora klebu tembang dolanan …..
a. buta-buta galak c. nunggang sepur
b. pucung d. padhang bulan
7. Tembang dolanan mathuk ditembangake sinambi …….
a. seneng-seneng c. dolan
b. guyonan d. dolanan
8. Tembang dolanan,” Padhang Bulan”, iku ngemot …….
a. pitutur c. pepeling
b. piwulang d. wulangan
9. Saben dina aku sinau supaya pinter.
Tembung pinter kosok baline …..
a. bodho c. kendho
b. koplo d. kethul
10. Adhiku jenenge Sunarka mbakyuku …. Sunarti.
a. asamne c. asthma
b. namine d. nama
11. Cita-cita adhiku dadi dhokter. Tembung cita-cita padha tegese karo ….
a. gegayuhan c. kekarepan
b. karep d. kepenginan
12. Sedulur loro kakung putri diarani kedana kedini, yen sedulur loro putri kabeh diarani ……
a. ontang-anting c. uger-uger lawang
b. kembang sepasang d. kedini kedana
13. Jambune wis abang …. ayo diundhuh, tinimbang nganti bosok.
a. mbranang c. abang
b. ireng d. banget
14. Urip ana kampung kuwi kudu rukun karo tangga ….
a. tanggane c. cedhak
b. kiwa tengen d. teparo
15. Budiman pancen kethul pikire, mula taun iki ora munggah kelas. Kethul pikire tegese …..
a. bodho c. pikirane kendho
b. ora lantip d. pikirane bundhel
B. Isenana titik- titik ing ukara ngisor iki nganggo wangsulan sing mathuk
1. Adhiku yen …..isih sore nanging aku wis jam sepuluh bengi
2. Aku eling yen aku kudu sinau. Tembung eling kosok baline ………
3. Padhang rembulane iku kira-kira tanggal limalas sasi jawa.
Tembung padhang kosok baline ……..
4. Ana paribasan, Rukun agawe Santosa, Crah …….
5. Bapakku saiki lagi …..winih ing sawah.
6. Ing jaba padhang …..jalaran wanci rembulan purnama
7. Wingi lampune mati kabeh mula …..ndhedhet.
8. Rembulane ngawe-awe ngelingake aja padha …………
9. Rudi turune wis bengi banget mula tangine ……….
10. Padhang kaya …….tegese padhange kaya wanci awan

C. Jawaben ukara ing ngisor iki nganggo tembung sing bener!


1. Sebutna 3 wae tembang dolanan!
……………………………………………………………………………………
2. Sebutna ciri-cirine tembang dolanan!
……………………………………………………………………………………
3. Apa sing diarani tembang dolanan kuwi?
……………………………………………………………………………………
(Tulisen nganggo aksara jawa)
4. Dina selasa
……………………………………………………………………………………
5. Rina wengi
……………………………………………………………………………………

You might also like