Ngidentifikasi Titikane Basa Teks Anekdot

You might also like

Download as pptx, pdf, or txt
Download as pptx, pdf, or txt
You are on page 1of 6

Ngidentifikasi titikane basa teks

anekdot
Titikane Teks Anekdot
• Lelewaning basa ing basa Indonesia bisa
diarani gaya bahasa, dene ing basa jawa bisa
migunakake lelewaning basa bisa arupa
paribasan, bebasan, lan saloka.
• Paribasan, bebasan, lan saloka padha-padha
mujudake unen-unen kang ajeg panganggone
lan nduweni teges entar.
Paribasan
• Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa
teges entar, ora ngemu surasa pepindhan (tidak
mengandung makna pengandaian)
• Tuladhane:
1. Anak polah bapak kepradah (anak sing polah
nanging sing tanggung jawab wong tua)
2. Becik ketitik ala ketara (kebaikan atau
keburukan suatu saat akan terlihat juga)
Bebasan
• Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa
teges entar, lan ngemu surasa pepindhan.
Pepindhan marang kahanan, sifat, lan watak
manungsa.
• Tuladhane:
1. pilih-pilih tebu oleh boleng (kakean milih
wekasan malah oleh kang ora becik)
2. Esuk dhele sore tempe (gampang molah-malih
lan ora teteg atine)
Saloka
• Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa
teges entar, lan ngemu surasa pepindhan. Sing
ngemu surasa pepindhan iku manungsa, isa
nganggo pepindhan kewan utawa barang.
• Tuladhane:
1. Kaya banyu karo lenga (wong kang ora bisa
rukun)
2. Kurung munggah lumbung (wong asor kang
didadekake wong gedhe)
Kesimpulan
• paribasan iku bedane ora ana pepindhan
(pengandaian)
• Bebasan iku ana pepindhan nanging ora
langsung ditujukake kanggo manungsa
• Saloka iku ana pepindhan nanging kanggo
manungsa

You might also like