Kelas V - Bahasa Jawa 1

You might also like

Download as pptx, pdf, or txt
Download as pptx, pdf, or txt
You are on page 1of 5

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

Pesinaon 1 : Jasa Raden Ajeng Kartini


Kelas :V
Semester :I
Tahun : 2021/2022
PESINAON 1
MATERI : JASA RADEN AJENG KARTINI
PESINAON 1 (KD 3.1)

1. Pidhato/Sesorah

Pidhato/sesorah kuwe maca ngenani gagasan utawa panemu sarana lisan neng sangarepe wong akeh. Tujuane wong sesorah
utawa medar sabda kuwe nggo ngutarakna panguneg-uneg utawa mratelakake informasi kanthi medhar pangandhikan ana
neng sangarepe wong akeh supaya padha mangreteni sing diwadharake. Tujuane sesorah kuwe:.
● Kanggo menehi pangerten utawa kawruh.
● Kanggo menehi kabar utawa informasi marang wong liya.
● Aweh panglipur.
● Mbujuk supaya sing ngrungokake melu diadharake pamicara.

Pidhato utawa sesorah kuwe diwaca neng sangarepe wong akeh saengga menawa maca bisa migunakake metodhe kang
beda-beda. Metodhe kang lumrahe kanggo maca pidhato kuwe kaya ing ngisor kiye.
● Metodhe naskah, yakuwe nalika pidhato kanthi maca naskah kang wis digawe luwih dhisik.
● Metodhe apalan, yakuwe pidhato kanthi ngapalake naskahe luwih dhisik.
● Metodhe dadakan/impromtu, yakuwe metodhe kang ditindakake kanthi dadakan tanpa gawe naskah luwih dhisik.
● Metodhe ekstemporan, yakuwe metode sesorah kanthi nggunakake cathetan cilik kang isine bab-bab kang dianggep
wigati kanggo sesorah
2. Struktur lan Isi Pidhato/Sesorah

Sesorah kuwe ndeweni struktur kang kudu ana sajroning teks sesorah kasebut. Isine sesorah kuwe bebas, miturut tujuane lan
kagunane sesorah kasebut. Struktur sesorah kuwe kaya ing ngisor kiye:
● Salam Pambuka kuwe werna-werna gumantung kahanan lan sapa anggone tangap wacana. Tuladhane: wilujeng dalu,
wilujeng enjang, lan liya-liyane.
● Pambuka (Purwaka Basa) kuwe isine atur panuwun marang para tamu sing wis nglonggarake wektu minangkani
panyuwune sing duwe gawe. Purwaka basa kaperang dadi telu yaiku, Atur pakurmatan, Atur pamuji syukur, Atur panuwun
● Isi (Surasa Basa) kuwe babagan perkara utawa bab kang diandharake jroning pidhato.
● Panutup (Wasana Basa) kuwe atur panuwun lan njaluk pangapura menawa ana kaluputane angone nindakake sesorah
utawa pidhatp. Wasana basa kaperang dados kaleh, yaiku; Atur pangarep-arep, Atur pangapura.
● Salam Panutup. Tuladha: nuwun, matur nuwun, lan liya-liyane.

2. Cara Maca Teks Pihato/Sesorah


Neng ngisor kiye nggo pengeling-eling carane maca sesorah:
● Lafal utawa pocapan saben tembung lan ukara kudu bener.
● Intonasi saben ukara uga kudu bener.
● Tandha koma (,) kudu mandheg sedela, tandha titik (.) kudu mandheg. mengkono uga angger ana tandha waca pakon (!)
intonasine uga orentah. Angger ana tandha pitakon (?) intonasine kudu pitakon.
● Tempo utawa banter alone maca sesorah kudu bener, ora kena kebanteren lan ora kalonen.
● Gatekna pemedhote ukara (jeda). Tndha (/) lan (//) nggo nengeri tempo lan jeda minangka maca ukarane.
TERIMA KASIH ATAS PERHATIANNYA

You might also like