KD. 3.2 Cerkak

You might also like

Download as pptx, pdf, or txt
Download as pptx, pdf, or txt
You are on page 1of 9

KD. 3.

2 CERKAK (CERITA CEKAK)


PANGERTENANE CERKAK

 Cerkak iku saka tembung crita cekak utawa cerita pendek (bahasa
Indonesia). Cerkak kalebu salah sijine wujud susastra Jawa kang isih ana.
Cerkak iku asipat fiksi utawa ora nyata. Dadi cerkak asilipun pangripta
kang diringkes.
 Crita cekak uga diarani crita gancaran kang ngandhut kedadean kang ora
dawa lan ora akeh alur critane. Utawa sawijining karangan kang
nyritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa kanthi
ringkes, anggone nyritakake saka wiwitan, tuwuh dredah, nganti carane
ngrampungake masalahe.
TITIKANE CERKAK
 Critane ringkes ( ora mbutuhake wektu sing suwe kanggo maca)
 Jumlah tembunge ora luwih saka 10.000 tembung.
 Sipate naratif lan fiktif
 Gegayutan karo lelakone manungsa, lan
 Alur crita dumadine saka wiwitan, dredah, ngrampungake prakara.
 Ora ndadekake nasib paragane owah
PERANGAN CERKAK UTAWA UNSUR-
UNSUR CERKAK
 Perangan utawa unsur cerkak iku ana loro, yaiku:
 Perangan intrinsik, yaiku unsur saka njero cerkak dhewe. Perangan iku kang diarani
unsur kang pokok.
 Perangan ekstrinsik Yaiku unsur kang mbangun cerkak saka sanjabane cerkak, kang
mangaribawani pangripta anggone ngripta cerkak.
Amanat
Yaiku piweling kanga arep diwenehake pengarang marang wong kang maca cerkak.
Yaiku piweling kanga arep diwenehake pengarang marang wong kang maca cerkak.

UNSUR INTRINSIK CERKAK


 Tema yaiku minangka gagasan pokok utawa lelandhesan masalah kang kanggo
ngrembakake cerkak. Ringkese tema kang kanggo ndhasari lakuning crita.
 Paraga yaiku tokoh kang maragakake sawijining paraga ing sajeroning crita.
 Alur uga diarani plot utawa rerangkening crita utawa kedadean ing sajeroning
crita. Ana rong jinising alur, yaiku alur maju lan alur mundur.
 Amanat yaiku piweling kang arep diwenehake pengarang marang wong kang
maca cerkak
 Setting utawa latar sing mbantu utawa dadi katrangan lakuning
crita. Ana latar panggonan, wektu, swasana, papan, sosial, lan
budaya.
 Penokohan yaiku nggambarake karakter kanggo paraga utawa
pelaku. Paraga kasebut bisa dingerteni saka tumindake, lingkungan,
lan sapiturute.
 Konflik yaiku perkara kang dadi punjering crita kasebut. Ing kene
perkara bisa dumadi kanthi runtut wiwit saka perkara entheng
nganti abot, banjur bisa dipungkasi kanthi ending.
 Sudut pandang crita (point of view).
UNSUR EKSTRINSIK CERKAK
 Kang kalebu perangan iki yaiku sapa iku pengarange, latar sosial budaya,
ekonomi, lan sapiturute.
 Perangan ekstrinsik kasebut minangka nilai utawa piwulang luhur, uga
wujud kabeh kedadean sajroning crita kang ana gegayutane karo kahanan
masarakat. Kahanan kasebut bisa ekonomi, sosial budaya, lan sapiturute.
SINOPSIS CERAK
 Sinopsis crita, yaiku ringkesan sawijining crita. Wujude sinopsis iku luwih sithik
utawa cendhek tinimbang teks crita sawutuhe. Bisa uga diarani ringekesane crita
sing maune allure dawa dadi cekak, nanging ngemot sakabehe crita. Dadi tegese
nggawe sinopsis iku nggawe ringkesan saka crita kang akeh dadi sithik. Carane
nggawe sinopsis yaiku:
Maca naskah asline, kanggo nggolek gagasan utamane;
Nyathet gagasan utama kang penting;
Ngrantam (menyusun) maneh gagasan utama dadi paragrap;
Dialog lan monolog cukup ditulis isi utawa garis utamane;
Sinopsis ora kena owah saka lakune crita asli.
Uji dhiri

 Ing ngisor iki ana link kanggo nggarap uji dhiri (batas wektu kanggo
nggarap nganti jam 13.30 WIB) :
 https://
forms.office.com/Pages/ResponsePage.aspx?id=KrUSZlRG50G023KyxiWrc2AMKkbLl
QpDnDfj6YiRkAlUNU1YR0pBRVpVVEVEQlY3V1MzNTM4WlhWSS4u

You might also like