Download as pptx, pdf, or txt
Download as pptx, pdf, or txt
You are on page 1of 40

Pangibadah Minggu Enjang

27 Januari 2020

“ Sugeng Rawuh Wonten


Ing GKJ Sumberagung “
Puji mring Allah Pangeran
kang Maha wisesa
muji ramya binarung
lan sawernining gangsa
pangidungnya klayan bingah
ing manah
nggunggung Gustining pratitah.
(Pmp : Pemimpin; Prd : Pradata; Psw :
Pasamuwan; P+P : Pmp + Psw)
Votum lan Salam (Pasamuwan Jumeneng)
Pmp : Sumangga pangabekti punika sami
kita sengker kanthi pangaken
P+P : Sang Yéhuwah ingkang nitahaken
langit kaliyan bumi, punika tuking
pitulungan kita.
Pmp : Sih rahmat lan tentrem
rahayu saking Allah Rama
lan Gusti Yésus Kristus
wonten ing para sdhérék
(kula) sadaya.
P+P : (ngidungaken amin, amin, amin)
4/4 do = AM
5 71. . │ 5 71.. │54 3. │
A – min A – min A - min
KPK 23 : 1,2
TANSAH SAOS SOKUR
MRING GUSTI
Kula ngaturken sembah bekti
de Gusti tansah mberkahi,
sadinten-dinten nambut kardi
kanthi temen lan taberi,
abot entheng datan nggresula
leladi kang trusing driya,
wohe rejeki sing Maluhur
tinampi lan puji sokur
Kula memuji datan kendhat
mring sihe Allah murbèng rat
wanci enjing surya sumunar,
mulyaning alam ginelar
tetuwuhan mawarni-warni
wah kéwan ngebaki bumi.
sing tilem ngaso kula tangi
nindakken karsaning Gusti.
Pangakening Dosa:
Angger – anggering katresnan
saking : Injil Mateus 22 : 37-40
Paring wangsulane Gusti Yésus: “Sira
tresnaa marang Allahira klawan
gumolonging atinira, sarta gumolonging
nyawanira lan gumolonging budinira. Yaiku
angger-angger kangng gedhé lan luhur
dhéwé! Déné angger-angger kang
kapindho, kang padha karo iku, yaiku: Sira
tresnaa marang sapepadhanira, dikaya
marang awakira dhéwé. Kabèh isining
Torèt lan kitabé para nabi, iku gumantung
karo angger-angger loro mau.”
NDEDONGA
KPK 50 : 1,2
KULA KEDUWUNG
Saestu keduwung kula
déné kirang setya
dhinawuhan kinen tresna
dhateng Allah wah sesami,
nging tan ana bukti
adhuh Gusti nyuwun suci
Saestu keduwung kula
de gesang nglaha,
kelu pangwasaning dosa
mung nguja sengseming driya,
lampah tan prayogi,
adhuh Gusti nyuwun suci
Jabur Mazmur 9 : 10
Iya mangkono iku anggone Sang
Yehuwah dadi pangauban
tumrap wong kang katindhes,
dadi pangauban ing wektu
karubedan.
II Korintus 5:15 :
Lan Sang Kristus wus nglampahi
seda kanggo wong kabeh, supaya
wong kang padha urip, uripe ora
lumadi marang awake dhewe
maneh, nanging lumadia marang
kang wus seda lan kang wus
kawungokake marga saka wong-
wong mau.
Makaten sabdaning Gusti.
Psw : Puji Sokur Konjuk Gusti
Kidung Kasanggeman

KPK 81 : 1,3,4
NDHEREK GUSTI
Kula mesthi ndherek Gusti
kang jumeneng Panutan,
tetep setya dugeng janji
tan wigih karibedan,
Refr:
dhuh nyawaku ja kwatir
Gusti tan ewah gingsir
tut wuria salaminya
ing satindake Gusti
Kula mesthi nderek Gusti
mbabarken sih piwlasnya
mring sagung titah ing bumi
dimen samya raharja
Refr
dhuh nyawaku ja kwatir
Gusti tan ewah gingsir
tut wuria salaminya
ing satindake Gusti
Kula mesthi nderek Gusti
ngestokken dhawuh adi,
lamun wonten kang nyatroni
nedya kula tresnani
Refr
dhuh nyawaku ja kwatir
Gusti tan ewah gingsir
tut wuria salaminya
ing satindake Gusti
Pandonga Safaat
(pasamuwan lenggah)
Wulang Bebasan 11 : 24,
Ana kang ngawut-awut
bandhane, nanging saya sugih,
lan ana kang kumet banget,
ewasemono tansah kekurangan.
KPK 137 : 1-
KANG LANGGENG SIHE
ALLAH

 
Saprakara kang pantes den upadi
yeku Kratoning Allah Sang Rama,
samubarang pinarengken tumuli
angger sumuyud jroning pracaya.
Refr:
Kabeh mung nglaha, labeh mung
nglaha, sarwa kadonyan wus mesthi
sirna, mung sihe Allah kang langgeng,
slamanya tyang kang ngayom wus
mesthi raharja.
Drajad kasugihan wah kasenengan,
ginayuh kanthi margi utami,
away lali kang aji lan sejati,
yeku setya wah nunggil lan Gusti.
Refr
Kabeh mung nglaha, labeh mung
nglaha, sarwa kadonyan wus mesthi
sirna, mung sihe Allah kang langgeng,
slamanya tyang kang ngayom wus
mesthi raharja.
Sagunging kadonyan ingkang kadarbya,
iku sranane mbabarken tresna,
yen dugeng janji tan badhe binekta,
mung gesang langgeng bandha ing swarga.
Refr
Kabeh mung nglaha, labeh mung
nglaha, sarwa kadonyan wus mesthi
sirna, mung sihe Allah kang langgeng,
slamanya tyang kang ngayom wus
mesthi raharja.
Pandonga ngempalaken
pisungsung lan
paladosing Pangandika
Paladosing Pangandika
Kapungkasan srana pratela : ingkang
rahayu inggih punika ingkang sami
mirengaken pangandikanipun Allah
lan ngéstokaken. Haleluya.
4/4 do = C
. .

1 . 2 3 5 │ 6 . 7 1 7 │ 1 . 7 6 5
Ha –le–lu–ya ha – le–lu–ya ha – le –lu–ya
.

5 . 1 2 3 4 │ 3 . 5 1 5 │ 6 . 5 . ││
ha –le– lu – ya ha – le– lu–ya A – min

4 . 3 . │ 2 . 1 . │ 1 . . 0 ││
A – min A - min
 
Khotbah
Wekdal Ening
Pandonga Pungkasaning
Pangabekti
lan Donga rama Kawula
KPK 97 : 1,3
TANSAH SAMEKTA
Sumangga makarya
pra prajurit ing Gusti
martosken kabar kang adya
nggih sih rahmat sing swargi
mrih tyang kang peteng ing driya,
samya manggih pepadhang yekti
sumangga makarya
Sumangga makarya
klayan manteb lan setya,
manggul salib ndherek Gusti
mbélani tyang prih ati
kang tinindhes wah siniya
linuwaran temah raharja,
sumangga makarya
Pangaken Pitados Rasuli
(PASAMUWAN JUMENENG)
Berkah
Prd : Pangéran Yéhuwah maringi berkah
dhateng panjenengan (kulasadaya)
Lan ngayomi panjenengan (kulasadaya).
Pangéran Yéhuwah Nyunaraken cahyaning
cahyaning wedananipun dhateng
panjenengan (kula sadaya)
lan maringi Sih rahmat.
Pangéran Yéhuwah nungkulaken
wedananipun dhateng panjenengan
(kula sadaya) lan maringi tentrem rahayu.
P+P : Amin….
1 . 2 3 │ 4 . 3 . ‘| 2 . 1 . │ 4 . 2 . │ 1 . .
A …………… min A – min A - min
Pinujia nggih Allah Sang Rama
wah Sang Putra lan Roh Suci
purna pangabekti aneng greja
ngrasuk gesang saben ari
Reff :
payo nindakna kang trusing ati
sabdaning Gusti Sung gesang yekti
sinartan dening berkahing Gusti
sung sih rahmat mring sesami.

You might also like