Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 9

‫‪IDUL ADHA MOMENTUM‬‬

‫‪MENINGKATKAN KESADARAN TAUHID1‬‬


‫للاهُأَ ْك ََبُه ُ‬
‫للاهُأَ ْك ََبه‪ُ ُ،‬‬ ‫للاهُأَ ْك ََبه‪ُ ُ،‬‬ ‫ُ‬
‫للاهُأَ ْك ََُبه ُ‬
‫للاهُأَ ْك ََبه‪ُ ُ،‬‬ ‫للاهُأَ ْك ََبه‪ُ ُ،‬‬ ‫ُ‬
‫للاهُأَ ْك ََُبه ُ‬
‫للاهُأَ ْك ََبه‪ُ ُ،‬‬ ‫للاهُأَ ْك ََبه‪ُ ُ،‬‬ ‫ُ‬
‫َصْيالً‪ُ ُ ،‬لَُاِٰل ُهَ ُإَُِل ُ ُ‬
‫للاهُ‬ ‫للاِ ُبكْرُةً ُوأ ِ‬
‫ِلُُ َكث ْ ًْيا ُ َو هسْب َحا َُن ُ ُ ه َ َ‬
‫اْلم هُد ُُِِٰ ِ‬
‫للاهُأَ ْك ََُبهُُ َكبِ ْ ًْيا ُ َو َْ ْ ّ‬ ‫ُ‬
‫ابُ َو ْح َدههُ‪ُ ُ.‬لَُاِٰلُهَُإِ ُلَُ ُ‬
‫للاهُ‬ ‫َحَز َُ‬ ‫صَُرُ َعْب َدُههُ َوأ ََعَُزُ هجْن َدُههُ َوَهَزَُمُاأل ْ‬ ‫قُ َو ْع َدُههُ َونَ َ‬ ‫ص َد َُ‬ ‫َو ْح َدُههُ َ‬
‫للاهُأَ ْك ََبهُ‪ُ،‬‬ ‫ي ُلَُههُال ِّديْ َُن ُ َولَ ُْوُُ َك ِرُهَُالْ َكافِهرْو َنُ‪ُ ُ.‬لَُاِٰل ُهَُإِ ُلَُ ُ‬
‫للاهُ َو ُ‬ ‫و ُلَُنَعب هُد ُإِ ُلَُ َإَّيُه ُُمهْلِ ِ‬
‫ص ْ َُ‬ ‫ه‬ ‫َ ْه‬
‫ِلُِ ْ‬
‫اْلَ ْم هُد ُ‬ ‫للاهُأَ ْك ََُبهُ َوُِّٰ‬
‫ُ‬
‫الُ َك ْاأل َْمطَا ُِرُ‬‫الُُلِنِ َعمُُُتَتَ َو َُ‬‫َْحَ هدُههُُ هسْب َحانَُههُُ َوتَ َع َُ‬ ‫كُُالْ َق َها ِرُ‪ُُ،‬أ ْ‬ ‫ِلُُِالْ َملِ ُِ‬‫اْلَ ْم هُدُُُِّٰ‬
‫ْ‬
‫للاهُ َو ْح َدُههُ ُلَُ َش ِريْ َُ‬
‫كُلَُههُ‬ ‫ضلُِِهُالْ ِم ْد َرا ِر‪ُ.‬أَ ْش َه هُدُأَ ُْنُ ُلَُاِٰلُهَُإِ ُلَُ ُ‬ ‫فُفَ ْ‬ ‫َوأَ ْش هك هرُههُ َعلَىُ هم َََت ِاد ُِ‬
‫َب ُالْ هم ْختَ هارُ‪ُ.‬‬‫َش َه َادُةً ُتهْن ِج ُْي ُقَائِلَ َهُا ُ ِم َُن ُالنَا ِرُ‪َ ُ .‬وأَ ْش َه هُد ُأَ َُن ُ هُمَ َم ًدُا ُ َعْب هدُهه ُ َوَر هس ْولهُهه ُالنِ يُ‬
‫َص َحابُِِهُ‬ ‫ِِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ٰ‬
‫ض ُِل ُ َم ُْن ُ َح َُج ُ َو ْاعتَ َمَُر ُ َو َعلَى ُاٰل ُه ُ َوأ ْ‬ ‫ص ُِّل ُ َو َسلّ ُْم ُ َعلَى ُ َسيِّد َُن ُ هُمَ َمدُ ُأَفْ َ‬ ‫اللّ هه َُم ُ َ‬
‫األَبْ َرا ُِر ُ‬
‫فُ‬ ‫للاُِاملن ِ‬
‫َانُ‪ُ،‬الْ َقائِ ُِلُِ ُ‬ ‫إنُأ ْهو ِصْي هك ُْمُ َونَ ْف ِسيُبِتَ ْق َوىُ ُ‬ ‫ْح ِن‪ُ،‬فَ ُِّ‬ ‫أََماُبَ ْع هد‪ِ ُ،‬عبَ َُ‬
‫ادُالَر ْ ٰ‬
‫ۡ ۡ ِۡ ۡ َ‬ ‫ۡ َ ۡ‬
‫ب ُ َوَمنُُ‬ ‫ث َُُل ُ َ َۡيتَ ِس هُ‬ ‫ۥُُمَرجا ُ َويَرهزق ُهه ُم ُن ُ َحي هُ‬ ‫َُي َعلُ لهه َ‬ ‫كِتَابُِِه ُالْ هق ْراٰ ِن‪َ :‬وَمنُيَت َِق َ‬
‫ُٱِلَ َ‬
‫ۡ‬ ‫ۡ‬
‫ش ۡيءُقَدراُُ ُ‬ ‫ٱِلهُلِ هك ُِّلُ َ‬‫ٱِلَُبَٰلِ هُغُأ َۡم ِرهِۦُقَ ُدُ َج َع َلُُ َُ‬ ‫ٱِلُِفَ هه َُوُ َح ۡسبهههۥُُإِ َُنُ َُ‬ ‫يَتَ َوَك ُۡلُ َعلَىُ َُ‬

‫‪KH.ABDUL HAKIM MUSTOFA, (Ketua Tanfidhiyah PCNU Kab. Tulungagung) 1‬‬


Hadirin hadirat rahimakumullah ingkang dipun
rahmati Alloh.
Sumangga wonten dinten ingkang minulya bagya
punika kita nyoba nyipta nilai tauhid kang kaamot wonten
pengetan dinten riyaya Idhul Adha, saklajengipun kita
ngejawantahaken nilai tauhid kasebat wonten gesang
bebrayan, amargi kesadharan tauhid saged ndamel
tentremipun ing saklebete batos. Ngantos kita sadhar
kanthi sanget menawi kita sedaya namung titah sawantah
kang tansah ringkih wonten ngersane gusti ingkang
murbeng dumadi, inggih punika Gusti Alloh SWT.

‫ُُللاهُُأَ ْك ََُبه‬،‫ُُللاهُُأَ ْك ََبه‬،‫للاهُُأَ ْك ََبه‬.


Hadirin jamaah solat idul adha, wonten riyaya
Qurban punika wonten kalih momentum ingkang saged
nambah kesadharan tauhid.

Momentum ingkang sepisan inggih punika wukuf


wonten padhang Arafah nalika tanggal 9 Dzulhijah
jamaah haji saking macem – macem bangsa ing donya
padha ngumpul wonten Arofah, tanpa mbedakaken suku,
ras lan golongan, sedaya mboten mbedakaken pangkat,
derajat lan bandha brana, sedaya ndamel ageman
pethak. Wonten sejarahipun Arofah punika papan
pepanggihan Nabi Adam As lan ibunda Hawa sakbubare
kapisah nganti pirang – pirang taun lawase. Mula saking
panggenan punika ingkang saestu mijilaken suku bangsa
wonten bumi niki. Sahingga wukuf wonten Arafah punika
momentum ngundhakaken kesadharan asal kedadeyan
mijile manungsa. Mula wukuf punika simbol kebangkitan
solidaritas manungsa, sahingga saking kesadaran tauhid
kedadeyan mijile manungsa punika, kita kang dados
muslim sageda mujudaken Ukhuwah Islamiyah, Ukhuwah
Watiniyah, lan Ukhuwah Basyariyah.
Wukuf ugi ngandhut ma'no meneng saking
sedanten kepentingan kang nduweni sifat donya pinuju
kang sifat uhrowi. Nyingkirake sedhela urusan ndonya,
ngresiki ati lan fikiran saking sifat ujub lan takkabur.
Lajeng ngucap dzikir, tawajuh lan tadzaru’ taqarub ing
ngersane Gusti Alloh SWT. Wonten salebete Wukuf
manungsa bisaa ngrasakaken getaran spiritual. Sahingga
bisa mbukak lawang kesadharan ngenani maknanipun
tauhid. Tansah eling menawi namung wonten setunggal
dalan kang saged mbeta manungsa bisa bagya mulya
lahir lan batos inggih punika mbalik dhateng ngersane
Gusti Alloh SWT.

Momentum kaping kalih inggih punika ibadah


Qurban, qurban puniko sanes pesta daging, nanging
momentum penting kagem mangerteni malih kuwalitas
tauhid kita, diwiwiti kanthi mikir lelampahanipun
manungsa paripurno inggih punika Nabiyullah Ibrahim as
kalih putranipun Ismail as. Mula lelakon diwiwiti saking
Nabi Ibrahim as ingkang pikantuk printah saking Alloh
SWT kagem nglampahaken qurban kanthi mbeleh putra
kinasihipun piyambak inggih punika Ismail as.
Mula thukul pitakonan, apa bisa Alloh SWT kang
Maha kinasih kok menehi printah yaiku bapak diutus
mbeleh putra kinasihe dhewe? Mboten kalebet nalar
agama punapa manungsa diprentah mbeleh sami – sami
manungsa. Sakbenere printah Alloh SWT kagem Nabi
Ibrahim as mboten mbeleh putrane Ismail as. Nanging
printah kagem “mbeleh” nepsu manungsa kang hakiki,
inggih punika “rasa nduweni”. Saking lelakon niki kita bisa
nemokaken wujude Tauhid inggih punika totalitas
ngabdinipun manungsa kang disimbolaken dening Nabi
Ibrahim as lan totalitas ketaatanipun ingkang wonten
figure nabi Ismail as. Sahingga kisah Ibrahim lan
putranipun bisa nggambarake saking lelakon manungsa
pinuju Alloh SWT kanthi mbeleh pepalang arupi “rasa
nduweni” marang ketergantungan urip kadonyan. Amargi
pancen dhasare manungga urip wonten ing alam donya
namung sekedhap mboten gadhah napa – napa,
sedanten kagunganipun Alloh SWT lajeng bakal wangsul
malih wonten ngersane Gusti Alloh SWT.
Wonten lelakonipun Ibrahim lan putranipun, Alloh
SWT kanti kuwasanipun “nggantos” Ismail as kalih
wedhus, njangkepi lelakon kang saged dados panutan
wiwitan disyariyataken ibadah Qurban.
‫ُُللاهُُأَ ْك ََُبه‬،‫ُُللاهُُأَ ْك ََبه‬،‫للاهُُأَ ْك ََبه‬
Hadirin hadirat ingkang minulya.
Kewan qurban kados unta, wedhus lan sapi inggih
punika makhluk Alloh SWT ingkang gadhah keraketan
kaliyan manungsa, wonten prilaku dhasar mawon inggih
punika kados mangan, ngombe, turu, nggadhahi nepsu.
Ingkang mbentenaken kekalihe namung potensi
kesadharan tauhid kang dipun gadhahi kaliyan
manungsa.
Sahingga nalika manungsa mboten ngagem
kesadharan tauhid mula manungsa saged memper
kewan. Saged langkung hina saking kewan. Ayat Al
Qur’an ingkang ngemutake kita :
ُ‫سُ ََلهُْمُقهله ْوبَُُُلُيَ ْف َق هه ْو َُنُ ِِبَاُُ َوََلهُْم‬ ِْ ‫اِلِ ُِنُو‬
ُِ ْ‫الن‬ َ ّ ْ ُ‫َولََق ُْدُ َذ َرأْ َُنُ ِِلََهن ََمُُ َكثِ ْ ًْياُ ِّم َُن‬
ٰۤ
ُ‫كُُ َك ْالَنْ َع ُِامُبَ ُْلُ هه ُْم‬ َ ‫ص هرْو َُنُ ِِبَاُُ َوََلهُْمُاٰ َذانَُُُلُيَ ْس َمعه ْو َُنُ ِِبَاُُاهوٰل ِٕى‬ِ ‫يَُُلُي ب‬
ْ‫اَ ْع ه ُ ه‬
ٰۤ
ِ
ُ ‫كُ هه هُمُالْغٰفله ْو َُن‬ َُ ‫ض يُلُُاهوٰل ِٕى‬ َ َ‫ا‬
“Saktemene wis dakciptakake neraka Jahannam
kanggo akeh jin lan manungsa, kabeh kang nduweni ati,
nanging ora digawe kanggo mahami lan kabeh nduweni
mata (nanging) ora digunakake kanggo nyawang lan
kabeh nduweni kuping (nanging) ora digunakake kanggo
ngrongokake. Kabeh kang kaya mangkunu kaya dene
kewan ternak kang luwih sesat maneh. Kabeh kuwi
kalebu wong – wong kang lalai.” (QS. Al-A’raaf, 179)

‫للاهُُأَ ْك ََُبه‬،‫للاهُُأَ ْك ََبه‬،‫للاهُُأَ ْك ََبه‬


Hadirin hadirat ingkang minulya.
Dadi intisari saklebete pengetan Idhul Adha inggih
punika upaya kagem ngundhakaken kwalitas kesadharan
tauhid pinuju Alloh SWT. Mula saking punika mangga
liwat momentum Idhul Adha niki, kita ikhtiyar kagem
“mbeleh” sifat – sifat kang kados kewan ingkang wonten
pribadi kita sedaya minangka taqorub dhumateng Gusti
Alloh SWT.
Cekap semanten khutbah singkat sapunika, mugi –
mugi manfangat, lan kita sedaya pikantuk berkah Idul
Adha wonten warsa niki, dipun paringaken dawa
yuswanipun lan ketampi qurban kita. Amiin amiin

ِ ‫ُُِبَافِي ِه‬
ُُ‫ُُم ْنُُآيَِة‬ ِ ِ ِ
ْ ‫ُُوإِ ََّي هك ْم‬ ِ
َ ‫ُ َُونَ َف َع ِن‬،‫ُُولَ هك ْمُُفُُاْل هق ْرآنُُاْ َلعظْي ِم‬ ِ ‫ََب َرَك‬
َ ‫ُُللاُل‬
ُ،‫ُالعلِْي هم‬ ِ
َ ُ‫ُه َوُُال َسمْي هُع‬ ‫ُُوإِنَُههُ ه‬
ِ ِ ‫ُُللاُُِمن‬
َ ‫َاُومْن هك ْمُُتالََوتَهه‬
َ ‫ُُوتَ َقبَ َل ُه‬
ِ ْ ‫وِذ ْك ِر‬
َ ‫ُُاْلَكْي ِم‬ َ
‫ُه َوُُالغَ هف ْوهرُُالَرِحْي هُم‬ ِ ‫وأَقهو هلُُقَوِلُُه َذاُفَأستَ ْغ ِفرُُللا‬
‫ُُالعظْي َمُُإِنَُههُ ه‬
َ َ ‫ْ ه‬ َ ْ ْ َ
‫‪Kutbah Tsani‬‬

‫اَللهُُأَ ْك ََبهُُاَللهُُأَ ْك ََبهُُاَللهُُأَ ْك ََُبه‬


‫اَللهُُأَ ْك ََُبهُاَللهُُأَ ْك ََبهُُاَللهُُأَ ْك ََُبه‬
‫اَللهُُأَ ْك ََُبه‬
‫صطََفى‪ُ،‬‬ ‫ُُُمَ َمدُُالْ هم ْ‬ ‫ىُسيِّ ِد َن ه‬
‫ُُعلَ َ‬
‫ُِلُُوَك َفى‪ُ،‬وأهصلِّيُُوأ ِ‬
‫هسلّ هم َ‬
‫َ َ ََْ‬
‫ِ‬
‫اَ ْْلَ ْم هُدُ ّٰ َ‬
‫ُُش ِريْ َُ‬ ‫َص َحابِِهُُأ َْه ُِلُُالْوفَا‪ُ.‬أَ ْش َه هدُُأَ ْن َ ِٰ ِ‬ ‫وعلَىُاٰلِِ‬
‫كُ‬ ‫ُُل َ‬ ‫ُُلُُإلهَُُإَلُُللاه َ‬
‫ُُو ْح َدهه َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫أ‬‫ُُو‬
‫َ‬ ‫ه‬ ‫ََ‬
‫ُُوَر هس ْولهههُُُأََماُبَ ْع هد‪ُ،‬فَيَاُأَيي َهاُ‬ ‫ُعْب هدهه َ‬
‫ُُُمَ َم ًداُ َ‬ ‫ُُسيِّ َد َن ه‬
‫‪ُ،‬وأَ ْش َه هدُُأَ َن َ‬ ‫لَهه َ‬
‫ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫الْمسلِمو َن‪ُ،‬أهو ِصْي هكم ِ ِ‬
‫ُُو ْاعلَ هم ْواُأَ َُنُ ُ‬
‫ُللاَُ‬ ‫ُُونَ ْفس ْيُُبتَ ْق َوىُُللاُُالْ َعل ِّيُُالْ َعظْي ِم َ‬ ‫ه ْ هْ ْ ْ َ‬
‫ُُعلَىُُنَبِيِّ ِهُُالْ َك ِرِْيُُفَ َق َ‬ ‫َُبل َ ِ‬ ‫ُُع ِظْيم‪ُ،‬أ ََمرهك ُمُ ِ‬
‫ال‪ُ:‬إِ َُنُ ُ‬
‫ُللاَُ‬ ‫ُُوال َس َالِم َ‬ ‫ص َالة َ‬ ‫َْ‬ ‫ُُِب َْمر َ‬ ‫أ ََمرهكم ِ‬
‫َْ‬
‫اُعلَْي ُِهُ َُو َسلِّ هموُاُ‬
‫ُصليو َ‬ ‫ُُآمنهواُ َ‬ ‫ين َ‬
‫َِ‬
‫‪َُّ،‬يُُأَيي َهاُالذ َ‬
‫َب َ‬ ‫ُُعلَىُُالنِ ِّ‬ ‫صليو َن َ‬
‫ِ‬
‫َوَم َالئ َكتَههُُيه َ‬
‫ُُُمَ َمد‪ُ.‬اَل ٰلّ هه َُمُ‬‫ُسيِّ ِد َن ه‬ ‫ِ‬
‫ُُُمَ َمدُُ َُو َعلَىُاٰ ُلُ َ‬‫ُُسيِّ ِد َن ه‬
‫ُعلَى َ‬ ‫ُُص ُِّلُ َ‬
‫ٰ‬
‫يما‪ُ،‬اَللّ هه َم َ‬
‫ِ‬
‫تَ ْسل ً‬
‫ُُمْن هه ُْمُ‬‫ُُاألَحي ِاء ِ‬ ‫اتُُوالْم ْؤِمنِي ِ ِ‬ ‫ا ْغ ِفرُُلِْلمسلِ ِميُُوالْمسلِم ِ‬
‫ُُوالْ هم ْؤمنَات ْ ْ َ‬ ‫ه َْ َ‬ ‫ْ ه ْ َْ َ ه ْ َ‬
‫ُُوالْ همُْن َكَُرُ‬ ‫و ْاألَمو ِ ٰ‬
‫ُُوالْ َف ْح َشاءَ َ‬ ‫ُُوالْ َوََبءَ َ‬
‫ُُوالْغَ َالءَ َ‬
‫ُعنَاُالْبَ َالءَ َ‬ ‫ُادفَ ُْعُ َ‬
‫ات‪ُ،‬اَللّ هه َُمُ ْ‬ ‫َ َْ‬
‫ُُمْن َهاُ َُوَماُبَطَ َن‪ُ،‬‬ ‫َدائِ َدُُوالْ ِمحن‪ُ،‬ماُظَهر ِ‬ ‫ِ‬
‫ُُوالش َ َ َ َ َ َ َ‬ ‫فُُالْ هم ْختَل َف َة َ‬ ‫ُُوال يسيه ْو َ‬ ‫َوالْبَ ْغ َي َ‬
‫ىُ هك ُِّلُ َ‬
‫ُش ْيءُُ‬ ‫ُُعلَ ُ‬ ‫ُُعا َم ًة‪ُ،‬إِنَ َ‬ ‫ص ًةُُوِمنُُب ْل َد ُِ ِ ِ‬ ‫ِمنُُب لَ ِ‬
‫ك َ‬ ‫ي َ‬ ‫انُُالْ هم ْسلم ْ َ‬ ‫َ ْه‬ ‫َ‬ ‫ا‬ ‫اُخ‬
‫َ‬ ‫ذ‬‫َ‬ ‫ُه‬
‫ٰ‬ ‫ُ‬ ‫ُ‬
‫ن‬
‫َ‬ ‫د‬ ‫َْ‬
‫قَ ِديْرُ‬
ُ‫ب‬َُ‫ُذيُُالْ هق ْر‬ ِ ُ‫اء‬ُِ َ‫انُ َُوإِيْت‬
ُِ ‫ُُو ْاْل ْح َس‬ ِ ِ ِ ِ
َ َ‫ُإ َُنُُللا‬،‫عبَ َادُُللا‬
َ ‫َُُيْ هم هرَُُبلْ َع ْدل‬
ُ‫ُفَاذ هك هروا‬.‫ُيَعِظه هك ْمُُلَ َعلَ هك ْمُُتَ َذ َك هرْو َن‬،‫ُُوالبَ ْغ ِي‬ ِ
َ ‫ُُوالْ همْن َك ِر‬
َ ‫ُع ُِنُُال َف ْح َشاء‬
َ ُ‫ويَْن َهى‬
ِ ِ ‫للاُُالْع ِظيمُُي ْذ هكرهكم‬
‫ُُولَذ ْك هرُُللاُُأَ ْك ََُبه‬
َ ْ ْ َ َْ َ َ

Khutbah ini di terbitkan oleh :


Pengurus Cabang LTMNU Kab Tulungagung
Penangungjawab : Dr. Mohammad Da’I Robbi, M.Ud.
Penulis : KH. Abdul Hakim Mushtofa
Pentashih : Dr. KH. Bagus Ahmadi, M.Sy., M.Pd.I
Editor : Ustadzah. Suryanti, S.Pd
Layout : M. Husnul Qulub, S.Pd.

You might also like