Professional Documents
Culture Documents
Kelas X KD 2 Semester Ganjil - Wayang
Kelas X KD 2 Semester Ganjil - Wayang
Kelas X KD 2 Semester Ganjil - Wayang
Dening :
Andi Putra Prasetiya, S.Pd
Kompetensi Dasar dan Indikator
Sumbering crita, akeh-akehe saka manca, kayata: epos Ramayana utawa Maha
Bharãta saka tanah Indu. Ing tembe buri, sumber crita saya ngrembaka, kaya ta:
Critane Wong Agung Menak (saka Arab lan Persia), crita Panji apadene Damar Wulan
(epos lokal), crita mawa sumber mitos agama, kaya ta critane para Nabi lan Rasul
saka kitab suci Injil), caritane para Wali lan paraga mitos Islami liyane (saka tanah
Jawa), carita dongeng (kancil, lsp), lan paraga lumrah ing jaman saiki.
Senajan watake kabeh lakon wayang meh padha utawa ana empere, saben teks
carita wayang uga ana sambung rapete karo jinise wayang mau. Maneka warna jinise
wayang, ana sesambungane karo sumbere teks caritane. Sumber crita mau banjur m
bedakake jinise wayang, siji lan sijine. Ing kene jinis lan sumbere carita wayang bisa
kaprinci kaya ing ngisor iki:
PUNAKAWAN
Wayang Purwa / Madya
2. Penokohan/wateg/figuran
Wateg sing diduweni dening tokoh/ paraga ing crita ana 3, yaiku :
• Antagonis (mujudake wateg/sipat umume ala)
• Protagonis (mujudake wateg/ sipat umume becik/apik)
• Tritagonis (mujudake wateg/ sipate sing kerep owah antarane becik lan ala).
3. Tema
Mujudake punjering pikiran kang nglandhasi/ ndhasari crita.
4. Alur
Mujudake rerangken lumakune crita. Alur diperang dadi 3, yaiku:
• Alur Maju
• Alur Mundur
• Alur Campuran
5. Sudut Pandang
Mujudake kalungguhan panulis tumrap ing jero crita. Diperang dadi 2, yaiku
• Wong Kapisan, nggunakake tembung “aku”
• Wong Katelu, nggunakake tembung “dheweke”
6. Amanat
Mujudake pitutur kang ana ing sakjrone crita. Pitutur iki katunjokake marang pamaca.
7. Setting
Mujudake gegambaring papan/panggonan, wektu, lan kahanan kang dumadi ing sakjrone crita.
8. Gaya Bahasa
Mujudake cara khas/ mligi sawijine panulis sajrone medharake ide, gagasan liwat crita.
Unsur Ekstrinsik
Saliyane unsur intrinsic kang wus kaadharake mau, uga ana unsur ekstrinsik kang mangun
ing crita. Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mangun ing saka njaba crita kuwi. Kang dadi
perangane unsur ekstrinsik yaiku kayata :
• Latar belakang panulis,
• pandangan panulis, lan
• Kahanan sosial, budaya, politik, ekonomi kang dumadi nalika karya sastra kasebut
diciptakake