Download as ppt, pdf, or txt
Download as ppt, pdf, or txt
You are on page 1of 8

UNGGAH-UNGGUH BASA

JAWA

SMK PRAJNA PARAMITA


MALANG
Unggah-Ungguh Basa Jawa

Unggah ungguh basa utawa undha usuk


basa isih digunakake dening wong Jawa.
Wong Jawa nganti saiki isih ngipuk-ipuk
unggah ungguh basa kasebut. Unggah
ungguh basa utawa undha usuk basa ing Karti
basa lan Poedjasudarmo dkk. Yaiku ngoko
lugu, ngoko antya basa, ngoko basa antya,
madya ngoko, madyantara, madya krama,
mudha krama, kramantara, wredha krama,
krama inggil, basa kedhaton, krama desa,
basa krama.
Ing piwulangan basa Jawa iki unggah
ungguh basa sing disinaoni yaiku ngoko
(lugu lan alus), krama (lugu lan alus).

Lugu
Ngoko
Alus
Basa Jawa
Lugu
Krama
Alus
Sadurunge nyinaoni unggah ungguh basa,
gatekna tabel ing ngisor iki !

No Ngoko Krama Krama Inggil

1 aku kula dalem


2 kowe sampeyan panjenengan
3 lunga kesah tindak
4 bali wangsul kondur
5 tuku tumbas mundhut
6 metu medal miyos
7 mangan nedha dhahar
8 omah griya dalem
9 krungu mireng midhanget
10 turu tilem sare
1. Ngoko lugu
Kabeh basane ngoko ater-ater lan
panambang uga ngoko.
Tuladha:
Kowe lunga karo sapa
Aku tuku bakso ing ABC
Gunane:
Kanggo omongan wong tuwa marang
sing luwih enom, bocah karo bocah,
bendara marang rewange, lan yen lagi
omongan dhewe.
2. Ngoko alus
Kabeh basane ngoko, ater-ater lan
panambang uga ngoko, kanggo ngurmati
digunakake krama inggil.
Tuladha:
Sing dhahar ing warung kae pak dheku.
Aku ora ngerti yen daleme pak Joko
cedhak omahku.
Gunane:
Kanggo ngomongake wong sing luwih
tuwa
3. Krama Lugu
Kabeh basane krama ater-ater lan
panambang krama
Tuladha:
Sampeyan kesah tumbas punapa?
Ingkang tilem ing griya sinten?
Guna:
Kanggo njlentrehake sawijining bab,
kanggo omongan marang wong sing
sadrajat
4. Krama Alus
Kabeh basane krama kecampuran
krama inggil
Tuladha:
Panjenengan tindak nitih punapa?
Ingkang miyos punika bapak kula
Guna:
Kanggo omongan marang wong kang
luwih tuwa, tepungan anyar

You might also like