Serat Bimasonya

You might also like

Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 14

Srat Bimasonya

http://bambsolution.co.nr, http://bambsolutionmath.co.nr, http://bambsolution.wordpress.com.

Srat Bimasonya

1. Dhandhanggula 1. Wrkudara puruhita maring | Dhahyang Druna kinn angupaya | tirta ingkang

nuckake | marang sariranipun | sawusira mantuk wwarti | marang nagri Ngamarta | pamit kadang spuh | Sang Aprabu Darmaputra | myang para ri ttiga nuju marngi | andhr nng ngarsanira || 2. Arya Sena matur ing rakaji | lamun karsa kesah mamrih toya | dening guru pituduhe | Sri Darmaputra Prabu | duk miyarsa aturing ari | cipta praptng bbaya | mung mangu mangun kung | ya ta Radn Dananjaya | matur nmbah ing raka sri narapati | punika tan sakeca || 3. inggih sampun paduka lilani | rayi tuwan kesahe punika | botn sakeca raose | arya kmbar wotsantun | mugi sampun tuwan lilani | watak raka paduka | Ngastina Sang Prabu | mung karya pangendrajala | ykti Druna ginubl pinrih ngapusi | suh sirnaning Pandhawa || 4. Arya Sena miyarsa nauri | ingsun mngsa knaa dn ampah | mati ya umurku dhewe | wong sdya mrih pinunjul | panunggale Hyang Odipati | Arya Sena saksana | kalepat sumbut | Sang Aprabu Darmaputra | lan para ri katiganya ngungun kadi | tinbak ing mong tuna || 5. tan kawarna kang kari [ka...] 4 [...ri] prihatin | kawuwusa lampahira Sena | tanpa wadya amung dhewe | mung bajra sindhung lesus | kang umiring amurang margi | prahara gng grotan | gora rh gumuruh | kagyat miris wong padesan | kang kaambah kapranggul dharodhog sami | andhps nmbah-nmbah || 6. kathah ssgah datan tinolih | langkung adrng praptng kurusetra | marga gng kambah lampahe | samana wus kadulu | gapura gng munggul kaksi | pucak mutyara muncar | saking doh ngnguwung | lir sunaring kang baskara | kunng wau kang taksih wontn ing margi | wuwusn ing Ngastina || 7. Prabu Suyudana animbali | Rsi Druna wus praptng jro pura | natng Mandraka rowange | lawan Ngawngga tumut | pra santana andling wsthi | sadaya ingandikan | manjing jro kdhatun | lan wong agung Sindurja | Jayajatra miwah Kya Patih Sangkuni | Bisma myang Dursasana || 8. Radn Suwirya Kurawa skti | miwah Rahadn Jayasusena | Durmuka lan Durjayane | atarap anng ngayun | kang ginusthi mrih jayng jurit | 5 suh sirnaning Pandhawa | kang tansah rinmbug gung | aywa kongsi bratayuda | mung knaa ingapus sakaning aris | sirnaning kang Pandhawa || 9. golong pipit pra Kurawa sami | Radyan Sudarma Surnggakara | samyanut rmpg ature | ananging Sang Aprabu | Suyudana mnggah ing galih | tan pati suka rna | cidrane kang laku | ragi kagagas ing kadang | lagya eca gunm Wrkudara prapti | dumrojog manjing pura || 10. langkung kagyat kang sami anangkil | Sri Ngastina nambrama kang prapta | yayi dn kaparng kene | Wrkudara anjujug | Dhahyang Druna sigra ngabkti | rinangkul jangganira | babo sutng ulun | sira kaki apa sida | angulati ingkang tirta prawitadi | yn iku kapanggiha || 11. nir ing mala misesng ngaurip | wus kawngku aji kasampurnan | pinunjul ing jagad kabh | ngaubi bapa biyung | mulya saking sira nak mami | linuwih ing tri loka | langgng ananipun | umatur Sang Arya Sena | inggih pundi unggyane kang toya sukci | nuntn paduka tdah || 12. prnahipun tirta prawitadi | 6 Rsi Druna aris angandika | adhuh sutaningsun anggr | asangt parikudu | nuckakn badanirki | turutn tuduh ingwang | dununge toyanung | pan ing wana Tikbrasara | ulatana lore Gadamadanki | ing wukir Cndramuka || 13. dhungkarana ingkang wukir-wukir | jroning guwa jro panggonanira | ingkang tirta prawitane | ing nguni-uni durung | ana ingkang bisa ngawruhi | trustha Sang Wrkudara | pamit awotsantun | mring Druna lan Sri Ngastina | angandika Sang Aprabu Kurupati | yayi mas dn prayitna ||

http://bambsolution.co.nr, http://bambsolutionmath.co.nr, http://bambsolution.wordpress.com.

14. bok kasasar dnira ngulati | panggonane ewuh tan ttela | Wrkudara lon saure | nora ppeka ingsun | anglakoni tuduh sang yogi | umsat saking pura | lampahe sumbut | kang maksih kantun jro pura | samya msm natng Mandraka lingnyaris | paran polahe ika || 15. gunung Cndramuka guwanki | panggonane kang rksasa krura | kagiri-giri gdhene | saykti lbur tumpur | ditya kalih pangawak wukir | tan ana wani ngambah | sadaya gumuyu | ngrasantuk [ngra...] 7 [...santuk] upayanira | tmah suka bojanandrawina sami | kapungkur kang bojana || 2. Pangkur 1. lampahira Arya Sena | sampun prapta madyanirng wanadri | rrh ririh gandrung-gandrung | kasngsm ing wardaya | tirta ning pamungkas wkasing guru | tan tolh durgamng marga | mung ketang kang dn ulati || 2. ngambah wukir sngkan-sngkan | nut ing tmbing pprng lmah miring | gigir mnggr arga gugur | jurang jorong pparang | angragancang kanan kering lata lumung | myang padhas katiban wrksa | sela ngapit marga supit || 3. kksi kang pala kasimpar | amarngi ing mngsa catur asri | anjrah kang skar rum-arum | ngambrah kang patra wijah | amblasah bogman capaka andul | arsana lan kanigara | wilatikta gndasuli || 4. aglar ingkang anggrk pthak | jnggamure araras wora-wari | argulo malathi mnur | gambir lan nagapuspa | tluki tanjung prabust saruni sungsun | sridnta dangan ngayangan | knikir pacar kmuning || 5. umyang swaraning brmara | lir ssanti arjaning kang lumaris | mangu pangingsping madu | yayah bela [be...] 8 [...la] sungkawa | mring kang lagya nandhang kaswasih tyas giyuh | yeka Sang Bayutnaya | llng ngulati we wning || 6. surya rumamyang lampahnya | umyus ingkang riwe saengga warih | gumrgut sangsaya sngkut | wigare kang baskara | nyrang nunjang ksandhung sukuning gunung | wrksa rug rbah balasah | swara sora ggirisi || 7. ggr saisining wana | udan angin pncawara ngajrihi | sato rumangkang sumawur | sumyur gumyur wurahan | saking gnge ampuan sato kaplayu | kidang-kidang kang kasrang | tibng parang angmasi || 8. andaka kh tibng jurang | kang taksaka samya mmult ing wit | rungkating wrksa karangkut | lumayu marang jurang | tuwin ingkang tapa-tapa anng gunung | janggan ajar kapalajar | prahara saya gumrit || 9. munya gnthaning pamujan gung | gugup dnnya nawurkn wangi-wangi | sari sung gnda rum-arum | wau ta lampahira | prapta wukir Cndramuka kang jinujug | lajng dnira tumandang | bubak wukir dn dhungkari || 10. sela gng rmak kasingsal | tuwin wrksa balasah bosah-basih | prnahing toya rinuruh | 9 wus dangu tan kapanggya | kawuwusa ditya gng kang anng ngriku | Rugmuka lan Rugmakala | kagyat dnira miyarsi || 11. ruging wukir kadhungkar | myang prahara gora rh ggirisi | kongasing gnda tumanduk | kalamun wontn jalma | wus katingal Sang Rugmakala gya mtu | mangrik lir Batharakala | nalikarsa badhog bumi || 12. gora sabda lir butula | maetala tmahan gonjang-ganjing | girindra kotrag gumuntur | katon Sang Wrkudara | binandhm ing sela panggah asru muwus | hh ditya kang ambk baya | dursila amamrih pati || 13. Rugmuka lan Rugmakala | asru muwus manungsa mngko mati | dursila budimu rusuh | ngrusak panggonan ingwang | sigra nmpuh Sang Arya Sena tinubruk | kinmah-kmah tan pasah | sinbrak-sbrak tan busik || 14. inguntal-untal tan kontal | siyung punggl nulya ingukl aglis | ndya manaut sumaput | ingabn lawan sela | Rugmakala angganira anggalpung | wutahing rah balabaran | Rugmakala wus ngmasi || 15. Rugmuka 10 angrik manrajang | wus cinandhak ngasta nuli binanting | ing sela ditya maldug | sumyur rahnya sumirat | sarng pjah Rugmuka Rugmakalku | sirna bangkene tan ana | jatine jawata luwih || 16. kna ing papa cintraka | Endra Bayu dinukan Hyang Pramsthi | dadya ditya kalihipun | nng guwa Cndramuka | ya ta wau Sang Bayutanaya wuru | kabh wukir binalengkrah | toya tan ana pinanggih ||

http://bambsolution.co.nr, http://bambsolutionmath.co.nr, http://bambsolution.wordpress.com.

17. sadangonira ngupaya | gunung guwa kawur dn obrak-abrik | sayah kasaput ing dalu | madg soring mandira | angrs ing tyas mangu kodhng jroning kalbu | kang tirta ning tan pinanggya | nulyana swara dumling || 18. tan katon kang darbe swara | dhuh putuku bangt tarima mami | sira kang mawh pitulung | pangruwating cintraka | dn ta ngudi tirta-di tuduhing guru | tuduhe durung sanyata | Wrkudara duk miyarsi || 19. nauri sintn kang swara | dene botn katon ing tingal mami | punapayun ngambil tuwuh | kawulstu sumngga | suka pjah ngulati tirta tan pangguh | kang swara gumuyu latah | yn sira tambuh ing mami || 20. sira duk matni ditya | iya ingsun karo jawata 11 sami | kna papa cintraka gung | kang nyampurnakkn sira | Endra Bayu aran ingsun kang satuhu | duk warna danawa aran | Rugmuka Rugmakalki || 21. sira angulati tirta | pituduhe Dhanyang Druna ing nguni | yktine ana satuhu prahara | kanang tirta prawita | nanging dudu ing kene panggonanipun | sira balia ngatasa | nggone ingkang saykti || 22. duk miyarsa Wrkudara | kndl sarwi ggtun tyasirki | saksana nulya sumbut | wangsul marang Ngastina | tan kawarna ing marga Ngastina rawuh | pndhak ing dina samana | kang anng ngarsa narpati || 23. kadya duk angkate Sena | Rsi Druna Bisma myang para aji | tuwin santana gung-agung | natng Ngwngga Mandraka | lan Sangkuni Sindupati mugng ngayun | Sudarma Surnggakara | Suwirya Kurawa skti || 24. Durmuka lawan Durjaya | Durmagati Susena munggng ngarsi | kagyat wau praptanipun | Sang Arya Wrkudara | samya bagkakn sadaya wong agung | babo arningsun prapta | antuk karya sun watawis || 25. yayi sun ngmpk kewala | lakunira saykti antuk kardi | Sang Rsi Druna sumambung | paranta lakunira | Wrkudara [Wr...] 12 [...kudara] alon dnira umatur | guwa wukir Cndramuka | mung ditya kalih pinanggih || 26. Rugmuka lan Rugmakala | sampun sirna kalih kawula banting | dene ditya mamrih lampus | sikara mring kawula | wukir guwa kula balengkrah sadarum | tirta-di spn marmanta | paringa tdah kang ykti || 27. Rsi Druna ngrangkul sigra | babo-babo lagi sun coba kaki | antpira maring guru | mngko wus kalampahan | nora mngng mituhu tuduhing guru | saiki lagi sun warah | nggone ingkang saykti || 28. anng tlnging samodra | yn sira nut pituduhe pun kaki | malbng tlng samodra gung | Wrkudara turira | sampun ingkang manjing jroning samodra gung | nadyan malbng dahana | myang dhasaring sapta bumi || 29. mngsa ajriha palastra | anglampahi pituduhing sang yogi | iya babo sutaningsun | yn iku kapanggiha | bapa kaknira kang wus padha lampus | besuk mulya dening sira | sira pinunjul sabumi || 30. tan ana aji tumama | sirna saka kawngku ing sirki | Prabu Ngastina sumambung | dhuh adhuh arningwang | kayaparan pratingkahira 13 lumaku | dene gawate kaliwat | dununge kang toya sukci || 31. aja kaya bocah sira | dn prayitna Wrkudara nauri | Kurupati awak ingsun | pasrahna ing bathara | aywa mlang lilakna ingkang satuhu | aja garants ing kadang | pirabara yn basuki || 32. yayi mas muga antuka | pitulunge jawata kang linuwih | pamit Arya Sena sampun | mring Rsi Druna lawan | Sri Ngastina sigra msat lampahipun | saking pura sampun mdal | sdyane kampir rumiyin || 33. matur ing raka Ngamarta | kunng Wrkudara lampahirki | wau gantya kang winuwus | nagari ing Ngamarta | awit saking Wrkudara kesahipun | dene tan kna ingampah | tmah sadaya prihatin || 34. Sang Aprabu Darmaputra | miwah ttiga ari munggng ngarsi | pra garwa myang putranipun | kawatirira dahat | dadya rmbag utusan ngaturi wruh | ing raka Sri Padmanaba | marang nagri Dwarawati || 35. msat caraka Ngamarta | bkta surat ing marga tan winarni | ing Dwarawati prapta wus | katur ing sri narendra | wus tinampn nawala sinukmng kalbu | kagyat garjita ing driya | Sang Aprabu Arimurti || [|...] 14 [...|]
[2]

http://bambsolution.co.nr, http://bambsolutionmath.co.nr, http://bambsolution.wordpress.com.

36. datan sakeca tyasira | dyan ngundhangi wadya bidhal sang aji | sinru ing lampahipun | ing marga tan kawarna | ya ta wau ing Ngamarta sampun rawuh | org wong sadalm pura | Yudhisthira myang para ri || 37. wusnya ngabkti sadaya | sami tata lnggah ing dalm puri | Prabu Yudhisthira matur | lan Arya Dananjaya | kesahipun Bratasena dnnya brung | wus katur sasolahira | ing raka Sri Arimurti || 38. ngandika Narendra Krsna | yayi prabu sampun sungkawng galih | kesahe arinta iku | Ki Arya Wrkudara | nadyan silih wruha yktining pangapus | Kurawa tingkahe cidra | dn pasrah ing batharadi || 39. wong andya puruhita | ujar bcik upama dn alani | ngandla ing bathara gung | kang sdya ambancana | nora wurung nmu wwals ing pungkur | mila yayi dn santosa | tuhunn pitutur mami || 40. lagyeca imbal wacana | praptanira wong agung Jodhipati | ingbyuk rinubung-rubung | saking trusthaning driya | wusing tanya warta karsanira prabu | mangun bojanandrawina | mngka luwaring prihatin || 41. wus lrm sungkawanira | angandika 15 Narendra Arimurti | dhuh suwawi yayi prabu | nutugana bojana | Wrkudara duk miyarsa wuwusipun | ywa susah gawe bojana | pan ingsun ora ngntni || 42. marang pambojananira | amung mampir parlu atur udani | mring Darmaji kakang prabu | lan sira Nata Krsna | myang para ri kabh lilanana ingsun | banjur mring tlng samodra | ngupaya sinoming warih || 3. Sinom 1. pituduhe Dhanyang Druna | iku arsa sun lakoni | ngulati tirta prawita | kang nyampurnakakn dhiri | matur kang para ari | adhuh kakang sampun-sampun | yku sans pabnan | tan pants dipun lampahi | duk miyarsa mng Prabu Yudhisthira || 2. umatur dhatng kang raka | Sri Narendra Arimurti | paran ing karsa paduka | dene arinta puniki | tan kenging dn gondhli | Krsna kndl tanpa muwus | judhg wardayanira | kodhng tan sagd mangsuli | ing ature Sang Aprabu Yudhisthira || 3. sigra Prabu Darmaputra | angrangkul dhatng kang rayi | Arjuna lan radn kmbar | nng pada sami nangisi | Pncawala Drupadi | Sumbadra Srikandhi ngayun | gubl samya karuna | miwah Prabu Arimurti | 16 andruwili mituturi Bayuputra || 4. ambrot Sang Wrkudara | tan keguh ginubl tangis | msat lampahe wus tbah | yayah tinilar ngmasi | sagung kang para ari | adrng karsane anusul | ajrih pamambngira | ing raka Sri Arimurti | dadya kndl sadaya wayangwuyungan || 5. sanggon-nggon karuna | gumuruh sajroning puri | ya ta Sri Narendra Krsna | tan pgat amituturi | pinrih narima sami | dipun santosa ing kalbu | pasrahna ing bathara | kunng kang kari jro puri | kawuwusa wau kang darung ing karsa || 6. kesahe saking jro kitha | lajng manjing ing wanadri | tan ngetang durgamng marga | kh bbaya tan pinikir | sagung wong tpis wiring | gawok dnira andulu | lampahe Arya Sena | lir naga krura ngajrihi | manrang baya mamrih tuhuning pandya || 7. kayon katyubing maruta | sumyak swaranira asri | kadya ngatag skar-skar | samirana awor riris | anjrah kang sari kengis | samarga-marga bukarum | kmuning nagapuspa | kalak lan pudhak kasilir | lir nambrama mring sang lagya kasangsaya || 8. langkung tikbraning wardaya | rame swaraning wanadri | cnggrtnong [cng...] 17 [...grtnong] mawurahan | sasmita bela prihatin | mrak marak ing ngarsi | munya mnyt nganyut-anyut | plungplung mmalang | sata wana munya anjrit | yn jarwaa gusti paduka wangsula || 9. kacr kkjr nng ngarsa | karsanira mituturi | paksi bluk lir bbalak | panambre wira-wiri | podhang ngadhang ing margi | wangsula kang amangun kung | kongkang munyng rong ngangkang | warah yn upaya sandi | endrajala tanduke kartisampeka ||

http://bambsolution.co.nr, http://bambsolutionmath.co.nr, http://bambsolution.wordpress.com.

10. diwasane diwangkara | titi sonya tngah wngi | kudhasih munya sauran | ttuhu kalawan kolik | sima nyabawa sami | walang kapa kupng kpung | isthanira wwarah | mring sang kasangsayng margi | dn prayitna rhning ngambah wanapringga || 11. sampun wanci bang-bang wetan | katon sirating hyang rawi | umyang kang paksi mawijah | thilang cocak cingcinggoling | wimbaning surya kksi | kabh ssining wana gung | wawa katon sungkawa | kthk lutung jtung sami | lampahira prapta claking samodra || 12. swaraning alun kapyarsa | gumuruh Sena mrpki | karang munggul kawistara | gng-agng mawarni-warni | ana kang kadya sthi | ana kadi banthng jrum | prapta Sang Wrkudara | madg [ma...] 18 [...dg] tpining ggisik | mangu ngungun tumon trunaning udaya || 13. asndhn witing mandira | tinon kadi tugu manik | jngr sarwi ngunandika | dhuh lae dhuh batharadi | katuwone wak mami | lagi rmn anggguru | tan wruh jatining karsa | mung putg matg tyas tistis | yn wangsula merang marang ing sasama || 14. saking kodhnging wardaya | sakala mangsah smadi | nancpkn nnging cipta | ngukut tumangkaring kapti | tanna malih kang ksthi | dununging we kang rinuruh | samana tinarima | wontn kang katingal pksi | tri brkutut platuk bawang lawan gmak || 15. mencok nng panging mandira | saluhuring Bayusiwi | mung sapranggh winatara | samya ginm tatajalmi | platuk bawang bawani | lah ta kakang paksi puyuh | lah payo sarasehan | pami wos kang pinrih putih | kkosodan putihe kalawan rowang || 16. benjang yn dina wkasan | tumkane jaman pati | kayaparan raganira | tinilar apa cinangking | manjing ing dalm pati | gmak anauri wuwus | mangkonku snngan | yn mungguh ihtekat mami | ingsun tilar marga barindhil wus ala || 19 17. lan upama ginawaa | saykti ngbot-boti | pigunane nora ana | manira wus dn jagani | kurungan adi luwih | nng pangayunan Hyang Agung | jnng Suksma Wisesa | wnang sakarpku dadi | balik sira paran ingkang dadi sdya || 18. platuk bawang wuwusira | yn mungguh ihtekat mami | kurungan bcik ginawa | utama tumkng pati | puyuh ttanya aris | kapriye panggawanipun | saure platuk bawang | benjang jamaning kapatin | raganingsun dak bsut bisane bebas || 19. sun glintir kari samrica | binubut sun untal nuli | dyan jumnng suksma purba | wnang sakarsaku dadi | aja kaya sirki | siya-siya mring ragamu | rowange lara-lapa | ngupa boga wira-wiri | pan kodanan kapanasan kasangsaya || 20. nganti barindhil tan pisah | nut saparanta tan kari | praptaning jaman wkasan | tka kri tan cinangking | saykti ksi-si | tan wruh ing bcik sirku | tan kna ingantpan | nora wlas marang ragi | baya suwe lamun kanthine dumadya || 4. Kinanthi 1. brkutut nylani wuwus | dhuh kisanak pksi 20 kalih | gunmira kaya bocah | nganggo ninggal nganggo nyangking | kawruhe durung utama | nistha madya dn antpi || 2. kayaparan kakang puyuh | yn ngantpi tilar ragi | ingaranan pati nistha | nora wlas marang ragi | dadi tekat siyasiya | tan wruh rowange dumadi || 3. anggpe wnang sakayun | tan wruh pinangkaning nguni | mung waton pangaran-aran | tawang tuwang kang pintri | anginjng tanpa pencokan | nyawa mayng moyang-maying || 4. ing salamine ngalaut | mangap sanake mung langit | mangu-mangu tan kawngan | mngh-mngh nora mingip | [3] lamun ana bkjanira | dadi thethekan tur laip || 5. dene kakang paksi platuk | manawa sira ngantpi | patnira gawa raga | bnteyong ngbot-boti | pati madya yn dadia | mung ecane kang kaliling ||

http://bambsolution.co.nr, http://bambsolutionmath.co.nr, http://bambsolution.wordpress.com.

6. yn tan dadi antpipun | bbnduning Hyang nkani | nalikane knng lara | ssambate ngolang-aling | kang cinipta ora prapta | kang binudi nora dadi || 7. nora kaur glintir bsut | larane saya kapati | wis tan klar ciptanira | marucut lumayu gndring | lamun ana bkjanira | dadi 21 sato wana gnjik || 8. lalr ulr luwing lmut | kang kaprak dn panjingi | dadi nyakra panggilingan | sagon-nggone manitis gung | platuk bawang asru mojar | durung tutug kojah mami || 9. kaslan wuwusirku | brkutut msm lingnyaris | payo tutugna kisanak | dn kongsi tumkng jati | manawa bisa sun jawab | yn tan bisa mung ngastuti || 10. iya rungokna brkutut | jatine kang sun antpi | watone nglmu utama | kang aran kalimah kalih | swarga timbang lan naraka | ala timbangane bcik || 11. gusti lan kawulanipun | Allah lawan Mukamadin | jro timbangane jaba | lair tangkbaning batin | tmahan Gusti Kawasa | ngrh kawulane pribadi || 12. kawulane tan makewuh | mung anut karsane gusti | sanadyan kinarya rusak | lbur luluh dn lakoni | si raga nora suwala | kawasesa dening Gusti || 13. kapurba saking pandulu | luluh llh kadi warih | rinacut kari samrica | binubut sun untal dadi | ran rngka manjing curiga | kodhok ngmuli lngnki || 14. brkutut ttanya arum | nyawa [nya...] 22 [...wa] kayapa kang warni | wangsulane kmbar warna | lan sipate angplki | nanging mawa ciri sastra | nng palaraban lir rukmi || 15. muni asmane Hyang Agung | yn tan mawi ciri eblis | dhmit setan ora bisa | nniru sastra lir rukmi | yn wus katingal kawarna | sun rasuk tan walangati || 16. ngalih gon boyong kadhatun | muktamat ing dalm dalil | pituture guron ingwang | brkutut alon nauri | yn mangkono iku kakang | sama rupa kok gandhuli || 17. makdum sarpin aranipun | enake bae pinikir | sangsayane tan kaetang | karana durung ngawruhi | tukang rncana pngpngan | dudu setan dudu dhmit || 18. yku kakang sadulurmu | tunggal saking yayah bibi | ingkang ora karawatan | dadya malekat lan jim | anng alam palemunan | tan awor lan setan eblis || 19. nng tawang-tuwang tumlawung | si tukang rncana bangkit | karya rupa kaya apa | ciri-ciri ya undhagi | mulane anggodha sira | benjang jamaning kapatin || 20. supaya 23 bisane kumpul | lan dhwke dadi siji | anng alam palemunan | ana rewange kuliling | jnak anng panasaran | ora sampurna ing pati || 21. sawnh ana marucut | pcating nyawa tan uning | kalbu ngalam palimngan | ptng dhdhte kapati | patine anunjang-nunjang | kasasar marang yomani || 22. platuk alon dnnya muwus | adhuh yn mangkono yayi | pun kakang dipun dunungna | manggone kawruh sajati | praptaning pati sampurna | aja kalbu yomani || 23. wlasa si tuwa pikun | tan awas tiwas ing nglmi | gmak nabda ingsun bela | barkahana nglmu gaip | kang sampurna babar pisan | kasmaran brkutut muni || 5. Asmaradana 1. luwih angl ing ngaurip | kalamun gayuh kamuksan | yn ora lan nugrahane | pinarng wnganing driya | nora kna dn awag | jr Allah nora maujud | yn wujuda dadi karam || 2. utamane wong marsudi | kudu nganggo tapabrata | limang prakara cacahe | dhingin [dhingi...] 24

http://bambsolution.co.nr, http://bambsolutionmath.co.nr, http://bambsolution.wordpress.com.

[...n] angurangi dhahar | sranane anarima | yn ora narima iku | saanane dadi gagar || 3. ngurangi turu ping kalih | kang pinandng ngting tyas | nadyan sira cgah sare | yn sinupe-supe dadya | tanpa gawe punika | lire cgah turu iku | yn wus baliyut kang netra || 4. layap luyute pinurih | aja nganti koyup marang | si baliyut pakartine | ping tri ngurangi sanggama | rila sarananira | kaya ta sira panuju | kaparng arsa sanggama || 5. aja linantur ing kapti | pinardia kang satata | mrih rahayu salamine | ping pat ngampta panggagas | ingkang tanpa wasana | santosakna jroning kalbu | sanadyan ora ngandika || 6. yn maksih amngku kapti | kaping lima nnm iya | anng paspn dununge | snggarunggine tyasira | kabh padha sirnakna | supaya ora bbawur | pamoring Gusti kawula || 7. tuman tumanm tyas ning | upamane ingkang wastra | wus lawas rgd ingangge | wwjgn lawan toya | dimn talutuh ilang | rsik mumpluk kadi kapuk | yn wus plg [pl...] 25 [...g] apa rinasan || 8. iya donya iya akir | upama karya suwasa | milih tmbaga prusine | pambsute rambah-rambah | kari sari kewala | mase milih rsik spuh | murni araning kncana || 9. nuli dn wor dadi siji | linbur lawan dahana | luluh sirna sakarone | ilang arane tmbaga | sirna arane mas | binabar warnane mancur | wungu-wungu tuntung jnar || 10. pami ingaranan rukmi | wus awor lawan tmbaga | yn ingaran tmbagane | wus kamomoran kncana | ewuh gone sung aran | rhning wus dadi sawujud | arana suwasa mulya || 11. pamore kawula Gusti | jumnnge nng sarira | Sena myarsa pangoche | jineweran karnanira | mnglng angunandika | lah mara tutugna manuk | ochmu dipun widada || 12. platuk manthuk dnirangling | bangt panarimaningwang | ingsun barkahana manh | ingkang panmbah sapisan | tinarima salama | kayaparan dunungipun | yayi babarna pisan || 13. myang purwane ana urip | tuwin jatine ngagsang | kang sampurna samloke | brkutut nyauri sabda | lah iku ora kna | 26 angggampang marang wuwus | kudu karo mangsanira || 14. milih dina ingkang bcik | miwah mmule pra dewa | nganggo papan lan mpane | yku sidaning kasidan | panjalukira kakang | yn kasusu antuk siku | ambuka wwadining rat || 15. ingsun miyarsa pribadi | nalika anng Ngastina | Dyan Bratasena karsane | puruhita Rsi Druna | dn parusa kewala | linakon satuduhipun | marang wukir Cndramuka || 16. mamrih tirta prawitadi | sakh wukir dhinungkaran | kono tan ana toyane | mung panggih rksasa krura | Rugmuka Rugmakala | ngrubeda kalih linampus | Sang Sena sangt rkasa || 17. wangsul mring Ngastina malih | panggih lawan guronira | minta tuduh sabnre | kewran sang rsi mmuja | mntra sinidhikara | tirta ning katon nng laut | Sang Sena winisik sigra || 18. kinn manjing jalanidhi | tirta nng tlng samodra | kapindhon diprusa manh | upamane linakonan | Sena marang samodra | tirtane ykti tinmu | nanging kathah kang rubeda || 19. Wrkudara duk miyarsi | sirna smanging wardaya | suka gumujng wuwuse | 27 bangt panarimaningwang | marang brkutut sira | yn mangkene raganingsun | apa kalah lan kukila || 20. gumrgd ngt tirta ning | madk suraning wardaya | ngungak samodra wiyare | alun gng angombak-ombak | tinon ngmbang galagah | lir nambrama kusung-kusung | bagea kang lagi prapta || 21. anglg myat ing jalanidhi | ngt andikaning raka | Sri Darmaputra dhawuhe | yn Sang Druna ngamandaka | nanging dupi miyarsa | ujaring pksi brkutut | sayktine ora cidra || 22. miwah ngt wus punagi | yn tan antuk toya gsang | wirang mantuk mring prajane | suka matiyng jro toya | adrng ing karsanira | Wrkudara saya maju | tan mundur pringganing toya || 6. Durma

http://bambsolution.co.nr, http://bambsolutionmath.co.nr, http://bambsolution.wordpress.com.

1. sthining tyas sira Arya Wrkudara | nrang baya ambg pati | cancut taliwanda

[4]

| ringas pasuryanira | kumdut

padoning lathi | sigra umangsah | jumangkah malbng warih || 2. ing samodra wiraganira lgawa | toya sumaput wntis | kolg angganira | alun gng ggolongan | tummpuh ing jaja asri | singsal tan kontal | wats angga 28 kang warih || 3. wusing matg kang aji jalasngara | alun gng tan nangkbi | ngrasa bisa nngah | sira Sang Wrkudara | anggnjot wntse kalih | sampun manngah | ya ta ingkang winarni || 4. kanang naga kyating rat jroning samodra | dupi sira miyarsi | asru mangikikan | mijil ngambang ing tirta | gnge saprabata siwi | galak makrura | nmbur-nmbur ngajrihi || 5. lir kinbur samodra molah prakmpa | kagyat duk aningali | Arya Wrkudara | ngucap sajroning driya | bburon apa ta iki | datan antara | kotbuta ankani || 6. kadya guntur jumlgur ingkang samodra | naga gng marpki | cangkm mangap-mangap | siyung kengis lir cakra | drsing wisa kadi riris | manaut krura | mult kadya ambanting || 7. arsa nngah cgah pinult ing naga | lsah Sang Bayusiwi | wisaning kang naga | tumampg ing wadana | kewran ing tyas cipta mati | sayah pinolah | ing naga mobat-mabit || 8. sariranya saput pinult ing naga | mung jngga ingkang maksih | sangsaya manngah | sagung kang palwa giwar | nyana pncawara prapti | prahara salah | gusis palwa wus nbih || 9. lir sinapon [sinapo...] 29 [...n] palwa tan ana katingal | wau ta kang ajurit | sira Arya Sena | ngt jroning wardaya | lamun kang kanaka lungit | mngka ggaman | cinublsakn aglis || 10. pncanaka manjing angganirng naga | rantas pating saluwir | rah mijil lir udan | abang toya samodra | sapandlng nganan ngering | toya dadya rah | naga gng wus ngmasi || 11. sasirnaning naga ssining samodra | dahat sukane sami | ya ta cinarita | risang murwng parasdya | wruh lakune sang kaswasih | lumarap arsa | sung tirta prawitadi || 12. duk samana Pandhawa ingkang winarna | dnnya dahat prihatin | sangsaya kagagas | ketang mung kadangira | karsane anusul sami | mring Arya Sena | mnk tumkng lalis || 13. dahat gubl nnuwun kang pangandika | raka Sri Arimurti | sami tinangisan | ya ta Narendra Krsna | ngandika aywa prihatin | pan kadangira | nora tumkng pati || 14. malah antuk nugraha Hyang Maha Mulya | benjang praptane sukci | sangt kinasihan | marang Suksma Kawkas | winnang aliru dhiri | raga bathara | langgng salami urip || 15. marma padha birata prihatinira | aja pijr anangis | angur 30 ammuja | Sena glise prapta | kang liningan duk miyarsi | enggar tyasira | saha sami ngastuti || 16. ya ta malih Wrkudara cinarita | anng tlng jaladri | sampun pinanggihan | awarni dewa bajang | pparap Sang Dewa Ruci | lir lare dolan | sarwi ttanya aris || 17. hh ta sira Wrkudara ingkang prapta | ana ing kene iki | apa sdyanira | kene spi sabarang | tan ana kang sira bukti | myang sarwa boga | miwah busana spi || 18. amung godhong aking yn ana kumleyang | tiba ing ngarsa mami | iku kang sun pangan | yn tan ana ya ora | garjitng tyas duk miyarsi | Sang Arya Sena | ngungun dnnya ningali || 19. dene bajang nng samodra tanpa rowang | cilik amnthik-mnthik | iki wong-wong apa | gnge mung samarica | ucape tka kumaki | ladak kumthak | langkung eram ing galih || 20. Dewa Ruci ngandika malih hh Sena | iya ing kene iki | akh pncabaya | yn ora toh palastra | saykti tan bisa prapti | ing kene apan | sakalir sarwa mamring || 21. tan sumurup ciptane aparipksa | nora angeman dhiri | sabda kaluhuran | kene [ke...] 31
[5]

http://bambsolution.co.nr, http://bambsolutionmath.co.nr, http://bambsolution.wordpress.com.

[...ne] mngsa anaa | kewran tyase Bayusiwi | mangunadika

[6]

| dene tan wruh ing gati ||

22. dadya alon Wrkudara aturira | mngsaborong sang yogi | sang wiku lingira | lah iya sira uga | bbte Sang Hyang Pramsthi | Hyang Girinata | turase kang saykti || 23. saking Brama uwite kang para nata | ya ramanira ugi | turun saking Brama | mncarkn para nata | dene ibonira Kunthi | kang darbe tdhak | iya Sang Wisnumurti || 24. mung patutan ttiga lan ramanira | Yudhisthira pangarsi | pannggake sira | panngah Dananjaya | kang loro patutan Madrim | jangkp Pandhawa | praptamu kene iki || 25. anglakoni pituduhe gurunira | Pandhita Druna Rsi | kinon angupaya | kanang tirta prawita | kang nyampurnakakn dhiri | mulane sira | nirbita manrang wsthi || 26. aja lungan yn tan wruh kang pinaran | lan aja mangan ugi | lamun tan wruha | rasane kang pinangan | aja nganggo-anggo ugi | yn tan uninga | warnaning busanadi || 27. pan wruhe ttakon lan ttirona | marang sawijining janmi | wong jugul [ju...]
[7]

dadi lan tumandang | mangkono ing pandya | lir

32 [...gul] saking wukir | arsa tuku mas | mring kmasan dn whi || 28. duph kuning inganggp kncana mulya | dadi kuningan nai | pan durung waskitha | bkjane kang wus awas | Wrkudara duk miyarsi | dhku noraga | dene sang wiku sidik || 29. sarwi sila ngrpph nng ngarsanira | Wrkudara mamt sih | anyuwun jinatyan | sintn ing asma tuwan | dene nng ngriki pribadi | sumaur sigra | ya ingsun Dewa Ruci || 30. matur alon pukulun yn makatna | pun patik anyuwun sih | ulun inggih datan | wruh puruhitng badan | sasat sato ing wanadri | tan mntra-mntra | waspada badan sukci || 31. langkung mudha punggung cinacat ing jagad | ksi-si nng bumi | saengga curiga | ulun tanpa warngka | wacana datanpa siring | ya ta ngandika | manis Sang Dewa Ruci || 7. Dhandhanggula 1. lah ta mara Wrkudara aglis | umanjinga guwa garbaningwang | kagyat miyarsa wuwuse | Wrkudara gumuyu | sarwi guguk turira aris | dene paduka bajang | kawula gng luhur | sasat pangawak prabata | 33 saking pundi margane kawula manjing | jnthik mngsa sdhnga || 2. Dewa Ruci angandika malih | gdhe ndi sira lawan jagad | kabh iki saisine | kalawan gunungipun | samodrane alase sami | tan ssak lumbua | guwa garbaningsun | Wrkudara duk miyarsa | smu ajrih kuml sandikaturnki | mnglng Sang Ruci Dewa || 3. iki dalan talingan ngong kering | Wrkudara manjing sigra-sigra | wus prapta ing jro garbane | andulu samodra gung | angalangut datanpa tpi | liyp adoh katingal | Dewa Ruci nguwuh | hh apa katon ing sira | Wrkudara ature pan amung tbih | tan wontn katingalan || 4. awang-awang kang kula tingali | uwung-uwung tbih tan kantnan | ulun saparan-parane | tan miyat ing lor kidul | wetan kiln datan kaksi | nginggil miwah ing ngandhap | ing ngarsa myang pungkur | kawula datan uninga | langkung bingung ngandika Sang Dewa Ruci | aywa maras tyasira || 5. byar katingal ngadhp Dewa Ruci | Wrkudara sang wiku kawangwang | umancur katon cahyane | sarta wruh 34 lor kidul | wetan kiln sampun udani | nginggil miwah ing ngandhap | pan sampun kadulu | lawan andulu baskara | eca tyase miwah sang wiku kaksi | anng jagad walikan || 6. Dewa Ruci angandika malih | lumakua sarwi ddulua | apa katon ing dhwke | Wrkudara umatur | wontn warni kawan prakawis | katingal ing kawula | kang sadaya wau | sampun botn katingalan | amung kawan prakawis ingkang kaksi | bang irng kuning pthak || 7. angandika malih Dewa Ruci | ingkang dhingin sira anon cahya | gumawang tan wruh arane | pncamaya puniku | sajatine ing tyas saykti | pangarping sarira | tgse puniku | ingaranan muka sipat | kang anuntun marang sipat kang linuwih | ing sajatining sipat ||

http://bambsolution.co.nr, http://bambsolutionmath.co.nr, http://bambsolution.wordpress.com.

8. mngka tinulak aywa lumaris | awasna rupa aja samar | kuwasaning tyas mpane | tingaling tyas puniku | anngri marang sajati | eca Sang Wrkudara | amiyarsa wuwus | lagya mdm tyas sumringah | dene ingkang abang irng lawan kuning | yku durgamaning tyas || 9. pan [pa...] 35 [...n] isine ing jagad ngbki | iya ati kang tlung prakara | pamurunge laku dene | kang bisa misah iku | ykti bisa [8] awor ing garp | iku mmungsuhira | ati kang ttlu | irng abang kuning samya | angadhangi marang cipta kang lstari | paworing suksma mulya || 10. lamun ora kawilt ing katri | ykti sida pamoring sarira | lstari ing panunggale | poma dn awas emut | durgamane kang munggng ati | pangwasane wruha | wiji wijangipun | kang irng luwih prakosa | panggawene asrngn sabarang runtik | andadra ngmbra-mbra || 11. iya iku ati kang ngadhangi | ambuntoni marang kabcikan | kang irng iku gawene | dene kang abang iku | iya tuduh napsu tan bcik | sakhing ppenginan | mtu saking ngriku | panastn panas baranan | ambuntoni marang ati ingkang eling | marang ing kawaspadan || 12. dene iya ati ingkang kuning | pangwasane nanggulang sabarang | cipta kang bcik dadine | panggawe mamrih tulus | ati kuning ingkang ngadhangi | mung panggawe pangrusak | linantur jinurung | mung kang putih iku nyata | ati jinm sukci ora ika-iki | prawira ing kaharjan || 13. amung [a...] 36 [...mung] iku kang bisa nampani | ing sasmita sajatining rupa | nampani nugraha gone | ingkang bisa tumanduk | kalstarn paworing kapti | iku mungsuhe tiga | tur sami gung-agung | balane ingkang ttiga | kang sawiji tanpa rowang mung pribadi | mila anggung kasoran || 14. lamun sira bisa nmbadani | marang napsu kang tlung prakara | sida ing kono pamore | tanpa tuduhan iku | ing pamore kawula Gusti | Wrkudara miyarsa | sngkut pamrihipun | sansaya biranira | tyas kacaryan kawuwusan ing ngaurip | sampurnaning panunggal || 15. sirna patang prakarana malih | urup siji wolu warnanira | Wrkudara lon ature | punapa wastanipun | urup siji wolu kang warni | pundi ingkang sanyata | rupa kang satuhu | wontn kadi rtna muncar | wontn ingkang maya-maya angebati | wontn abra markata || 16. marbudyngrat Dewa Ruci angling | iya iku sajatining tunggal | saliring warna tgse | iya isnirku | lawan iya isining bumi | ginambar angganira | lawan jagad agung | jagad cilik tan prabeda | purwa ana lor kulon kidul puniki | wetan lan luhur ngandhap || 17. miwah irng abang kuning putih | 37 iya iku uriping bawana | jagad cilik jagad gdhe | pan padha isnipun | wus tinimbang lan sira ugi | yn ilang warnaning kang | jagad ykti suwung | saliring reka tan ana | kinumpulkn ana rupa kang sawiji | tan kakung tan wanodya || 18. kadya tawon gumana puniki | kang asawang pputran dnta | lah mara dulunn kuwe | Wrkudara andulu | ingkang kadya putran gadhing | cahya mancur kumilat | tumeja ngnguwung | punapa inggih punika | warnaning dat kang pinrih dipun ulati | kang sajatining rupa || 19. Dewa Ruci anauri aris | dudu iku ingkang sira sdya | kang mumpuni ambk kabh | tan kna sira dulu | tanpa rupa datanpa warni | tan gatra tan satmata | iya tanpa dunung | mung dumunung ingkang awas | sasmitane anng jagad angbki | dinumuk ora kna || 20. dene iku kang sira tingali | kang asawang pputran mutyara | ingkang kumilat cahyane | angkara-kara murup | hyang pramana arane nnggih | uripe kang sarira | pramana puniku | satuhu tunggal sasana | nanging ora mlu suka lan prihatin | nggone anng raga || 21. datan mlu mangan turu nnggih | lawan ora 38

http://bambsolution.co.nr, http://bambsolutionmath.co.nr, http://bambsolution.wordpress.com.

mlu lara-lapa | yn pisah iku nggone | raga kari ngalumpruk | ykti lungkrah badan puniki | yaiku kang kuwasa | nandhang rahsanipun | inguripan dening suksma | iya iku kang sinung sih anandhang sih | ingakn rahsaning dat || 22. kang sinandhangakn ing sirki | nanging kadya simbar nng kkaywan | ananing raga nggone | uriping pramanku | inguripan Hyang Suksma Jati | misesa ing sarira | pramana puniku | yn mati mlu kalswan | lamun ilang suksmane sarira iki | uripe suksma ana || 23. sirna iku iya kang pinanggih | uripe suksma ingkang sanyata | kaliwatan upamane | lir rahsaning kmumu | Hyang Pramana amratandhani | tuhu tunggal pinngka | sajatine iku | umatur Sang Wrkudara | inggih pundi warnane ingkang saykti | Dewa Ruci ngandika || 24. nora kna iku yn siramrih | lah kahanan ing samata-mata | gampang angl pirantine | Wrkudara umatur | kula nyuwun pamjang malih | inggih kdah uninga | babar pisanipun | pun patik ngaturkn pjah | ambancana anggnanggn ingkang ykti | sampun tiwas kangelan || 39 25. yn makatn kula botn mijil | sampun eca nng ngriki kewala | botn wontn sangsayane | tan niyat mangan turu | botn nglih pan botn arip | botn ngraos kangelan | botn ngrs linu | amung nikmat lan mupangat | Dewa Ruci lingira iku tan kni | yn ora tan antaka || 26. sansaya sihira Dewa Ruci | mring sang kawlasasih ing pandha | lah iya dn awas bae | mring pamurunging laku | aywa ana karmirki | dn bnr kang waspada | inganggpirku | yn wus kasikp ing sira | aja umung dn nganggo parah yn angling | iku rh pepingitan || 27. nora kna yn sira rasani | lan sasama samaning tumitah | yn ora lan nugrahane | yn ana ndya padu | angrasani rrasan iki | ya tka kalahana | aja kongsi banjur | aja ngadkkn sarira | ywa karakt marang wisayaning urip | balik sikpn uga || 28. kawisayan kang marang kapatin | dn kaasta pamanthnging cipta | rupa ingkang sabnre | sinngkr buwanku | urip ora ana nguripi | datan antara mngsa | iya ananipun | anane wus ana sira | tuhu tunggal sasana lawan sirki | tan kna pisahna || 40 29. datan wnh sangkanira nguni | tunggal sapakrtining bawana | pandulu pamiyarsane | pan wus anng sirku | pamyarsane Hyang Suksma Jati | angangge karnanira | kalamun andulu | netranira kang kinarya | yn anggnda grananira kang kinardi | yn ngucap lathnira || 30. lairing Suksma anng sirki | batinira kang ana ing Suksma | iya mangkono patrape | kadya wrksa tinunu | ananira kukusing agni | iya kalawan wrksa | lir toya lan alun | kadya menyak munggng powan | raganira ing rh mobah lawan mosik | iya lawan nugraha || 31. yn wruh pamore kawula gusti | satuhune kang kok sdya ana | de warna nng sira gone | lir wayang sarirku | saking dhalang solahing ringgit | kang mngka panggung jagad | klir badanipun | amolah lamun pinolah | sasolahe kumdhp myarsa ningali | tumindak lan angucap || 32. kawisesa amisesa sami | datan antara pamoring karsa | jr tanpa rupa-rupane | 41 wus ana ing sirku | upamane paesan carmin | ingkang ngilo Hyang Suksma | wayangan puniku | kang ana sajroning kaca | iya iku araning manungsa jati | rupa sajroning kaca || 33. luwih gngnya kamuksan puniki | kalawan jagad agng kamuksan | utawa luwih alite | saalitaning tngu | maksih alit kamuksan ugi | lawan luwih lmbutnya | salmbuting banyu | pan maksih lmbut kamuksan | lire agng amisesa ing sakalir | dene lmbut alitnya || 34. bisa nuksma ing agal myang alit | kalimputan kabh kang rumangkang | kang gumrmt apadene | kaluwihan satuhu | luwihira ingkang nampani | tan kna ngandlna | ing warah lan wuruk | dn bangt ing uswanira | badanira wasuhn dipun barsih | wruha rungsiting tingkah || 35. wuruk iku kang minngka wiji | kang winuruk upamane papan | pama kacang lan kadhle | sinbarna ing watu | yn watune datanpa siti | kodanan kapanasan | ykti nora thukul | lamun arsa wicaksana | tingalira sirnakna ananirki | dadi tingale suksma ||

http://bambsolution.co.nr, http://bambsolutionmath.co.nr, http://bambsolution.wordpress.com.

36. rupanira swaranira iki | ulihna mring kang darbe swara | jr sira [si...] 42 [...ra] ingakn bae | ssilih kang satuhu | nanging aja duwe sirki | pakarman kang liyan | Hyang Kang Maha Luhur | dadya sarira bathara | obah osikira pan wus dadi siji | lorone anggpira || 37. lamun dadi anggpira iki | yn angrasa loro maksih was-was | kna ing rngu yktine | yn wus siji sawujud | sakarntg tyasira dadi | barang sindya ana | kang cinipta rawuh | wus kawngku anng sira | jagad kabh jr sira ginawe ykti | ggnti dn asagah || 38. yn wus mangrti pratingkah iki | dn awrit sarta dn santosa | sasabana panganggone | ananging batinipun | ing sakdhp netra ywa lali | lire anasabana | kawruh patang dhapur | padha anggpn sadaya | kalimane kang siji iku prmati | kanggo ing kene kana || 39. lire mati sajroning ngaurip | lire urip sajroning apjah | urip bae salawase | kang mati iku napsu | badan lair ingkang nglakoni | katampan badan nyata | pamore sawujud | pagene ngrasa matia | Wrkudara padhang tyasira [tyasi...] 43 [...ra] nampani | wahyu prapta nugraha || 40. tlas wulangira Dewa Ruci | Wrkudara wus tan kasamaran | wruh arane ing dhwke | engganing swara muluk | tanpa lar anjajah bangkit | wwngkon jagad traya | ngga wus kawngku | pants pinardikng basa | kadyanggane skar maksih kudhup mingit | mangkya mkar ambabar || 41. wuwuh warnane myang gndanki | wus kna kang pnca rtna mdal | saka ing guwa garbane | wus salin alamipun | wangsul marang alaming lair | Dewa Ruci wus sirna | mangkana winuwus | tyasira Sang Wrkudara | luwih saking gandaning jbat kasturi | ppanase tyas sirna || 42. wus lksana salkring bumi | wus tan kewran ing pantakanira | nir ing mala waluyane | marang kajatnipun | upamane busana adi | sutra kang maya-maya | muyg yn dinulu | sinuksma mas ingmasan | arja sotya sinasotya manik-manik | kapenak ing satingkah || 43. ngagm sumping abra puspitadi | pinurwendah kintaka sumkar | kasturi jati gandane | pratndha nora kerut | pangawikan [panga...] 44 [...wikan] knaka lungit | angungkabi kabisan | kawruh tan kaliru | kampuh polng agmira | bang bintulu catur warna tinon asri | lancingan kampuhira || 44. mngka pangngt-ngt ing nguni | nalika nng jroning guwa garba | Dewa Ruci ppngte | bang irng kuning iku | pamurunge laku kang bcik | kang putih iku nyata | sidaning pangangkuh | kalimane wus ginlar | wus kaasta sanalika nora lali | mung tuhu ambgira || 45. sangt dnnya akarya ling-aling | pambengkasing sumngah jubriya | kasthi siyang ratrine | akh dnira ngrungu | pratingkahe para maharsi | kang sami kaluputan | ing panganggpipun | pangancase kawruhira | pan wus bnr wkasan mati tan dadi | kawilt ing trap-trapan || 46. ana ingkang mati dadi pksi | amung milih pencokan kewala | kayu kang bcik warnane | angsana nagasantun | tanjung bulu tuwin waringin | kang anng pinggir pasar | ngkuk mangkruk-mangkruk | angungkuli wong sapasar | mindho gawe kamuktn sapele pinrih | kasasar kablasar || 47. ana ingkang anitis para [pa...] 45 [...ra] ji | sugih garwa putra rajabrana | annitis mring putrane | spuh kang arsa mngku | karmne sawiji-wiji | samyamrih kaluwihan | ing panitisipun | yn mungguh Sang Wrkudara | nora karsa anganggp kang durung masthi | sadayku ingaran || 48. tibaning kang pantaka tan pasthi | durung jumnng janma utama | kang mangkono panganggpe | ngrasa lamun anmu | suka sugih tan wruh ing ykti | kalamun nmu duka | kabanjur linantur | sanggone nitis kewala | tanpa wkas kangelan cipta tan dadi | tan bisa babar pisan ||

http://bambsolution.co.nr, http://bambsolutionmath.co.nr, http://bambsolution.wordpress.com.

49. ana ingkang anyakrabawani | karmne anng paramean | ing pati kono tibane | bawur tyas kabaliwur | nora klar tibaning pati | keron pan kasamaran | mangsah mowor sambu | bote wong ulah kamuksan | nora kna mikir bndha anak rabi | sajrone mrih kamuksan || 50. yn luputa pantakanirki | lhng biyn nora dadi jalma | sato gampang pratikle | sirnane tanpa tutur | balik lamun bnring kapti | misesa kang wisesa | ngga guwanku | nnge tan kadi sela | wningira apan nora kadi warih | langgng [lang...] 46 [...gng] tanpa karana || 51. wnh ana pandhita ngantpi | ing kamuksanira paripaksa | anjungkung kasutapane | panyanane puniku | tanpa tuduh mung tapanki | tan mawi puruhita | tawang-tuwang suwung | mung tmne ciptanira | durung antuk pawarta tuduh kang ykti | dadine lalawora || 52. papanira kongsi ragarunting | wus mangkono dnnyamrih kamuksan | tanpa pitutur sirnane | kmatngn tapku | utamane mamrih lstari | tapa iku minngka | ragi pamnipun | nglmi kang minngka ulam | tapa tanpa nglmu iku nora dadi | yn nglmu tanpa tapa || 53. cmplang-cmplang trkadhang andadi | ugr nora kaliru trap-trapan | kacagak sagung bekane | saykti dadi tulus | winhana pandhita sandi | wuruke dn satngah | marang sabatipun | sabate landhp candhakan | kang linmpit kawdhar raosing galih | katur mring guronira || 54. kawdharing graitanirki | saking nguni durung mambu warah | dadya tan eca manahe | wus katur [ka...] 47 [...tur] guronipun | langkung ngungun tumut nganggpi | pinintokakn marang | pandhita gung-agung | wus bnr inganggp nyata | yku wahyu nugraha dhawuh pribadi | sabat ingakn anak || 55. pinilala pan agung tinari | marang guru yn arsa amjang | tan tbih sandhing linggihe | sabat satmah guru | guru dadya sabat ing batin | lpasing panggraita | tanduk lawan wahyu | yku utama kalihnya | kunng wau Sang Sena nulya lumaris | ucapn ing Pandhawa ||

http://bambsolution.co.nr, http://bambsolutionmath.co.nr, http://bambsolution.wordpress.com.

You might also like