Materi Cerkak

You might also like

Download as pptx, pdf, or txt
Download as pptx, pdf, or txt
You are on page 1of 8

MATERI CERKAK

Cerita cekak (cerkak) yaiku sawijining karangan kang nyeritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone
manungso.
Crita ing cerkak dumadi andhedhasar saka urutan sawijining kedadean utawa prastawa. Prastawa ing cerkak
dilakoni dening paraga, lan paraga kasebut nglakoni rerangkening konflik saengga kedadean, paraga, lan konflik
iku kalebu unsur pokok jroning cerkak.
Cerkak kang becik yaiku ceriyane urut lan prasaja, nyeritakake sawijining paraga saka pitepangan nganti
pungkasaning crita kanthi kang gampang dimangerteni.
Crita cekak (cerkak) nduweni ciri-ciri
kaya ing ngisor iki.

1.Critane ringkes.
2.Ana gegayutane karo lelakone manungsa.
3.Alur crita dumadi saka wiwitan, dredah (bertengkar; berkelahi; berselisih), lan ngrampungake perkara.
4.Cacahe tembung kurang saka sewu tembung.
Unsur Intrinsik Cerkak
Cerkak nduweni unsur sing mbangun crita saka njero crito kasebut. Unsur kasebu diarani
unsur intrinsik. Unsur intrinsik kaya ta tema, latar, punjering crita/sudut pandang, alur/plot,
penokohan, lan konflik.

a. Tema yaiku pokok jroning crita utawa masalah sing utama kang dadi
lelandhesan/undhering crita

b. Setting/Latar ngemot wektu, papan/panggonan, lan swasana jroning crita.

c. Punjering Crita (Sudut Pandang) yaiku penulis anggone ngetrapake awake naliko


nyeritakake. Punjering crita kaperang dadi telu yaiku: 
1.Panganggit nggunakake sudut pandang paraga utama lan tembung sesulih wong kapisan,
nyritakake apa kang dilakoni penulise.
2.Panganggite nggunakake sudut pandang liyane, dheweke luwih akeh ngamati saka
njabaning crita tinimbang sajroning crita. Panganggite biyasane nggunakake tembung sesulih
wong katelu.
3.Panganggite nggunakake sudut pandang impersonal, dheweke sanyatane dumunung ing
sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan ngreti. Pangangite nyawang paraga
nganti sajroning pikiran lan atine. Mula panganggit ing kene bisa nyritakake rahasia batine
paraga.
d. Alur/Plot yaiku lelakone para paraga wiwit lekas nganti pungkasan. Alur kadhapuk kanthi
urutan kedadean. Alur kaperang dadi loro yaiku:
1.Alur Maju (Progresif) yaiku prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju
ing alur crita.;

2.AlurMundur (Flashback progresif) yaiku kang gegayutan karo prastawa kang lagi dumadi.


Ana sajroning alur kuwi  mau ana limang jinis kang nyusun alur wacan, yaiku:

3.Exposition, yaiku nepungake kahanan, paraga, uga gegayutan antarane paraga siji lan sijine
kang diceritakake.
2.Complication, yaiku njlentrehake kedadean kang ndekekake sumbering perkara.
3.Rising Action, yaiku wimbuhing perkara kang dialami dening paragane.
4.Turning Point, yaiku mentokake paraga bisa ngrampungi perkoro apa orane. Paraga iku uga
disebut klimak.
5.Ending, yaiku kabeh perkara kang diadhepi dening para paragane wis bisa dirampungake.

e. Penokohan
Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga. Paraga bisa dimangerteni karakter saka
tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sapiturute.

f. Konflik
Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita. Ing perangan iki pancen diketokake perkara kang ndadekake crita iki dadi
narik kawigaten.
 
Nemtokake Nilai Luhur Ing Jroning Cerkak (UNSUR EKSTRINSIK)

- Saliyane unsur intrinsik, cerkak ugo nduweni saperangan babagan kang


diarani ‘nilai’ ing njerone nilai kasebut kaperang dadi sanga, yaiku.
1.Nilai budaya, nilai iki ana gegayutane karo pemikir, pakulinan, lan asil karya
cipta.
2.Nilai sosial, nilai iki ana gegayutane karo tindak-tanduk ing pasrawungan
antarane wong siji lan sijine.
3.Nilai moral, nilai iki ana gegayutane karo tumindak becik lan ala minangka
dhasar panguripan manungsa lan masyarakat.
4.Nilai religius, nilai iki ana gegayutane karo tuntunan agama lan kapitayan.
5.Nilai pendhidhikan, nilai iki ana gegayutane karo owah-owahan tindak-tanduk
ala dadi becik.
6.Nilai estetis/kaendahan, nilai iki ana gegayutane karo bab-bab kang narik
kawigaten kaendahan seni utawa nyenengake.
7.Nilai etika, nilai iki ana gegayutane karo subasita ing bebrayan.
8.Nilai politis, nilai iki ana gegayutane karo pamerentah.
9.Nilai kemanusiaan, nilai iki ana gegayutane karo sipat-sipat manungsa.
GAWE SINOPSIS CERKAK

Sinopsis cerkak yaiku ringkesane crita saka cerkak. Sinopsis nduweni ciri-ciri
kaya ing ngisor iki.
1.Alur ing sinopsis kucu jumbuh karo crita asline.
2.Basa kang digunakke jinis persuasif saengga pamaca manut karo
kekarepane penulis crita.
3.Narik kawigaten pamaca.
4.Anane dredah lan masalah kanthi ringkes.
5.Gawe gorehe ati pamaca. 
Fungsi sinopsi yaiku:

 Menehi gegambaran ringkes ngenani urut-urutane lan isine crita.


 Nyathet gagasan pokok utawa gagasan kang dianggep wigati.
 Nulis ringkesan saka gagasan kang dianggep wigati.
 Migunakake ukara kang cetha, gampang dimangerteni, efektif, lan narik
kawigaten nalika nulis ringkesan crita.
 Kanggo nulis dialog utawa monolog paraga sacukupe wae.
 Sinopsis ora entuk nyimpang saka crita asline.
“Gusti Niku Sae”
Ing setunggaling dinten Pak Bejo tukang ojek online, uripe pas-pasan lan gadah anak taseh sekolah TK. Koyo biasane Pak Bejo
ngeterake anake sekolah, banjur mangkal teng pinggir dalan, ngentosi pelanggan lewat hpne seng wus rusak. “Alhamdulillah, enek sing
arep pesen?”. Atine Pak Bejo seneng banget, banjur pak Bejo nukokne nopo sing di peseni pelanggan wau.
Sakwise Pak Bejo nukokne panganan shing dipesen pelanggane, seng wektu iku enteke okeh banget sekitar 700 ewu lan ijik gawe
duwite dewe. Pak Bejo goleki lan delengi alamat seng podo karo alamate shing pesen, bareng wus ketemu omahe Pak Bejo kanti sae lan
santun maringne pesenan niku wau.
“Leres inggeh niki dateng Bu Suprih, niki pesenane jenengan Buk?”. Ibuke niku bingung kok pesenane akeh, padahal meng pesen
siji. “Loh, Pak niki kok katah pesenan kula, kula niku namung pesen setunggal, nek sementen berarti telase katah Pak?”  Pak Bejo inggi
melu kebingungan “La teng mriki ibuk pesene 7 porsi buk, terus niki sisane pripun?”. Banjur ibuk wau mboten purun, amergi mboten
gadah yotro 700 ewu. “Buk, kuloniki nggih mboten gadah yotro, soale anak kula nggih butuh berobat?”.

Akhire sego 6 porsi niku dibeto Pak Bejo, banjur Ibuk wau nyuwun ngapuro dateng Pak Bejo. Pak Bejo numpak sepeda motor
karo bingung lan ngroso sedih amergi duwite telas damel tumbas panganan niku wau.
Pak Bejo mandek ing pinggir dalan lan mampir ing masjid, Pak Bejo ngakoni sholat lan dedongo marang Gusti Pangeran. Sak
wuse Pak Bejo ndongo, Pak Bejo mbagikne panganan wau teng bapak tukang becak, wong dodol keliling, lan sak liane. Sak wuse niku
segone diturahne setunggal damel mangan anake.

Pak Bejo kanti ngronto ningali yogane sing ijik cilik lan gadah penyakit niku, nanging Pak Bejo mboten ngetokne kasedihane, Pak
Bejo ngajak anake mangan ing pinggir dalan, dumadakan enten tiang ikngkang lewat mriku maringi arto katang disukakne teng amplop.
Pak Bejo langsu sujud sukur marang Gusti, sampun digantos ingkang langkung katah amerki kesabarane niku.

You might also like