Download as pptx, pdf, or txt
Download as pptx, pdf, or txt
You are on page 1of 15

STRUKTUR GEGURITAN

Tuladha :
Garit langit
Mendhung gung liwang-liwung
Lumaku ing ereng-erenging gunung
Sadalan-dalan kebak eri kemarung
Kang tinemu omah-omah padha suwung
Pager eri carang ori kaya-kaya temlawung
Getuni lelakoning jaman kang lagi bingung
Lemah bengkah, jurang jugrug, watu-watu padha
gumlundhung,ngebaki lurung-lurung
iki salahe sapa?
Apa larang sandhang sing dadi jalarane
nganti gunung-gunung padha gundhul
Samangsa udan tumeka nuwuhake prahara
Banjir bandhang nrajang desa ngadesa ngelebi kutha-kutha
Apa pancen iki sing diarani jaman wis tuwa
Pangeran ngelingake sing padha lagi lali
Pituture wong tuwa ing jaman kuna biyen
“sing padha prayitna lan ngati-ati eling poma den ling”
Begja begjane kang lali isih begja wong sing eling lan waspada,
aja meri marang samubarang tumindak
Kang ora adhil, entenana dina kang bakal teka
kanthi teteken budi rahayu lan pepayung bebener
Sapa nandur bakal ngundhuh, sapa utang bakal nyaur, sapa
nyilih wajib ngulihake
Wanti-wanti,udinen urip rahayu utama
Yen tumeka titi mangsane kowe bakal duwe
Tan wenang nganggo
• Struktur fisik
1. Pamilihe tembung (diksi)
gung liwung-liwung kanggo ganteni tembung gedhe
banget
kemarung kanggo ganteni tembung eri rendhet
temlawung kanggo ganteni tembung mentelung
lurung-lurung kanggo ganteni tembung dalan-dalan
prahara kanggo ganteni tembung angin gedhe
prayitna kanggo ganteni tembung ngati-ati
teteken kanggo ganteni tembung gondhelan
pepayung kanggo ganteni tembung pangayoman
• Pengimajinasian/ citraan
Khayalan kang ana ing geguritan kasebut yaiku “penglihatan” kaya-
kaya ndeleng kahanan kang nggegirisi lan mrihatinake. Kaya ing
ukara :
Mendung gung liwang-liwung
Lumaku ing ereng-erenging gunung
Sadalan-dalan kebak eri kemarung
Kang tinemu omah-omah padha suwung
Pager eri carang ori kaya-kaya temlawung
Getuni lelakoning jaman kang lagi bingung
Lemah bengkah, jurang jugrug, watu-watu padha gumlundhung,ngebaki
lurung-lurung
iki salahe sapa?
Apa larang sandhang sing dadi jalarane
nganti gunung-gunung padha gundhul
Samangsa udan tumeka nuwuhake prahara
Banjir bandhang nrajang desa ngadesa ngelebi kutha-kutha
• Majas/ lelewaning basa
majas sajroning geguritan “nggarit Langit” yaiku
majas personifikasi yaiku Mendhung gung liwang-
liwung, Lumaku ing ereng-erenging gunung.
Mendhung kang kalebu barang mati bisa tumindak
kaya makhluk sing urip.
nganti gunung-gunung padha gundhul, gundhul
diibarate kaya manungsa sing ora duwe rambut.
• Purwakanthi
Ing geguritan “nggarit Langit” akeh migunakake
purwakanthi. Kaya kang kasebut ing ngisor iki :
Mendhung gung liwang-liwung
Lumaku ing ereng-erenging gunung
Sadalan-dalan kebak eri kemarung
Kang tinemu omah-omah padha suwung
Pager eri carang ori kaya-kaya temlawung
Getuni lelakoning jaman kang lagi bingung
Lemah bengkah, jurang jugrug, watu-watu padha
gumlundhung,ngebaki lurung-lurung
Jinising purwakanthi
•purwakanthi yaiku runtute swara, aksara utawa tetembungan
ing sajroning ukara. Purwakanthi cacahe ana telu yaiku
purwakanthi swara, sastra,basa/lumaksita

•Purwakanthi swara yaiku runtute swara ing saben


pungkasaning tembung ing sajroning ukara.
Tuladha :
Opor-opor bebek, mentas saka awake dhewek.
Kudu jujur, yen kepengen mujur.
thenguk-thenguk nemu kethuk.
Gemi nastiti ngati-ati.
• Purwakanthi sastra yaiku runtute aksara mati (konsonan) ing saben
wiwitane tembung utawa wanda ing sajroning ukara.
Tuladha :
Wanita sugih wawasan wasis asung wewarah.
  Katula-tula katali
Sluman, slumun, slamet
   Petruk patroli karo putrane loro putra lan putri.

• Purwakanthi basa/lumaksita yaiku runtute tembung utawa basa ing


sajroning ukara.
Tuladha :
Kolik priya, priyagung anjani putra.
Witing klapa, kalapa kangmaksih mudha.
Kawi sekar, sekar pepundhen Sri Kresna.
Kasunyatan
wayahe lingsir wengi
langite peteng tanpa cahya
kemrosake angin nembus palung ati
aku kepengin ngerti
apa sejatine kang winadi
dakdulu langit kang peteng iku
kesaru praptane konang mabur saka paran ujare
Sajake lagi ana gara-gara
aku ora nyaruwe
mundhak dadi gawe
sapletik ukara
tan wurunga bisa dadi ngambra-ambra
wayahe lingsir wengi
datan ana kaendahan
konang mabur nuruti karep
sairing karo getering pangarep-arep
kang kadhang kala geseh karo kasunyatan
Diksi
• Wayahe kanggo genteni tembung wektune
• Winadi kanggo ganteni tembung didelikake
• praptane kanggo ganteni tembung tekane
• gawe kanggo ganteni tembung perkara
• Ngambra-ambra kanggo ganteni tembung
perkara sing gedhe banget
• Datan kanggo ganteni tembung ora
• Kesaru kanggo ganteni tembung dumadakan
Pengimajinasian
Khayalan kang ana ing geguritan kasebut yaiku
“penglihatan” kaya-kaya ndeleng kahanan kang
gawe trenyuh ati. Kaya ing ukara :
wayahe lingsir wengi
langite peteng tanpa cahya
kemrosake angin nembus palung ati
aku kepengin ngerti
apa sejatine kang winadi
majas
majas sajroning geguritan “kasunyatan” yaiku
majas personifikasi yaiku kemrosake angin
nembus palung ati. Angin kang kalebu barang
mati bisa tumindak kaya makhluk sing urip.
majas sajroning geguritan “kasunyatan” yaiku
majas alegori yaiku konang mabur nuruti
karep/ sairing karo getering pangarep-arep.
Konang diibaratake atine utawa wewayangane
penulis dhewe .
Tema
• Tema sajroning geguritan”kasunyatan” yaiku
tema urip kang gagal. Amarga dijupuk saka
ukara :
konang mabur nuruti karep
sairing karo getering pangarep-arep
kang kadhang kala geseh karo kasunyatan

You might also like