Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 7

TATA PANEMBAH MINGGU PASKAH III (Stola pethak)

Greja Kristen Jawi Wetan Pasamuwan Surabaya


Minggu, 14 April 2024 Pukul 06.00 WIB
I. Cawisan
1. P1/ Koordinator Ibadah
a. Pelados Pangabekti, Pinisepuh, lan dhiaken Pasamuwan andum damel
ing Jegong.
b. Nalika pangrigen pangabekti (Koordinator Ibadah) mimpin pandonga,
sadaya anggota Majelis sami nyepeng sola, mboten ngagem stola. Bakda
ndedonga, Pangrigen pangabekti ngandika: “Sumangga kita ngagem
busana Liturgi (stola) lan kita ladosi umatipun Gusti kanthi manah
ingkang tulus lan andhap asoring manah! Sugeng leladi, Gusti
mberkahi.”
c. Pangrigen Pangabekti ngajak Majelis Pasamuwan sami memuji saking
KPJ 27: 1
1. Sakèhing titah ing bumi padha giranga memuji.
Haléluya, haléluya!
Surya prakosa sumunar, candra, kartika kababar.
Puji Gusti saben wanci. Haléluya, haléluya, haléluya!
Angin tan kendhat lumaku, méga lan mendhung lumintu.
2. P2 : Maos warta lesan

II. Tata Laksana Pangabekti


1. Timbalan Pangabekti
P2 : “ Pasamuwan ingkang Kinasih. ing minggu injing punika, kita sami
lumebet wonten ing minggu Pra-Paskah ingkang kaping 3.
Sumangga kita sami nyawisaken dhiri lumebet wonten ing pangabekti
injing punika, klayan suka bingah ing manah, kita memuji KPJ 27: 1-2
(Pasamuwan Jumeneng)
Umat : Memuji KPJ 27: 1-2 Sakèhing titah ing bumi
1. Sakèhing titah ing bumi padha giranga memuji.
Haléluya, haléluya!
Surya prakosa sumunar, candra, kartika kababar.
Puji Gusti saben wanci. Haléluya, haléluya, haléluya!
2. Angin tan kendhat lumaku, méga lan mendhung lumintu.
Haléluya, haléluya!
1
Hawa ketiga ngresepi, mangsa rendheng kang gumanti.
Puji Gusti saben wanci. Haléluya, haléluya, haléluya
3. Votum lan salam
PF : etuking pitulungan kita pinangkanipun saking Allah Sang Rama
ingkang ntahaken langt kaliyan bumi, ingkang boten nate nilar
pakaryan astanipun, saha ingkang langgeng asih kasetyanipun.
Umat : Memuji KPJ 7: 1 “Gusti Kawula Sowan”
Gusti, kawula sowan atur pangabekti, pasrah nyawa lan badan kanthi
trusing ati. Mugi Paduka tampi, wah paring kadarman, dimen kula
lestantun wonten ing kraharjan.
(Pasamuwan Lenggah)

4. Jejering Pangabekti
PF :kita taksih wonten ing mangsa Paskah lan injing punika kira
lumebet wonten ing minggu Paskah ingkang kaping 3. Tema Liturgis
wonten ing mangsa Paskah Punika suraosipun GKJW sinarengan
kaliyan Sang Kristus Mujudaken Katentreman lan Kaadilan
Sosial. Jejering pangabekti kita Injing punika suraosipun Timbalan
mujudaken katentreman lan Kaadilan Sosial.

Umat : Memuji KPJ 339: 1,3 Iba dennya mbingah aken


1. Iba dennya mbingah aken, yen ing sajagad wrata,
kaadilan den agungken, binabar aneng donya.
Reff.
Srana sih katersnan tulus, lah jagad dados Pirdus.
Sagung tumitah rinimat, rinoban ing sih rahmat.

3. Iba dahat endahing, pra titah tetunggilah,


tunggil sedya sakapraya, rumaket trus ing driya. Reff...
5. Pamratobat
a. Timbalan Pamratobat
PF : Ibu, Bapa, para kadang sedaya wonten ing Gusti Yésus Kristus.
Dosa anjalari manungsa koncatan kautaman; matemah manungsa
datan kadunungan sesambetan klayan Gusti Allahipun. Manungsa
mbaléla tumrap Gustinipun, mila menawi kita kepéngin wilujeng

2
kanthi tentrem rahayu …. Kita tinimbalan mratobat. Sumangga,
kita sedaya sami nelangsani dosa-dosa saha mratobat.

b. Pangaken Dosa
PF : Sumangga kita sami nelangsani sadaya dosa lan kalepatan kita
kanthi dedonga (kaparingan wekdal sawetawis kangge dedoanga
sacara pribadi lan mangke dipunlajengaken pandonga ingkang
dipun pandu dening pelados)
Umat : memuji KPJ 45: 1 – 3
1. Anèng ngarsané Gusti, binuka isining kalbu.
Sanyata najis uripku, anèng ngarsané Gusti
2. Anèng ngarsané Gusti, tansah tetéla luputku.
Mung kebak lamis uripku, anèng ngarsané Gusti.
3. Anèng ngarsané Gusti, rumangsa ringkih lan semplah.
Reribed lan nyawa lungkrah, anèng ngarsané Gusti.

c. Pawartos Sih-rahmat
(Pasamuwan Jumeneng)
PF : Mikha 7: 18-19, inggih mekaten “Dhuh Allah, mboten wonten
Allah ingkang kados Paduka. Paduka paring pangapunten
dhateng dosa-dosanipun umat Paduka, ingkang taksih gesang.
Mboten selaminipun Paduka mbendoni, malah Paduka rena
nandukaken sih-kamirahan dhateng umat Paduka. Paduka
badhé melasi kawula sepisan malih. Dosa-dosa kawula badhé
Paduka idak-idak lan Paduka bucal ing tengahing seganten!”

Umat : Memuji KPJ 68: 1,3,5 Allah Maha Asih


1. Allah Maasih asung Putranya,
Allah Maasih mring manungsa
Reff:
Mila kula ngidung Allah Maasih
Allah Maasih mring manungsa
3. Gusti Pamarta ngurbanken nyawa,
Gusti Pamarta mbirat dosa. Reff: …
5. Kula sinungan tentrem-raharja,

3
kula sinungan pangaksama. Reff: …

(Pasamuwan Lenggah)
6. Paladosan Sabda
P3 : Donga Epiklese
P3 : Waosan I : Lelakone Para Rasul 3:12-19
P Puji : Pendarasan Jabur Masmur 4
Pemandu Pujian
Dhuh Allah mugi karsa paring w’las, lan miyarsakaken pandonga,
kanthi tentrem kawula lajeng tilem, wit Paduka kang anjalari
tentrem.
Umat
Dhuh Allah mugi karsa paring w’las, lan miyarsakaken pandonga,
kanthi tentrem kawula lajeng tilem, wit Paduka kang anjalari
tentrem.
Pemandu Pujian : Bait 1
Nganti pira suwene aku diwirangake, sarta anggonmu mburu
marang pagorohan, Sang Yehuwah wus milih kang dikasihi, lan
midhangetke marang panyuwunku.
Umat
Dhuh Allah mugi karsa paring w’las, lan miyarsakaken pandonga,
kanthi tentrem kawula lajeng tilem, wit Paduka kang anjalari
tentrem.
Pemandu Pujian : Bait 2
Nepsuo nanging aja nganti gawe dosa, mosika lan meneng ing
sajroning atimu, padha nyaosna korban kang bener, lan kumandela
mrang Sang Yehuwah.
Umat
Dhuh Allah mugi karsa paring w’las, lan miyarsakaken pandonga,
kanthi tentrem kawula lajeng tilem, wit Paduka kang anjalari
tentrem.
Pemandu Pujian : Bait 3

4
Sapa kang bakal nyumurupake kang becik, Paduka karsaa
mlethekken cahya wedanane, Paduka sampun paring kabingahan,
nyangkungitiyang kang angsal gandum lan anggur.
Pemandu Pujian lan Umat
Dhuh Allah mugi karsa paring w’las, lan miyarsakaken pandonga,
kanthi tentrem kawula lajeng tilem, wit Paduka kang anjalari
tentrem.

P4 : Waosan 2 : 1 Yokahanan 3:1-7


PF : “Punika wiwitaning Injil Yesus Kristus” Haleluya .
Umat : Memuji Haleluya
0 1 3 | 4 . 3 4 | 5 . ||
Hale -lu - - - - ya!
(Pasamuwan Jumeneng)
PF : Injil Yesus Kristus miturut Paseksine Lukas 24:36-49
ingkang mekaten….
” Rahayu tumrap kita sedaya ingkang purun mirengaken
pangandhikanipun Allah lan nindhakaken wonten ing gesang
padintenan. Amin. ”
Umat : “Amin… Amin…Amin”
(Pasamuwan Lenggah)
PF : Pamedaring Sabda
PF : Wanci Sidhem
(Pasamuwan Jumeneng)

7. Pangaken Pitados (P5)


(Pasamuwan Lenggah)

8. Pandonga Sapaat
a. Kawontenan Bangsa lan Negari Indonesia
b. Peladosan ing GKJW Pawamuwan Surabaya, saha para pelados ingkang
wonten ing Pasamuwan.
c. Brayat, Panyambut damel lan kagem anak-anak ingkang taksih ngudi
kaweruh.
d. Momotaning gesang pasamuwan
e. Pokok donga dipun pungkasi KK. 143 Donga Rama Kawula
5
9. Sumaosing Pisungsung
P6 : para sedherek ingang kinasih, minangka tanda sokur kita dhumateng
Gusti, sumangga kita sami ngempalaken pisungsung ingkang sampun
kita cawisaken saking griya kita piyambak-piyambak.
Sabdanipun Gusti ingkang dados landesan kita injing punika mekaten:
“Padha saosa puji marang Allah, sebab Panjenengané saé, penggalihé
lan sih-kasetyané langgeng selawasé.”(Jabur 118: 1)

Umat : Memuji KPJ 154: 1— Adrenging tyas kula


(1) Adrenging tyas kula, ngaturken panuwun Gusti
Paduka ngasihi, kula kagunganta
Reff:
Mung punika Gusti, pisungsung kula
sawetahing gesang, jiwa lan raga
wit kula tan darbé bandha kang pengaji
kang langkung prayogi, sumaos Gusti
Mung punika Gusti, panyuwun kula,
mugi katampia atur kawula,
mrih gesang kawula, kagema Paduka pirantos sapala.

(2) Saiba éndahing sih-tresna Paduka, Gusti


kula kagunganta, Paduka rimati.
Reff:
Mung punika Gusti, pisungsung kula
sawetahing gesang, jiwa lan raga
wit kula tan darbé bandha kang pengaji
kang langkung prayogi, sumaos Gusti
Mung punika Gusti, panyuwun kula,
mugi katampia atur kawula,
mrih gesang kawula, kagema Paduka pirantos sapala.
(Pasamuwan Jumeneng)
P6 : pandonga pisungsung

10. Pangutusan
6
PF : “sumangga kita pungkasi pangabekti kita injing punika, swawi kita
nglajengaken gesang punika kanthi saestu lan manut piwelinging
Sabdanipun Gusti dinten punika. Sumangga tansah pitados bilih Gusti
tamtu nganthi lampahing gesang kita sadaya.”

Umat : Memuji KPJ 446: 1 Nalika ngambah margi kang sepi


Nalika ngambah margi kang sepi,
giris uwas manah kula.
Sampun nilar kawula dhuh Gusti,
mugi tansah angamping ampingi.
Reff.
Mlampah pyambak datan kedugi
Gusti mugi anganthi
Mrih gesang maédahi sesami
wah mulyakaken asmané Gusti
11. Berkah
PF :“Swawi sami tumenga dateng Gusti Allah lan nyuwun berkahipun.
Gusti Allah Sang Rama, Gusti Yesus Sang Putra tuwin Sang Roh Suci mugi
ngreksa lan berkah Sih-rahmat lan Tentrem Rahayu dhateng kita sami,
sumrambah ing sadaya titahipun ing sadaya papan ngantos salaminipun.
Amin.”
Umat : Memuji KPJ 460 Tentrem Raharja
Tentrem Raharja sing Gusti kita, tumrah mring kita
Tentrem Raharja sing Gusti kita, tumrah mring kita
(Pasamuwan Lenggah)
Wekdal Ening

You might also like