9. BAHASA JAWA

You might also like

Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 13

9.

BAHASA JAWA

1
LATIHAN UJIAN KOMPETENSI DAERAH (UKD)TINGKAT SD
TAHUN PELAJARAN 2023/2024

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama Siswa :


Waktu : 120 menit Kelas : 6 (enam)

PITUDUH:
WENEHANA TANDHA PING (X) ING AKSARA A, B, C, UTAWA D SANGAREPE
WANGSULAN SING KOANGGEP PALING BENER !

01. Kanggo Kanca”

Biyen, tanganmu genggem tanganku


Biyen, pundakmu enek kanggo aku nangis
Biyen, guyumu nentremke atiku
Nanging saiki…
Tangan, pundak, guyumu ilang saka uripku
Kanca-kancaku kabeh,bayangna
Apa sajatining kahanan sajroning dunya
Yen ora ana welas lan asih
Ora ana uga kekancanan tanpa pamrih
Ing sakjroning manah atiku
Aku ngrasakna kepengin ngamuk wektu iku
Kanca lan kancaku
Elinga rasa atiku iki
Jaganen rasaning welas asih iki
Geguritan ing dhuwur nduweni isi….
A. Urip kekancan kudu didhasari rasa welas, asih tanpa pamrih
B. Urip kekancan kudu eleng rasa atine dewe-dewe
C. Urip kekancan kudu iso nggegem tangan kancane
D. Urip kekancan kudu milih –milih lan ono pamrihe

02. “Jam pira mengko budhale?” pandangune Ibu.


“Jam setengah pitu, Buk. Mengko rombongan teko sekolahan,” wangsulane Rini.
“Bima wis trampil ta, egrangan?” Pak Wibawa, bapake urun pandangu.
“Woo.. yo wes ta, Pak! Yen latihan aku mesthi menang lo, Pak!”
Ukara kang kacithak kandel ing pacelaton kuwi yen diowahi nganggo basa krama yaiku….
A. mangke, teko, inggih sampun, aku
B. mengko, teko, yo sampun, kula
C. mangke, saking, inggih sampun, kula
D. mangke, saking, inggih sampun, aku

2
03. Galuh Ajeng serik atine karo Dewi Sekartaji amarga kalah ayu, banjur golek dalan kanggo
nyingkirake Dewi Sekartaji. Saka dhukun tenung, Galuh Ajeng oleh endhog sing wis dijampi-
jampi kanggo disisipake ing dhaharane Dewi Sekartaji. Sawise Dewi Sekartaji dhahar endhog
mau, sakujur awake Dewi Sekartaji krasa gatel, padha mlepuh, lan ngetokake ganda amis. Sadhar
yen larane ora biasa, Dewi Sekartaji banjur sowan bibine yaiku Dewi Kilisuci pertapan Guwa
Selomangleng. “Laramu iki ora lara sembarangan, nanging kowe aja was-sumelang. Yen kowe
bisa sabar, gelem ngupaya golek tamba, lan pasrah marang Gusti Kang Maha Kawasa, kowe
malah bakal oleh kanugrahan,” ngendikane Dewi Kilisuci manteb.
Wacan cerita rakyat iki nduweni piweling (pesan moral)….
A. Dadi wong kudu bisa mbales marang wong seng wes nglarani atine dewe.
B. Dadi wong kudu bisa sabar, pasrah marang Gusti senajan diireni wong liya.
C. Ojo seneng gawe cilaka marang wong liya amarga iri karo dunya bandane.
D. Sing seneng tetulung marang wong liya ben ora was sumelang uripe.

04. Omahku cilik, cekli tur resik. Swasana ing omahku ayem tentrem. Ing omah aku karo bapak,
ibu, lan adhiku. Amarga batihe cacah papat, mula diarani catur warga. Omahku pancen prasaja,
nanging kanggoku wis apik tur nyenengake. Ing pekarangan ngarep omah ana tanduran pelem,
jambu, jeruk, lan rambutan.
Wacan ing ndhuwur klebu teks deskripsi.
Salah sijine ciri-ciri teks deskripsi yaiku…
A. Nerangake saweneh kegiatan kanthi runtut lan jelas
B. Nerangake saweneh kegiatan kanthi urutan wektu
C. Njlentrehake saweneh bab kanthi bukti-bukti kang kuwat
D. Pamaca kaya ngrasakake, ngrungokake, lan ngalami dhewe kedadeane.

05. Gundhul-gundhul Pacul


Gundhul-gundhul pacul cul gembelengan
Nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul glimpang segane dadi saratan
Wakul glimpang segane dadi saratan
Tembang dolanan ing dhuwur yen dijlentrehake miturut isine yaiku…
A. Nggambarake yen pemimpin iku kudu dijunjung karo rakyate
B. Nggambarake yen pemimpin iku kudu ngupadi karaharjane rakyate
C. Nggambarake yen rakyat iku kudu manut marang pemimpine
D. Nggambarake yen rakyat iku kudu maringi tuladha marang pemimpine

06. Ukara aksara jawa ing ngisor iki nganggo sandhangan….

A. Panyigeg swara
B. Panyigeg wanda

3
C. Swara
D. Wyanjana

07. Sabenere wong mangan ora kena mung angger enak lan wareg. Kajaba supaya wareg lan
ngrasakake enak, wong mangan supaya oleh tenaga, njaga kewarasan lan oleh bahan kanggo
ngatur badan. Ukara ing ngisor iki kang klebu tembung andhahan kang oleh ater-ater (awalan)
yaiku…
A. mangan, ngrasakake, ngatur
B. mangan, ngatur, wong
C. angger,, mangan, kanggo
D. njaga, ngatur, bahan

08. Bocah-bocah padha metu ing latar, amarga rembulane … madhangi jagad raya. Tembung
andhahan mawa seselan kang mathuk kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku…
A. gumuyu
B. sumebyar
C. sumunar
D. tumumpuk

09

Wacan iki kalebu crita . . . .


A. narasi
B. diskripsi
C. eksposisi
D. eksplanasi

10 Lindu
Kala tanggal 10 April 2021, wonten lindhu. Kula nembe mawon ngaso, ngertos wonten
suwanten greg..grek..grek. Kula langsung mlajeng dhateng jawi griya.
Ing radosan ngajeng griya kula sampun khathah tanggi ugi tiyang-tiyang medal saking
griya. Amargi ajrih kalihan lindu. Kuwatir menawi mangke kebrukan griya. Lare alit lan ib–ibu
bengak-bengok. Wonten malih ingkang istighfar lan dedonga. Kula ndonga kemawon. Mugi-mugi
sedaya slamet mboten wonten rubeda lan korban.
Ide pokok paragraf ka-2 yaiku . . . .
A. Tiang- tiang sami istighfar lan dedonga.

4
B. Mugi-mugi sedaya slamet mboten wonten rubeda
C. Ing radosan kathah tanggi ugi tiyang medhal saking griya.
D. Radosan ngajeng kebak tiyang lan tanggi

11. Bima bisa ngliwati babak penyisihan mau. Dheweke menang terus. Kabeh padha seneng
weruh ketrampilane egrangan. Senajan awake lemu nanging ora kalah gesit karo liyane. Iki
sebabe Bima kerep latihan sadurunge lomba. Gunane latihan saben dina ndadekake Bima trampil
lan kuwat. Paraga lan watake sing ana crita kuwi yaiku ….
A. Bima watake males latihan
B. Bima watake sregep latihan
C. Bima watake sregep sinau
D. Bima watake sregep ngaji

12. Wacanen ukara ing ngisor iki !


Ing plataran omahku tak tanduri kembang mawar.
Plataran omahmu kok tanduri kembang . . . .?
Tembung pitakon kang mathuk kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yakuwi ....
A. apa
B. sapa
C kapan
D piye

13. Dadi bocah iku ora pareng adigang, adigung,adiguna.


Adigang, adigung, adiguna kalebu jinising tembung. . . .
A. Saloka
B. Bebasan
C. Paribasan
D. Parikan

14 Minggu wingi udan deres, ing jero omahku . . . . merga mati lampu.
Tembung kang mathuk kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yakuwi ....
A. padhang jinglang
B. peteng dhedhet
C. abang branang
D. putih memplak

15 Wacanen tembang ing ngisor iki !


Pocung
Bapak pocung, dudu watu dudu gunung
Sangkane ing sabrang
Ngon angone sang bupati

5
Yen lumampah si pocung lambeyan grana
Tembang pocung kuwi paugerane . . . .
A. Guru lagu = u,a,i,a Guru wilangan = 12,6,8,12 Guru gatra = 4 larik
B. Guru lagu = i,a,u,i Guru wilangan =11, 8, 6 , 12. Guru gatra = 4 larik
C. Guru lagu = i, u, i, a Guru wilangan =12, 6, 8,12 Guru gatra = 4 larik
D. Guru lagu = i, a, u, i Guru wilangan =12, 11, 8, 12 Guru gatra = 4 larik
16 Wacanen tembang ing ngisor iki !
Gundhul – Gundhul Pacul

Gundhul-gundhul Pacul

Gembelengan

Nyunggi nyunggi wakul kul

Gembelengan

Wakul ngglimpang

Segane dadi sak latar

Wakul ngglimpang

Segone dadi sak latar

Tembang iki kalebu jinise tembang . . . .

A. Dolanan
B. Macapat
C. Campursari
D. Langgam

17. Wacanen crita ing ngisor iki!

Kacariyos ing kasatriyan Jodhipati, Raden Werkudara judheg penggalihipun awit


puseripun Raden Gathutkaca mbadal saking saliring dedamel. Najan kukunipun ingkang rama,
inggih punika kuku pancanaka ingkang kondhang landhepipun pitung penyukur, meksa boten
tedhas kangge ngethok puseripun Raden Gathutkaca. Raden Werkudara lajeng minta sraya
dhateng raka prabu ing Dwarawati inggih punika Sri Bathara Kresna, paranparaning kadang
Pandhawa.

Paraga pewayangan ing crita kuwi yaiku ….

A. Jodhipati, Werkudara, Gathut Kaca, Sri Bathara Kresna


B. Werkudara, Gathut kaca, Sri Bathara Kresna
C. Werkudara, Gathut kaca, Dwarawati, Sri Bathara Kresna
D. Jodhipati, Werkudara, Gathut Kaca, Dwarawati , Sri Bathara Kresna

18 Wacanen cerito ing ngisor iki!


.
Ing salajenganipun Raden Gathutkaca dipunsuwun sraya dening Jawata, kinen numpes
parangmuka saking praja Maimantaka ingkang dipun pandhegani prabu Kala Pracona saha Patih

6
Kala Sekipu ingkang nedya ngobrak- abrik kahyangan Jonggringsaloka. Radhen Gathutkaca
unggul juritipun. Prabu Kala pracona dalah patih kala Sekipu pejah dening Raden Gathutkaca.
Dene wedyabalanipun sami bubar mawur.

Wacan ing ndhuwur ngandhut paweling… .


A wani amarga bener
.
B ojo ngabrak abrik kahyangan
.
C wani amarga kendel
.
D ojo rumangsa bisa
.

19 Raden Bima yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku… .


.
A
.
B
.
C
.
D
.

20 Aksara jawa ing ngisor yen ditulis latin yaiku ….


.

A Gathutkaca
.
B Arjuna
.
C Bima
.
D Nakula
.

21 Wacanen crita ing ngisor iki!


.
Dina minggu sesuk desaku nganakake acara bersih desa, werna-werna acara sing dianakake. Enek
kegiatan kerjabakti ngresiki dalan-dalan, ngecet pager, lomba-lomba lan gunge enek pagelaran
wayang kulit. Kabeh warga padha melu gayeng nyemarakke acara iki.

Irah-irahan sing mathuk kanggo wacan ing dhuwur yaiku… .


A Kerjabakti
.
B Wayang kulit
.
C Lomba bersih desa
.
D Bersih desa
.

22 Wacanen crita ing ngisor iki!


.
Grebeg Sura ing Ponorogo yaiku sawijining pesta rakyat kanggo mapag tanggal 1 Sura utawa
tanggal 1 Muharram taun Hijriah. Grebeg ing Ponorogo dilaksanakake wiwit taun 1984 rikala
Bupati Ponorogo diasta Bapak Subarkah PH. Menu kang dipilih ana loro yaiku: kirap pusaka lan

7
lomba tari reog Ponoroga.

Tembung sing kacetak kandel nduweni teges .…

A Mulai
.
B Tiap
.
C Pada
.
D di
.

23 Gatekno cerito ing ngisor iki!


.
Grebeg Sura ing Ponorogo yaiku sawijining pesta rakyat kanggo mapag tanggal 1 Sura utawa
tanggal 1 Muharram taun Hijriah. Grebeg ing Ponorogo dilaksanakake wiwit taun 1984 rikala
Bupati Ponorogo diasta Bapak Subarkah PH. Menu kang dipilih ana loro yaiku: kirap pusaka lan
lomba tari reog Ponoroga.

Ide pokok cerita ing dhuwur yaiku… .


A Grebeg suro kanggo mapag tanggal 1 Sura
.
B Kegiatan grebeg suro ing ponorogo
.
C Grebeg ing Ponorogo dilaksanakake wiwit taun 1984
.
D Acare grebeg suro kirap pusaka lan ngadani lomba tari reog Ponoroga.
.

24 Gatekno cerito ing ngisor iki!


. Siti Sundari sing dititipake neng istana Gatotkaca krungu bojone wis rabi meneh. Pak lik
Gatotkaca sing nduwe jeneng Kalabendana teka memoni Abimanyu kanggo ngajak mulih.
Kalabendana yaiku adhi wuragile Arimbi sing duwe wujud buta cebol ning nduwe ati polos lan
putih. Hal kuwi nggawe Utari rumangsa cemburu. Abimanyu kepeksa nyupata nek bener awake
wis sesomahan kajaba Utari, mula mbesuk dheweke arep mati dikeroyok mungsuh.

Tembung sing kacetak kandel tegese… .


A Adik
.
B Kakak
.
C Adik Terakhir
.
D Pak dhe
.

25. Wacanen crita ing ngisor iki !

Tansaya wengi gatotkaca tansaya sakti. Akeh prajurit kurawa kang dipateni. Ndeleng
kahanan iku, Duryudana mrintahake Karna supaya numpas gatutkaca nganggo gaman Panah
Konta. Karna ora gelem nuruti printahe Duryudana, amaraga gaman Panah Konta iku mung iso
digawe sepisan lan arep digawe mateni Arjuna. Nanging pungkasane Karna nguncalake Panah
Konta lan ngenai dadane Gatutkaca. Rumangsa patine wis cedhak, gatutkaca nggedhekake awake
kaya raksasa. Awake gatutkaca iku mau banjur ngrubuhi pasukan kurawa. Saengga kabeh
pasukan kurawa mati ketiban gatutkaca.

Paweling kang dikandhut crita ing ndhuwur yaiku ….


A. Ojo adigang, adigung, adiguna
B. Tansah migunani marang wong liya

8
C. Dipikir dhisek sak durunge ptumindak
D. Tansah ati- ati nindhakake pakaryan

26 Wacanen crita ing ngisor iki !


.
Salah sawijining dina, Petruk oleh wahyu keprabon, dheweke dititipi gaman Jamus Kalimasodo.
Jamus Kalimasodo iku sejatine gamane Raden Puntadewa. Amarga nyekel Jamus Kalimasada,
Petruk dadi sakti mandraguna. Petruk bisa naklukake Negara Ngrancang Kencana Loji. Petruk
dadi ratu. Saknalika iku watake Petruk dadi sombong lan sakarepe dhewe. Mangerteni kelakuane
Petruk sing wis kliwat wates, para dewa mudhun lan mandhegake kelakuane Petruk sing wis kaya
ngono iku mau.Peruk dibalekake dadi rakyat biasa.

Watake Petruk ana wacan ing ndhuwur yaiku ….

A Welas asih
.
B Tekun
.
C Sombong
.
D Seneng tetulung
.

27. Setitekna gambar ing ngisor iki !

No Tokoh No Kesatrian
Wayang

1 A Sawojajar

2 B Jodhipati

3 C Ngamarta

4 D Madukara

Pasangan paraga wayang lan kerajaane sing bener yaiku ….


A 1C C 3A
. .
B 2D D 4D
. .

28 Sakmarine progam PPKM ing Kutha Malang, aku diajak bapak plesir menyang Coban Putri. Aku
. lan bapak budhal isih isuk. Amarga hawane isih seger. Aku lan bapak numpak sepedah motor.
Ora lali gawe masker. Saktekane kono, papane isih sepi. Saengga aku iso dolanan banyu kanthi
bebas. Aku seneng amarga saben liburan, bapak ajeg ngajak aku dolan.

Tembung ajeg ana wacan ing ndhuwur tegese ….

9
A Ora tau
.
B Kerep
.
C Kadang kala
.
D Mesthi
.

29 Sinau saka omah utawa kang diarani PJJ (Pembelajaran Jarak Jauh) kuwi ana penak lan orane.
. Ing keadaan pandemi ngeneki PJJ dadi salah sijine solusi kanggo ngurangi penyebaran virus
corona. Ananging akeh para siswa kang sambat amarga anane PJJ iki. Amarga materi kang ora
dijelaske langsung ndadekake para siswa kurang paham marang materine. Sakliane iku, PJJ iki
wis rasaake luwih saka setahun. Saengga para siswa rumangsa waleh.

Irah-irahan kang trep kanggo wacan ing ndhuwur yaiku ….


A Sinau saka Omah
.
B Semangat Sekolah
.
C Pandemi Covid 19
.
D Libur Sekolah
.

30 Setitekna tembang ing ngisor iki !


.
Pada elinga satuhu
Mring Gusti duh kita sami
Kang paring nikmat lan gesang
Aja nganti kito lali
Aja seneng laku cidra
Gusti sugih aksami.

Tembung gesang ana tembang ing ndhuwur tegese ….

A Sehat
.
B Urip
.
C Lara
.
D Turu
.

31 Setitekna tembang ing ngisor iki !


.
Padha gulangen ing kalbu,
Ing sasmita amrip lantip,
Aja pijer mangan nendra,
Ing kaprawiran den kaesthi,
Pesunen sarinira,
Sudanen dhahar lan guling,

Guru lagu lan guru wilangan gatra pungkasan tembang ing ndhuwur yaiku ….
A 8u
.
B 8a
.
C 8i

10
.
D 7a
.

32 Setitekna tembang ing ngisor iki !


. Pangasahe sepi samun
Aywa esah ing salami
Samangsa wis kawistara
Lalandhepe mingis-mingis
Pasah wukir reksamuka
Kekas srabedaning budi
Tembang ing ndhuwur kelebu jinising tembang ….
A Kinanthi
.
B Gambuh
.
C Pangkur
.
D Sinom
.

33. Micara/matur/nglairake gagasan sarana lisan ing sangarepe wong akeh kanthi tujuan tartamtu
diarani ….
A. sesorah
B. parikan
C. bebasan
D. paribasan

34. Bocah-bocah kelas enem sing banget dak tresnani….


Nggarap PAT saka ngomah ing mangsa pandemi Covid 19 iki wis ora bisa diselaki. Amarga
kabeh kudu patuh karo “protokol kesehatan” sing wis ditetapake dening pemerintah. Najan
nggarape saka ngomah, bocah-bocah kudu nindakake kanthi jujur. Dudu biji apik wae sing diuber,
nanging sing luwih wigati yaiku bocah-bocah nduweni karakter sing apik.
…………………………
Pratelan nganggo basa krama ing ngisor iki sing mathuk minangka isine sesorah ing ndhuwur
yaiku .,…
A. Najan nggarape saka ngomah, bocah-bocah kudu nindakake kanthi jujur. Dudu biji apik wae
sing diuber, nanging sing luwih wigati yaiku bocah-bocah nduweni karakter sing apik.
B. Sinaosa PAT saking nggriya, kedah katindakaken kanthi jujur, amarga dudu mung biji sing
diuber, nanging ingkang langkung wigati inggih menika karakter ingkang luhur.
C. Senajan PAT saka ngomah, kudu ditindakake kanthi jujur, amargi sanes namung biji dipun
uber, nanging ingkang langkung wigati inggih menika karakter ingkang luhur.
D. Sinaosa PAT saking nggriya, kedah katindakaken kanthi jujur, amargi sanes namung biji
ingkang dipun uber, nanging langkung wigati inggih menika karakter ingkang luhur.

35. Semaken sesorah ing ngisor iki!


Assalamualaikum, w.w.

11
Bocah-bocang sing banget dak tresnani,
Ayo bebarengan padha ngaturake puji syukur marang ngarsane Gusti Kang Maha Kuwasa, dene
ing wektu iki, kita kabeh isih kaparingan sehat lan bisa sapatemon sanajan mung liwat google
meet.
………………………………………………………………………………………………………
Sesorah ing ndhuwur kalebu perangan ….
A. Panutup
B. Isi
C. Pambuka
D. Dudutan

36. Assalamualaikum, w.w.


Bapak ibu warga dusun Sukamaju ingkang kinurmatan, para kadang taruna ingkang sanget
kawula tresnani.
Puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Kang Maha Kuwaos, ingkang ….
Ukara sing mathuk kanggo njangkepi perangane sesorah ing ndhuwur yaiku ….
A. sampun menehi kesempatan kanggo awake dhewe, saengga bisa nglumpuk bebarengan ing
dina iki.
B. sampun paring rahmad, taufik, saha hidayah dhumateng kita sedaya, saengga saged
pepanggihan ing dinten menika kanthi rahayu wilujeng mboten wonten alangan setunggal
menapa.
C. sampun kersa rawuh wonten ing adicara dinten menika. Pramila kula minangka wakil saking
para kanca ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami.
D. sampun kersa ndherek pameran produk UKM ing dinten menika. Kanthi pangajab mugi
sageda UKM ing Kitha Malang menika saya ngrembaka.

37. Bocah-bocah sing banget dak tresnani,


Cukup sakmene sing bisa tak aturke, sepisan maneh, ayo ….
Ukara sing mathuk kanggo njangkepi perangane panutup sesorah ing ndhuwur yaiku….
A. padha ngaturake puji syukur marang Gusti Kang Maha Kuwasa, sing wis paring wektu lan
rahmad sehat marang kita kabeh, saenggo bisa bebarengan teka ana ing papan panggonan iki
tanpa alangan lan rubeda.
B. aja dipikir ujian iki. Sing penting kabeh padha sehat, ora ana sing lara. Perkara biji iku apa
jare mengko paringane bapak lan ibu guru.
C. nggarap US kanthi jujur, aja tumindak urik/curang, amarga dudu biji apik wae sing diuber,
nanging sing luwih wigati yaiku bocah-bocah nduweni karakter sing apik. Muga-muga kabeh
bisa ngrampungake US kanthi lancar, ora ana alangan lan rubeda.
D. awake dhewe kabeh iki padha sing santai wae. Ngenteni virus Covid 19 iki ilang saka bumi.
Sinau sregep saiki ora ana gunane.

12
38. Semaken pacelathon ing ngisor iki!
……………………………..
Siti : Rin, apa tugas saka bu Guru wis rampung?
Rini : Uwis Siti, iki aku kari upload youtube wae. Sampean apa wis rampung?
Siti : Durung Rin, ning sing google form aku ya wis rampung.
Rini : Sanajan sinau saka omah, pokoke aja nganti numpuk. Mengko awake dhewe sing susah.
Siti : Iya Rini, maturnuwun wis dielingake.
Irah-irahan sing mathuk karo pacelathon ing ndhuwur yaiku ….
A. Sinau Saka Omah
B. Telepon Kanca
C. Sinau Kelompok
D. Budhal Sekolah

39. Dimas : Yuda…ayo budhal layangan.


Yuda : Waduh, aku durung rampung tugasku.
Dimas : Wis ditinggal wae…sesuk diterusne maneh. Aku ya durung rampung kok.
Yuda : ……………………………………………
Ukara sing mathuk kanggo njangkepi pacelathon ing ndhuwur yaiku ….
A. Ayo wis budhal. Ben padha ora rampunge.
B. Wegah… aku arep turu.
C. Setuju Dimas. Tugas kuwi ora penting. Sing penting saiki layangan dhisik.
D. Ngene wae. Ayo dimarekne dhisik tugase, mari ngono dolanan layangan.

40. Ibu : Widi, tulung jupukna ember kae ya.


Widi : Nggih Bu. Badhe kagem menapa?
Ibu : Iku lo, kembange padha alum.
Widi : ……………………………………….
Ukara sing mathuk kanggo njangkepi pacelathon ing ndhuwur yaiku ….
A. Oalah Bu. Mbok wis ben kembange alum. Sesuk nandur maneh.
B. Menawi mekaten, Widi mawon ingkang nyirami sekaripun, Bu.
C. Kersanipun Bu…wong sekar awon mawon kok disiram.
D. Maturnuwun Bu…kula badhe dolan kalih kanca-kanca.

13

You might also like