SOAL dan LEMBAR JAWAB SAT BAHASA JAWA

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 8

PEMERINTAH KOTA MAGELANG

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


SEKOLAH DASAR NEGERI MAGELANG 5
Jalan Pahlawan No. 41 B Magelang Kode Pos 56117
Telp. (0293) 365765 e-mail : sdnmgl5@gmail.com

SUMATIF AKHIR SEMESTER II SD/MI


TAHUN PELAJARAN 2023/2024

Mata Pelajaran : Basa Jawa


Kelas : V (Lima)
Hari / tanggal : Senin, 3 Juni 2024
Waktu : 09.00 – 10.30

I. Ayo milih wangsulan siji kang bener!

Nuli narima terusing batin,


Tan menging ing katong,
Lan rumasa ing kanikmatane,
Sihing gusti tekeng anak rabi,
Wong narima becik,
Kang mangkono iku.

1. Tembung ”menging” saka tembang ing dhuwur nduweni teges ….


A. eling
B. setiti
C. ora kena
D. ngelingake

2. Guru wilangan lan guru lagu saka gatra ketelu yaiku ….


A. 10i
B. 10e
C. 9i
D. 9e

3. Tembung “katong” ing tembang kasebut tegese ….


A. ratu
B. utuh
C. awet
D. praja
4. “Sihing gusti tekeng anak rabi”
Tegese larik ing dhuwur yaiku ….
A. welas asihe ratu marang prajane
B. welas asihe ratu marang kawulane
C. welas asihe ratu tekan anak putune
D. welas asihe panggedhe tekan kawulane
1
5. Watake tembang “Mijil” yaiku ....
A. sedhih
B. seneng
C. prihatin
D. muntab

6. Piweling kang kinandhut ing crita utawa pesen saka pangripta marang pamaca diarani ….
A. alur
B. latar
C. tema
D. pitutur luhur

7. Paraga protagonis nduweni watak sing ….


A. ala
B. lucu
C. apik
D. licik

8. Crita rakyat sipate fiktif, tegese ….


A. ora dimangreteni sapa sing ngripta
B. ora bisa dibuktekake kasunyatane
C. diajarake marang bocah-bocah
D. didongengake para wong tuwa

9. Crita kang isine ngenani asal-usule sawijining papan panggonan utawa bab tartamtu diarani
….
A. legendha
B. fabel
C. sage
D. mite

10. Menawa ing crita nganggo tembung sesulih “aku”, bisa dingreteni crita kasebut nggunakake
sudut pandang ….
A. wong kapisan
B. wong kapindho
C. wong katelu
D. campuran

11.
Klepon yaiku panganan tradhisional wong Jawa kang digawe saka glepung beras
ketan. Wujude bunder mblondo lan nduweni ukuran kaya dolanan bocah neker.
Klepon biyasane warnane ijo, nanging ana uga sing warna kuning, abang, lan ora ana
warnane. 2
Wacan ing nduwur kalebu jinise wacan ….
A. narasi
B. dheskripsi
C. eksposisi
D. persuasif

12. Bahan utamane gawe gethuk yaiku ….


A. tela
B. tales
C. jagung
D. ganyong

13.

Panganan kang Jawa Tengah ing nduwur jenenge ….


A. gembus
B. gethuk
C. clorot
D. olos

14. Panganan ing nduwur asale saka kutha ….


A. Semarang
B. Purworejo
C. Purwokerto
D. Surakarta

15. Miturut kahanan saiki, panganan tradhisional perlu ….


A. disirnakake
B. ditinggalake
C. disingkirake
D. dilestarekake

16. ”Wara Srikandhi iku prajurit wanodya kang cukat lan trengginas”.
Tembung “trengginas” tegese ….
A. bodho
B. ngeyel
C. trampil
D. ora iso

3
17. “Wara Srikandhi anglepasake panahe ngener jajane Resi Bisma, … “
Tembung “jaja” tegese
A. sikil
B. gulu
C. sirah
D. dhadha

18. Garwane Srikandhi yaiku ….


A. Kresna
B. Arjuna
C. Yudhistira
D. Werkudara

19. Gurune Dewi Srikandhi olah jemparing yaiku ….


A. Resi Bisma
B. Raden Bima
C. Raden Arjuna
D. Raden Gathotkaca

20. Crita Srikandhi Madeg Senopati duwe pitutur luhur, yaiku …..
A. janji ora kudu disaguhi
B. males dhendhem marang mungsuh
C. bocah kudu ngabekti marang wong tuwa
D. senajan wanita, kudu kendel ngadepi bebaya

21. Pasangan kang ditulis ing ngisore aksara sing dipasangi yaiku ….
A. dha
B. ha
C. sa
D. pa

22. iku wujude pasangan aksara ….

A.

B.

C. .

D.

4
23. Pasangan aksara Jawa nglegena cacahe ana ….
A. 25
B. 20
C. 15
D. 10

24. .

Tembung ing dhuwur wacane ….


A. mundhut gendhis
B. mundhut gelas
C. mundhut gula
D. mundut gula

25. Kanggo miwiti nulis ukara aksara Jawa nganggo ….


A. pangkon
B. pada lungsi
C. pada lingsa
D. adeg-adeg

Puntadewa Pambarepe Pandhawa


Puntadewa iku kalebu paraga Pandhawa. Puntadewa minangka
pambarepe Pandhawa. Puntadewa duwe watak kang becik, yaiku jujur, ora gelem
ngapusi. Puntadewa satriya kang ora sugeh gunem, yen guneman apa anane.
Gunemane alus banget, tumata, lan ngati-ati. Ora gelem natoni atine wong liya,
Kejaba saka iku, Puntadewa nduweni watak sabar, wicaksana, ora gampang nesu,
luhur budine, uga andhap asor.
Puntadewa nglenggahi keprabon ing negara Ngamarta. Puntadewa
nduweni jeneng liya yaiku Prabu Yudhistira. Prabu Yudhistira kagungan garwa
asmane Dewi Drupadi. Putrane siji, yaiku Pancawala.

II. Ayo ngiseni ceceg-ceceg nganggo tembung kang trep!


26. Tembung macapat ora bisa sakepenake ditulis amarga kaiket dening ….
27. Guru lagu gatra kaping papat tembang “Mijil” yaiku ….
28. Urut-urutan lumakune crita adhedhasar wektu diarani ….
29. Dewa Wisnu, Dewi Sri, lan Sedana iku kalebu unsur intrinsik crita, yaiku ….
30. Njeroning dadar gulung diiseni ….
31. Jajanan tradhisional iki digawe saka campuran glepung kanji lan tela sing diparut, banjur
didang. Wujude bunder utawa kotak, cilik, lan dicawisake karo parutan klapa lan gula pasir.
Lumrahe jajanan iki warnane abang, ijo, lan kuning. Panganan iki jenenge ….

5
32. “Wara Srikandhi meguru olah jemparing marang Raden Arjuna.”
Tembung ”jemparing” tegese ….
33. Wara Srikandhi madeg senapati kanggo nandingi senapatine Kurawa, yaiku ….
34. Nulis tembung ”siwi” ing aksara Jawa nganggo sandhangan ….
35.

Menawa ditulis nganggo aksara latin dadi ….


III. Ayo wangsulan kanthi cetha lan ganep!
36. Apa sing diarani guru lagu?
37.
Sadewa banjur ndedonga supaya diwenehi cara amrih bisa uwal saka
kahanan kang dialami dina kuwi, yaiku Bathari Durga nesu arep nguntal dheweke
amarga kelaran.
Sabubare Sadewa ndedonga, banjur Bathara Wisnu ngrasuki anggane
Sadewa. Samungkure kerasukan Bathara Wisnu, Sadewa bisa nambani lan
ngruwat larane Bathari Durga.

Apa kang disuwun ing dongane Sadewa?

38.
Klepon yaiku sawijining panganan tradhisional sing kagawe saka glepung beras
lan ketan sing ujude bunder isine gula jawa. Klepon iki biyasane warnane ijo
kang disebabake dening banyu godhong pandhan kang dicampur karo glepunge.
Godhong pandhan ora namung menehi warna ijo, nanging ambune uga marai
arum. Jladrenan mau digawe bunder cilik-cilik, njerone diwenehi gula jawa,
banjur digodhog ing banyu umob nganti kemampul. Kemampul kuwi pratandha
klepone wis mateng. Menawa wis mateng, bisa didelehake ing dhuwur godhong
gedhang, banjur dicawisake karo parutan krambil.

Apa gunane godhong pandhan ing jladrenan klepon?

39.
Dewi Amba putrine Prabu Dharmahambara, raja ing negara Griyantipura.
Dheweke nduweni sedulur cacah loro, yaiku Dewi Ambika lan Dewi Ambalika.
Katelune dadi lamarane para raja, mula kagelar sayembara sapa wae kang bisa
ngalahake Ditya Wahmuka lan Arimuka kang awujud raseksa, bisa dhaup karo
putri telu-telune.

Sapa wae sedulure Dewi Amba?

40. Apa wae sandhangan kang dienggo ing aksara ngisor iki?

6
PEMERINTAH KOTA MAGELANG
DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN
SEKOLAH DASAR NEGERI MAGELANG 5
Jalan Pahlawan No. 41 B Magelang Kode Pos 56117
Telp. (0293) 365765 e-mail : sdnmgl5@gmail.com

LEMBAR JAWABAN
SUMATIF AKHIR SEMESTER II SD/MI
TAHUN PELAJARAN 2023/2024

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama : ……………………………


Kelas / Semester : V / 2
Hari, Tanggal : Senin, 3 Juni 2024 No. Absen : ……….

Bahasa Indonesia Nilai:

Pilihan Ganda

1. A B C D 11. A B C D 21. A B C D

2. A B C D 12. A B C D 22. A B C D

3. A B C D 13. A B C D 23. A B C D

4. A B C D 14. A B C D 24. A B C D

5. A B C D 15. A B C D 25. A B C D

6. A B C D 16. A B C D

7. A B C D 17. A B C D

8. A B C D 18. A B C D

9. A B C D 19. A B C D

10. A B C D 20. A B C D

Essay

26. ..............................................................................

27. ...............................................................................

28. ...............................................................................

29. ...............................................................................

30. ...............................................................................
7
31. ...............................................................................

32. ..............................................................................

33. ...............................................................................

34. ...............................................................................

35. ...............................................................................

Uraian

36. ....................................................................................................................................................

....................................................................................................................................................

....................................................................................................................................................

37. ....................................................................................................................................................

....................................................................................................................................................

....................................................................................................................................................

38. ....................................................................................................................................................

....................................................................................................................................................

....................................................................................................................................................

39. ....................................................................................................................................................

....................................................................................................................................................

....................................................................................................................................................

40. ....................................................................................................................................................

....................................................................................................................................................

....................................................................................................................................................

You might also like