Download as pptx, pdf, or txt
Download as pptx, pdf, or txt
You are on page 1of 6

ADICARA

PAHARGYAN
• Salah sawijining wujud budaya luhur iku ing pahargyan-pahargyan gedhe. Tuladhane
pahargyan mantu, ing pahargyan kasebut sawenehe tata upacara ditindakake, kawiwitan saka
lamaran nganti tekaning titi wanci temu.
• Kanggo nambahi wawasan lan pangerten babagan pahargyan mantu ing ngisor iki bakal
diandharake ngenani urut urutane acara.
UPACARA PENGANTEN ADAT JAWA

• Lamaran
Tata cara iki minangka wiwitane omah-omah. Ing
acara iki calon penganten kakung dolan menyang
keluarga penganten putri kanthi ancas nembung
supaya gelem diajak omah-omah mbangun bale
keluarga.
• Siraman
Ing acara iki temanten kakung lan putri kadhawuhan adus kanthi
ancas reresik raga lan jiwane, supaya ing dina pahargyan wis bisa
resik lair lawan batine. Tata cara iki di tindakake ing omahe dhewe-
dhewe.
• Midodareni
Tata cara iki duweni ancas supaya ing dina pahargyan
penganten putri kasulstyane kaya dene widodari. Tembung
midodaren iku asale saka basa jawa yaiku widodari utawa
bidadari
• Srah-srahan
Ing iacara iki keluwarga penganten kakung ngaturake
tetukon kang ancas bisa mbiyantu anggone bakal duwe
mantu, sinebut uga “asok tukon”.

You might also like