Media Unggah Ungguh

You might also like

Download as pptx, pdf, or txt
Download as pptx, pdf, or txt
You are on page 1of 10

Sinau

Unggah-ungguh Basa
Dening : Karlina, S.Pd
Undha-usuking Basa
Jawa
Ngoko lugu
Ngoko
Basa Jawa Ngoko Alus

Krama Krama Lugu

Krama Alus
Ngoko Lugu
•Ukaranipun migunakaken tembung ngoko sedaya.

•Dipunginakaken pirembagan tiyang ingkang raket (akrab).

•Panggonan utawi tuladhanipun inggih menika :


- Pirembagan dening bocah padha bocah ingkang sampun
raket utawi kulina srawung.
- Tiyang sepuh kalihan bocah.
Ngoko Alus
• Wonten perangan-perangan ingkang ngginakaken
tetembungan saking krama inggil.
• Minangka tandha pakurmatan.
• Panggonan utawi tuladhanipun inggih menika :
- Pirembagan tiyang estri (istri) kalihan garwanipun (suami).
- Kanca kalihan kanca ingkang sampun kulina srawung,
ananging taksih wonten raos kurmat/pekewuh (sungkan).
- Tiyang sepuh kalihan tiyang ingkang langkung enem
ananging statusipun kalah urmat.
Krama Lugu
• Migunakaken tembung krama sedaya boten wonten
tembung ngoko utawi krama inggilipun.
• Namung samadya anggenipun raos urmat
kinurmatan.
• Panggonan utawi tuladhanipun inggih menika :
-Pirembagan tiyang ingkang statusipun sami,
ananging sampun kulina sarta taksih urmat
angurmati.
-Pirembagan tiyang ingkang statusipun langkung
andhap, ananging taksih angurmati.
Krama Alus
• Langkung nandukaken raos urmat.
• Migunakaken tembung krama ugi krama inggil.
• Panggonan utawi tuladhanipun inggih menika :
-Kangge pirembagan tiyang ingkang statusipun sami,
ananging taksih urmat ingurmatan amargi dereng
kulina srawung.
-Kangge pirembagan marang tiyang ingkang statusipun
langkung inggil .
-Kangge pirembagan putra kalihan tiyang sepuh.
-Kangge sesorah ingkang asifat perlu ngginakaken
unggah-ungguh.
Tuladha Pacelathon
Ing sawijining sore Isma sowan ana ing daleme Pak Adi.
Isma : “Sugeng sonten Pak.....”
Pak Adi : “Sugeng sonten.....! Oooh, kowe Is. Kene- kene
lungguh kene. Ana apa kok njanur gunung ?”
Isma : “Nuwun, inggih Pak. Keparenga kula badhe nyuwun
priksa”
Pak Adi : “Oh, ya.....Arep takon apa?”
Isma : “Menika Pak, bab cariyos ringgit purwa, sumberipun
saking pundi nggih Pak ?”
Pak Adi : “O, kuwi. Crita wayang kang ana ing Indonesia iki
sumbere utawa babone saka tanah India, yaiku saka buku
Ramayana lan Mahabarata.”
Lajenganipun ....
Isma : “Buku menika kalebet jinising dongeng nggih
Pak?”
Pak Adi : “Ora, buku loro mau minangka buku sejarah,
jalaran kebeh critane mau mbiyen pancen nyata
ana kedadeyane.”
Isma : “O, makaten nggih Pak.”
Pak Adi : “Iya Is. Malah ana kang ngendikakake yen
Alengka kuwi sawijining negara kang saiki arane
Srilangka, Maduraka saiki arane Madras. Ana
meneh Indraprasta kang saiki arane New Delhi”
Isma : “Oo, mekaten,,,,”
Lajenganipun....
Ora let suwe keprungu suwara salam saka njaba omah, jebule
suwarane Bu Rini, ibune Isma.
Bu Rini : “ Kula Nuwun....”
Pak Adi : “Mangga....,e....Bu Rini mangga Bu pinarak mlebet...”
Bu Rini : “Boten sah Pak, namung ajeng muruki Isma kemawon
kok pak...sampun sonten”
Pak Adi : “Lho...sampeyan boten lenggah sik to...”
Bu Rini : “Ah mboten sah kemawon pak....!!! mengke ndak malah
sansoyo kewengen....Ayo nduk, wis sore ndang bali”
Isma: “Inggih Bu...,menika kula ngaturaken agunging panuwun
pak...cekap semanten rumiyin kula kalihan Ibu nyuwun pamit”
Pak Adi : “Iya, padha-padha Is, ndereke lho Bu....”
Gladhen!
1. Kaseratna pigunanipun tembung ngoko lan krama ugi
tuladhanipun!
2. Kadamelna pacelathon ingkang minggunaaken
unggah- ungguh ingkang trep lan jumbuh kalihan
gambar ing ngandhap punika!
• Rina tumbas sayur wonten ing pasar

• Rima, Ria, lan Aji didangu kalihan bu Guru amargi


telat mlebet sekolah

You might also like